IBADAH MINGGU
14 Oktober 2012
Tema Wulanan :
Niat tetunggilan
kaliyan GUSTI SANG KRISTUS
ateges kedah wanton ngruncat
saking
bebandaning raja brana
Tema
Minggon :
BARKAH
LAN
GODHANING
RAJA BRANA
IBRANI 4 : 12 – 13
MARKUS 10 : 17 – 30
Patunggilan
ingkang kinasihan
GUSTI YESUS
Iba pangertosan
bab bandha
ndonya menika
asring dados patokaning-
ukuraning gesang
kanggening para manungsa
Wonten
satunggaling tiyang ngemis
utawi
tiyang ingkang
saweg pados dedana-
nyuwun- nyuwun yatra
nanging bilih
kita tamataken
satunggaling
tiyang
kaliyan tiyang sanes
benten cara
wonten tiyang
ingkang minder
bilih mbeta map,
ngagem sandal
wonten tiyang
ingkang remen mawi
mobil,
mawi proposal
lan amplop,
ngagem rasukan
ingkang sae-
necis
Tiyang menika tujuanipun
sami
ananging mesthi
angsal-angsalipun
badhe benten
Samangke wonten
perangan-
sebagian tiyang
sanes
ingkang sami kita sumurupi
karana babagan bandha lan ndonya
ugi ndadosaken mboten sami-
mbentenaken perilaku
Biasanipun para
pemimpin
utawi
para kinurmat
mesthi sugih
Para panguwasa,
tiyang ingkang
wibawa
karana kasugihanipun-
kathah bandha
ndonyanipun
Ananging wonten
satunggaling pryiyantun
asmanipun Mahadma
Gandhi
Sang pemimpin India
ingkang
gesangipun sanget prasaja
mboten
mentingaken bandha ndonya
Patunggilan
ingkang kinasihan dening
GUSTI YESUS
Kita lajengaken malih
pangraos kita
kenging menapa
kathah tiyang dumawah
kecalan pikurmatipun,
ngalami kucem
naminipun
….
(sinten kemawon tiyangipun
ingkang Panjenengan-
patunggilan
sumurupi…)
Lha, tiyang menika
srana karana tumindak ‘korupsi’
kakabaraken ing sadhengah kalawarti-
surat kabar lan
mass media
( Kasus Gayus 1,
Gayus 2,
Angelina Sondakh, M Nasaruddin,
mantan Presiden
Husni Mubarak saking Mesir)
Ing nalika jamanipun
nabi Elia,
wonten Gehazi si
baturipun nabi
…
( 2Para Raja 5)
Ananias lan
Safira
ing
jamanipun para rasul
(Para Rasul 5)
lan taksih kathah malih
Patunggilan
ing ngriki
kita saged
nggadhahi kesimpulan
bilih barang kadonyan-
raja brana
punika saged njunjung drajating manungsa
ning ugi saged
nlomprongake
manungsa
dhateng jurang kanisthan
malah-malah anjog
dumugi ngajal-
pepejah
Sekedap mangke
kita raosaken
bab pepanggihaning para muda-
neneman sugih
kaliyan GUSTI
YESUS
wawanrenbag bab
bandha ndonya punika
Patunggilan
wonten perangan seratan
dhawuh pangandika
ingkang sajakipun mokal
lan
mboten gandheng ing reraosan
isinipun kados-kados mboten runtut
ing pembahasanipun
Ing satunggal
perikop-
satunggal judul
mboten sami pembahasanipun
lan kados kados mboten gandheng
lan malih
mboten jelas sinten ingkang nyerat,
ing pundi kitab Ibrani menika kaserat
lan
katojokaken
dumateng sinten
seratan menika
sadaya mboten cetha
Nggih menika kawontenanipun
seratan
ing Kitab Ibrani 4
Ing perangan
ayat 1 – 11
kados-kados
mboten gandheng
kaliyan perangan
ayat 12 – 13
(bab lumebu palereman
ing dinten
kaping pitu
anggenipun ALLAH makarya
ananging ALLAH taksih tetep makarya
ngantos dinten samangkya-
sebab taksih wonten dinten samangke
Ing dinten samangke
kita kaajak ngudi
purih sageda lumebet ing palereman
ing dinten
samangke-
mboten ketriwal mboten mangkotaken ati
kados dene dintening bangsa pilihan
anggenipun
kaatag
sak saged-sagedipun
lumebeta
ing tanah
perjanjian
kedahipun sadaya manungsa enggal kendel
anggenipun nindakaken pakaryan
kedahipun sadaya manungsa ugi mireng
swantening
ALLAH
mboten nglajengaken tumindak
aja nganthi
tumiba
amarga nuladha pambela
Ewasamanten,
Patunggilan
rehning tema
ingkang katemtokaken gegayudan
kaliyan bab
raja brana (barang darbe),
barang kadonyan,
dados ndadosaken ayat 12 – 13 punika
saged ngemu
ringkesan
ingkang
makaten:
Gusti Allah punika maha mirsa,
sadaya
tindak-tanduk,
solah tingkah,
mobah musiking manah,
pangangen-angen
kita,
boten wonten
ingkang boten kapirsanan.
Sadaya tamtu kapirsanan kanthi cetha.
Kalebet ugi
punapa manungsa punika saestunipun
nindakaken
pangandikanipun Gusti
klayan setya
punapa boten,
Gusti Allah tamtu
pirsa.
Patunggilan
sumangga kita lajengaken
ngraos-ngraosaken
dhawuh pangandika-
piwucalipun GUSTI YESUS
Ingkang
kaseratan
ing kitab MARKUS 10 : 17 – 30
saged mangke kabantu
kanthi maos kitab MATIUS 19 : 16 – 26;
LUKAS 18 : 18 - 27
1
“Guru ingkang utami”
Miturut pamanggih Yahudi,
Miturut pamanggih Yahudi,
guru ingkang utami (sayektos) punika
namung Gusti
Allah Yehuwah pribadi.
Gusti Yesus ing
wekdal punika
kados-kados ngengetaken (nggiring)
pamanggihipun
tiyang sugih punika
supadosa mandeng (fokus)
dhateng Sang Yehuwah,
lan ngestokna punapa ingkang kawucalaken,
dipun ngandikakaken dening Allah
ingkang kapacak
ing kitab Toret.
2
“Wong sugih”
Ugi miturut pamanggih Yahudi,
Ugi miturut pamanggih Yahudi,
tiyang sugih punika kaanggep (identik)
dados tiyang
ingkang
binerkahan sacara tata lair
(sugih raja brana).
Ingkang makaten
punika
inggih awit
saking
karana
kamursidaning gesangipun;
dados tiyang saleh-suci
(Wulang Bebasan 15: 6).
Contonipun:
Keluwarga. Bapa Abraham,
Bapa Ayub,
Sang Prabu Dawud, lsp.
Lah makaten
pangakenipun
tiyang sugih punika,
kasugihanipun
sesambetan
kaliyan kasalehaning gesang
nindakaken
pepakening Toret.
3
Tiyang sugih punika
kepingin mbuktekaken kasucening gesangipun
supados pikantuk pangaken
saking GUSTI
YESUS,
priyagung
ingkang kaanggep waskitha.
4
Eman sanget,
sareng tiyang sugih punika
kadadar (kauji)
dening GUSTI
dhedhasar
pepakenipun GUSTI ALLAH
bab nresnani
sesami
(KAIMANAN 19: 18),
sarana mbagi-mbagi (ngedum) kasugihanipun
kangge tiyang
miskin,
tetela
piyambakipun boten kiyad,
boten sagah.
Sadaya tumindak
moral
ingkang sampun
dipun lampahi punika
namung tumuju kangge pribadinipun piyambak.
Sajatosipun
Patunggilan
radi ewed
manggihaken sesambetan (benang merah)
ing antawisipun
waosan punika
kaliyan tema
:
BARKAH LAN
GODHANING
RAJA BRANA
Nanging,
radi dipun
peksa,
sacara prasaja
saged karingkes
bilih GUSTI
ALLAH punika pirsa
punapa tiyang sugih punika
langkung awrat dhateng pepinginanipun pribadi
punapa kabetahaning sesami,
langkung-langkung ingkang kacingkrangan.
Saking pangertosan kalawau
ingkang saged kita cathet nggih punika:
1
GUSTI YESUS selaku Sang Sabda
saestu pirsa
punapa ingkang dados kekiranganipun
tiyang sugih punika.
Tiyang menika langkung maelu bandhanipun
tinimbang maelu
dhawuhipun Allah
lan
nresnani sesami
(PANGANDARING
TORET 6: 5).
Pancen biasanipun
manungsa
langkung “nremen nyatunggil”
dumadhateng bandhanipun
Ing wiwitaning Purwaning Dumadi,
manungsa
sampun katepangaken
kaliyan barang
kadonyan
ingkang kasad
mripat.
Saya dangu
manungsa saya
pinter ngolah bumi
lan
raja kaya
isen-isening bumi,
tangkar-tumangkar
sangsaya mbekta
kasugihan,
kacekapan lan kasugihan.
Manungsa
sangsaya saged ngraosaken
paedahipun
barang kadonyan,
mbekta kacekapan
tumrap gesanging manungsa
GUSTI ALLAH nate dhawuh
bilih gesanging
manungsa punika
dumunung ing
sadaya barang tumitah
(PURWANING
DUMADI 1: 28, 29; 9: 2, 3).
.
Kita,
Patunggilan
Enget cariosipun si sawer (Iblis) ing taman Eden
ingkang “numpaki” woh-wohan njlomprongaken manusa.
Iblis ing jaman samangke “numpaki” bandha kadonyan
ngajak manusa
ngantos dados materialis
(karem sanget lan kabanda raja brana).
wiwit bayi cenger
sesambetan kaliyan barang kadonyan
.
Dangu-dangu
Dangu-dangu
manungsa ngraosaken agenging paedahing
barang kadonyan
(pola hidup: Time is money; no money is dead).
Ing ngriki
barang kadonyan
saestu nemtokaken
manusa saged gesang punapa boten
(materi/ bandha
ndonya punya fungsi yang vital).
Langkung kathah
bandha
ateges
langkung mapan lan aman.
GUSTI ALLAH
ingkang paring
gesang
dados sumbering gesang
sampun dipun geser,
sampun dipun kawonaken
dening raja
brana.
Adhedhasar pangertosan punika,
patunggilan
1
manungsa
kedahipun langkung nengenaken
sesambetanipun
kaliyan GUSTI ALLAH
lan
langkung ngengeti
bilih manungsa
dados pasemon
gambar
lan
rupanipun ALLAH
tinimbang
kaliyan bandha kadonyan.
2
Sesambetanipun manungsa
kaliyan raja brana
kedahipun dipun
alami
srana
anggenipun langkung mandeng
dhateng GUSTI ALLAH.
Punapa kita badhe dados tiyang lamis (munafik),
kados-kados
boten betah
barang kadonyan ?
Mugi pangertosan
ingkang kita serep sesarengan
ing wekdal
samangke
saged dados sangu
anggen kita terus nglajengaken gesang
ndherek timbalaning
GUSTI
gesang ing
satengahing bangsa,
nagari lan
masyarakat
Sumangga
kita njagi drajading dhiri kita.
Sampun ngantos raja brana
dados sandhungan
anggen kita mujudaken
lan mraktekaken
katresnanipun GUSTI
dhateng sesami.
Sumangga
kita tanjakaken
berkahipun GUSTI
ingkang
warni-warni wujudipun
(kalebet bandha kadonyan)
kalayan
wicaksana,
sae lan leres,
kanthi kiering
mbekta saos
sokur kita
dhumateng
Gusti,
tuwin murih
raharjaning
gesang bebrayan.
AMIN
IBRANI 4 : 12 – 13
4:12 Pangandikané
Allah kuwi asipat gesang lan sekti, lan luwih landhep tinimbang sakèhing
pedhang sing landhep kiwa-tengen; kang tumamané nganti bisa misahaké nyawa lan
roh, ros-rosan lan sungsum. Bisa netepaké ala lan beciké pikiran lan karepé
manungsa.
4:13 Ora ana prekara siji waé sing ketutupan ana ing ngarsané Gusti Allah, jalaran samubarang kabèh katon ngégla ana ing paningalé. Kita kabèh kudu padha tanggung jawab marang Panjenengané tumrap sakèhing penggawé kita dhéwé-dhéwé.

10:17 Nalika Gusti
Yésus nglajengaké tindaké, ana wong nututi karo mlayu. Wong mau banjur sujud
ing ngarsané, karo matur: “Rama Guru, ingkang utami. Kula kedah nglampahi
menapa, supados angsal gesang ingkang sejatos?”
10:18 Gusti Yésus ngandika: “Yagéné kowé kokngarani Aku utama? Ora ana wong sing utama. Sing utama kuwi mung Gusti Allah piyambak.
10:19 Mesthiné kowé wis ngerti angger-anggeré Gusti Allah, yakuwi: ‘Kowé aja matèni wong, aja laku jina, aja nyolong, aja goroh, aja ngapusi, ngajènana bapakmu lan ibumu.’ “
10:20 Wong mau nuli matur menèh: “Rama Guru, angger-anggeripun Gusti Allah menika wau sampun kula lampahi sedaya, wiwit kula taksih laré.”
10:21 Gusti Yésus mirsani wong mau kanthi kebak ing katresnan, tumuli ngandika: “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.”
10:22 Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget.
10:23 Gusti Yésus banjur mirsani marang para rasul kabèh. Nuli ngandika: “Angèl temen wong sugih dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:24 Para rasul padha dheleg-dheleg, gumun ngrungokaké ngandikané Gusti Yésus mau. Gusti Yésus banjur ngambali ngandika: “Mlebu ana ing Kratoné Allah kuwi pancèn angèl banget.
10:25 Luwih gampang unta mlebu ing bolonganing dom, tinimbang karo wong sugih mlebu dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:26 Krungu pangandika mau para rasul saya kagèt, banjur padha takon-tinakon: “Yèn mengkono, banjur sapa sing bisa olèh keslametan!”
10:27 Gusti Yésus banjur mirsani para rasul kabèh, tumuli ngandika: “Tumrapé manungsa kuwi mau kabèh mokal. Nanging ing ngatasé Gusti Allah, ora ana barang sing mokal!”
10:28 Rasul Pétrus banjur matur: “Kawula sedaya menika rak ugi sampun nilar samukawis, lajeng ndhèrèk Panjenengan.”
10:29 Gusti Yésus ngandika: “Iya, mulané padha éling-élingen! Saben wong sing ninggal brayaté, ninggal seduluré lanang lan seduluré wadon, ninggal bapakné, ninggal ibuné, utawa ninggal anak-anaké lan ninggal palemahané merga saka Aku lan merga Injilé Gusti Allah,
10:30 wong kuwi mesthi bakal tampa luwih akèh menèh. Bakal tampa tikel satus, ya omah, ya sedulur lanang, ya sedulur wadon, ya ibu, ya anak-anak, ya palemahan, senajan wong mau ora luput saka panganiaya. Lan mbésuk ing akérat wong mau bakal tampa urip sing sejati.

1. VOTUM : (Jumeneng)
KPK 25 : 1, 2
Ngabekti mring GUSTI
Pasamuwan
Sugeng siyang
kanthi pangucap :
Karana sih
susetyaning ALLAH
Kita sami saged
makempal mangabekti ngluhuraken ALLAH
Tuking gesang kita
pinangkanipun saking ALLAH
Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG
RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
pada lulusa
ing gesang kita sapasamuwan
AMIN
(duduk)
2. INTROITUS : LUKAS 16 : 13c - 15
13c. Kowé
ora bisa ngawula marang GUSTI ALLAH lan uga
ngawula
marang Mamon.”
14 Wong Farisi padha krungu apa sing dingandikakaké déning
14 Wong Farisi padha krungu apa sing dingandikakaké déning
GUSTI
YESUS mau kabèh, mulané padha mèncep, sebab
wong-wong
mau padha karem bandha.
15 Nanging GUSTI YESUS ngandika marang wong-wong mau:
15 Nanging GUSTI YESUS ngandika marang wong-wong mau:
“Ana
ing ngarepaning manungsa kowé padha bisa kandha yèn
kowé
kuwi bener, nanging GUSTI ALLAH pirsa apa sing ana
ing
jeroné atimu. Sebab apa sing dianggep pinunjul déning
manungsa,
kuwi dianggep asor ana ing ngarsané GUSTI
ALLAH.
KPK 9 : 1,
2 Pamuji konjuk ALLAH MAAGUNG
3. PENGAKEN
DOSA : …Matius 22 :
37 - 40
ndedonga
: …AMIN
4. KPK 46 : 1,
2, 4 Panelangsa
5. PAWARTOS
RAHAJENG : (( Jumeneng …
1 PETRUS 5 : 8b - 11
8b. Iblis mungsuhmu klinteran kaya
singa nggero-nggero golèk memangsan.
9 Padha mantepa ing precaya lan Iblis lawanen, awit kowé padha sumurup yèn kanca-kancamu tunggal precaya sajagad wrata uga ngalami nandhang sangsara sawetara.
10 GUSTI ALLAH sumbering sih-rahmat, sing wis nimbali kowé kabèh lantaran SANG KRISTUS marang kamulyan kang langgeng, bakal nyampurnakaké kowé lan maringi kasantosan lan kekuwatan sing ora bisa gingsir.
11 Iya PANJENENGANé kuwi sing kagungan pangwasa langgeng ing selawasé. Amin.

6. PENGAKEN IMAN RASULI … pinarak
))
KPK 165 :
1 Jatining katresnan
7. PELADOSAN FIRMAN : PANDONGA: … AMIN
PAMAOSING
KITAB SUCI : IBRANI 4 : 12 - 13
MARKUS 10
: 17 – 30
KPK
137 : 1, 2 Kang langgeng sihe ALLAH
KOTBAH … BARKAH LAN GODHANING RAJA BRANA
KPK 89 : 1 Pasrah
8.
PANDONGA SYAFAAT :
Ø Saos syukur dhawuh pangandika …
Ø Bangsa & negari
Ø Greja> dauran penatua/diaken;
perayaan Natal/seabad > warga pepanthan/marenca
Ø Warganing greja—sakit, lansia,
Anak-anak—sekolah,padamelan,jodoh
Ø Bibaran> AMIN
9. PAMISUNGSUNG : Samangke
wanci wekdalipun …
Dasar : WULANG BEBASAN 3 : 9 -10
9 Allah urmatana srana barang-darbèkmu,lan
srana pametumu
sing wiwitan.
10 Srana mengkono, lumbungmu bakal kebak isiné, lan
10 Srana mengkono, lumbungmu bakal kebak isiné, lan
anggurmu
bakal nganti lubèr-lubèr.
KPK
187 : 1 - …
Pisusung jiwa raga
PANDONGA : ….
PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
KPK 341
Pamuji bakda winulang
Sumangga sadaya dedhawuhing ALLAH
Ingkang kita pireng kita tindakaken miturut rancanganipun
mesthi saged kita lampahi
karana GUSTI YESUS nunggil ing gesang kita
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan
tentrem rahayu
tumuruna ing gesang
kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang
ingkang tansah mangabekti dumateng ALLAH
SANG RAMA,
SANG
PUTRA,
tuwin SANG
ROH SUCI
AMIN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami