Jumat, 28 September 2012

AJA NGANTHI GUSTI ALLAH BUTAJENGAN- CEMBURU

Ibadah Brayat
Kamis, 27 September 2012




AJA NGANTHI
GUSTI ALLAH
BUTAJENGAN-
CEMBURU




1 KORINTUS 10 : 14 – 22



22a.
Utawa apa kita nedya
memungu bentering penggalihe GUSTI ?
(Maukah kita
 membangkitkan cemburu TUHAN ?)





Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Rinten dalu
kita kairid dening ALLAH
lan
saben-saben wekdal
kita tansah sowan
ing ngarsaNIPUN;
Ananging
kenging punapa menika sadaya
 sampun sami ndadosaken sekel penggalihing ALLAH ?

Kados dene reraosan
ing perikop saderenging perikop
 ingkang kita waos sesarengan
 ( 1 KORINTUS 10 : 1 – 14 )

Israel
 sacara jasmani
nggih menika Israel
ingkang sampun kabaptis
ing sagara
lan
sampun nampeni sihing ALLAH
ngantos damel sekeling penggalihing ALLAH
makaten ugi nabi Musa
sami kadamel sisah lan kadosan

Paukuman kangge bangsa
 ingkang anyenyembah dumateng roh-roh jahat,
rerupan ingkang awujudan rupi-rupining patung
 lan sanesipun
ing kakiyatan ingkang saestu kaanggep;
kados Reca pedet emas
ing jamanjing Israel lami
mesti menika sadaya nggadahi kakiyatan
 karana tansah kasembahan-
roh jahat manggen ing ngriku
makaten ugi ing wujud rerupan sanesipun

Padahal
Israel lami
sampun nampi sihing ALLAH
ingkang awujud pangentasan-
pangluwaran
lan
ing pambaptisan;
Israel lami sami sampun sami kabaptis
 ing satengahing seganten

Kenging menapa
Israel lami taksih kapejahan dening ALLAH
saben dintenipun 23.000
lan
 pinten-pinten tiyang tiwas
  karana sawer
makaten ugi
pinten-pinten tiyang katumpes
dening malaekating pati



Menika
Para sadherek sapatunggilan
Ingkang dados kaca pangilon
Lan
 ingkang dados pepeling kanggening kita

Kita ingkang sami kasebatan
dados Israel enggal-
nggih menika tiyang ingkang mitadosi KRISTUS
ALLAH

ALLAH
ingkang sampun mbaptis kita
 srana rahipun.

Rahipun
 sampun nucekaken gesang kita


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Iba bingahing kita
 ingkang saben-saben wekdal
tansah kaundang
 ing peseta pambujanananing ALLAH
 kados samangke
anggen kita nindakaken pacawisan
ingkang sepisanan

Kita badhe ndherekaken Pambujanan Oikumene-
bujono suci sak ndonya
mbenjang Minggu tanggal 7 Oktober :

Kita samangke
sami kaengetaken malih
bab ndherek tut wingking
ing karsaning ALLAH

lumantaran serataning Rasul Paulus
dumateng Pasamuan Korinta.

Kita
ing wekdal dalu samangke
kaanggep ugi kados dene
Pasamuan Korinta
ingkang kagungan raos pangerten
lan
 saged nimbang-nimbang
saben dhawuh pangandikaning ALLAH
 lan
 sawarnining piwucaling Rasul Paulus.

Wonten satunggal perangan
 ingkang kaseratan
ing Pepakon 10
 nggih menika perang kaping 2 :

Sira aja gawe sesembahanira reca ukir-ukiran
utawa
sadhengaha rerupaning sabarang
kang ana ing langit dhuwur
utawa
 ing bumi ngisor,
apadene ing banyu sangisore bumi.

Sira aja nganthi sujud
utawa 
ngabekti marang iku,
 awit dene INGSUN
YEHUWAH ALLAHira iki
ALLAH kang butajengan (= cemburu),
kang nuweni kaluputaning para bapa
 ing anak putu
turun ping telu
lan
 ping pat,
mungguh wong kang padha sengit
marang INGSUN;
sarta kang nandukake palimirma
marang ewon-ewone wong
kang padha tresna
 marang INGSUN
lan
netepi marang pepakeningSUN
(PANGENTASAN 20 :  4)

Sinten tiyang
ingkang saged nuwuhaken butajengan
 utawi
cemburining ALLAH ?

Nggih menika
tiyang ingkang nglampahi dhawuh pangandika
ananging ugi
taksih ngugemi gugon tuhon-
 kakiyatan sanesipun
ing sanjawining ALLAH kita
 ing ndalem ASMANING KRISTUS
 YESUS.

Langkung-langkung
 kanggening kita
ingkang sampun nampi
PANJENENGANipun
 KRISTUS
 kanthi wujud pambaptisan
 lan
ugi ingkang saestu nindakaken
 wujuding iman
kanthi ndherekaken kembul bujana suci

Ananging bilih
tindak laku kita
 ugi kados dene
 ingkang kaalaman dening Israel lami :
 Nyembah brahala-
Wong sabangsa iku padha lungguh,
mangan lan ngombe;
banjur padha ngadeg
 lan
 seneng-seneng jejogedan
 (ayat 7),
nindakaken laku cabul
(ayat 8);
 nyoba marang KRISTUS
 (ayat 9);
padha grundelan
(ayat 10)

Tumindak ingkang kados mekaten menika
badhe ndadosaken
tiwasing gesang kita
wonten ing ngarsaning ALLAH kita
YESUS;

Kita sami
dipun kersakaken supados
nindaken gesang kanthi jejeg-
ngati-ati
aja nganti tumiba
(ayat 13)

Kita
 sami mboten kepareng
 ndamel cemburuning ALLAH-
‘menduakan ALLAH dengan Roh lain’



Sumangga
kita ngimani satunggaling kakiyatan
 nggih menika
ALLAH kita
YESUS KRISTUS kemawon
 Lan
Kita enggal nilar
 sadaya kakiyatan sanes

Sumangga kita amini
 Kanggening kita
ingkang tansah anamung nyenyuwun
ing pandonga
dumateng KRISTUS YESUS kemawon

Kita amini
kita mesthi badhe nampeni kawilujengan
 sanes nampi katiwasan pepati.

Bilih kita nampeni pacoben (ayat 13)
menika kawastanan pacoben limrah-
 lan
sinten tiyang ingkang nindakaken sujud sumuyud
lan
 nindakaken katresnan dumateng ALLAH
 boten badhe nampi pacoben ?.

Bilih tiyang
langkung raket rumaket dumateng ALLAH
 lan
nilar allah sanes-
nilar kakiyata sanes-
 nilar roh-roh jahat
Jelas langkung ageng malih pacobenipun.

Ananging
ALLAH ingkang setya tuhu
paring dhawuh bilih mboten badhe negakaken
 saben tiyang pitados
ingkang satuhu
ing tumindak ngener
ing katresnaning ALLAH

Pacoben menika
mboten nglangkungi kakiyatan kita
 para pitados

Lah
bilih samangke
 kita mboten saestu ngener
katresnaning ALLAH

Sepindah malih
bilih samangke
 kita mboten saestu ngener
katresnaning ALLAH

punapa ALLAH badhe mbentengi gesang kita
 lan
ALLAH badhe nguwalaken kita
saking sadayaning karibedan

Punapa ALLAH
badhe ngluwari kita saking pepati ?
Punapa ALLAH
badhe negakaken
bilih kita mboten males
katresnaning ALLAH

Pepenget
 bab katresnaning ALLAH
 lumantaran pabujanan suci
ingkang saben-saben kita tumuti

sumangga
kita jawab
 kanthi tumindak ing kasetyan
 ingkang satuhu

Mesthi
GUSTI YESUS
langkung melasi gesang kita

AMIN

















Votum/Berkat
Pamuji KIPAS  31 : 1, 2 Padha saosa puji sukur
Ndedonga :
Syukur
Nyuwun sih pangapunten
Undang Roh Kudus.
AMIN

Pembacaan Alkitab : 1 KORINTUS 10 : 14 - 22

Pamuji KIPAS 32  : 1, 2  Rahayu wong wedi asih    
KOTBAH …..
Pamuji KIPAS 104  :  1, 3 Ing wekdal badhe bujana suci  

Doa syafaat :


Memuji  KIPAS 128  : 1  Kinanthi ing GUSTI

Berkat





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami