Sabtu, 11 Februari 2012

ORA MUNG WERUH, NANGING BISAA KENAL !


Ibadah Brayat
Kamis, 16 Pebruari 2012



MARKUS 8 : 27 – 33

30. PANJENENGANe banjur wanti-wanti anggone  meling para sakabat supaya aja martakake marang sapa bae bab PANJENENGANe



Patunggilan …Karana kita asring srawung kaliyan asanes mesti kita sumerep lan weruh satunggal-satunggaling tiyang ananging menapa kita kawastanan tepang, anepangi utawi kenal kanthi sayektos- Sinten tiyang kalawau..
Tepang utawi weruh mboten ateges kita menika saestu kenal sinten sayektosipun pribadi kalawau ingkang asring pepanggihan kaliyan kita.
Bintang tenar ‘sepak bola’kados dene Irf*n B*chdim pemain Persema keturunan Belanda-Indonesia, sinten ingkang mboten tepang ? Utawi salah satunggiling anggota majelis jemaat sinten ingkang mboten sumerep lan weruh ananging ngantos dumugi pundi kita ngenali pribadinipun. Lha, kanggening DHIRI PRIBADIning GUSTI YESUS ngantos dumugi wekdal samangke taksih tetep dados perdebatan ing satengahing pigesanganing manungsa.

Patunggilan … wonten 2 pitakenan saking GUSTI YESUS ingkang kedah kajawab dening para murid ing samukawis wekdal saksampunipun GUSTI YESUS nindakaken kathah mukjijat lan piwucal ing antawisipun :  nyarasaken tyang budeg lan bisu, maringi tedhan 4000 tiyang, nyarasaken tiyang wuta ing Betsaida, memucal kanthi pasemon-pasemon.
Pitakenan ingkang sepisanan ing mriki GUSTI YESUS kepengin njajagi  petepunganipun tiyang dumateng DHIRI PRIBADInipun. GUSTI YESUS sampun nindakaken tugas tanggel jawab minangka sarira ingkang badhe nebus dosa-dosaning manungsa- ALLAH ingkang rawuh dados juru wilujenging manungsa.
Pitakenan ingkang kaping kalih katujokaken dumateng para murid. GUSTI YESUS saestu kepingin sumurup saking dhiri pribadi para murid ngantos dumugi pundi pengenalan- pitepangan dhirinipun dumateng GUSTI YESUS saksampunipun mireng dhawuh-dhawuh piwucal lan sesrawungan sacara raket nindakaken gesang pigesangan kanthi sesarengan lan saged kawastanan sampun sami kembul pambujanan.

Pranyata panjawabing para murid ingkang dipun wakili Petrus saestu sanget leres. AKU iki sapa ?. Petrus paring panjawab bilih GUSTI YESUS menika MESIAS. Menika saestu leres awit GUSTI YESUS menika ALLAH ingkang manjalma dados manungsa. Kados kesaksian  Injil Yohanes 1 : 1 Ing kala purwa SANG SABDA iku wus ana, dene SANG SABDA iku nunggil karo ALLAH sarta SANG SABDA iku ALLAH
Ing mriki jelas para murid saestu mboten namung pirsa nanging sampun nglangkungi pangertosanipun kabanding pangertosaning tiyang kathah karana sampun manggihaken lan anepangi PRIBADInipun  YESUS GUSTI ingkang kasebatan ugi GUSTI YESUS KRISTUS

Ing jamaning para murid, tiyang kathah nyebat GUSTI YESUS menika Elia, Yokanan Pambabtis, Yeremia ananging ing jaman samangke ugi kathah tiyang anamung pirsa bilih GUSTI YESUS menika SANG KRISTUS, Juru kawilujengan lan Imam Mahdi ingkang dados hakim ingkang ngadili ing jaman pungkasan ananging mboten dipun tepangi kaliyan sadaya tiyang. Kathah tiyang pirsa bilih GUSTI YESUS menika salah satunggaling nabi ananging mboten mboten sadya tiyang anepangi bilih GUSTI YESUS menika PUTRAning ALLAH. Kathah tiyang pirsa bilih GUSTI YESUS menika seda sinalib ananging mboten sadya tiyang pirsa lan ngamini bilih GUSTI YESUS sampun wungu saking sedanipun utawi tiyang pirsa GUSTI YESUS menika seda sinalib ananging mboten saestu mirsani raos sisah, nalangsa lan kasangsaraning  GUSTI YESUS.

Bilih kita sami para manungsa sami purun ngraosaken lan mitadosi ugi ngestokaken saben dhawuh pangandika- Sabda piwucaling GUSTI YESUS mesti kita sami saged manggihi lan nepangi GUSTI YESUS sacara pribadi mboten ‘jarene wong’ utawi anut grubyuk. Mila GUSTI YESUS mboten ngeparengaken paring pawartos ‘bocoran’ sinten sejatosipun DHIRI PRIBADInipun  menika. Kersanipun para manungsa- tiyang kathah manggihaken piyambak lan saged caket celak langkung rumaket malih.

Bilih kita sadaya anepangi GUSTI YESUS menika Juru Wilujeng / Mesias / Kristus kanthi leres kita ugi badhe nampeni kawilujengan jer kita tetep sregep mireng lan ngestokaken dhawuh sabdanipun ALLAH; Sabab wonten pangertosan ingkang klentu bab mesias lan bab kristus lan malih GUSTI YESUS anamung kananggep manungsa limrah kemawon.
Sepisan malih bilih kita sadaya anepangi GUSTI YESUS menika Juru Wilujeng / Mesias / Kristus kanthi leres kita ugi badhe nampeni kawilujengan.

GUSTI mberkahi kita. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami