Senin, 06 Februari 2012

AWRATING MANGGUL SALIB

Materi Kotbah : 
Ibadat Patuwen Brayat
 Kamis, 18 Pebruari 2010




AWRATING  MANGGUL  SALIB
LUKAS  9  :  22  -  25

23.
Kabeh banjur padha dipangandikani, “Saben wong kang kepengin ngetut buri AKU,
iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake AKU…”

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Kita samangke lumebet ing wulan Februari, kalebet wulan wiwitaning tahun.
Kita ugi sami tetep kaatag dadosa murid ingkang saged nyonto lan nuladha
 dumateng  “guru ”
GURUning gesang kita nggih punika GUSTI  YESUS  PRIBADI

GUSTI  YESUS  PRIBADI ingkang paring dhawuh :
“Saben wong kang kepengin ngetut buri AKU,
iku kudu nyingkur awake dhewe,
saben dina manggul salibe lan ngetutake AKU…”

Karsanipun ALLAH sampun kawedaraken ing reraosan punika
bilih ALLAH satuhu nresnani tumprap sadaya tiyang ingkang kacinipta,
ingkang kaparingan dhawuh suci kanggening sangu migesang ing satengahing jagad

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Pundi ta kasaenan ingkang sami sampun kita lampahi ?
ingkang mboten cunduk kaliyan karsaning GUSTI  YESUS ?
Bilih wonten … tumindak kita ing bab-bab kasaenan punika
ateges kita nggadahi tolok ukur kanggenipun kita nindakaken
bab kasaenan punika

Kanggenipun ALLAH PRIBADI kasaenaning gesang kita punika…
 bilih kita sampun purun tut wingking, nderekaken GUSTI  YESUS
SANG  JURU  WILUJENG -   PANATA  PANETEP GAMI

Sinten tiyang ingkang kepengin nderek tut wingking GUSTI YESUS
 kedahipun purun …nggih purun nilar gesang lami
ingkang mboten nyondongi
ing karsanipun ALLAH
Nyingkur awake dhewe…..

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Sampun kathah perkawis ingkang ndamel dhiri kita lepat, salah …
anggen kita nderek GUSTI  YESUS
Perkawis mawarni-warni punika sampun sami kita tindakaken
samangke kita kathedahaken …malih
kados pundi kedahipun gesang tut wingkingmanggul salibe GUSTI –
nyingkur awake dhewe

GUSTI  YESUS sampun nate rawuh ing satengahing jagad
nindakaken sadaya bab perkawis kasaenan kanggening jagad
 lan manungsa titahipun

Jagad lan manungsa titahipun sampun sami lumawanan
dumateng karsanipun ALLAH
Kawastanan sampun dumawah ing dosa
dosa ingkang sami mbekta kita lumampah tansaya nebih
saking kawilujenganing ALLAH

ALLAH mboten ngersakaken kita sami dumawah ing dosa- kalajeng-lajeng …
ALLAH mboten ngresakaken kita sami lumampahan piyambak
ing sauruting gesang kita ing jagad punika

Kita kaatag dados panderek-panderekiPUN ingkang sami setya-a tuhu
 nindakaken karsa lan karsaniPUN.
GUSTI  YESUS rawuh - seda sinalib - lulut dumateng karsanipun SANG  RAMA –
 nindakaken sadaya bab perkawis kasaenan …
kanggening gesang langgeng peparinging ALLAH

Tindak rawuhing GUSTI  YESUS ing satengahing jagad
ing tembe wekdal kapengker
nedahaken dumateng kita bilih GUSTI  YESUS sampun dados GURU
ingkang sejatos  ingkang sampun paring piwulang
 lan ingkang sampun nindakaken punapa
 ingkang kawucalaken

Guru ing tatananing gesang kita ateges : tiyang ingkang saged dipun gugu lan ditiru
Guru ing pandamel, guru ing pawicantenan lan guru ing kawisesanipun
 kaunggulanipun ing pamikiran lan sanes-sanesipun sami saged digugu lan ditiru

Jamaning kita gesang samangke … guru ngalami pergeseran artos …
dereng saged utawi mboten malih dados conto lan tuladha
anggenipun nindakaken punapa ingkang sae …
tumparaping dhiri pribadhinipun

Kasaenan punika anamung kasaenan ing tutuk lan lambe
 kanthi makaten kasaenan punika mboten katindakaken ing gesang..
saben dintenipun.  Mboten saged digugu lan ditiru…

Punapa ing gesang kita ugi inggih ngalami pergeseran artos punika ?
Dadosa …majelising jemaat ?  dadosa …tiyang sepuh kanggening para putra ?
 makaten ugi : dadosa …para pemimpining masyarakat ?!
Kita anamung angger dados juru  lan angger dados guru
(    “…kita hanya sekedarnya jadi guru utawi juru ….”  )

Karana kita mboten netepi …sadaya bab prekawis ingkang kedah kita lampahi
 ing saben ndintenipun
 mboten mokal bilih kita mboten saged kawastanan guru utawi juru
kanggening anak-anak
 kanggening warganing pasamuwan lan
 kanggening warganing masyarakat

Kita sampun nilar sakathahing angger-anggering pranantan

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Panjenengan lan kula sami nggadahi GURU SEJATOS nggih punika GUSTI YESUS
 ingkang sampun paring piwucal
lan ingkang sampun netepi sadaya pranataning ALLAH
 Sadaya bab prekawis ing gesang nderek - tut wingking manggul salib
 ngantos dumugeng pejah - tilar ndonya
GUSTI  YESUS ugi sampun paring conto lan tuladha…
 makaten kedahipun ingkang katindakaken dening para pandherekipun

Nderek GUSTI  ALLAH…inggih nggadahi pangertosan…
nderek manggul salibing gesang … ngetut mburi ing karsanipun ALLAH
Manggul salibing gesang nggadahi pangertosan …
nyingkur awake dhewe kangge ngudi gesang langgeng
ingkang sampun kacawisaken dening ALLAH

Gesang langgeng punika gesang ingkang punjering saking ALLAH
punapa ingkang kaalaman ing satengahing jagad anggen kita migesangan
punika kedah manut nurut lan lulut ing karsanipun ALLAH
 mboten karepe dhewe lan nerak sadaya angger-anggering ALLAH
(   Pancen abot para sadherek patunggilan, manggul salib punika ………..  )

Aboting urip, rekaosing gesang nderek tut wingking GUSTI  YESUS
 menika nedahaken…kita sami sampun purun nderek manggul salib

Jagad punika saestu mboten sami kaliyan karsanipun ALLAH…
sadaya pepenginaning jagad kawastanan sulaya ing ngarsanipun ALLAH
Sampun ta kita mboten sisah ngudi jagad punika …
sumangga kita ngudi lan nindakaken sadaya karsanipun ALLAH

Rahajeng kita sapatunggilan…
 ingkang karsa mireng-mirengaken dhawuh pangandikanipun ALLAH
 lumantar wewaosan isining KITAB  SUCI :
GUSTI YESUS taksih maringi wekdal dumateng kita
sesaged-saged kita ngetuta wingking …dalasan manggula salibing GUSTI  YESUS
jer kita badhe nampi kawilujengan lair lan batos,
lan berkah ing satengahing kita nderek tut wingking
ing salampahing gesang kita ing jagad punika
makaten ugi ing tembe kita katimbalan wangsul
 rumaket ing kratoning ALLAH,
ing kraton kalanggengan – SWARGA
AMIN
  • BERKAT
  • Kipas  147 : 1, 2, 3   KPK   36 : 1, 3, 5     KJ  15 : 1, 3
  • DOA Pembukaan & Firman
              Pembacaan Firman :   LUKAS  9  :  22  -  25
  • Kipas  70 : 1, 7         KPK  70 : 1, 2, 5      KJ  407 : 1, 4
              Kotbah / Renungan : AWRATING  MANGGUL  SALIB
  • Kipas  137 : 1, 3       KPK   126 : 1, 2, 3   KJ  368 : 1, 4
  • DOA  Syafaat
  • Kipas  130 : 1, 5, 6    KPK   321 : 1          KJ  450 : 1, 5
  • BERKAT





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami