Minggu, 18 Desember 2011

PANUWUN LAN PANDONGA ; Lintah iku nduwe anak 2 wadon ?



Mazmur 40 : 1 – 18
10 September 2001
2.Aku nganti –anti banget marang SANG YEHUWAH>> ngarep-arep marang pitedhahingSUN nuli ya diunginani >>INGSUN mirsani lan njawab pasambate lan panyuwune sarta pasambatku dipyarsakake >>dipyarsakake= diugemi deningSUN sabab ora ana kang disingidake ana ing ngarsaningSUN

3.Aku dientasake saka luwenge bilai >>dientas saka jurang “siksaan”- paniksa lan saka bladhering rawa >> jerune rawa
Sikilku banjur diedegake ana ing parangè parang= tunggul, perengan kang dhuwur ; Jangkahku dikukuhake >> lakune dicepetake ora keplayu nanging kuat lakune

4.Apadene cangkemkudiparingi kidung anyar >> kidung anyar =  pamuji ngluhurake AsmaningSUN, kidung pamuji marang ALLAH kita >> kidung pamuji pamuji= kidung kaswargan kang ngluhurake AsamaningSUN akeh wong kang padha weruh temahan wedi è padha weruh= ngrungokake, temahan wedi sebab ora mangerti apa kang kelakon ana ing sangarepe lan banjur kumandel marang PANGERAN YEHUWAH >> banjur kumandel, dadi pracaya yen iku kabeh saka ing ngaluhur

5.Rahayu wong >> ‘Berbahagialah, damai sejahtera’ … Tentrem rahayu ana ing sira kang ngrungoake dhawuh pangandikaningSUN kang padha kumandel marang PANGERAN SANG YEHUWAH >> Jelas kang ora tumoleh marang wong kang padha kumlungkung >> kumlungkung= ora ngendelake INGSUN nanging luwih ngendelake badane dhewe lan marang wong nyimpang ing pambekan cidra >> pambekan cidra= pambalela marang INGSUN iku ndadekake cidrane ana ing ngarsaningSUN

6.Dhuh YEHUWAH ALLAH kawula >> ALLAH kang nitahake jagad lan sarupaning jalma manungsa, kewan lan tetuwuhan
Sampun kathah ingkang PADUKA tindakaken >> akeh prakara kang ngedab-edabi satengahe ALLAH makarya
Pakaryan PADUKA ingkang elok >> elok= endah
Saha karsa PADUKA tumprap kawula sadaya >> ‘kehendak ALLAH yang ajaib- ‘endah’ kepada kita… mboten wonten ingkang saged kajejerake- kabanding kaliyan PADUKA >> Ora ana kang nandingi pakaryan INGSUN
Kaelokan PADUKA badhe kawula cariyosaken >> ‘keajaiban ALLAH akan diceritakan sepanjang hidupku’
Saha kawula ucapaken >> ‘dan kuucapkan dengan bibirku’
Nanging menawi kaethang kakathahen sanget cacahipun >>‘terlalu banyak karya mujizat ALLAH

7.PADUKA mboten karenan dhateng kurban sembelehan >> ‘ALLAH tidak berkenan akan kurban bakaran’
Saha kurban dhaharan >> kurban tetedhan kayata ingkung, tumpeng, sandingan lsp
PADUKA sampun mbikak kuping kawula >> kawula PADUKA paring pirsa bab punapa ingkang badhe kalampahan
PADUKA mboten mundhut kurban obaran tuwin kurban pangruwating dosa >> ‘ALLAH tidak menghendaki kurban bakaran dan kurban penghapus dosa’

8.Kula lajeng munjuk: “Lah punika kawula sowan >> INGSUN nampani rawuhira para kagunganingSUN
Ing gulunganing kitab sampun wonten seratipun ingkang magepokan kaliyan kawula >> ana ing kitab kauuripan jenengira lan jenenge para kagunganingSUN wus kacatet kaya grafik munggah mudhune iman kapitadosanira marang INGSUN

9.Dhuh ALLAH kawula, kawula remen nglampahi karsa PADUKA >> angger saben wong kang SUN timbale kabeh padha ngucap mangkono, nanging ora saben wong kang SUN timbale bisa nglakoni dhawuh pangandikaningSUN, sarta angger-angger PADUKA wonten ing batos kawula >> kabeh wus SUN tulis ana ing atinira lan para sadulurira, nanging sapisan maneh ora saben kagunganingSUN bisa nglakoni dhawuh pangandikaningSUN

10.Kawula martosaken kaleresan >> Sira SUN piji kangge ngabarake karsaningSUN marang para sadulurira wonten ing pasamuwaning tiyang kathah >> ana ing kumpulaning wong pracaya malah kawula mboten mekak lambe kawula >> mekak= nutup, ngalang-alangi metune dhawuh pangandikaningSUN
Dhuh YEHUWAH, PADUKA ingkang ugi mirsa >> INGSUN mangerti samubarang kabeh kang ana ing isining batinira

11.Kaadilan mboten kawula sidhem wonting ing manah kawula >> kabek kang saka INGSUN iku adil lan prayogi, ora kena sira tutup-tutupi apa maneh sira simpen kanggo nyenengake sadulurira
Kasetyan PADUKA >> ‘kasih setia ALLAH’
Saha kawilujengan >> ‘seselamatan’ ingkang saking PADUKA kawula rembag >> ‘keselamatan’ kasih ALLAH dibicarakan dalam pertemuan dengan para saudara yang berkumpul
Katresnan saha kaleresan PADUKA boten kawula sidhem >> ‘tidak ada yang terlepas dari pembicaraan’ wonting ing pasamuwanipun tiyang kathah >> ‘di tengah perhimpunan orang percaya’

12.Dhuh YEHUWAH, PADUKA mugi sampun ngantos mekak sih kadarman PADUKA saking kawula >> INGSUN ora bakal nutu-nutupi ‘kasih setia’ marang para kagunganingSUN sanajan sira ora bisa mangerti karsaningSUN
Kawula mugi tansah kareksa ing katresnan saha kaleresan PADUKA>> sira kudu tansah ngudi sih katresnan INGSUN lan kabeneran kang saka INGSUN. Dudu kabeneranira dhewe lan kabenerane wong akeh


13.Amargi bebaya ngepanga kawula >> bebaya= roh pepeteng kang gawe kuwatirira tansah ana ing sakiwa tengenira
Ngantos mboten kenging kaetang kathahipun >> akeh banget roh pepeteng kang tansah ngupaya supaya sira ora kelakon kaagem deningSUN
Kawula sampun katututan ing duraka kawula >> INGSUN mangerteni bilih sira tansah gawe dosa- duraka nanging INGSUN bakal paring pangeling-eling supaya sira tansah ora tumindak dosa maneh
Ngantos kawula mboten tahan ningali >> sira kagubel dening roh pepeteng kang njalari sira tumindak dosa yen sira mirsani pakaryaningSUN sira rumangsa ora suci lan kebak dosa, ora bisa nampa kabeh karsaningSUN lumantar sira nanging sira kudu tetep pracaya yen INGSUN kang paring suci marang sira
Cacahipun nglangkungi cacahipun rambutipun sirah kawula >> akeh banget dosanira
temah manah kawula pasrah >> sira kudu pasrah, masrahake sakabehing dosa kakuranganira

14.Dhuh YEHUWAH PADUKA mugi karsa ngluwari kawula >> INGSUN bakal ngluwari dosa kakuranganira
Dhuh YEHUWAH mugi enggal karsaa paring pitulungan dumateng kawula >> INGSUN bakal paring pitulungan marang sira, lan sira kudu tansah marek lan pasrah ana ing ngarsaningSUN

15.Sadaya tiyang ingkang ngangkah dhateng nyawa kawula mugi nandanga wirang tuwin isin >> saben wong kang ngrencana arep ‘mateni’ sira bakal SUN enggokake dadi nresnani sira
Ingkang ngudi bilai kawula mugi sami mundur sarta nandanga wirang >> Sok sapaa kang nduwe rencana nyilakani sira bakal SUN owahi dadi berkah kanggo sira

16.Tiyang ingkang mungel: “Sokur, sokur!” dhateng kawula, punika mugi kabungkema cangkemipun margi wiring >> Saben wong kang ngutuk bakal sira camplakake marang kasusahan

17.Tiyang ingkang ngupadosi PADUKA mugi sami bingah-bingah sarta suka-suka margi saking PADUKA >> Sira bakal dadi alatingSUN kang mbungahake para sadulurira kang ngudi katresnaningSUN
Ingkang remen dhateng kawilujengan saking PADUKA >> Sok sapaa sadulurira kang rawuh ana ing ngarsaningSUN bakal SUN paring kaslametan saka ing ngaluhur, mulane sira kudu tansah cumadang nindakake pakaryaningSUN ing tembe mburi
Tetepa ngucap makaten: “PANGERAN YEHUWAH, linuhura!” >> tansah ngluhurna AsmaningSUN, ing dalem Asmanipun YESUS KRISTUS

18.Kawula punika sangsara lan mlarat >> Sira SUN pirsani, sepira sugihira lan mlaratira ana ing ngarsaningSUN, sira sabrayat ora perlu kuwatir. INGSUN kang mranata kabeh angger sira manut dhawuh pangandikaningSUN nangingPANGERAN nggalih dhateng kawula >> INGSUN ora bakal ngejarake para kagunganingSUN nganti kaluwen lan kacingkrangan
PADUKA ingkang mitulungi tuwin ngluwari kawula >> Dhuh ALLAH kawula mugi sampun rendhet >> INGSUN yen bakal paring pangluwaran ora mirsani wektu. Sira durung nyuwun INGSUN wus paring berkah

INGSUN nresnani sira






40:1



Untuk pemimpin biduan. Mazmur Daud. (40-2) Aku sangat menanti-nantikan TUHAN; lalu Ia menjenguk kepadaku dan mendengar teriakku minta tolong.


40:2



(40-3) Ia mengangkat aku dari lobang kebinasaan, dari lumpur rawa; Ia menempatkan kakiku di atas bukit batu, menetapkan langkahku,


40:3



(40-4) Ia memberikan nyanyian baru dalam mulutku untuk memuji Allah kita. Banyak orang akan melihatnya dan menjadi takut, lalu percaya kepada TUHAN.


40:4



(40-5) Berbahagialah orang, yang menaruh kepercayaannya pada TUHAN, yang tidak berpaling kepada orang-orang yang angkuh, atau kepada orang-orang yang telah menyimpang kepada kebohongan!


40:5



(40-6) Banyaklah yang telah Kaulakukan, ya TUHAN, Allahku, perbuatan-Mu yang ajaib dan maksud-Mu untuk kami. Tidak ada yang dapat disejajarkan dengan Engkau! Aku mau memberitakan dan mengatakannya, tetapi terlalu besar jumlahnya untuk dihitung.


40:6



(40-7) Engkau tidak berkenan kepada korban sembelihan dan korban sajian, tetapi Engkau telah membuka telingaku; korban bakaran dan korban penghapus dosa tidak Engkau tuntut.


40:7



(40-8) Lalu aku berkata: "Sungguh, aku datang; dalam gulungan kitab ada tertulis tentang aku;


40:8



(40-9) aku suka melakukan kehendak-Mu, ya Allahku; Taurat-Mu ada dalam dadaku."


40:9



(40-10) Aku mengabarkan keadilan dalam jemaah yang besar; bahkan tidak kutahan bibirku, Engkau juga yang tahu, ya TUHAN.


40:10



(40-11) Keadilan tidaklah kusembunyikan dalam hatiku, kesetiaan-Mu dan keselamatan dari pada-Mu kubicarakan, kasih-Mu dan kebenaran-Mu tidak kudiamkan kepada jemaah yang besar.


40:11



(40-12) Engkau, TUHAN, janganlah menahan rahmat-Mu dari padaku, kasih-Mu dan kebenaran-Mu kiranya menjaga aku selalu!


40:12



(40-13) Sebab malapetaka mengepung aku sampai tidak terbilang banyaknya. Aku telah terkejar oleh kesalahanku, sehingga aku tidak sanggup melihat; lebih besar jumlahnya dari rambut di kepalaku, sehingga hatiku menyerah.


40:13



(40-14) Berkenanlah kiranya Engkau, ya TUHAN, untuk melepaskan aku; TUHAN, segeralah menolong aku!


40:14



(40-15) Biarlah mendapat malu dan tersipu-sipu mereka semua yang ingin mencabut nyawaku; biarlah mundur dan kena noda mereka yang mengingini kecelakaanku!


40:15



(40-16) Biarlah terdiam karena malu mereka yang mengatai aku: "Syukur, syukur!"


40:16



(40-17) Biarlah bergembira dan bersukacita karena Engkau semua orang yang mencari Engkau; biarlah mereka yang mencintai keselamatan dari pada-Mu tetap berkata: "TUHAN itu besar!"


40:17



(40-18) Aku ini sengsara dan miskin, tetapi Tuhan memperhatikan aku. Engkaulah yang menolong aku dan meluputkan aku, ya Allahku, janganlah berlambat!




WULANG  BEBASAN 30 : 15
10 September 2001

Lintah iku nduwe anak 2 wadon ? >> lintah= wong kang nduweni sifat meres liyan kangge kepentingan uripe dhewe. Conto: Wong kang kaya mangkono iku ora nggatekake kepentingane liyan nanging ngumbar nepsune dhewe kepriye supaya kabeh bisa katurutan. Wong liyan kena susah sengsara nanging aku aja nganti

Sakarone padha muni ‘kanggo aku’>> Kanggo aku= ora ana babar pisan pikiran kanggo wong liyan kanggo aku samubarang kabeh

Ana 3 prakara kang ora bisa wareg-wareg >> 3 perkara= 1.ngudi kabutuhane dhewe  2.ngatur uripe dhewe  3.maregake pepinginane ati

Ana 4 prakara kang ora tahu muni ‘wus cukup’>> 4 prakara= 1.maido, maiben GUSTIne  2.mangandika saperlune marang sapepadhan kang ora nyukupi kabutuhane  3.mratobat saka dosa lan perasaan benere dhewe  4.ngaturi kasaenane dhewe marang liyan
Inilah gambaran di hadapan ALLAH : Sira ora perlu wedi lan kuwatir sebab INGSUN kang kagungan karsa





PARA  RASUL 3 : 6
12 September 2001

‘Atas Asmane GUSTI YESUS KRISTUS saka ing saka ing Nasaret, lumakua !’
*Sikil lan polahe wong dadi kukuh !
KISAH PARA RASUL 3 : 16 >> Punapa dene margi saking pitados dating Asma YESUS punika, mila tiyang ingkang panjenengan pirsani saha ingkang panjenengan sampun tepangi punika
KISAH PARA RASUL 3 : 19 >> … kula aturi enget saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten
KISAH PARA RASUL 3 : 20 >> … ndatengaken mangsa ingkang lodhang saha ngutus GUSTI YESUS== ingkang wiwit sakawit sampun katamtokake dados KRISTUS kagem panjenengan sadaya
KISAH PARA RASUL 3 : 22 >> Nabi Musa : GUSTI ALLAYH bakal nangekake nabi saka ing sadulurmu, pada kaya dene aku; Yaiku kang kudu kok rungokake apa kang bakal di pangandikakake marang kowe
KISAH PARA RASUL 3 : 26 >> ?





ROMA 3 : 2 – 11

3.Yen ana wong kang ora setya ? >> Iku njalari GUSTI ALLAH ngetingalake kasetyane marang wong kuwi, nanging kepriye yen wong kuwi tetep ora setya marang INGSUN ?
Iku kabeh bakal ndadekake kasetyaningSUN katon ana ing jagad gumelar nganti ing pungkasaning jaman. Sabab INGSUN iku adil lan maha adil marang saben wong kang SUN titahake

5.GUSTI ALLAH tetep bakal paring bebendu sanajan manungsa laku bener, sebab benere manungsa iku miturut atine lan sakarepe dhewe, ora manut marang karsaningSUN

11.Ora ana wong sisi-sijis kang nduwe budi, ora ana wong siji-sijia kang ngupaya GUSTI ALLAH >> Ora ana wong kang bener ana ing ngarsaningSUN, sabab saben wong wus ngungkuri INGSUN- ngendelake awake dhewe, kayata sadulurira …
INGSUN bakal paring bebendu. Sira aja wedi bab iki, sira mung perlu niteni apa kang bakal kalakon. Saben wong kang manut marang INGSUN bakal nampeni berkah, saben wong kang ora manut marang INGSUN bakal nampeni bebenduningSUN


Jumat, 14 September 2001
Sing sapaa ngunjukake pandonga kanthi mendheng bakal SUN gatekake, nanging sing sapaa ndedonga kanthi manah ora madhep marang INGSUN iku ndadekake kuciwaningSUN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami