Jumat, 09 Desember 2011

PADHA BUNGAHA


Ibadah Minggu
Minggu adven 3
11 Desember 2011



Tema wulanan :
Punapa kula taksih setya ?


Tema Pekan :


PADHA  BUNGAHA




Tujuan :
Mapag rawuhipun GUSTI YESUS
ngemu teges
bilih sadaya pambudidayaning gesang
kedah mujudaken kapitadosan kita
 dumatheng GUSTI




                                               Waosan I   : YESAYA  35 : 1 – 10
                                               Waosan II  : YAKOBUS 5 : 7 – 10
                                               Waosan III : Matius    11 : 2 – 11






Patunggilan
kita menika
 sami kaparingan wekdal
 ingkang sayektos
 miturut rancanganing ALLAH
Lha makaten
 suraosing manah batos kita
 ing sawekdal-wekdal
 bilih kita tansah katunggil dening ALLAH
 ing wekdal sae
 punapa ing wekdal mboten sae

Ingkang kita raosaken
 anamung pangaken
 bilih ALLAH menika sayektos
 anggenipun paring pangrimatan
 lan
 kakiyatan-
semangat-
daya tahan
 dumateng kita

Anggening kita gesang
 migesang


Rina wengi
 kita sami katunggilan dening ALLAH
rahina
 ngantos dumugi angsluping surya
 kita sami kaparingan kakiyatan
 bilih kita mitadosi
 kados makaten
 mesthi kita badhe tansah
 ngalami kabingahan
ing wekdal sisah
 utawi
 bingah
ing wekdal kesrakatan
 utawi
 ing kaluberan

Utawi
ing mangsa tanem
kita ingkang nggadahi pangangen-angen
 bilih kita badhe panen

Makaten ugi ing wekdalipun nanem
 kita nyambut damel
 kanthi saestu-estu

Lha
 bilih kita ngalami mangsa hama
 nyerang tetaneman kita

Kita kedah tetep semangat
 miwiti malih nenanem taneman enggal
 kanthi pangajeng-ajeng
anggen kita badhe panen

Kados makaten
 para sadherek
gegambaraning gesang
 ingkang kebak kabingahan


Kabingahan
mboten karaosaken
anamung ing wekdal bingah kemawon
 ananging
ugi ing wekdal sisah

Punapa ing wekdal sisah
kita lajeng katut keli-
kentir
ing kasisahan


Patunggilan
ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
Mboten wonten prekawis
ingkang lurus
 radin
lempang
ing sauruting kita migesang

Kados ing reraosan kita
ing minggu menika

Nabi YESAYA
nedahaken bilih
kawontenaning bangsa pilihan
 sami ngalami kalungkrahan
karana katindhes
 lan
kabucal dumateng nagari Babel


Ing kahanan ingkang makaten
 Nabi YESAYA
 kautus paring pawartos
bilih ALLAH
 badhe paring pangluwaran-
ALLAH badhe mbebasaken sabangsa
Awit
 GUSTI ALLAH
 badhe rawuh lan ngrawuhi

Nabi YESAYA
Paring pepenget :
 Sabangsa mboten kepareng
kecalan pangajeng-ajeng
tuwin
semangat dayaning gesang

Sabangsa
 sami kaatag
 supados dados pepadhang
tumprap tiyang sanes

GUSTI ALLAH
mboten ngersakaken
tumprap Nabi YESAYA dalasan sabangsa
pejah salebeting gesang
nglokro ing sauruting urip
utawi
 sami kecalan pangajeng-ajeng
ingkang dados sumbering ‘daya tahan’-
semangating gesang



GUSTI ALLAH
paring prasetya-
prajanji
ingkang saged nuwuhaken panglipuran
 lan
 pangajeng-ajeng

GUSTI ALLAH mboten nate absen
GUSTI ALLAH mboten nate sare
Lan
GUSTI ALLAH mboten nate nilar
 para kagunganipun
 ngantos ngraosaken
gesang piyambakan
 GUSTI ALLAH mboten nate nilar
 para kagunganipun
ngantos nemahi panandhang

GUSTI
 badhe rawuh
ing salebeting gesanging manungsa
 lan
rawuhing GUSTI menika
badhe mbekta ewah-ewahaning gesang
nggih menika
gesang ingkang saestu sae

Kados kahanan
 ingkang kagambaraken
 ara-ara samun lan palemahan mati
bakal bebungah,
surak-surak lan negedalaken-
metohaken sekar-
metohaken kembang
 ingkang kathah lan endah


ara-ara samun bakal metokake sumber
 lan sapiturutipun


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
 Kita samangke
ugi kaparingan pawartos
bab gesang ndherek GUSTI YESUS
 kados ingkang kaseratan
 ing Kitab YAKOBUS
ingkang nedhahaken
bilih kita menika
kedah disabar lan mantep
 lan nyantosakake ati-
 batos
 kados dene tiyang tani
nengga mangsa rontog
lan
 nengga udan mangsa semi

Lha makaten
kita kedah sabar lan mantep
 ing piandel-
ing kapitadosan 
kados dene para Nabi
 kados dene Rama Ayub
ing sanalika ngalami karibedan,
 tetep langkung pitados
lan
disabar lan matep.

Berkah
 tuwin karahayon
 ingkang kaantos-antos-
kaajeng-ajeng
 punika badhe nuwuhaken kabingahan

Nggih
Kabingahan
 ingkang mboten gumantung kahanan
 sae punapa mboten sae

Tiyang pitados
tetep saged nindakaken kabingahan
 karana nggadahi piandel
bilih gesangipun menika
kawengku
ing astanipun GUSTI ALLAH
 ingkang kebak welas asih
 lan
ageng
ing sih palimirma


Patunggilan
Kita ugi sami nampeni cariyos
 bilih YOKANAN PAMBAPTIS
 menika
nate nampeni panandhang
 ngantos dumugi kakunjaran lir dumugi pinejahan
karana ‘ngritik’ lelampahaning Herodes
 kaliyan Herodias

Babar pisan
YOKANAN PAMBAPTIS
 mboten owah ginggsir
dumateng piandelipun

Piyambakipun
 saged dados conto
 kanggening tiyang pitados
ing bab babagan kasetyan

Sanalika
YOKANAN PAMBAPTIS
 ngutus utusan
 para sakhabatipun mareg sowan
 ing ngaarsanipun GUSTI YESUS
saperlu nerang-
nyuwun penjelasan
utawi neges
 sinten ta sejatosipun
GUSTI YESUS punika

Karana mireng-mireng
 sadaya bab pakaryaning GUSTI YESUS
ingkang sampun katindakaken
menika saestu condong
 kaliyan pangajeng-ajengipun

GUSTI YESUS
 ing wekdal punika
nyebat
YOKANAN saestunipun
dados Nabi lan Malaekating GUSTI
 ingkang saweg ngrumiyini tindake GUSTI YESUS


Dhawuh pangandikanipun GUSTI YESUS menika
 njangkepi dhawuh
ingkang kaseratan
ing kitab MALEAKHI 3 : 1 –
  Lah
 INGSUN nglampahake utusaningSUN,
SUN dhawuhi ngrata dalan
 ana ing ngarsaningSUN!
Kalawan dadakan
PANGERAN kang sira goleki iku
 bakal rawuh
ing padalemane!.
Lan Malaekate prasetyan
kang sira karepake iku
 rawuh-,
mangkono pangandikane SANG YEHUWAH
 GUSTIne sarwa dumadi


Samangke
 kados pundi patunggilan
kekasihing GUSTI YESUS
 anggen kita
sami metukaken GUSTI YESUS
ing gesang pigesang kita
 sadayanipun
punapa kanthi manah ingkang kebak kasetyan
 lan pangajeng-ajeng ? 

Sepindhah malih
 punapa kita taksih lan tansah setya ?

 Setya dumateng pakaryan lan timbalan kita
minangka tiyang pitados ?

Bilih kita saweg nampi panandhang
 lan
saweg ngadepi reribed
 punapa menika saged ndadosaken
 kabingahan kita sumingkir ?

Kakiyatan kita
lan
pangajeng-ajeng kita
saged tuwuh
lan
saged ndadosaken  tuwuhipun
 dayaning gesang
sanalika kita tansah ngengeti
 bilih GUSTI YESUS
mboten nate ABSEN
 ing salebeting panandhaging manungsa
 lan
GUSTI YESUS
 mboten nate SARE

1 komentar:

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami