Kamis, 29 September 2011

REFORMASI

Pangibadah pacawisan
  Pambujanan Suci  OIKUMENE
Minggu, 2 Oktober 2011



REFORMASI



2 TESALONIKA 2 : 13 – 17


13.
Nanging para Sadulur,
 aku kudu padha tansah saos sokur
marang ALLAH
marga saka kowe kabeh,
kang dikasihi dening GUSTI,
 amarga ALLAH
wiwit-wiwitan mula
wus milih kowe kabeh
supaya dislametake
 ana ing sajroning ROH,
kang nucekake kowe
lan ana ing sajroning kayekten
kang padha kok pracaya

14.
Tumprap kang mangkono iku
PANJENENGANe wis nimbali kowe kabeh
 lantaran Injil,
kang padha dak wartakake,
satemah kowe padha kepareng
 nampa kamulyane YESUS KRISTUS,
GUSTI kita

15.
Mulane,
 kowe padha dibakuh
 lan
padha ngantepana piwulang-piwulang
kang wis padha kok tampani
saka aku kabeh,
kanthi patrap lesan
 utawa tulisan

16
Anadene PANJENENGANe,
 GUSTI kita
YESUS KRISTUS
 lan
ALLAH,
 RAMA kita,
kang sajroning sih-rahmate
 wis ngasihi kita
sarta
kang wis ngganjar panglipur
 kang langgeng
tuwin pangarep-arep becik
marang kita,

17.
muga karsa
 paring panglipur
 lan
 nyantosakake atimu
 ing sadhengah panggawe
 lan
pitembungan
 kang becik










Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Kita
samangke
sami miji wekdal
kangge
pacawisan
anggen kita badhe lumebet
 ndherekaken Pambujanan Suci

Pambujanan Suci Oikumene
ingkang kaalaman
 dening sadaya tiyang pitados
 ing saindenging jagad
 ingkang kawastanan
 Greja Kristen Protestan
 Utawi
 Greja Reformasi

Greja
 ingkang saweg ‘menata diri’-
 mboten mendel
 ing kahanan
ingkang mboten leres
 ananging tansah ngudi kaleresan
 kanthi nyuwun panuntuning
Sang ROH SUCI.

Greja
 ingkang Reformed menika
 greja
 ingkang kapimpin dening ROH
 ingkang makarya

ROH SUCI
ingkang adedalem
 ing manah batos kula
lan
batos panjenengan
sadaya

Ugi makaten
 ingkang ndedalem
 ing manahipun Rasul Paulus
 kados ing waosan kita
kalawau

Ugi makaten
 ing dalem manahipun
Sang Reformed
Marthin Luther
 rikala tahun 1517
 tanggal 31 Oktober
nampi lan manggihaken 
lan nampeni kaleresan
 ingkang kantuntunanan
 dening ROHing ALLAH

Piyambakipun,
Martin Luther
Wantun nempelaken layang-
‘secarik kertas
di pintu gereja Katholik’


 ingkang isinipun
ngemu 95 dalil
utawi
ngemu pamanggih leres
 miturut Sang Reformed
kanthi adedhasar
 panuntuning SANG ROH SUCI
 anggenipun
pyambakipun,
si Martin Luther
maos isining
kitab Suci

95 dalil menika
 mujudaken protes
 lantaran bab klentuning greja
ing wekdal menika
 klentu anggenipun
‘memahami kasih ALLAH
tentang keselamatan
yang diberikan kepada manusia
itu adalah
sungguh-sungguh gratis’
 dening ALLAH
 ingkang sampun nebus
 dosa
karana pangurbananipun
 SANG PUTRA,
YESUS
GUSTI kita
ing seda
lan
 wungnipun


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS

 Iba bingahipun
 kita sami mireng
 lan
 maos
serataning Rasul Paulus
 bab Reformasi dhiri :

14.
Tumprap kang mangkono iku
PANJENENGANe wis nimbali kowe kabeh
 lantaran Injil (=Kitab Suci),
kang padha dak wartakake,
satemah kowe padha kepareng
 nampa kamulyane YESUS KRISTUS,
GUSTI kita

15.
Mulane,
 kowe padha dibakuh
 lan
padha ngantepana piwulang-piwulang
kang wis padha kok tampani
saka aku kabeh,
kanthi patrap lesan
 utawa tulisan

Lha makaten,
Sadherek patunggilaning
 SANG KRISTUS

Kita sadaya
ugi nampeni semangat Reformasi
ingkang kaalaman
dening Marthin Luther
 ingkang tansah adedandos :
 bilih wonten
 kaklentuan
 enggal wangsula mratobat
ndandosi dhiri
 manut mitururut  dhawuh
 pangandika
 ingkang mijilipun
saking Kitab Suci

katuntuna
 dening ROH SUCI
SANG pepadhanging
manah batos kita.

Kita wantun ndandosi dhiri
 makaten ugi
wantun ndandosi pasamuwan
miturut dhawuh
 karsanipun ALLAH


Patunggilan
ing mriki
 sacara maligi
kita
 sami kaatag
supadosa sami sregep
miring
 lan
maos isining
seratan Kitab Suci
….
 Kitab
 ingkang kaparingkaken dumateng kita
 lumantar
pakaryaning SANG ROH SUCI
ingkang adedalem
 ing manah batosing
saben abdi
saben tyang pitados;

Tutuk
 Lesanipun
 katuntunan
dening ALLAH,

manah
batosipun
 kapadhangan
 dening ROH SUCI,

pamikir
 lan
 panggraitanipun
 katunggilan
 dening ALLAH

Pakaryaning ALLAH
 langkung unggul
tinimbang
pamikiring manungsa
 limrah.

ALLAH ngagem
 Lan
 ngasta
saben tyang
 kangge mereformasi diri
supados tansah trep
 ing karsa-
karsaning ALLAH

Gesang masamuwan
sami saged gesang leres
 makaten ugi
anggen kita
gesang pribadi
mbaka pribadi;

Sabab
 anggen kita wangsul
dumateng kaleresan sejatos
 kita salaku umat

Inggih,
 nampeni kawilujengan
piwucalipun INJIL
 ingkang tansah kita pireng
 utawi
ingkang tansah kita waos
piyambak-piyambak
menika badhe dados
sumbering pemahaman
 bab rancanganipun ALLAH
 anggenipun mratana
 gesang kita sami
 ngudi gesang setuhu-
bekti


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Rina wengi
kita maos
 isining Kitab Suci
anggegilut
 sabda pangandikanipun ALLAH

 mesthi
raosing manah kita
badhe tuwuh
bab-bab kaleresan
 ingkang katunggilan
 dening ROH SUCI
Menika mratandhani
bilih ALLAH
saestu makarya
ngantos dumugi wekdal samangke
 sumangga
 semangat Reformasi punika
 kita lestantunaken
supados kita
tansah ngener
manut
 ing panuntuning
 SANG ROH SUCI

Tutuk-
 lambe kita,
batos-
manah kita
kaenggalaken

Kanthi sebatan gratis
 menika sanes
bab murahan
 utawi mboten mbejaji

Gratis
 karana ALLAH
sampun paring kanugrahan
kawilujengan
 sacara tata lair
ingkang saweg katindakaken
 dening ALLAH
 SANG PUTRA,
GUSTI kita
YESUS,
JURU SLAMET
ingkang seda
 sinalib
lan
wungu malih
 ing tigang dintenipun


Patunggilan
Karana ALLAH
 saestu tresna
dumateng kita
sami

makaten
 pakaryaning ALLAH
mboten anamung kendel
lan kandeg
ing jaman kapengker
anganging ugi
ngantos dumugi
ing dinten samangke,

Rasul Paulus
 nekseni makaten
ugi Martin Luther
 ugi kita sami
nekseni
sih kamirahanipun ALLAH

mesthi
 kita mboten badhe
wantun nampik
 utawi
 nilar ALLAH

Kita ngrumaosi
 wontenipun tanggel jawab
pasambat
lan
 panyuwunan kita
 dumateng ALLAH

 mugi
kita kaparingan kiyat
ngadepi kahanananing jagad
 ingkang sarwa nebih
lan
 nilar ALLAH,

 gampil kita dumawah
 ing dosa,
panerak
lan
panggoda


Sumangga
para sadherek

kanthi semangat Reformasi
 kita tansah ngenggalaken manah
 lan
tansah mranata dhiri
sasaged-sagedipun tansaha sumuyud
 ing ngarsaning ALLAH

gesang
migesang
sarana iman

Kanthi iman

 gesang kapitadosan
lan
gesang pambanguning dhiri
 mesthi perlu kita lampahi
 kanthi tansah
 celak
rumaket
dumateng dhawuh-dedhawuhing ALLAH

 sabab kita ngakeni
 bilih dhiri kita
 menika
manungsa limrah
ingkang saged dumawah
 ing dosa

Ananging
karana tansah celak
 rumaket
dumateng GUSTI ALLAH
  kita mesthi
 kaparingan kaunggulan
 lan
 mboten badhe
kalis
ing panggoda


Dhawuh
 Lan
 kakiyataning GUSTI

Para sadherek
 sapatunggilan


sepindhah malih
menika anamung
 asumber saking
 Isining Kitab Suci

Mila
sumangga
Isining Kitab Suci menika
 kita dadosaken seserepan
 kita pindah
 supados dados
isining manah
 batos
 kapitadosan kita
sami.

Sabab
 mboten prayogi malih
 Kitab Suci
anamung dados pajangan
 lan
 anamung dados ising lemari

Sasaged-sagedipun
sedaya tyang
sami saged mangertosi
lan
ngraosaken
wujuding kesaksian gesang kita
 ingkang adhedasar
 dhawuh-dedhawuh pangandikaning ALLAH
 ingkang sampun sami
 kita serep
lan
 kita mangertosi
 isinipun

Bilih kita
 tyang Jawi
 mesthi
kita maos Kitab Suci
mawi basa Jawi,
makaten ugi kita
 ingkang kalair
dados tyang Medunten
lan sanes-sanesipun

 Kitab Suci
 ingkang kajarwakaken
 ing basa kita pyambak-piyambak
saestu ngebaki
 seserepan kita
lan
aktivitas kita
 langkung gampil malih

Makaten
 Samangke
 mboten wonten
bab ingkang awrat
 lan
 angel
 karana ALLAH
 tansah paring pitedah
 lan
tansah paring terang-
pepadhang
ing manah kita
 pribadi mbaka pribadi

Rasul Paulus,
 Martin Luther
 sampun nampeni pepadhanging ALLAH
mesthi
kita ugi makaten

Tetiga dasar Reformasi
ing reraosan kita menika
 asring
lan
limrahipun kalair
lan
kasebat kanthi istilah :
 SOLA GRATIA
(Anamung karana kanugrahan ALLAH),
SOLA FIDE
(Kanugrahan  punika katampi ing iman)
 lan
(Kanugrahan lan iman
 perlu kita lestantunaken
 kanthi pamaosing Kitab Suci)

Pasinaonan-
panggegilut kita
 samangke
 murugaken kita
sageda tansah nyenyinau
 lan
 maos isining Kitab Suci,

 bilih kita menika
warganing greja GKJW
 sami kaparingan PAH
 = Pancaran Air Hidup

buku
ingkang saged nenuntun
 renungan harian
ing saben-saben kita tindakaken
saben dinten
 sami saged dados alat
 anggen kita
 ngraos-raosaken
 isining Kitab Suci

Ing samukawis wekdal
 samangke
 taksih para majelising pasamuan
 ingkang rutin langganan PAH
 terbitan GKJW
menika

 lan
wonten ing pangangkah
bilih wonten kersaa
 warganing pasumuan
 ugi abonemen-
langganan
 lan
tumbas PAH
 kangge nggampilaken
 anggen kita anyenyinau
maos
 ngraosaken
 isinging Kitab Suci

Kados
 ingkang sampun
 katindakaken
 dening sadherek sapatunggilan
ing pasamuwan sanesipun

Kitab Suci,
utawi dhedhawuhipun GUSTI
 ingkang dados dasar
kita ndherek
lan
 mitadosi
karsa karyaning ALLAH
 ing pigesangan kita
 sami

Sumangga
 kita sami
para sadherek
 anggadhah ana sikap
 ngleluri sejarah
kados reraosan
 lan
pasinaonan kita
kalawau

 sesarengan
 kaliyan greja-greja Reformasi
 ing salumahing jagad,
kanthi ajeg
anggenipun nindhakaken
Pambujanan Suci Oikumene

Semangat Reformasi
Martin Luther
 swawi ndadosaken
 semangat kita
 selaku pribadi
lan
slaku pasamuwan
 tansah mbangun dhiri
 lan
tansah karsaa purun
naliti
gesanging dhiri
adhedasar Kitab Suci

Sugeng nyawisaken manah
 Lan
 tansaha cecawis
ndherek numuti
 Semangat Reformasi




Amin
GUSTI mberkahi kita sami








PANGIBADAH  PACAWISAN 
BUJONO SUCI  OIKUMENE
Minggu, 2 Oktober 2011
di Gereja
08.00

Votum/Berkat
*Memuji KPK 36 : 1-5
GUSTI RAWUHA
**Memuji KPK 8 : 1
ALLAH MAASIH

Ndedonga :
Syukur
Nyuwun sih pangapunten
Undang Roh Kudus.
AMIN

Pamaosing Kitab Suci :
2 TESALONIKA 2 : 13 - 17

Memuji KPK 54 : 1
NYUWUN AKSAMA

KOTBAH ….
REFORMASI

Ndedonga :
Dhawuh pangandika ingkang nembe kagilut …
Saos syukur : dhawuh pangandika
Nunggil angen badhe lumebet ndherekaken Pambujanan
Gereja ing pundi-pundi panggenan ( GKJW & pepanthan )
AMIN

Memuji  KPK 311 : 1
ADEGIPUN GREJA
Berkat






 HARI REFORMASI
Pada taggal 31 Oktober 1517 Martin Luther menempelkan 95 dalil pada pintu Gereja Wittenberg – Jerman. Dalil-dalilnya ini mengutuk keserakahan dan nafsu keduniawian di dalam kehidupan bergereja pada saat itu. Salah satu yang ditentang oleh Luther ialah praktek penjualan indulgensia. Indulgensia adalah surat penghapusan bagi dosa-dosa manusia, surat ini dapat dibeli untuk dirinya sendiri ataupun untuk salah seorang sanak keluarga, yang sudah meninggal. Adalah Johann Tetzel, seorang imam Dominikan, yang mendapat tugas untuk berkeliling di seluruh wilayah keuskupan Uskup Agung Albert dari Mainz untuk mempromosikan dan menjual indulgensia guna merenovasi gedung gereja Basilika St. Petrus di Roma. Tetzel sangat berhasil dalam tugas ini. Salah satu kata-katanya yang terkenal dalam usaha penjualan surat ini adalah: "saat koin mata uang masuk ke dalam kotak persembahan ….. maka jiwa orang yang ada di dalam neraka akan langsung loncat masuk surga …….” Namun bagi Martin Luther praktek penjualan indulgensia ini dianggap sebagai penyelewengan yang dapat menyesatkan umat dan mengabaikan pengakuan dosa dan pertobatan sejati. Semboyan Martin Luther yang terkenal di hari reformasi ini adalah
a. Sola scriptura: hanya berdasarkan Alkitab.
b. Sola Fide : keselamatan manusia hanya diperoleh dari pembenaran oleh iman semata-mata kepada Yesus Kristus.
c. Sola gratia yang berarti hanya karena anugerah-Nya.
d. Sola fide, sola gratia, sola scriptura, menjadi rangkuman kepercayaan dasar bahwa keselamatan sorgawi itu adalah Karunia atau Anugerah Allah semata.
Pembaharuan ini didasarkan pada semboyan “ecclesia reformata, ecclesia semper reformanda”, yang berarti "Gereja yang telah diperbaharui (direformasi) adalah Gereja yang (harus) terus-menerus diperbaharui." Tugas gereja adalah menjawab tantangan-tantangan yang baru di zaman yang baru pula.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami