Jumat, 29 Oktober 2010

TANSAH SAOS SYUKUR ING YUSWA SEPUH

 Ibadah Brayat
Kamis, 24 Oktober 2010






TANSAH 
SAOS  SYUKUR
 ING  
YUSWA  SEPUH








JABUR  71 :  9 – 24


JABUR  92 : 15 – 16

15
Sanadyan wus tuwa
isih padha metu wohe,
padha dadi lemu lan
 seger

16
supaya bisaa nyaritakake
yen PANGERAN YEHUWAH
 iku bener,
peparangku
kang adoh
 saka ing laku cidra.









Sadherek patunggilan
ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS

Kita menika
anamung dados abdi
 ingkang kinasihan
 dening ALLAH.

Kenging menapa
 kita angadhahi raos rumaos sisah
 ing manah
 lan
ngraosaken gesang
miturut pangangen-angening manungsa.

Samangke
 kita langkung sepuh
 tinimbang wekdal-wekdal kapengker,

kita langkung kathah
 suda kirangipun
ing bab 
samukawis prekawis
kita mboten 
saged kasamekaken malih
kaliyan dhiri kita
ing wekdal kapengker
 mesthi 
kathah kakiranganipun.

Bab-bab
 kados makaten
 sacara manungsa limrah

 kita sami ngalami
 raos rumaosing manah
mboten wonten 
ginanipun malih
gesang punika.

Ateges
 kita
 sami sampun mbucal dhiri
 kita 
piyambak
ing sathengahing pigesangan
ing pasrawungan
kaliyan sadherek sanes.

Wonten unen-unen-
paribasan :

Habis manis sepah dibuang

Paribasan menika
 kados-kados leres

Kados mboten lepat

Ananging
 sacara riil
sacara tata iman
 kapitadosan
paribasan menika
saestu lepat
mboten leres

Bilih 
sacara riil
kita
 ing yuswa sepuh
 mesthi tuwuh manah
ingkang mawarni-warni
karana 
kita sami 
sampun mboten 
anggadhahi kekakiyatan
 lan
 daya kemampuan malih

Suda kirangipun 
kathah sanget

Mila
 kita rumaos
 anggadhahi mengsah

Mengsah 
ingkang saestu
 ndadosaken dhiri kita
mboten wonten 
artosipun

Kita kabuwang tebih-tebih
 anamung 
dados sesrimpetan
 lan
 ndadosaken 
reribetaning pigesangan

Kados pundi
 para sadherek
 kita menika
 anggadahi momotan
ing wekdal
 yuswa sepuh.

Yen pancen leres
 kenging menapa 
kita bekta
bab-bab kamanungsan kita
 menika
 kagem GUSTI  YESUS

nggih  kagem GUSTI  ALLAH
lamun ingkang sami saestu
nresnani kita


Para sadherek
Kita sami
 sajatosipun
 sampun katresananan
dening GUSTI  ALLAH
ing wiwit kala enem
ngantosa
 kita sepuh
menika.

GUSTI  ALLAH
sanget nresnani kita

 benten sacara tata lair
 ing pasrawunganing manungsa
 saged ewah gingsir katresnanipun.

ALLAH 
mboten makaten

ALLAH 
saestu nresnani
gesang kita 
para sadherek

Kados pangucaping juru Mazmur
 ingkang makaten :

Sampai pada masa tuaku
Aku tetaplah TUHAN
yang menggedongmu
Sampai masa putih rambutmu
Aku tetaplah TUHAN






17
Ya Allah,
Engkau telah mengajar aku
sejak kecilku, dan
 sampai sekarang
aku memberitakan perbuatan-Mu
yang ajaib;

18
juga sampai masa tuaku dan
 putih rambutku,
ya Allah,
 janganlah meninggalkan aku,
supaya aku
 memberitakan kuasa-Mu
kepada angkatan ini,
keperkasaan-Mu
kepada semua orang
yang akan datang.


17
Dhuh ALLAH,
wiwit alit mila
kawula sampun PADUKA wulang,
lan 
ngantos dumugi sapunika
kawula tansah nggelaraken
pakaryan PADUKA
 ingkang ngedaedabi

18
dhuh ALLAH,
 ngantosa kawula sepuh
sarta uwanen,
kawula mugi sampun ngantos
PADUKA tilar,
supados kawula
saged ngriyosaken pangwaos PADUKA
dhumateng para turun samangke,
sarta
 kasantosan PADUKA
 sakhatahipun tiyang
 ingkang badhe dhateng


Patunggilan 
ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS

Kita samangke
 sami kaatag
 supados ngraosaken 
lan
niti priksa
punapa leres
GUSTI  YESUS mboten nate nilar
gesang pigesangan kita
 ing wiwit enem
 ngantos dumugi
ngancik sepuh menika

Kita kedah latihan nggatosaken 
lan
 ngraos-ngraosaken
sapinten raosing manah kita
sanalika katunggilan
dening GUSTI  YESUS

GUSTI YESUS
 sepindah malih
 mboten nate ewah gingsir
anggenipun nresnani kita
Mboten wonten istilah
 Habis manis Sepah dibuang

Supados kita mangertosi
 istilah punika
kaangge
dening Juru Pemazmur
kados ing seratan

ayat 9 : 

Samangsa kawula sampun sepuh,
mugi sampun ngantos PADUKA tampik,
sampun ngantos nilar kawula
manawi kakiyatan kawula
sampun telas


Dhuh ALLAH
ingkang maha kuwaos 
Kawula ngrumaosi
 bab ingkang mekaten kalawau

Bab ingkang kaalaman
 dening Prabu Daud
 ing nalika sepuhipun
 ananging mboten purun kendel lan
mendel
anggenipun lumampahan
ing leladosan
 kagem kaluhuran PADUKA

Dhuh GUSTI  YESUS
mugi PADUKA
 ugi ngaosi kawula
kesempatan-kesempatan
anggen kawula sageda
nindakaken pakaryan-pakaryan PADUKA
Matur nuwun GUSTI  YESUS
Amin

Makaten
bilih kita ndedonga
 lan
nyenyuwun
pangantinipun ALLAH
kita
 kedah lumampahan
 ing peladosan
ing satengahing brayat,
ing pasamuan tuwin
ing masyarakat 
lan
ing satengahing bangsa kita

GUSTI 
tansah paring kekiyatan
dumateng kita

Kanthi makaten
 kita 
sami saged lumampahan
 ing pigesangan
 ingkang kebak saos syukur
 sanajan yuswa kita 
sepuh

kita
 taksih kaparingan wekdal
 gesang
 ingkang mituhu-
manut-
 nurut
 ing pangrehing ALLAH

Ing peladosan
 pangabekti ibu-ibu,
bapak-bapak,
KRW,
 paguyuban adiyuswa
...


kita 
taksih saged nindakaken



Patunggilan
 ingkang kinasih

Kita 
sampun saged ngedalaken woh
 lan
 sami
 saged kita raosaken
sesarengan pigunanipun

Gesang mursid-
 mangabekti
 lan
Gusti 
tansah ngrukti-
paring pangrimatan
 mboten nate
 nilar gesang kita

Punapa kemawon
 ingkang kita cariosaken
bab YEHUWAH
GUSTI ALLAH
 pancen leres

GUSTI 
sampun ndadosaken kita
 dados peparang
ingkang tebih 
saking lampah cidra

Lumampah kita
mboten kandeg
ing ngriki
ananging
 terus ngantos dumugi
puputing nyawa kita

Kita
 kedah tetep kebak raos syukur
 bilih ALLAH
 mboten nate nilar
gesang kita-
 kita
 mboten nate kabucal

Gesang kita
 taksih nggadahi piguna
 cunduk kaliyan 
bab punika

sumangga 
kita 
sami tetep cecawis
anggen kita mbenjang
 tanggal 7 Oktober
 badhe ngawontenaken


 Riyadi sesaosan syukur-
 Undhuh-undhuh

Gusti 
mberkahi gesang kita
 supados kita
 tansah ngedalaken woh
ingkang kebak piguna,
seger 
lan
 lema.

Woh
 ingkang kebak piguna
 kados
 ingkang kaseratan
 ing

GALATI  5 : 22 23a  :

22.
Dene wohing ROH
 yaiku :

katresnan,
kabungahan,
tentrem-rahayu,
sabar-sareh,
paramarta,
 kabecikan,
 kasetyan,

23.
Alusing budi,
bisa ngemudheni dhiri.


 Mugi 
reraosan kita
ing dalu samangke
saged nuwuhaken manah kita
 ingkang mongkog
anggen kita 
badhe trus tut wingking
ndherek GUSTI  YESUS


AMIN































VOTUM / BERKAH
Kipas  35 : 1    Pra jalma padha angluhurna

NDEDONGA
Maos isining kitab suci :
JABUR  71 :  9 – 24
Kipas 123 : 1, 2   Ngluhuraken ALLAH

RENUNGAN / KOTBAH
Kipas  19 : 1, 8   Mazmur 71

NDEDONGA  SYAFAAT


Kipas 114 : 1  Wilujeng mlampah

BERKAH









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami