Jumat, 04 Januari 2013

( Buku Chotbah 2 ) MATIUS 10 : 39 – 40 Sapa kang ngeman nyawane, iku bakal kelangan nyawane


Ibadah Minggu
22 Oktober 1972




MATIUS 10 : 39 – 40

39
 Sing sapa ngéman uripé,
 kuwi malah bakal kélangan uripé,
 nanging sing sapa kélangan uripé
 merga saka enggoné dadi murid-KU,
 kuwi malah bakal lestari urip.”
Barangsiapa mempertahankan nyawanya,
ia akan kehilangan nyawanya,
 dan barangsiapa kehilangan nyawanya
 karena AKU,
ia akan memperolehnya.
40
“Sing sapa nampani kowé,
 kuwi uga nampani AKU.
Lan sing sapa nampani AKU,
 kuwi iya nampani SANG RAMA
 ing swarga,
 sing ngutus AKU.
Barangsiapa menyambut kamu,
 ia menyambut AKU,
dan barangsiapa menyambut AKU,
 ia menyambut DIA
yang mengutus AKU.



Sapa kang ngeman nyawane,
iku bakal kelangan nyawane
lan
 sapa kelangan nyawane krana saka AKU.
Iku bakal nemu.
Sapa kang nemu
 bakal ditemu;
 Sinten ingkang manggih
mbenjing badhe  dipun panggih










Pasamuwan !

Wonten ing salebeting masyarakat umum
 ugi ing masyarakat Kristen piyambak
 kathah ingkang nggadahi pamanggih
 ingkang asipat : Sinkritis,
ingkang tegesipun 
sedaya agami menika sami, tujuanipun

Sami,
anamung caranipun ingkang mboten sami
 lan sadaya saged dumugi ing tujuanipun,
menika angger dipun lampahi saestu

Sumangga
 kita sami ngraosaken prekawis menika
Kita para pitados
Kita para ingkang sami manggih,
sampun ngantos kita nggadahi pamanggih
ingkang asipat sinkritis

Pamanggih kita
 kedah adedasar
pangandikanipun GUSTI ALLAH

Sumangga
 kita tumoleh wangsul
 ngraosaken kawontanipun manungsa
 ing kala purwa

Kitab suci nerangaken
bilih kita para manungsa sadaya
menika nandang dosa

Wiwit Adam dawah ing dosa,
 manungsa sampun koncatan kamulyan
 saking  ALLAH
ROMA 3 : 23

Karana dosa
 gesangipun manungsa
 sampun pisah kaliyan ALLAH
Pisah kaliyan sumbering gesang
 gesangipun manungsa
sampun risak
manungsa gesang nista,
papa lan sangsara

Wiwit jaman Adam
menika sampun mboten wonten tiyang
 ingkang sae
 mboten wonten tiyang
ingkang sampurna
mboten wonten tiyang
ingkang ngupadosi ALLAH
ROMA 5 : 10b – 12

Saking pangandika
Terang
 bilih manungsa
 krana sampun dosa
 mboten saged wangsul dateng ALLAH malih
 mboten saged dumugi
ing tujuanipun

Menapa inggih
barang ingkang sampun risak
badhe nfandosi piyambak ?

Makaten ugi manungsa
 ingkang sampun risak
(dawah ing dosa)
laku lan batosipun
 badhe saged nggayuh kasampurnan
 klayan kakiyatanipun piyambak

Kados dene
tiyang ingkang sampun dawah
 wonten salebeting sumur
mokal yen badhe saged
 mentas piyambak

Tamtu
kedah wonten tiyang sanes
 ingkang mitulungi

Lajeng
kados pundi sagedipun manungsa
mentas saking dosa
Kados pundi
 sagedipun manungsa
luwar saking pepeteng
Kados pundi
 sagedipun manungsa
 wangsul malih dateng ALLAH

Menapa wonten satunggal manungsa
 sanajan para wicaksana,
para wasis,
para nabi,
 para rasul,
 mangka sadaya menika
 namung manungsa
 ingkang sampun risak krana dosa

Mboten wonten
satunggal manungsa
 ingkang saged nggayuh kasampurnan,
 mboten wonten
satunggal manungsa
ingkang saged wangsul
dateng ALLAH
 menawi tanpa pitulunganipun ALLAH

Lajeng
kados pundi manungsa
ingkang sampun kadung dawah
 wonten ing jurang karisakan menika,
manungsa ingkang
‘hidup merana tanpa tujuan, oleh sebab dosa’
Menapa lajeng tetep makaten kemawon ?

Sinten
 ingkang saged ngluwari manungsa
 ingkang sampun risak menika
Menda ingkang sampun ketriwal
 wonten ing satengahing wana
 kakepung dening kewan galak
badhe dateng pundi purugipun ?

Menapa sami mendanipun
 ingkang badhe milujengaken


Pasamuwan !
Begja sanget kita
 ingkang sampun nampeni
peparing saking ALLAH

Begja sanget kita
 ingkang sampun nampeni
 GUSTI YESUS

Nampi ingkang ateges
nemu,
manggih GUSTI YESUS,
manggih kawilujengan

Sing sapa nemu bakal ditemu

Mila,
Pasamuwan
Sumangga
kita sami ngatos-atos

Kita
 para ingkang sampun manggih GUSTI YESUS
Kita
 ingkang sampun nampeni ROH SUCI
Kita
kedah ngrimati ROH SUCI,
kita
kedah ngaji : ROH SUCI
Kita
 kedah nggunakaken ROH SUCI
kita
kedah martosaken ROH SUCI
 sampun ngantos ROH SUCI
 uwal saking kita

Kados ing
MASMUR 51 : 13
Mugi kawula
 sampun ngantos katampik
saking ngarsa TUWAN,
saka ROH SUCI
TUWAN sampun ngantos
kapundut saking kawula
ROH SUCI
 sampun ngantos kula katilar
 GUSTI YESUS
Menawi kita
 ngantos koncatan GUSTI YESUS
Aduh lae

Ing satungiling wekdal
badhe wonten satunggaling nagri
 ingkang endah
ing ngriku
para suci samiya memuja

Bingah :
Sami panggya pinanggya,
 gesang ingkang sampurna
 tan kenging winirasa
Mboten dangu malih
GUSTI badhe rawuh
murugi kita
‘Tak lama lagi
TUHAN datanglah :
 Maranatha

Bersiap, Bernanti Kedatangan TUHAN
(Koor : Ibu-ibu)

Mboten dangu malih
GUSTI badhe rawuh,
murugi kita

Lah
menika dinten kabingahan
ingkang tanpa upami
menapa dene
dinten kasisahan
 ingkang tanpa wekasan
inggih menika dinten pangadilan

Lah
 ing dinten menika
 badhe wonten suasana
 ingkang lumampah sesarengan.

Satunggal suasana kabingahan
ingkang tanpa upami,
sesarengan wangsul
 dateng  nagri ingkang endah,
para suci samyo memuja,
 sowan
dateng  RATU KASWARGAN
 ( RAJA SORGAWI)
Inggih menika
para pitados
ingkang kawangsulaken
 dateng ALLAH

Satunggalipun malih
suasana ingkang ‘menyedihkan’-
nggegirisi

Para tiyang
 sami sesambatan,
ngaduh-aduh
kebak ing panangis
lan
 keroting untu

Panangis lan panalangsa
 ingkang sampun tanpa guna
Inggih menika
 para tiyang
 ingkang katilar
 dening ALLAH,

 para tiyang
ingkang katilar
 GUSTI YESUS

Para tiyang
ingkang nampik
dateng GUSTI YESUS

Kalih-kalihipun menika
 kalampahan tanpa wekasan,
mboten dangu malih
‘Tunggu saatnya’-
kita tengga wekdalipun,
mesti wonten wekdalipun

Prasetyanipun ALLAH
mesti kalampahan
 prajanjinipun GUSTI YESUS
  mesti kalampahan

Mila
 saestu rahayu tiyang
ingkang nemu bakal ditemu,
tiyang ingkang manggih
badhe dipun panggih
wonten ing nagri
ingkang endah,
gesang ingkang sampurna,
langgeng salaminipun

Halleluyah
Amin





Votum
Kipas 51 PAMUJI BEBUKANING KEMPALAN
Mugi sih rahmate GUSTI
Lan sihe SANG RAMA
Wah patunggile ROH SUCI
Tumraha ing kawula
Amin

Barkah
Introitus : MASMUR 84 : 2, 3, 11

Dhuh YEHUWAH !
GUSTInipun balatantra,
 padaleman TUWAN iba anggenipun nengsemaken.
 Nyawa kawula ngengleng
ngantos lesah
dene cecengklungen
dateng plataranipun YEHUWAH
Manah kaliyan raga kawula
sami sumyak saking kangenipun dumateng ALLAH
ingkang gesang
Saestunipun
kawula wonten ing ing plataran TUWAN
namunga sedinten kemawon,
punika  prayoginipun nglangkungi
enggen kawula wonten ing sanes panggenan
Amin

Kipas 21 : 1, 5
1.       Dhuh GUSTIne bala tantra
    Wisma TUWAN iba dennya
    Anengsemaken manah mami
    Nyawa kawula angengleng
    ngantos lesah de cengklungen
    Manah lan raga kula sami sumyak
    de kangen mring TUWAN
    Dhuh ALLAH kang mengku gesang

            5.   Dhuh ALLAH tetamengingwang
                  Kula wonten wisma TUWAN
                  Namunga sadinten kewala
                  Punika prayoginira
                  Anglangkungi sewu dina
                  Kula mlaur tengga gapura
                  Neng daleme ALLAH mami
                  Klawan manggen wor tyang juti  

Dasar Kraton Swarga : MATIUS 5 : 3 – 12
Sahadat 12
Pisungsung : Kipas 45 : 1, 2, 3
MASMUR 65 : 1 – 5
Ndedonga
Sabda mulya :
MASMUR 51 : 1 – 15; MATIUS 10 : 39 – 40

Kipas 14 : 1, 2, 3
1.       Dhuh ALLAH dosa kawula
Mugi TUWAN aksama
Sagung duraka kawula
Mugi tuwan ruwata
Badan amba kang reged
Tuwan dusi kang nemen
Awit saking sih kadarman
Lan gung palimirma TUWAN
S
2.       Dene gunging dosa kula
Wonten ngajeng kawula
Manah amba ngraosaken
Awoning lampah amba
Kula wajib nampeni
Bebendunipun GUSTI
Wit kawula lair mila
Nandhang dosa lan duraka
X
3.       Badan amba TUWAN dusi
Ngicalken dosa kula
Nyaw’amba TUWAN resiki
Dados pethak sampurna
Manah amba kang sedhih
Sageda bingah malih
Ilat amba angluhurna
Asma TUWAN kang wilasa

Ndedonga
KOTBAH

Kipas 164 : 1, 3
1.       Kula ninga nagri kang endah
Nagrining pepadhang kang mulya
Ngriku kula den antos GUSTI
Den cawisi griya kang baka
Reff:
Neng nagri punika
kita badhe panggya pinanggya
neng nagri punika
kita badhe panggya pinanggya
2.       n
3.       Daweg sami memuji mring HYANG
RAMA kula kang MAHAMULYA
Dene karsa ngasihi mring wang
Den cadhang kamulyaning swarga
Reff :


Ndedonga
Kipas 98
Barkah  

( Buku Chotbah ) GALATIA 5 : 16 – 26 ; MATIUS 20 : 16 - 20



Ibadah Minggu
4 Maret 1973



GALATIA 5 : 16 – 26
(16) Maksudku ialah: hiduplah oleh ROH, maka kamu tidak akan menuruti keinginan daging. Sing dakkarepaké kuwi mengkéné: Uripmu padha katuntuna déning SANG ROH SUCI lan aja padha nuruti hawa-nepsuning daging.
(17) Sebab keinginan daging berlawanan dengan keinginan Roh dan keinginan Roh berlawanan dengan keinginan daging--karena keduanya bertentangan--sehingga kamu setiap kali tidak melakukan apa yang kamu kehendaki. Awit kareping daging kuwi sulaya karo kersané SANG ROH SUCI, lan kersané SANG ROH SUCI kuwi cengkah karo kareping daging. Sekaroné mau padha memungsuhan; mulané kowé aja tumindak manut karepmu dhéwé.
(18) Akan tetapi jikalau kamu memberi dirimu dipimpin oleh ROH, maka kamu tidak hidup di bawah hukum Taurat. Menawa kowé dituntun déning SANG ROH SUCI, kowé ora kawengku déning Angger-anggering Torèt.
(19) Perbuatan daging telah nyata, yaitu: percabulan, kecemaran, hawa nafsu, Penggawé sing jalaran saka kareping daging kuwi cetha, yaiku: laku jina, kotor, murang-tata;
(20) penyembahan berhala, sihir, perseteruan, perselisihan, iri hati, amarah, kepentingan diri sendiri, percideraan, roh pemecah, nyembah brahala, ilmu sihir, memungsuhan, seneng padu, mèri, brangasan, gumunggung, seneng gawé crah, lan tukar padu.
(21) kedengkian, kemabukan, pesta pora dan sebagainya. Terhadap semuanya itu kuperingatkan kamu--seperti yang telah kubuat dahulu--bahwa barangsiapa melakukan hal-hal yang demikian, ia tidak akan mendapat bagian dalam Kerajaan ALLAH. Padha sengit-sinengitan, endem-endeman, jibar-jibur, lan sapanunggalané. Tumrap kuwi mau kabèh, kowé dakélingaké, kaya enggonku wis tau ngélingaké kowé biyèn. Wong-wong sing uripé kaya mengkono ora bakal ditampa ana ing Kratoné ALLAH.
(22) Tetapi buah ROH ialah: kasih, sukacita, damai sejahtera, kesabaran, kemurahan, kebaikan, kesetiaan, Déné wohé panuntuning SANG ROH SUCI yakuwi: Katresnan, kabungahan, katentreman, sabar, sarèh, sumlondhoh, kabecikan, setya,
(23) kelemahlembutan, penguasaan diri. Tidak ada hukum yang menentang hal-hal itu. andhap-asor, ngwasani awaké dhéwé. Ora ana angger-angger sing nglawan prekara-prekara sing mengkono mau.
(24) Barangsiapa menjadi milik KRISTUS YESUS, ia telah menyalibkan daging dengan segala hawa nafsu dan keinginannya. Lan sapa sing dadi kagungané GUSTI YESUS KRISTUS, kuwi wis matèni sipat kedagingané dalah hawa-nepsu lan pepénginané pisan.
(25) Jikalau kita hidup oleh ROH, baiklah hidup kita juga dipimpin oleh ROH, ROHé GUSTI ALLAH wis maringi urip anyar marang kita, mulané iya PANJENENGANé sing kudu ngwaosi urip kita.
(26) dan janganlah kita gila hormat, janganlah kita saling menantang dan saling mendengki. Kita aja banjur dadi gumunggung, genti gawé seriking atiné wong liya, utawa kemèrèn.
MATIUS 20 : 16 - 20
(16) Demikianlah orang yang terakhir akan menjadi yang terdahulu dan yang terdahulu akan menjadi yang terakhir." GUSTI YESUS banjur ngandika: “Iya kaya mengkono kuwi wong-wong sing tekané kèri bakal dadi dhisik dhéwé lan wong-wong sing padha teka dhisik bakal dadi sing kèri dhéwé!”
(17) Ketika YESUS akan pergi ke Yerusalem, IA memanggil kedua belas murid-NYA tersendiri dan berkata kepada mereka di tengah jalan: Nalika arep tindak menyang kutha Yérusalèm, ana ing dalan GUSTI YESUS nimbali para muridé rolas ndhéwé. Banjur ngandikani mengkéné:
(18) Sekarang kita pergi ke Yerusalem dan ANAK MANUSIA akan diserahkan kepada imam-imam kepala dan ahli-ahli Taurat, dan mereka akan menjatuhi DIA hukuman mati. 18 “Padha rungokna! Saiki kita padha menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana PUTRANe MANUNGSA bakal dipasrahaké marang para pengareping imam lan para ahli Torèt. Wong-wong mau bakal netepaké paukuman pati marang PANJENENGANé.
(19) Dan mereka akan menyerahkan DIA kepada bangsa-bangsa yang tidak mengenal ALLAH, supaya Ia diolok-olokkan, disesah dan disalibkan, dan pada hari ketiga Ia akan dibangkitkan." Sawisé kuwi wong-wong mau bakal masrahaké Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, supaya dipoyoki lan dipecuti, banjur disalib. Nanging ing telung dinané PANJENENGANé bakal kawungokaké menèh saka ing pati.”
(20) Maka datanglah ibu anak-anak Zebedeus serta anak-anaknya itu kepada Yesus, lalu sujud di hadapan-Nya untuk meminta sesuatu kepada-NYA. Somahé Zébedéus sowan ing ngarsané GUSTI YESUS karo anak-anaké, banjur sujud lan arep ngaturaké panyuwunan.



Pasamuwan !
Dhawuh
 ingkang sampun sami kita tampeni sesarengan
 menika wau,
nelakaken tumrap prekawis-prekawis
 kajasmanen lan karohanen
Pikajeng cara kadagingan
makaten ugi karsanipun ROH
Soal 2 prekawis menika
 tansah lelawanan

Kados ing ayat 17
 katerangaken mekaten
 sebab karepe daging iku
nyulayani marang ROH
lan
karsane ROH
nyulayani marang daging

Lajeng kados pundi
 nggen kita sami ngalami perkawis menika ?
Menapa kita lajeng badhe gesang
 wonten ing alam kadagingan kemawon ?
Mongko kali-kalihipun
menika tansah lelawanan

Karsanipun ROH
menika suci
 mangka pikajenging daging
menika sulaya
kaliyan karsanipun ROH
 ugi saged kawastanan dosa

Awit ing ngriku katerangaken
bilih padamelanipun daging menika :
bandrek,
laku rusuh,
 brangasan,
sesulayan,
 gawe pati
 lan sapiturutipun

Lajeng padamelipun ROH menika :
Katresnan,
 kabungahan,
 atut rukun
 lan sapiturutipun
Lajeng kados pundi maksudipun


Prekawis menika kalawau
Pasamuwan !
Sejatosipun prekawis menika
satunggiling buah-buah rohani
 peparingipun ALLAH
ingkang tumuju dumateng kita
 supados kita
 sami mangertosi kados pundi
 bentenipun prekawis-prekawis
 kedagingan lan karohanen
Sampun ngantos kita sami
namung gesang wonten ing salebeting alam
 kajasmanen kemawon

Blakanipun
 kita kaparingan badan cara jasmani,
namunga kangge kaleksananing karsanipun ROH,
supados karsanipun ALLAH
 saged kalampahan :
Kados dene wonten ing Swarga
inggih makatena ugi
wonten ing bumi
 amrih rahayuning jagad menika


Pasamuan !
Inggih makaten
 anggenipun SANG KRISTUS pinasthi
nandhang sangsara nglampahi seda
sacara jasmani
menika amrih kaleksananing karsanipun ALLAH,
 temah GUSTI wungu,
 mekrat
kondur dateng dampar kamulyanipun


Makaten
Pasamuwan !
Pikajenging daging  lan karsanipun ROH
menika tansah lelawanan
 lan
menapa maksudipun

Sepisan malih
dene kita kaparingan dhawuh
arupi buah-buah rohani
menika wau
Ingih namung gesang
wonten ing alam kajasmanen kemawon
Nanging jasmani kita menika
 kanggea pirantosing kaluhuranipun ALLAH
saged kalampahan
wonten ing gesang kita
 temah kita
 badhe saged nampeni warisan
 kratoning ALLAH

Kados kasebadaken ing ayat 21,
 mekaten :
Bab prakara iku
 kowe pada DAK  prasabeni,
 kaya enggonKU
 iya wus prasaben ing maune,
 yen wong kang nglakoni mangkono iku
bakal pada ora oleh
warisan kratoning ALLAH



Mekaten
Pasamuwan !
Buah ROH
 ingkang sampun kita tampi sesarengan
 amrih saya sampurnaning gesang kita
 nggen kita
sami dados pendherekipun SANG KRISTUS


Mekaten
Pasamuwan !
Pikajenging daging
tansah sulaya kaliyan karsanipun ROH
 lan
mekaten eloking karsanipun ROH
 nuntun dateng kita
supados karsanipun ALLAH
saged kaleksanan
wonten ing jagad  ngriki
temah para manungsa
 ingkang tansah manut ing karsanipun
 sami kapitulungan rahayu
 sami bebingah
 nampeni warisan kraton Swarga
 ingkang langgeng


Mila
Pasamuwan !
Kados pundi kita para pitados ?
Kita para pandherekipun SANG KRISTUS ?
Kita para ingkang sampun kabaptis
ingkang ateges nampeni ROH SUCI
Menapa ROH SUCI
 ingkang sampun kita tampeni menika
sampun kita rimati


Pasamuwan !
Menawi kita ngengeti prekawis menika
 saestu badhe keduwung
kita badhe mandeg
dateng pundi purug kita

Mboten wonten malih
 kejawi kita
 enggal-enggal nyirami rohani kita
supados enggal ngedalaken-
mbucal woh :
brangasan,
drengki,
kumeren
 lan sapiturutipun;

 Badhe gantos :
katresnan,
kabungahan,
atut runtut,
sareh
 lan sapiturutipun

Menawi mekaten
 saestu karsanipun GUSTI
badhe tetela
wonten ing gesang kita
Temah
 kita saestu dados
pirantosing karsanipun ALLAH
Kaleksanan
wonten ing jagad ngriki

Koor Ibu-ibu : Kudengar suaraMU


Pasamuwan !
Samangke
perangan ingkang kaping kalih
 inggih menika
prentahipun GUSTI dhateng kita

Tumrap sumebaring pawartos
 tentrem rahayu
GUSTI dhawuh :
AKU wus kaparingan
 sakehe panguwasa
 ana ing swarga  lan ing bumi.
Kang iku
 kowe padha lungaa
 Sarupane para umat
 padha anjingna dadi muridKU

Dhawuh ingkang pungkasan :
Lah AKU
nunggal karo kowe
 ing sadina-dina
 kongsi tumeka wekasaning jaman


Pasamuwan !
Sejarah Injil menika
 sejarahipun SANG KRISTUS
Sejarah kaswargan
 sejarah sorgawi
sejarah ILAHI
ingkang mboten saged  kabendung
 dening manungsa
awit prekawis menika
 karsanipun ALLAH PRIBADI
wiwit kina makina
saderengipun SANG KRISTUS
sampun diweca
 dening para nabi
ngantos jamanipun SANG KRISTUS
 dumugi sapriki

Injil tetep ‘berjalan terus’
Sinten ingkang saged ‘merobah’-
ngribah
utawi
 mungkasi prekawis menika
kejawi SANG KRISTUS piyambak
inggih ALLAH piyambak
PANJENENGANipun
 ingkang kagungan karsa


Pasamuwan !
Samangke
 ing salebeting jaman
 ingkang sampun sepuh menika
 ingkang ugi kawastanan
 jaman akhir menika

Sinten
 ingkang bertanggung jawab
bab prekawis menika
 mboten sanes inggih kita sadaya
 para umat
 ingkang sampun pinilih
 dening SANG KRISTUS
 perlu lan kedah
 nggelaraken pawartos rahayu menika
 supados karsanipun ALLAH
enggal saged kaleksanan
kados dene wonten ing swarga
 inggih makaten ing bumi

Lah menika
 satunggaling gesang
 ingkang sampurna
Katresnan,
kabungahan,
atut rukun
ingkang tumuju dateng Yerusalem anyar,
 kraton swarga
ingkang sampun kacawisaken
wiwit jagad tinalesan


Pasamuwan !
Sumangga
kita tansah enget
 dateng dhawuhipun GUSTI :
Kang iku
kowe padha lungaa
 sarupaning para umat
 padha anjingna dadi muridKU

Ingkang kagungan sejarah
 badhe rawuh
ingkang kagungan karsa
badhe rawuh

Menawi kita
 ngantos kerumiyinan
 ingkang badhe rawuh menika
kita dereng nindakaken prentahipun
 kados pundi jawaban kita

Menapa paedahipun
 nggen kita sami pinilih ?

Sinten ingkang komo wantun
 langkung-langkung mbendung
dateng karsanipun SANG KRISTUS
SANG MESIAS
SANG MAHA RAJA
ingkang kagungan panguwasa
 ing swarga lan ing bumi

Sagung ilat
 pasti badhe nyebut
saliring dengkul
 pasti badhe asujud
dateng SANG KRISTUS
 SANG RATU ADIL
ingkang kagungan sejarah sorgawi
sarta ingkang kagungan karsa
amrih rahayuning jagad menika

Menawi kita
sami purun niteni
saestu rawuhipun SANG KRISTUS
sampun celak

Langkung-langkung
menawi kita niti
dateng panyuwuning para mursid
tumrap melaripun kraton swarga
Kados kasebat
ing kidung pasamuwan 91

Dhuh GUSTI
 mugi anggelar kraton TUWAN
 ing sajagad menika
 terlaksana ngantos sapriki

Dene salajengipun :
 Umat TUWAN
bani Israel
mugi enggal ingantukna
dateng nagrinya pusaka,
 tobata mring RATUnira

Menapa sacara rohani
 sampun wangsul
 malah cara jasmani bangsa Israel
 ingkang sami nglembara dateng pundi-pundi
samangke wangsul
dateng nagri pusakanipun

Dene panyuwun
 ingkang pungkasan
sampun mboten wonten malih
kejawi namung :
Dhuh GUSTI kawula
YESUS
TUWAN mugi nunten rawuh
 supados Israel
 klawan pra umat sajagad wrata
semesta alam
ngluhurna TUWAN sabyantu


Pasamuwan !
Wanci enjing
sampun dados sonten
 ndungkap suruping surya
 ingkang ateges
 wanci siyang
badhe dipun pungkasi

sumangga kita sami cumawis
Ing wekdal menika
 ugi
sumangga kita sami masrahaken
 gesang kita
 piyambak-piyambak
manut ing karsanipun GUSTI
manut ing karsanipun ROH

Saestu rahayu
 Tiyang
 ingkang tansah nyingkir
i dateng pikajenging daging
sarta
 manut ing karsanipun ROH

Halleluyah
Amin







Votum
Kipas 51 PAMUJI BEBUKANING KEMPALAN
Mugi sih rahmate GUSTI
Lan sihe SANG RAMA
Wah patunggile ROH SUCI
Tumraha ing kawula
Amin

Barkah

Introitus : MASMUR 42 : 1 - 6
1 Kidung piwulang anggitané bani Korakh kanggo pemimpin penyanyi.
2 Kados sangsam ingkang ngorong dhateng toyaning lèpèn, mekaten pangoronging nyawa kawula dhateng PADUKA, dhuh ALLAH.
3 Nyawaku ngorong marang ALLAH kang gesang; mbésuk kapan bisaku sowan ing ngarsané?
4 Aku nangis rina wengi; mung luhku waé sing dadi panganku. Merga sedina muput wong padha ngunèni aku, “ALLAHmu ana ngendi?”
5 Atiku sedhih samasa aku kèlingan dhèk semana, nalika aku bebarengan karo wong akèh, mlaku ing ngarep, sowan ing Pedalemané ALLAH karo surak-surak lan memuji sokur, ing kraméané dina riaya.
6 Dhuh nyawaku, yagéné kowé sedhih? Yagéné kowé sumelang? Ngarep-arepa marang ALLAH! Awit Panjenengané bakal dakpuji. PANJENENGANé kuwi ALLAHku lan JURU SLAMETku!

Kipas 12 : 1, 2, 3  

Dasar Kraton Swarga :
MATIUS 5 : 3 – 12
3 “Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané PANGERAN; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné ALLAH.
4 Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning GUSTI ALLAH.
5 Begja wong sing andhap-asor, awit bakal padha tampa prasetyané GUSTI ALLAH
6 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané GUSTI ALLAH; awit GUSTI ALLAH bakal gawé mareming atiné.
7 Begja wong sing seneng melasi wong liya; awit bakal diwelasi déning GUSTI ALLAH
8 Begja wong sing resik atiné; awit bakal wanuh marang GUSTI ALLAH.
9 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké, awit bakal disebut para putrané GUSTI ALLAH.
10 Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané GUSTI ALLAH; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné ALLAH.
11 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-KU.
12 Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning GUSTI ALLAH marang kowé.”

Sahadat 12

Pisungsung : Kipas 32 : 1, 2, 3
MASMUR 65 : 1 – 5

Ndedonga
Sabda mulya :
GALATIA 5 : 16 – 26
MATIUS 20 : 16 - 20

Kipas 88 : 1, 2, 3
Ndedonga

KOTBAH

Kipas 91 : 1, 4, 5


Ndedonga
Kipas 98

Barkah