Minggu, 18 November 2012

MBOTEN KENDEL LUKAS 19 : 41 – 44


Ibadah Brayat
Kamis, 22 Nopember 2012




MBOTEN  KENDEL

LUKAS 19 : 41 – 44
(41) Dan ketika YESUS telah dekat dan melihat kota itu, IA menangisinya,
(42) kata-NYA: "Wahai, betapa baiknya jika pada hari ini juga engkau mengerti apa yang perlu untuk damai sejahteramu! Tetapi sekarang hal itu tersembunyi bagi matamu.
(43) Sebab akan datang harinya, bahwa musuhmu akan mengelilingi engkau dengan kubu, lalu mengepung engkau dan menghimpit engkau dari segala jurusan,
 (44) dan mereka akan membinasakan engkau beserta dengan pendudukmu dan pada tembokmu mereka tidak akan membiarkan satu batupun tinggal terletak di atas batu yang lain, karena engkau tidak mengetahui saat, bilamana ALLAH melawat engkau."

 (41) Ketika YESUS makin dekat dengan Yerusalem, dan melihat kota itu, Ia menangisinya.
 (42) Kata-NYA, "Kasihan, alangkah baiknya kalau hari ini engkau tahu apa yang dapat mendatangkan perdamaian! Tetapi sekarang engkau tidak dapat melihatnya.
 (43) Engkau akan mengalami suatu masa, di mana musuhmu membuat rintangan-rintangan di sekelilingmu; mereka akan mengepungmu dan mendesakmu dari segala sudut.
 (44) Mereka akan menghancurkan engkau bersama seluruh pendudukmu; dan tidak satu batu pun akan mereka biarkan tinggal tersusun pada tempatnya, sebab engkau tidak memperhatikan saat ketika ALLAH datang untuk menyelamatkan engkau!"

41 Bareng GUSTI YESUS tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, PANJENENGANé muwun.
42 Pangandikané: “Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé nyumurupi apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh.
43 Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi.
44 Mungsuh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé GUSTI ALLAH enggoné arep nylametaké kowé!”










Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang ( 1 KORINTA 13 : 7 )






Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Pisowanan kita ing ndalem Asmanipun SANG KRISTUS YESUS samangke, saestu badhe ndadosaken kita sami saged nampeni lan ngraosaken agenging sih kanugrahanipun GUSTI YESUS bilih kita sadaya sampun purun nampi sih katresnanipun

Patunggilan; Bilih wonten sadherek kita ingkang estu sanget kita tresnani, ananging mboten kersa lan mboten nurut ing pitedah ingkang kita paringaken karana piyambakipun ngener ing pikajenging dhirinipun lan nilar- nebih saking pasrawungan kaliyan kita.

Kinten-kinten kados pundi isi raosing manah kita ?
Punapa kita ugi badhe nilar sadherek kita menika lan kita ugi badhe  ngimbangi ing samukawis tumindakipun ?

Para sadherek sapatunggilan… Tamtunipun kita mesthi badhe tetep nresnani sadherek kita menika; kita mboten badhe nebih lan mboten mbucal bab-bab pangertosan/ bab-bab prekawis punapa ingkang saweg dados reribetipun sadherek kita menika-
kita saestu-estu badhe tetep ngengeti lan tansah siyaga badhe paring pambyantu ing sawekdal-wekdal sadherek kita menika mbetahaken dhiri kita.
Menika conto gesang pigesangan ingkang nyata, ing pundi raos katresnan sampun saestu-estu saged nunggilaken lan ngluwari  dhiri kita lan sesami saking sawernining karibendan

Patunggilan … GUSTI YESUS mberkahi kita lan GUSTI YESUS ugi badhe paring kakiyatan dumateng kita, bilih kita ing sauruting pigesangan… kita tetep mboten kendel anggen kita nindakaken katresnan dumateng sesami kita.

GUSTI YESUS PRIBADI sampun praktek nindakaken gesang pigesangan ing katresnan ing samukawis prekawis. Sanajan GUSTI YESUS sampun katampik dening Yerusalem makaten isining waosan reraosan kita. GUSTI YESUS ugi sampun katampik dening sadhengah tiyang ingkang gesang ing satengahing jagad menika ing jaman rumiyin ngantos dumugi jaman samangkya ugi ; GUSTI YESUS sanget katampik …. Ananging GUSTI YESUS tetep maringaken dhiri, GUSTI YESUS tetep nglairaken dhiri; GUSTI YESUS tetep karsa kasalib lan nandhang kasangsaran murih kawilujengan lan karaharjaning manungsa. GUSTI YESUS saestu mengertosi bilih gesanging manungsa tanpa DHIRInipun mesthi badhe kados dene bangunan lan tembok ing Yerusalem ingkang sanget tinempuh ing karisakan ageng lan tinebihaken saking gesang karahayon. Sela (-watu) mboten tunumpang ing sela sanesipun… gesanging manungsa mboten amuwujud malih karana si mungsuh tetep tansah keklinteran badhe ngrebahaken
           
Sumangga kita ugi sami purun nglairaken dhiri lan masrahaken dhiri sanajan kathah tiyang ingkang sampun nolak dhiri kita, karana kita sampun kebak ing kanugrahan lan kebak ing karahayoning GUSTI ALLAH. Sumangga kita nyonto GUSTI YESUS ingkang mboten kendel nindakaken katresnan
Sumangga patunggilan, kita mboten kendel anggen kita nindakaken katresnan sebab kita pribadhi mbaka pribadhi ugi mboten nyumurupi kapan wekdalipun GUSTI ALLAH nuweni (-nimbali) kita para manungsa. Iba bingahing kita ingkang tetep tumindak ing katresnan lan iba bingahing manungsa (sesami kita) ingkang swaunipun (-wiwitanipun) nebih lan nolak katresnan… Karana GUSTI YESUS taksih paring wekdal anggenipun badhe nuweni- ngrawuhi malih gesang pigesangan kita para manungsa.
Sumangga dibakuh anggen kita mboten kendel nindakaken katresnan kados dene GUSTI YESUS sampun mujudaken katresnanipun dumateng jagad; Wiwit Yerusalem- Yudea- Samaria lan sapiturutipun

           Patunggilan …. Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang ( 1 KORINTA 13 : 7 )
AMIN

Minggu, 04 November 2012

PISUNGSUNG SOKUR LAN KASETYAN


Ibadah Brayat
Kamis, 1 Nopember 2012




PISUNGSUNG 
SOKUR LAN KASETYAN




MAZMUR 50 : 1 – 14

14, Ngaturna panuwun
minangka kurban marang GUSTI ALLAH ,
 lan luwarana nadarmu
marang KANG MAHALUHUR !







Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
 ing wekdal dinten Minggu mangke
 kita badhe sami ngawontenaken Riyadin Undhuh-undhuh; Nggih menika
riyadin pepenget bab kasetyaning ALLAH
anggenipun ALLAH sampun paring pangrimatan
 dumateng sadaya titah
 ing jagad
mliginipun dumateng kita
sadaya manungsa.

Ing pasamuwan agraris
kados dene pasamuwan kita menika.
Para leluhur kita-
GKJW
Ngudi nyondongi
punapa ingkang dados isining
reraosan kitab suci  
kanti ngawontenaken ibadah syukur
 kados dene
 ingkang sami kawucalaken
ing wiwitaning Kitab Torat Musa

Inggih menika bab-bab
 ingkang gegayutan kaliyan pepenget
 bilih sumbering berkat
 ingkang awujud panenan
punika asalipun saking ALLAH pribadi-
 sanes saking dewa-dewaning bangsa
 sanjawining Israel ;
Ugi sanes
karana kakiyatan dhiri pribadining Israel
 sabangsa

Jer
 GUSTI ALLAH PRIBADI kemawon
 ingkang sampun nitahaken langit lan bumi
saisinipun.
Lan GUSTI ALLAH PRIBADI
ingkang mranata mangsa

 ( Kita sami enget
cariyos Yusuf
sang pemimpi
 ing prastawa paceklik
 lan
kemakmuraning bangsa Mesir ?
 lan
cariyos Nabi Eliya
abdining ALLAH
 ingkang kuwagang nyetop
lan
 ndawahaken toya jawah
 ing bumi ?)


Patunggilan
ALLAH PRIBADI
ingkang kagungan panguwasa
 lan
ALLAH PRIBADI
 ingkang patut dipun mulyakaken
 dening pasamuwan-pasamuwan
ingkang saweg nampi pepanen
awujud rupi-rupi panenan.

Sumangga
kita klempakaken
 kados dene para leleluhur kita
ingkang sami nglempakaken
lan
sami ngunjukaken pamisungsung
hasiling panenan tegil,
sabin,
kebonan;
hasiling kewan ingon
utawi
 yatra-
barang hasiling dol tinuku

Mboten lepat bilih kita ingkang gesang
ing jaman samangke
ananging mboten nggadahi keprigelan-
keahlian ngolah siti-
 tanah pertanian
sebab kita sami dados
pegawai,
sebab kita sami dados
pedagang-
pengrajin lan sanes-sanesipun

kita taksih tetep katuntutan
supados kita saged maujudaken
sesaosan syukur dumateng ALLAH
sesembahaning dhiri kita
 kados ingkang kaseratan
 ing Kitab Mazmur 50 ayat 14.

 Ngaturna panuwun
minangka kurban marang GUSTI ALLAH ,
lan luwarana nadarmu
 marang KANG MAHALUHUR

Amsal 3 : 9 -10 
9.
PANGERAN YEHUWAH
 luhurna
kalawan bandhamu
lan
sarana kawitaning
 sakehing pametumu;
10.
 Temah lumbungmu
 bakal dikebaki nganti luber,
lan
pamipitanmu luber anggure
Patunggilan
ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
Prabu Dawud
 paring pepenget dumateng kita
 lumantar Bani Asaf
bilih kita
kados dene bangsa Israel
 kedah nindakaken pangibadah ingkang sejatos;
Ibadah mawi pamisungsung.

Tumindak pangibadah ingkang makaten
 kedah kaleksanan
kangge mujudake raos syukur
 lan
kangge ngengeti
 bilih ALLAH sampun nganti gesang kita-
sampun nganti gesanging Israel

Tumindak pamisungsung syukur
sanes tumindak nyuguh
sebab GUSTI ALLAH
 mboten mbetahaken tetedhan lan unjukan
 kados dene pemahaman lan praktek
pigesanganing bangsa sakiwa tengening Israel

Ananging
kanggening Israel
makaten ugi kanggening kita
menika mujudaken pamisungsung syukur,
pamisungsung korban,
nazar utawi janji iman
dumateng ALLAH MAHA LUHUR

Patunggilan
Pengalaman imaning Prabu Dawud
menika dipun lajengaken
dening Prabu Salomo,
kados ingkang kacontokaken
ing seratan Kitab Amsal
ingkang nembe kita waos kalawau
lan
ing seratan Amsal sanesipun

Miturut Prabu Salomo
sesaosan syukur
 ingkang katindakaken dening umat
menika
awujud nyata
saking pangertosan iman
 bab kayektosanipun GUSTI ALLAH

Pangertosan iman
bab kayektosanipun GUSTI ALLAH
mboten anamung kalampahan
 ing ibadah Bait Suci
ananging kedah ugi
kaleksanan lan katindakaken
 ing prilaku sadinten-dinten

Pangertosan iman
 kedah kawujudan
ing tata gesang perilaku
ingkang setya

Makaten ugi
 praktek bab pangertosan iman
 malah-malah langkung kedah saged
 kawujudaken ing tata gesang perilaku
 sanalika nampeni berkah panenan
ing mangsa panen
saking wiwitaning hasil panenan

Bangsa Israel
 lan makaten ugi kita
sami kaatag
supados sageda mulyakaken  GUSTI ALLAH

GUSTI ALLAH saestu
 mboten ngawrat-awrati kita
gegayutan kaliyan bab
pamisungsung menika

GUSTI ALLAH
anamung kepengin mirsani lan ndadar
sapinten giliging iman kita

Estunipun GUSTI ALLAH
 sampun nyawisi berkat-berkat
 matikel-tikel
kagem umatipun;
Langkung-langkung dumateng umat
 ingkang estu mujudaken kasetyan  


Menika
Bapak Ibu Sadherek patunggilan
dhawuhipun GUSTI ALLAH
ingkang tansah nyawisi berkah karahayon
Sumangga
kita berusaha mujudaken kualitas iman
kita piyambak-piyambak
 dumateng GUSTI ALLAH
ing pahargyan sesaosan syukur
riyadin undhuh-undhuh

GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN
















1.      Votum / Berkat
2.      KJ 60  :  1   Hai makhluk alam semesta

3.      Pandonga
  • Syukur …
  • Pertobatan …
  • Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

4.      Maos Kitab Suci :  :  Mazmur/Jabur 50 : 1 - 14
  1. KJ 51  :  1, 2  Kitab suci hartaku

6.      Kotbah ….
7.      KJ 439  : 1  Bila topan k’ras melanda hidupmu

8.     Doa syafaat
·     

9.      KJ 406  : 1   Ya TUHAN bombing aku 
10. Berkat