Sabtu, 21 Januari 2012

Sedaya makhluk ingkang gesang ing donya, sami titahipun GUSTI ALLAH

Ibadah Minggu
22 Januari 2012


Tema Wulanan :
Wulan Penciptaan

Tema Minggu :

Sedaya makhluk
ingkang gesang ing donya,
sami titahipun
GUSTI ALLAH

Tujuan :
Manungsa mboten mbenten-mbentenaken
 kawontenanipun kaliyan makhluk sanesipun

KOHELET  3 : 16 – 22


19
Amarga pepesthen tumrap manungsa iku
padha karo kang tumrap kewan,
sakaro-karone  padha tinemune;
kang siji mati, sijine iya mangkono.
Sakarone padha-padha ambekan,
lan manungsa iku ora ngluwihi kewan,
amargo samubarang kabeh iku
tanpa paedah.


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Sugeng enjang lan sugeng mangabekti
ing Minggu
 ing Wulan
 ingkang kaparingan tema :
 Wulan Penciptaan

Ing Wulan penciptaan menika
 kita sami kaparingan wekdal
kangge ngraos-ngraosaken
dununging gesang kita
 ing satengahing jagad raya menika.

Sinten ta kita menika, manungsa ?
Manungsa ingkang kedahipun gesang kados pundi ?
Manungsa ingkang kedah manut miturut
 pikajenging dhiri pribadi,
kelompok
utawi
manut miturut
dumateng lingkungan
utawi
 dumateng ALLAH
 ingkang sampun nyiptakan dhiri kita
 lan
jagad raya punika ?




Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Jer
kita mboten badhe
Adi gang
 Adi gung
lan
 Adi guna


Makaten
para sadherek sapatunggilan
 ingkang dados karsanipun ‘ALLAH SANG PENCIPTA’-
GUSTI PURWANING DUMADI,
GUSTI ingkang nyipta samudaya
 titah tumitah ing jagad raya

ALLAH mirsani
kawontenan kita sami –
satunggal lan satunggalipun
 punapa ingkang sami kita tindakaken sareng-sareng
utawi ingkang
saweg kita pikir
 ing manah kita
 pribadhi mbaka-pribadhi

Pamikir,
manah lan panyuraos
isining batos

GUSTI ALLAH
kuwagang ngosikaken
dalah kados mekaten ugi
roh pepeteng
ugi tansah makarya
 ugi tansah ngosikaken manah,
 batos lan panggraita kita
 sami.

Anamung bentenipun
bilih ALLAH ngosikaken bab-bab
 ingkang kebak suh tinresnan
dumateng sesami titah-
dumateng sesami manungsa
 lan
 sato kewan
 lan dumateng
 tetaneman
 ngantos dumugi lingkungan
ingkang dados panyunggi-
ingkang dados ‘pendukung’ gesang kita.

Kita
mboten saged sewenang-wenang
 anggen kita
 nindakaken pigesangan,

Lha makaten
 ingkang kadhawuhan dening ALLAH
 lumantar wewaosan kita,
 kalawau .

Sabab ingkang kagungan panguwasa agung
 nggih menika GUSTI ALLAH
 PRIBADI

Tujuaning gesang kanicipta punika
 srana tindak lan tumindak
manuta lan ngener
 ing pakaryaning ALLAH.

Manungsa kacinipta
langkung ngungguli para titah sanesipun
 nggih menika
sato kewan lan tetaneman

Punapa,
 benten lan saminipun antawising manungsa
dalasan sato kewan utawi tetaneman
punika bab menapa para sadherek ?
(sami lan bentenipun)

Kekalihipun
 kaparingan nyawa utawi gesang-
kekalihipun
 sami nggadahi tanggel jawab
 ngebaki bumi
kanthi tangkar tumangkar-
kekalihipun
saged ngraosaken wontening gesang
ingkang kalairaken-
lair
kekalihipun
kaparingan wekdal 
ngudi gesang
mliginipun pados tetedan
lan
 ing pungkasaning gesang
ugi badhe nampeni ngajal-
pepejah-
 pati
kekalihipun
menika makhluk  ingkang cinipta
 saking lebu
lan
 bakal bali dadi lebu

Manungsa
dalasan titah sanesipun
 sami kaparingan ambegan

Lha,
bab makaten punika
 sami kaseratan ing kitab KOHELET
/ kitab PENGKOTBAH
bab 3 kalawau
ingkang dados
dasaring kita saged mangertosi
bilih kita manungsa
 dalasan sato kewan
ugi tetaneman
menika wonten ing ngarsanipun ALLAH
 sami palenggahanipun-
 ‘sama kedudukannya’
 kanthi nitik ayat 18 – 20.

Bilih manungsa
nggadahi prekawis-perkawis
 ingkang sami
kaliyan sato kewan
18
Osikku
ing sajroning ati mangkene :
“Ana dene para anaking manungsa,
iku
bakal kauji
 dening GUSTI ALLAH
 lan bakal kaparingan sumurup,
 menawa dheweke  kabeh iku
 lugune kewan

19
Amarga pepesthen tumrap manungsa iku
padha karo kang tumrap kewan,
sakaro-karone  padha tinemune;
kang siji mati, sijine iya mangkono.
Sakorone padha-padha ambekan,
lan manungsa iku ora ngluwihi kewan,
amargo samubarang kabeh iku
tanpa paedah.

20
Sakarone
marani panggonan
 kang padha;
sakarone
dumadi saka lebu
 lan sakarone
bali menyang ing lebu


Patunggilan
 kados makaten suraosing pangosiking manah
 batos kita
ingkang katuntunan
dening ROHING ALLAH
 ingkang sami makarya
 ing wekdal sawekdal

kados dene
juru panyerat kitab Kohelet menika
anggenipun nampeni dhedhawuhing ALLAH
lumantar pangosiking manahipun

Wosipun
Sami dados tunggil titah
ingkang mboten wonten bedanipun

Bilih kita menika sami
nggih mboten wonten bedanipun
kalih titah sanesipun


Ananging
 para sadherek
patunggilan ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS

Kita manungsa menika
 sami kabentenaken dening ALLAH
kaliyan sato kewan
 mliginipun

Manungsa nggadahi-
sato kewan sak sisih mboten anggadahi

Manungsa anggadhahi pamikiran-
kapinteran-
 akal budi
 lan
roh kawicaksanan
karana menika
manungsa saged nguwaosi sadaya titah tumitah
 ingkang kagelar
 ing sajagad

Manungsa kepingin mabur
saged mikir lan ndamel pesawat-
 kapal mabur

makaten sadhengah perkawis pangudi-
 usaha
kanggening nglestantunaken alam jagad-
 bumi saisinipun
punika
Manungsa kaparingan mandat
manungsa sami saged tumindak
sae lan leres


Patunggilan
 ingkang kinasih
punapa kita mboten rumaos begja
sami katitahaken
dados makhluk
ingkang kasebatan manungsa ?

Sebab manungsa
 benten kaliyan sato kewan
Manungsa
ing sajroning gesang
 nggadahi tujuan pigesangan
sawiji-wiji tumindak
mesthi wonten motif utawi tujuanipun

Aku nglakoni iki kanggo … mangkene
lan sapiturutipun


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
rikala kita katitahaken
 mandat lan tanggel jawab
 ingkang kaparingaken dumateng kita
 nggih menika
kita kedah tansah niti priksa-
 niti dhiri
sinten jati dhiri kita menika ?

Anamung lebu kemawon,
 karsa lan usaha punapa
 ingkang badhe kita alami sesarengan
manungsa
 titahipun ALLAH
supados gesang kita sami
langgeng
ing jagad punika
 kanthi tata lan sae


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
Iba begjaning kita
 bilih kita sami saged mujudaken
 wujuding sesaosan syukur

Sabab
 kita mboten katitahaken
dados sato kewan
utawi
dados wujuding tetaneman

Makaten
 para sadherek
kita saestu
 kedah rumaos syukur
dumateng ALLAH

Rumaosa bingah
 awit sami kaparingan gesang
 ingkang kebak kamulyan
 lan
kasampurnan
tinimbang titah sanesipun

Kamulyan lan kasampurnan
peparinging ALLAH
ingkang saestu amuwujud
 ing gesanging manungsa

Manungsa katinimbalan
 dados rencang dameling ALLAH
 makarya
ngusahakaken
kamulyan lan kasampurnaning gesang
 ing alam ndonya menika

Sih katresnan
kedah katindakaken
ing gesang masyarakat
 ing gesang masamuwan
 lan
 ing gesang bebrayatan

Gesanging masyarakat
sabangsa nagari
punika dados tanggel jawab kita
 dikaya ngapaa kita
ndherek cawe-cawe
ndherek tumindak kasaenan
mboten ndherek ngrisak tatanan
lan pranatan
ingkang wonten

Sebab manungsa kanicipta
 kanthi tatanan lan pranataning ALLAH
 milanipun
kita ugi kaparingan kamulyan dan kasampurnan
anggenipun anggadhahi tujuan sageda ndherek
ing tatanan lan pranantaning gesang
ing padintenaning gesang
tahun lan mangsa

Pundi ingkang sae
 sampun katedahaken ing satengahing jagad
lah makaten conto lan tuladha
 kanggening kita samangke
 ing tatanan lan pranataning ALLAH
(Wangsul malih
 kita saged niti sadaya pakaryaning ALLAH
 kang nyipta lan niti pakaryaning GUSTI YESUS
 ingkang dados conto
 tuladha kita)

Tresna tinresnan
 dumateng sasedherek tunggal titah
makaten ugi kita kedah saged mujudaken
 katresnan tumrap lingkungan pigesangan kita
 tumrap titah sanesipun

Gesang mboten mentingaken dhiri pribadi
 ananging ngengeti sato kewan
tetaneman
ingkang ugi kanicipta
 dening ALLAH

Punapa kita saged gesang piyambakan
dene titah sanes sami tumpes ?

 Prayoginipun
kita ndherek cawe-cawe
 nglestantunaken jagad raya alam lan saisinipun
 sanajan sacara tata ekonomi
sejatosipun sanget andhap
 mboten ekonomis-
mboten nguntungaken
kedahipun tetep katindakaken
 karana menika
‘demi kelestarian lingkungan dan hidup kita bersama’-
kangge kelestatunan gesang
upahipun makaten

 bilih kita nindakaken
sadaya dhawuh pangandikanipun ALLAH
 kita mboten kedah etang-etangan
untung lan rugi
sebab menika
 pancen kedah katindakaken
 karana kapitadosan ndherek ing tatanan
pranataning ALLAH
upah ingkang kita tampi
ing mbenjang wekdalipun
 nggih menika
makuthaning gesang langgeng

Bilih kita engeti
 sinten dhiri kita
kabanding titah sanesipun

Lah
GUSTI ALLAH karsa ngenget-enget kita
sanadyan kita
sampun dumawah ing ndonya
ingkang kebak dosa
 ananging GUSTI YESUS rawuh
 ngrawuhi dhirining manungsa
 sedya nyawisi
 bab kawilujengan
 sacara tata kadonyan
 nggih makaten sacara tata
 kaswargan

Sumangga
 kita ndherek ing panyambut dameling ALLAH
nindakaken pakaryan-pakaryan
 lan
 nglajengaken pakaryan-pakaryaning ALLAH
 ing satengahing jagad samangke
 kita mboten badhe kakirangan
 sacara tatanan ekonomi
sebab
bab menika ingkang asring dados kekuatiran kita
para manungsa

Kita waos malih
ayat dhawuh
ing wiwitaning pangibadah :

4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta PADUKA, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun PADUKA tata,
5. manungsa punika punapa ta, dene PADUKA engeti ?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene PADUKA galih ?
6. Ewadene PADUKA dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta PADUKA makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan

(JABUR / MASMUR  8  : 4 – 6)


Iba bingahing kita
 Patunggilan
 ingkang sampun mireng lan ngraosaken
dedhawuh pangandika
bab ‘penciptaan’
awit dene posisi kita
 saestu luhur
 wontening ngarsaning ALLAH
 bilih kita purun manut
tumandhang
 ndherek pakaryaning ALLAH

Kita benten
kaliyan titah sanesipun
 ananging kita
badhe sami
bilih kita tebih lan nebih
 saking JURU CIPTA
 nggih kang NYIPTA
 jagad lan saisinipun

Sugeng makarya
ndherekaken pakaryaning ALLAH
 kanthi ngengeti dununging-
 posisi kita menika
 wonten ing ngarsaning ALLAH

GUSTI amberkahi kita

AMIN


















VOTUM : (Jumeneng)
Kipas 123 : 1, 3     NGLUHURAKEN ALLAH

Pasamuwan ingkang dipun tresnani GUSTI  YESUS
Sumangga kita sowan ing ngarsanipun ALLAH
kanthi manah tulus lan
kanthi kebak ing pangajeng-ajeng
anggen kita nampeni berkah peparingipun kanthi pangaken  :

Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih ingkang luber ing susetyanipun
tumrap sadaya pra titahipun

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN
(pinarak)

2.    INTROITUS    :    JABUR / MASMUR  8  : 4 - 6
4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta PADUKA, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun PADUKA tata,
5. manungsa punika punapa ta, dene PADUKA engeti ?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene PADUKA galih ?
6. Ewadene PADUKA dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta PADUKA makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan

Kipas 138 : 1, 8, 9      ALLAH  MAHA ASIH

3. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 - 40
ndedonga :  …AMIN
4. Kipas 158 :  1      MANDENG ING GUSTI

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …
1 YOHANES  4 : 7 – 8
7. Para Sadulur kang kinasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku asale saka ALLAH, lan saben wong kang nindakake katresnan, iku laire  saka ALLAH lan wanuh karo ALLAH
8. Sapa kang ora nindakake katresnan iki ora wanuh karo ALLAH, sabab ALLAH iku katresnan

Kipas 139 : 1            GUSTI  YESUS  RATU ADIL

6. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
KOHELET  / PENGKOTBAH 3 : 16 – 22

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH  … Sedaya makhluk ingkang gesang ing donya, sami titahipun GUSTI ALLAH
Kipas  36   : 1  RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE (Mazmur 119)

7. PANGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

8.     PANDONGA  SYAFAAT :

     
9. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 :31-32
31.Asmaning ALLAH bakal dak puji kalawan kekidungan, sarta PANJENENGANe dakluhurake kanthi kidung panuwun
32.Ana ing paningaling ALLAH iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah ; 
KIPAS  47  :  1 - … DHUH NYAWAKU ASUMYAKA (Masmur 146)
PANDONGA   :  ….

10.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Kipas  128 : 1     KINANTHI ING GUSTI

Sumangga patunggilan kita mengkeraken papan pangibadah ,
Sumangga kita enget-enget bilih ALLAH sayektos mangertos ing  bab
sadaya prakawis ingkang saweg kita alami
kados dene ing dhawuh pangandika …….
“Pepakon-pepakon iku ora abot,
amarga kabeh kang lair saka ALLAH
iku ngalahake jagat,
yaiku pracaya kita.
Sapa ta kang ngalahkake jagad,
kajaba wong kang pracaya
menawa YESUS iku Putrane ALLAH ?
I YOHANES 4  :  3b - 5
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN


KIPAS  98     PAMUJI BAKDA WINULANG

Selasa, 17 Januari 2012

SAPA KANG PRACAYA MESTHI BAKAL KAPARINGAN BERKAH


Gidion
persekutuan doa
Selasa, 17 Januari 2012






SAPA KANG PRACAYA 
MESTHI 
BAKAL KAPARINGAN BERKAH




1 SAMUEL  2 : 7 – 9




2:7 Ana wong sing dirèmèhaké, ana uga sing disugihaké.
Ana wong sing diasoraké, ana uga sing diluhuraké.
2:8 Saka ing lebu
diangkat wong sing kemlaratan, wong nistha dientas 
saka ing kasangsaran. 
Padha dadi kancaning para bangsawan, 
sarta uga kaparingan kaurmatan. 
Dhasaring bumi iku kagunganE,
sarta jagad kabangun ing sandhuwuré.
2:9 Wong setya tansah tentrem ing ati, 
ing sajroning pangayomaning GUSTI. 
Nanging 
ancur mumur wong duraka, 
peteng ndhedhet kasangsara. 
Ora bisa ngendelaké karosan, 
kekuwataning manungsa 
ora awèh kemenangan.


2:7 
TUHAN membuat miskin dan membuat kaya; Ia merendahkan, dan meninggikan juga.
2:8 
Ia menegakkan orang yang hina dari dalam debu, dan mengangkat orang yang miskin dari lumpur, untuk mendudukkan dia bersama-sama dengan para bangsawan, dan membuat dia memiliki kursi kehormatan. Sebab TUHAN mempunyai alas bumi; dan di atasnya Ia menaruh daratan.
2:9 
Langkah kaki orang-orang yang dikasihi-Nya dilindungi-Nya, tetapi orang-orang fasik akan mati binasa dalam kegelapan, sebab bukan oleh karena kekuatannya sendiri seseorang berkuasa.




Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Kita samangke sampun lumebet ing dinten iungkang enggal peparinging allah ing tahun 2012

Dinten tahun ingkang kebak kabingahan ingkang ageng karana kita sami kaparingan janji saking ALLAH PRIBADI bilih kanthi iman samukawis prekawis badhe kalampahan kados dene ingkang kita suwuni

Punapa ingkang kaparingaken lan ingkang dipun berkahaken dumateng kita menika trep kaliyan punapa ingkang kita suwunaken dumateng ALLAH

Dados margining kabingan kanggening kita ingkang samangkya taksih kaparingan wekdal ndherek ngraos-ngraosaken sadaya karsaning ALLAH ingkan kawujudaken ing dhiri kita nggih makaten ugi ing satengahing brayat kita lan kaparingaken dumateng pakempalan yeyayasaning ALLAH ing Gidion


Bapak Ibu saha sadherek ing kinasih
Kita ing wekdal samangke sami kaparingan dhawuh pangandika lumantar waosan ingkang kaserat ing kitab 1 SAMUEL 2 : 7 – 9 ingkang dados peranganing  perikop Pepujening Hana dumateng ALLAH

Sumangga kita waos malih supados langkung cetha dedhawuhing ALLAH
1 SAMUEL 2 : 1 – 10

2:1 Hana 
banjur nglairaké pamuji,
tembungé, 
“GUSTI ALLAH damel bingahing manah kawula, 
peparingipun nyegeraken nyawa kawula. 
Mengsah kawula, 
kawula poyoki;
tentrem manah kawula, 
margi GUSTI ALLAH
saèstu sampun nulungi kawula.
2:2 Sinten ingkang suci kados GUSTI ALLAH?
Sinten ingkang hébat kados YEHUWAH ? 
GUSTI kita saèstu tanpa tandhingipun!
2:3 Aja gumedhé tembungmu,
aja ngucapaké tembung saru! 
Sebab GUSTI iku ALLAH KANG MAHAMIRSA.
Kang ngadili sekabèhing tumindakmu.
2:4 Putung gendhéwané para perwira.
Nanging wong ringkih saya sentosa.
2:5 Sing mauné banget waregé 
sebab lubèr-lubèr pangané, 
saiki 
dadi buruh opahan, 
mung supaya olèh pangan. 
Sing mauné padha banget luwéné,
saiki padha tentrem, cukup pangané.
Bojo kang gabug, 
saiki gedhé atiné,
wis ping pitu enggoné nglairaké.
Nanging ibu sing akèh anaké, 
diemohi, 
karebèn sangsara uripé.
2:6 GUSTI ALLAH kang ngganjar pati, 
mengkono uga 
kang nguripi. 
Kang ngedhunaké ing palimengan,
lan ngangkat menèh ing pangentasan.
2:7 Ana wong sing dirèmèhaké, ana uga sing disugihaké.
Ana wong sing diasoraké, ana uga sing diluhuraké.
2:8 Saka ing lebu
diangkat wong sing kemlaratan, wong nistha dientas 
saka ing kasangsaran. 
Padha dadi kancaning para bangsawan, 
sarta uga kaparingan kaurmatan. 
Dhasaring bumi iku kagunganE,
sarta jagad kabangun ing sandhuwuré.
2:9 Wong setya tansah tentrem ing ati, 
ing sajroning pangayomaning GUSTI. 
Nanging 
ancur mumur wong duraka, 
peteng ndhedhet kasangsara. 
Ora bisa ngendelaké karosan, 
kekuwataning manungsa 
ora awèh kemenangan.
2:10 Mungsuhé ALLAH padha giris, 
padha lebur, 
ing langit
gludhug geter pater, 
GUSTI ALLAH bakal ngadili, 
saisiné donya iki, 
sarta maringaké pangwasa 
kang mulya marang raja pilihané.”

2:1 
Lalu berdoalah Hana, katanya: "Hatiku bersukaria karena TUHAN, tanduk kekuatanku ditinggikan oleh TUHAN; mulutku mencemoohkan musuhku, sebab aku bersukacita karena pertolongan-Mu.
2:2 
Tidak ada yang kudus seperti TUHAN, sebab tidak ada yang lain kecuali Engkau dan tidak ada gunung batu seperti Allah kita.
2:3 
Janganlah kamu selalu berkata sombong, janganlah caci maki keluar dari mulutmu. Karena TUHAN itu Allah yang mahatahu, dan oleh Dia perbuatan-perbuatan diuji.
2:4 
Busur pada pahlawan telah patah, tetapi orang-orang yang terhuyung-huyung, pinggangnya berikatkan kekuatan.
2:5 
Siapa yang kenyang dahulu, sekarang menyewakan dirinya karena makanan, tetapi orang yang lapar dahulu, sekarang boleh beristirahat. Bahkan orang yang mandul melahirkan tujuh anak, tetapi orang yang banyak anaknya, menjadi layu.
2:6 
TUHAN mematikan dan menghidupkan, Ia menurunkan ke dalam dunia orang mati dan mengangkat dari sana.
2:7 
TUHAN membuat miskin dan membuat kaya; Ia merendahkan, dan meninggikan juga.
2:8 
Ia menegakkan orang yang hina dari dalam debu, dan mengangkat orang yang miskin dari lumpur, untuk mendudukkan dia bersama-sama dengan para bangsawan, dan membuat dia memiliki kursi kehormatan. Sebab TUHAN mempunyai alas bumi; dan di atasnya Ia menaruh daratan.
2:9 
Langkah kaki orang-orang yang dikasihi-Nya dilindungi-Nya, tetapi orang-orang fasik akan mati binasa dalam kegelapan, sebab bukan oleh karena kekuatannya sendiri seseorang berkuasa.
2:10 
Orang yang berbantah dengan TUHAN akan dihancurkan; atas mereka Ia mengguntur di langit. TUHAN mengadili bumi sampai ke ujung-ujungnya; Ia memberi kekuatan kepada raja yang diangkat-Nya dan meninggikan tanduk kekuatan orang yang diurapi-Nya."


Patunggilan maketen suraosing isining pepujen ibu Hana dumateng ALLAH mestinipun menika pepujen ingkang kaujukaken dumateng ALLAH nggih ugi karana panuntuning ROH bilih kita mangertosi ibu Hana menika manungsa limrah lhah makaten ugi ingkang sami nyalin seratan pepujen saking kitab Samuel menika ugi manungsa limrah ananging kita sami saged mangertos sapinten agunging ALLAH lan sapinten kwaosing ALLAH

Lha, menika sanget dados tithikan kita bilih sadherek ingkang kaagem dados talanging Sabda sami saged nyuwantenaken lan nyerat nyalin swantening ALLAH dados lagu pepujen ingkang kebak panguwasa

ALLAH remen lan ALLAH midangetaken punapa ingkang nyondongi ing karsanipun

Sejatosipun sedaya punika pinangkanipun saking ALLAH PRIBADI
Bab samukawis prekawis ingkang sami kita alami lan kita lampahi sesarengan

GUSTI YESUS paring berkah lan kita sami saged saos syukur ngunjukaken pamuji ngluhuraken ALLAH
Rumaketing gesang kita kaliyan ALLAH sampun sami ndadosaken kita mboten ngraosaken kekuatiranipun manah lan ugi mboten ndadosaken kita lingsem

Kathah tiyang ingkang rumaos inggil ing kadrajatan lan kebak ing berkah ananging tebih saking margining ALLAH sapinten dangunipun bab punika kalampahan ?

ALLAH ingkang kuwaos nimbali kita lan dumateng kita ingkang kebah sih katresnan dumateng ALLAH ngangkat kadrajatan dhiri kita nglangkung samukawis kalenggahan ingkang sami kalenggahan dening para panguwaos lan para tiyang ingkang sugih banda ndonya

Kita ugi sami saged kaparingan bilih kita nyenyuwun lan GUSTI YESUS paring kasembadan panjawab kados dene Ibu Hana ingkang nyuwun putra malah kaparingan kathah putra

Ayat 2:5
Sing mauné banget waregé 
sebab lubèr-lubèr pangané, 
saiki 
dadi buruh opahan, 
mung supaya olèh pangan. 
Sing mauné padha banget luwéné,
saiki padha tentrem, cukup pangané.
Bojo kang gabug, 
saiki gedhé atiné,
wis ping pitu enggoné nglairaké.
Nanging ibu sing akèh anaké, 
diemohi, 
karebèn sangsara uripé.

2:5 
Siapa yang kenyang dahulu, sekarang menyewakan dirinya karena makanan, tetapi orang yang lapar dahulu, sekarang boleh beristirahat. Bahkan orang yang mandul melahirkan tujuh anak, tetapi orang yang banyak anaknya, menjadi layu.

Kita tetep badhe seger lan madeg ing satengahing prekawis ingkang kalampahan ing tahun 2012 mangke bilih kita saestu-estu ngakeni lan nggetuni sadya dosa kalepating dhiri kita mliginipun ing bab katresnan kita dumateng ALLAH

Mugi sadaya panyuwun kita lan pasambat kita menika lulus ing ngarsanipun ALLAH

Mugi karsanipun ALLAH ugi sami saged kababar ing satengahing pigesangan kita sami. Alandesan iman kapidatosan bilih ALLAH mboten nate sare lan mboten nate ewah gingsir ing pepakoninipun; Lhah, makaten sadaya dedhawuh ingkang sampun sami kita pireng lan kita tampeni sadangunipun kita gesang ndherek tut wingking ing ngarsanipun ALLAH

Mugi ROHing ALLAH tansah nenuntun lan tansah paring pitedah dumateng gesang kita . Jer kita saged numapak kanthi leres lan trep ing pangrehipun. Karsa PADUKA GUSTI YESUS mugi kalampahan ing gesang kita ugi kalampahan ing gesanging patunggilan yeyasaning ALLAH

Mugi kita sami saged dados margining gesang kanggening para sadherek sanes ingkang dereng anepangi sinten sejatosipun YESUS GUSTI kita punika sacara iman kapitadosan. Sabab kathah tiyang pitados ananging dereng saged nglampahi gesang ndherek tut wingking ing karsanipun

Sumangga kita sami tansah nampeni dhawuh lan nindakaken ing gesang kita pribadi-mbaka pribadi

GUSTI YESUS tansah paring berkah
AMIN