Ibadah Minggu
22 Januari 2012
Tema Wulanan :
Wulan Penciptaan
Tema Minggu :
Sedaya makhluk
ingkang gesang ing donya,
sami titahipun
GUSTI ALLAH
Tujuan :
Manungsa mboten mbenten-mbentenaken
kawontenanipun kaliyan makhluk sanesipun
KOHELET 3 : 16 – 22
19
Amarga pepesthen tumrap manungsa iku
padha karo kang tumrap kewan,
sakaro-karone padha tinemune;
kang siji mati, sijine iya mangkono.
Sakarone padha-padha ambekan,
lan manungsa iku ora ngluwihi kewan,
amargo samubarang kabeh iku
tanpa paedah.
Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Sugeng enjang lan sugeng mangabekti
ing Minggu
ing Wulan
ingkang kaparingan tema :
Wulan Penciptaan
Ing Wulan penciptaan menika
kita sami kaparingan wekdal
kangge ngraos-ngraosaken
dununging gesang kita
ing satengahing jagad raya menika.
Sinten ta kita menika, manungsa ?
Manungsa ingkang kedahipun gesang kados pundi ?
Manungsa ingkang kedah manut miturut
pikajenging dhiri pribadi,
kelompok
utawi
manut miturut
dumateng lingkungan
utawi
dumateng ALLAH
ingkang sampun nyiptakan dhiri kita
lan
jagad raya punika ?
Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Jer
kita mboten badhe
Adi gang
Adi gung
lan
Adi guna
Makaten
para sadherek sapatunggilan
ingkang dados karsanipun ‘ALLAH SANG PENCIPTA’-
GUSTI PURWANING DUMADI,
GUSTI ingkang nyipta samudaya
titah tumitah ing jagad raya
ALLAH mirsani
kawontenan kita sami –
satunggal lan satunggalipun
punapa ingkang sami kita tindakaken sareng-sareng
utawi ingkang
saweg kita pikir
ing manah kita
pribadhi mbaka-pribadhi
Pamikir,
manah lan panyuraos
isining batos
GUSTI ALLAH
kuwagang ngosikaken
dalah kados mekaten ugi
roh pepeteng
ugi tansah makarya
ugi tansah ngosikaken manah,
batos lan panggraita kita
sami.
Anamung bentenipun
bilih ALLAH ngosikaken bab-bab
ingkang kebak suh tinresnan
dumateng sesami titah-
dumateng sesami manungsa
lan
sato kewan
lan dumateng
tetaneman
ngantos dumugi lingkungan
ingkang dados panyunggi-
ingkang dados ‘pendukung’ gesang kita.
Kita
mboten saged sewenang-wenang
anggen kita
nindakaken pigesangan,
Lha makaten
ingkang kadhawuhan dening ALLAH
lumantar wewaosan kita,
kalawau .
Sabab ingkang kagungan panguwasa agung
nggih menika GUSTI ALLAH
PRIBADI
Tujuaning gesang kanicipta punika
srana tindak lan tumindak
manuta lan ngener
ing pakaryaning ALLAH.
Manungsa kacinipta
langkung ngungguli para titah sanesipun
nggih menika
sato kewan lan tetaneman
Punapa,
benten lan saminipun antawising manungsa
dalasan sato kewan utawi tetaneman
…
punika bab menapa para sadherek ?
(sami lan bentenipun)
Kekalihipun
kaparingan nyawa utawi gesang-
kekalihipun
sami nggadahi tanggel jawab
ngebaki bumi
kanthi tangkar tumangkar-
kekalihipun
saged ngraosaken wontening gesang
ingkang kalairaken-
lair
kekalihipun
kaparingan wekdal
ngudi gesang
mliginipun pados tetedan
lan
ing pungkasaning gesang
ugi badhe nampeni ngajal-
pepejah-
pati
kekalihipun
menika makhluk ingkang cinipta
saking lebu
lan
bakal bali dadi lebu
Manungsa
dalasan titah sanesipun
sami kaparingan ambegan
Lha,
bab makaten punika
sami kaseratan ing kitab KOHELET
/ kitab PENGKOTBAH
bab 3 kalawau
ingkang dados
dasaring kita saged mangertosi
bilih kita manungsa
dalasan sato kewan
ugi tetaneman
menika wonten ing ngarsanipun ALLAH
sami palenggahanipun-
‘sama kedudukannya’
kanthi nitik ayat 18 – 20.
Bilih manungsa
nggadahi prekawis-perkawis
ingkang sami
kaliyan sato kewan
18
Osikku
ing sajroning ati mangkene :
“Ana dene para anaking manungsa,
iku
bakal kauji
dening GUSTI ALLAH
lan bakal kaparingan sumurup,
menawa dheweke kabeh iku
lugune kewan
19
Amarga pepesthen tumrap manungsa iku
padha karo kang tumrap kewan,
sakaro-karone padha tinemune;
kang siji mati, sijine iya mangkono.
Sakorone padha-padha ambekan,
lan manungsa iku ora ngluwihi kewan,
amargo samubarang kabeh iku
tanpa paedah.
20
Sakarone
marani panggonan
kang padha;
sakarone
dumadi saka lebu
lan sakarone
bali menyang ing lebu
Patunggilan
kados makaten suraosing pangosiking manah
batos kita
ingkang katuntunan
dening ROHING ALLAH
ingkang sami makarya
ing wekdal sawekdal
kados dene
juru panyerat kitab Kohelet menika
anggenipun nampeni dhedhawuhing ALLAH
lumantar pangosiking manahipun
Wosipun
Sami dados tunggil titah
ingkang mboten wonten bedanipun
Bilih kita menika sami
nggih mboten wonten bedanipun
kalih titah sanesipun
Ananging
para sadherek
patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Kita manungsa menika
sami kabentenaken dening ALLAH
kaliyan sato kewan
mliginipun
Manungsa nggadahi-
sato kewan sak sisih mboten anggadahi
…
Manungsa anggadhahi pamikiran-
kapinteran-
akal budi
lan
roh kawicaksanan
karana menika
manungsa saged nguwaosi sadaya titah tumitah
ingkang kagelar
ing sajagad
Manungsa kepingin mabur
saged mikir lan ndamel pesawat-
kapal mabur
makaten sadhengah perkawis pangudi-
usaha
kanggening nglestantunaken alam jagad-
bumi saisinipun
punika
Manungsa kaparingan mandat
manungsa sami saged tumindak
sae lan leres
Patunggilan
ingkang kinasih
punapa kita mboten rumaos begja
sami katitahaken
dados makhluk
ingkang kasebatan manungsa ?
Sebab manungsa
benten kaliyan sato kewan
…
Manungsa
ing sajroning gesang
nggadahi tujuan pigesangan
sawiji-wiji tumindak
mesthi wonten motif utawi tujuanipun
Aku nglakoni iki kanggo … mangkene
lan sapiturutipun
Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
rikala kita katitahaken
mandat lan tanggel jawab
ingkang kaparingaken dumateng kita
nggih menika
kita kedah tansah niti priksa-
niti dhiri
sinten jati dhiri kita menika ?
Anamung lebu kemawon,
karsa lan usaha punapa
ingkang badhe kita alami sesarengan
manungsa
titahipun ALLAH
supados gesang kita sami
langgeng
ing jagad punika
kanthi tata lan sae
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba begjaning kita
bilih kita sami saged mujudaken
wujuding sesaosan syukur
Sabab
kita mboten katitahaken
dados sato kewan
utawi
dados wujuding tetaneman
Makaten
para sadherek
kita saestu
kedah rumaos syukur
dumateng ALLAH
Rumaosa bingah
awit sami kaparingan gesang
ingkang kebak kamulyan
lan
kasampurnan
tinimbang titah sanesipun
Kamulyan lan kasampurnan
peparinging ALLAH
ingkang saestu amuwujud
ing gesanging manungsa
Manungsa katinimbalan
dados rencang dameling ALLAH
makarya
ngusahakaken
kamulyan lan kasampurnaning gesang
ing alam ndonya menika
Sih katresnan
kedah katindakaken
ing gesang masyarakat
ing gesang masamuwan
lan
ing gesang bebrayatan
Gesanging masyarakat
sabangsa nagari
punika dados tanggel jawab kita
dikaya ngapaa kita
ndherek cawe-cawe
ndherek tumindak kasaenan
mboten ndherek ngrisak tatanan
lan pranatan
ingkang wonten
Sebab manungsa kanicipta
kanthi tatanan lan pranataning ALLAH
milanipun
kita ugi kaparingan kamulyan dan kasampurnan
anggenipun anggadhahi tujuan sageda ndherek
ing tatanan lan pranantaning gesang
ing padintenaning gesang
tahun lan mangsa
Pundi ingkang sae
sampun katedahaken ing satengahing jagad
lah makaten conto lan tuladha
kanggening kita samangke
ing tatanan lan pranataning ALLAH
(Wangsul malih
kita saged niti sadaya pakaryaning ALLAH
kang nyipta lan niti pakaryaning GUSTI YESUS
ingkang dados conto
tuladha kita)
Tresna tinresnan
dumateng sasedherek tunggal titah
makaten ugi kita kedah saged mujudaken
katresnan tumrap lingkungan pigesangan kita
tumrap titah sanesipun
Gesang mboten mentingaken dhiri pribadi
ananging ngengeti sato kewan
tetaneman
ingkang ugi kanicipta
dening ALLAH
Punapa kita saged gesang piyambakan
dene titah sanes sami tumpes ?
Prayoginipun
kita ndherek cawe-cawe
nglestantunaken jagad raya alam lan saisinipun
sanajan sacara tata ekonomi
sejatosipun sanget andhap
mboten ekonomis-
mboten nguntungaken
kedahipun tetep katindakaken
karana menika
‘demi kelestarian lingkungan dan hidup kita bersama’-
kangge kelestatunan gesang
upahipun makaten
bilih kita nindakaken
sadaya dhawuh pangandikanipun ALLAH
kita mboten kedah etang-etangan
untung lan rugi
sebab menika
pancen kedah katindakaken
karana kapitadosan ndherek ing tatanan
pranataning ALLAH
upah ingkang kita tampi
ing mbenjang wekdalipun
nggih menika
makuthaning gesang langgeng
Bilih kita engeti
sinten dhiri kita
kabanding titah sanesipun
Lah
GUSTI ALLAH karsa ngenget-enget kita
sanadyan kita
sampun dumawah ing ndonya
ingkang kebak dosa
ananging GUSTI YESUS rawuh
ngrawuhi dhirining manungsa
sedya nyawisi
bab kawilujengan
sacara tata kadonyan
nggih makaten sacara tata
kaswargan
Sumangga
kita ndherek ing panyambut dameling ALLAH
nindakaken pakaryan-pakaryan
lan
nglajengaken pakaryan-pakaryaning ALLAH
ing satengahing jagad samangke
kita mboten badhe kakirangan
sacara tatanan ekonomi
sebab
bab menika ingkang asring dados kekuatiran kita
para manungsa
Kita waos malih
ayat dhawuh
ing wiwitaning pangibadah :
4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta PADUKA, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun PADUKA tata,
5. manungsa punika punapa ta, dene PADUKA engeti ?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene PADUKA galih ?
6. Ewadene PADUKA dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta PADUKA makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan
(JABUR / MASMUR 8 : 4 – 6)
Iba bingahing kita
Patunggilan
ingkang sampun mireng lan ngraosaken
dedhawuh pangandika
bab ‘penciptaan’
awit dene posisi kita
saestu luhur
wontening ngarsaning ALLAH
bilih kita purun manut
tumandhang
ndherek pakaryaning ALLAH
Kita benten
kaliyan titah sanesipun
ananging kita
badhe sami
bilih kita tebih lan nebih
saking JURU CIPTA
nggih kang NYIPTA
jagad lan saisinipun
Sugeng makarya
ndherekaken pakaryaning ALLAH
kanthi ngengeti dununging-
posisi kita menika
wonten ing ngarsaning ALLAH
GUSTI amberkahi kita
AMIN
VOTUM : (Jumeneng)
Kipas 123 : 1, 3 NGLUHURAKEN ALLAH
Pasamuwan ingkang dipun tresnani GUSTI YESUS
Sumangga kita sowan ing ngarsanipun ALLAH
kanthi manah tulus lan
kanthi kebak ing pangajeng-ajeng
anggen kita nampeni berkah peparingipun kanthi pangaken :
Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih ingkang luber ing susetyanipun
tumrap sadaya pra titahipun
Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN
(pinarak)
2. INTROITUS : JABUR / MASMUR 8 : 4 - 6
4. Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta PADUKA, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun PADUKA tata,
5. manungsa punika punapa ta, dene PADUKA engeti ?
Punapa ta anaking manungsa punika, dene PADUKA galih ?
6. Ewadene PADUKA dadosaken langkung andhap sakedhik katimbang kaliyan titah ing swarga, sarta PADUKA makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan
Kipas 138 : 1, 8, 9 ALLAH MAHA ASIH
3. PENGAKEN DOSA …Matius 22 : 37 - 40
ndedonga : …AMIN
4. Kipas 158 : 1 MANDENG ING GUSTI
5. PAWARTOS RAHAJENG : (( Jumeneng …
1 YOHANES 4 : 7 – 8
7. Para Sadulur kang kinasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku asale saka ALLAH, lan saben wong kang nindakake katresnan, iku laire saka ALLAH lan wanuh karo ALLAH
8. Sapa kang ora nindakake katresnan iki ora wanuh karo ALLAH, sabab ALLAH iku katresnan
Kipas 139 : 1 GUSTI YESUS RATU ADIL
6. PELADOSAN FIRMAN :
PANDONGA: … AMIN
PAMAOSING KITAB SUCI :
KOHELET / PENGKOTBAH 3 : 16 – 22
Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..
KOTBAH … Sedaya makhluk ingkang gesang ing donya, sami titahipun GUSTI ALLAH
Kipas 36 : 1 RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE (Mazmur 119)
7. PANGAKEN IMAN RASULI … pinarak ))
8. PANDONGA SYAFAAT :
9. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar : MAZMUR 69 :31-32
31.Asmaning ALLAH bakal dak puji kalawan kekidungan, sarta PANJENENGANe dakluhurake kanthi kidung panuwun
32.Ana ing paningaling ALLAH iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah ;
KIPAS 47 : 1 - … DHUH NYAWAKU ASUMYAKA (Masmur 146)
PANDONGA : ….
10. PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Kipas 128 : 1 KINANTHI ING GUSTI
Sumangga patunggilan kita mengkeraken papan pangibadah ,
Sumangga kita enget-enget bilih ALLAH sayektos mangertos ing bab
sadaya prakawis ingkang saweg kita alami
kados dene ing dhawuh pangandika …….
“Pepakon-pepakon iku ora abot,
amarga kabeh kang lair saka ALLAH
iku ngalahake jagat,
yaiku pracaya kita.
Sapa ta kang ngalahkake jagad,
kajaba wong kang pracaya
menawa YESUS iku Putrane ALLAH ?
I YOHANES 4 : 3b - 5
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
AMIN
KIPAS 98 PAMUJI BAKDA WINULANG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami