Selasa, 08 Februari 2011

Yoel 1 : 4

Yoel 1 :  4 




Walang mbrobol
ambruk ngebyuki lan
 mangan tanduran;
 grombolan sing siji lunga, 
sijiné teka
 ngentèkaké sisané.

Apa yang ditinggalkan belalang pengerip 
telah dimakan belalang pindahan, 
apa yang ditinggalkan belalang pindahan 
telah dimakan belalang pelompat, dan
 apa yang ditinggalkan belalang pelompat 
telah dimakan belalang pelahap.

Walang kuwi jenise kewan pengrusak tanduran, ora ana sing bakal disisakake- kabeh mesti entek. Mangkono bab gegambaran : walang. Apa kang ana ing uripe manungsa iku bakal kapundhut dening ALLAH saben wektu ing antarane samubarang panggawe. Ora ana gunane yen ALLAH ora paring berkah lantaran iku : walang uga dadi gegambarane si Iblis anggene bola bali ngrusak uripe manungsa kang ora pracaya. Bebentenge wong pracaya iku lak ALLAH ? Apa kang tinilar dening ALLAH uga bakal rusak sacara tata cara manungsa rusak sakabehing uripe. Rahajeng wong kang kabentengan dening ALLAH. Ora ana walang kang ngrusak ing uripe wong kang pracaya.

Walang cacahe akeh iku nggambarake akehe bala tantraning ALLAH, makarya gawe rusaking uriping manungsa ing dina-dina wekasan bakal tumiba. Sakehing wong pracaya kapitulungan nanging wong duraka kasirnake.

Mangkono uga ALLAH marang wong duraka sumbering uripe bakal kasirnakake nganti gusis- babar pisan ora ana sisane. Jagad iki lan saisine bakal karusak ora ana tilase panguripan. Rahayu wong kang kapitulungan dening ALLAH uripe sarwa kaluberan berkah.




000 000 000oo000 000 000

Belalang adalah jenis binatang perusak, kalau sudah merusak tidak tersisakan, habis semua. Begitulah gambaran belalang. Apa saja yang ada ditemukan di dalam hidup manusia pasti akan diambil oleh ALLAH setiap saat, yang diambil juga hasil kerja jerih payahnya. Tidak ada gunanya apabila ALLAH tidak memberikan berkatNYA dengan belalang yang juga merupakan gambaran si Iblis yang selalu bekerja untuk merusakkan hidup manusia yang tidak atau kurang percaya. Tidakkah benteng 'kehidupan' orang percaya adalah ALLAH ? Apa yang ditinggal, diberikan oleh ALLAH juga akan dirusakkan secara tatanan kehidupan kemanusiaan kita, seluruh kehidupan kita dirusakkan. Berbahagialah orang yang dibentengi oleh ALLAH. Tidak ada belalang yang dapat merusak dari hidup orang percaya.

Belalang itu jumlahnya banyak juga memberikan gambaran bala tentara 'Sorga' ALLAH. Yang bekerja juga untuk menghancurkan dan merusak kehidupan manusia di hari-hari akhir nanti tiba. Semua orang percaya akan ditolong tetapi semua orang durhaka disirnakan.

Begitu juga ALLAH kepada orang durhaka semua sumber kehidupannya juga akan disirnakan tanpa tersisa. Dunia dan segala isinya akan dirusakkan tanpa berbekas pernah adanya kehidupan. Berbahagialah orang yang yang mendapat pertolongan ALLAH yang hidupnya penuh dengan berkat.

Sabtu, 29 Januari 2011

SUPAYA TANSAH NGGATEKAKE TIMBALANING ALLAH

PANGIBADAH   KAUM  BAPAK
Sabtu, 29 Januari 2011





SUPAYA  TANSAH 
NGGATEKAKE
  TIMBALANING  ALLAH






1 YOKANAN  5 : 6 – 9





7
Awit ana telu
 kang padha jumeneng dadi seksi
( ana ing swarga :
SANG  RAMA,
SANG  SABDA lan
 ROH SUCI.
Sarta katelune iku dadi siji …)










Patunggilan
 ingkang kinasih dening GUSTI  YESUS
Kita punika sinten ta ?

Kita menika
lak titah ingkang kayasa
saking lebu- lemah- siti.

Kita menika
lak titah ingkang nggadahi reraosan
 kedahipun manut
 mbangun turut
dumateng SANG  PANGRIPTA-
PENCIPTA
SANG  NGYASA
Nggih dumateng GUSTI  ALLAH
 ingkang sampun  nyipta kita.

Wonten ta
 ‘barang cinipta’,
mranata dumateng ingkang nyipta

Punapa wonten lan
 saged
manungsa menika
 mranata dumateng ALLAH

Kudune kaya mangkene uripku….
ALLAH kudu paring berkah
ing tahun iki
ing mawarni-warni perkawis
 karana aku saestu mbetahaken

Punapa wonten
mesin damelaning manungsa
 protes lan nyalahaken
tyang ingkang ndamel

Lah makaten kita
punapa kita saged
ngedumel dumateng ALLAH-
protes dumateng ALLAH
utawi
 mboten manut
dumateng tatananing ALLAH ?
Saestu
 kita menika anamung lebu lan
dados titahing GUSTI ALLAH

Sapinten karsaning ALLAH
Kedahipun
 ugi enggal kita tindakaken-
kita lampahi

Sageda
kita ngulur-ngulur wekdal…
Mbesok ae
 aku mangabekti….
 Ndedonga,
memuji,
 maca kitab suci…

Saged ta kita semaya
rikala kita dipun timbali…

Ayo angger muliha
Sakedhap GUSTI …
kula taksih nggadahi proyek-
padamelan…

Sakedhap malih GUSTI
kula taksih umur 47 tahun….

Lan kathah
 bab prekawis
ingkang kita saged mangertosi
bilih kita
saestu mboten nggadahi kewenangan
 mranta lan mutusi
miturut pikajeng diri kita
 piyambak
Patunggilan
 ingkang kinasih

Rawuhing ALLAH
 ing satengahing jagad
 ugi mboten kamangertosan
dening manungsa

Bilih ALLAH
mboten paring pitedhah
kapan sejatosipun GUSTI ALLAH
 badhe rawuh malih
 ing satengahing jagad


Rahayu kita
 ingkang sampun katinimbalan
dados rencang dameling ALLAH
anggen kita
sami saged makarya
ing satengahing jagad punika

Rancangan lan karsaning ALLAH
 sami saged kita ugemi
Kaleresan lan kayektening ALLAH

Pundi
 ingkang klentu
ALLAH karsa supadosa
 Kita menika nglencengaken-
lan nglurusaken malih
Pundi ingkang klentu
ALLAH kagungan karsa lan
 Ngreksaaken
 supados kita
 mratobat lan
mboten wangsul malih
 tumindhak lepat-
kalepatan saha dosa

GUSTI  ALLAH
rawuh paring dhawuh lan piwulang
Rahasianing Kratoning ALLAH

Bab-bab ingkang kaseratan
 ing Kitab Suci
Reraosan
ingkang sami kita pireng
bab lampah lelampahing
para abdining ALLAH

Saged punika para ratu,
para rasul,
para raja
 punapa malih
lelampahaning GUSTI  YESUS
 ing wekdal semanten
ing wekdal makarya
 ing satengahing jagad
anggenipun netepi lan
njangkepi pamecaning para nabi

Hukum-hukuming ALLAH
 sampun kaaturaken
dumateng manungsa lan
mboten wonten hukum-hukuming ALLAH
ingkang kabatalaken
sadaya kedah kalampahan

Sinten ingkang badhe ngewahi….
ALLAH PRIBADI
 ugi nggih mboten badhe ngewahi

ALLAH anamung
badhe netepi
sadaya pepakon lan
sadaya dhawuh pangandikanipun


Rahajeng kita
 ingkang sami sampun mireng
dhawuh pangandika
lumantar pakaryan-pakaryaning ALLAH…
lumangkung para abdi timbalanipun
nggih nglangkungi
kesaksian-kesaksianing para murid-
rasuling ALLAH

Bilih ALLAH
sampun karsa rawuh lan
netepi sadaya dhawuh-dhawuh pangandikanipun

Bab-bab pameca-
utawi bab-bab nubuataning
para nabi
ing wekdal kala semanten dangunipun
sadaya punika sampun kalampahan-
sampun kadadosan-
sampun katetepan

Pundi ingkang dereng katetepan-
dereng kalampahan
mesthi ing titiwancinipun
mesthi enggal kalampahan
Rahajeng kita
 para timbalaning ALLAH
 ingkang mitadosi
bab pangreksaning ALLAH
 tumprap gesang kita

Gesang lulut lan
netepi
sadayaning karsaning ALLAH

Sumurupa
 kita para sadherek
bilih ALLAH
 nglangkungi ROHing kayekten
 ing wekdal-wekdal samangke
langkung adreng anggenipun memucal
 paring pangertosan
dumateng sadaya tiyang pitados
ugi dumateng
sok sintena tyang
ingkang ALLAH kersakaken

Mboten wonten
 ingkang mokal
bilih ALLAH saged
ngagem sok sintena tyang
sarupaning daging
 badhe paring piwucal
bab kaleresan lan
 kayektening ALLAH

ROHING ALLAH
makarya ing satengahing gesangipun
 lumadi
paring pitedhah
 nglurusaken lan
 ngenggalaken
 kaimananing manungsa.

Saestu GUSTI ALLAH
 ing dinten-dinten pungkasaning jaman
menika
Saestu anggenipun rawuh
ngrawuhi jagad lan
 sadaya manungsa
para titahipun
tambah ajeg lan adreng

Sinten ingkang ngrumaosi
jati dhirining manungsa
ingkang kebak dosa
mesthi nggih badhe
 ngrumaosi badhe nampi
bebenduning ALLAH….

Kados dene raga-
kedagingan kita menika
 ing wekdalipun nggih badhe pejah-
 risak.
Sabab raga
 nggambaraken kadonyan
ndonya
ingkang kebak dosa
mesthi badhe kaukum

Ananging
bilih roh kita
 ugi sami kaliyan raga kita
mboten cunduk kaliyan karsanipun ALLAH
raga- jasmani kita
 ugi badhe kaukum
 kados dene
roh kita
 nggih badhe kaukum.

Bentenipun
raga-
jasmani kita menika
asipat ‘fana’
ananging roh kita
 asipat ‘kekal’

Bilih roh kita
 ugi tetep damel dosa
 tumindhak lumawanan
 kaliyan karsanipun ALLAH
 paukumanipun
 ugi asipat kekal lan
selami-laminipun

Mboten wonten bentenipun
 antawis satunggiling tyang
punapa menika
pejabat greja
utawi warganing greja

punapa menika
tokoh-tokoh politik-
tokoh-tokoh agamawan
utawi warga masyarakat biasa-
 warganing greja
bilih mboten pinanggih leres
ing ngarsaning ALLAH
 mesthi badhe
nampi paukuman langgeng
Kita nate mireng wontenipun naraka ?
Lan ugi
kita mangertos bab Swarga !
Menika leres ,
 wonten sanyatanipun …


Rahajeng kita para sadherek
sapatunggilan
bilih sampun mangertos lan
 ugi sampun pirsa lan
tansah nggetuni
sadaya panerak
 dosa
kalepatan kita

Jer
 kita badhe satuhu
anggen kita
 badhe nderek
tut wingking
 ing karsaning ALLAH

Rawuhing ALLAH
 mboten kanyana-nyana
 kapan wekdalipun…

Sanes menika
tugas tanggeljawab kita
anggen kita mangertosi,
 kita kedah mireng-mirengaken
dhawuh pangandika
ingkang mijilipun
 saking Kitab Suci….

Nggih makaten
bilih kita saged mireng
dhawuh-dhawuh pangandikaning
ROHING KAYEKTEN-
ROH SUCI
paring pitedhah lan
piwucal
sabab ing wekdal samangke
ROHING KAYEKTEN
taksih makarya
 ing satengahing jagad lan
wonten wekdalipun badhe sigeg-
‘berhenti’

Katresnan kita
dumatheng ALLAH
 saestu kedah kita tindakaken

Kanthi pamuji
Pandonga lan
 asesambetan
sarana maos isining Kitab Suci
utawi mireng-mirengaken
dhawuh pangandikaning ALLAH

Bilih tigang prekawis punika
 kita tindakaken :
Pandonga,
Pamuji,
Maos isining Kitab Suci-
mireng-mirengaken dhawuh pangandika
 menika saestu-estunipun
sami dados wujuding
‘persekutuan kaliyan ALLAH’-
Wujuding persekutuan sejati
ingkang kedah kita tindakaken
 saben dinten

Mboten cekap
anamung dinten Minggu
 kemawon ing greja,
 nanging kedah saben dinten


Rahajeng kita
 ingkang sampun sami
saged nindakaken dhawuh
karsaning ALLAH
dados satunggil badan
 sajuga

ALLAH
ingkang dados sesirah kita


Sumangga kita
 nata lan
mranata gesang-pigesangan kita
 samangke
kanthi nyenyuwun
panuntuning ALLAH-
Nggih SANG ROH SUCI
supadosa ngleres-ngleresaken
 gesang kita


Rahajeng sadherek sapatunggilan
ALLAH PRIBADI
ingkang badhe dados seksining gesang
pigesangan kita :
Ayat 7
Awit ana telu
 kang padha jumeneng dadi seksi
( ana ing swarga :
SANG  RAMA,
SANG  SABDA lan
 ROH SUCI.
Sarta katelune iku dadi siji …)

Sinten
ingkang mboten wonten
ing patunggilaning ALLAH
 mesthi ing wekdalipun
 badhe nampi piduwung.

GUSTI  YESUS
nggih GUSTI ALLAH
 mboten anepangi kita.

Malah-malah kita
kawastanan dados
 abdi-abdi ingkang duraka.

Paseksining ALLAH
Paseksi ingkang patitis

Sugeng makarya lan
 nderek GUSTI  YESUS
 ing satengahing gesang
 ing alam ndonya menika

Kita tindakaken
sadaya dhawuh pangandikaning ALLAH
kanthi dingin-
Kita nomer satunggalaken
bab kratoning Swarga
 tinimbang bab-bab sanesipun

Sebab
berkah lan kawilujengan
peparinging ALLAH
 langkung prayogi
 kanggening gesang kita sami

GUSTI  YESUS
amberkahi kita
 para bapak ing KRW 5


AMIN























1.      Votum/Berkat
2.      Pamuji Kipas  133  : 1, 2
Pamarta kula
3.      Ndedonga :


4.      Pembacaan Alkitab :
1 YOKANAN 5 : 6 - 9

5.      Pamuji Kipas  145  : 1, 3
Ayem ing manah

6.      KOTBAH …..

7.      Pamuji Kipas  136  : 1, 2
GUSTI  pangungsen kula
8.      Doa syafaat :


Memuji  Kipas  128  : 1,  3
Kinanthi ing GUSTI
9.      Berkat