Jumat, 24 Januari 2014

APA PADHA KARO ROH JAHAT ?

Rancangan Kotbah 
Pangibadah Brayat : 
Kamis, 23 Januari 2014



APA PADHA
 KARO 
ROH JAHAT ? 

 MARKUS 3 : 7 – 12

11.
Roh-roh jahat iku 
saben-saben ndeleng PANJENENGANe
 banjur padha sujud 
ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora,
 “PANJENENGAN punika 
PUTRAnipun ALLAH!”



Patunggilan…. Rahajeng kita ingkang sami sampun tepang dumateng GUSTI YESUS, ALLAH ingkang nggelarken sih piwelasipun tumrap jagad dalah sadaya pra titah. Kita ingkang sampun sami anitepangan mesti mboten saged malih ka ombang-ambingaken dening rupi-rupi angin pengajaran. Contonipun : Bab piwucal sinten sejatosipun YESUS GUSTI sesembahan kita menika.

Patunggilan … Bukti keILLAHIan SANG KRISTUS YESUS, GUSTI kita-  mboten saged dipun pungkiri malih. GUSTI YESUS sampun nepangaken dhiri; Sinten estunipun GUSTI YESUS menika. GUSTI YESUS sejatosipun dados wujuding PRIBADIning ALLAH ingkang kasad mripat. GUSTI YESUS kasebat PUTRAning ALLAH- PUTRAning ALLAH ingkang kalair ing satengahing jagad. Enget patunggilan ing waosan kita : Roh jahat ugi mangertos bilih YESUS GUSTI kita menika PUTRAning ALLAH

ALLAH ingkang paring prajanji lan ALLAH ingkang paring hukum panata panetep agami dumateng para leluhur kita.  Hukum panata panetep agami ingkang kedah dipun lampahi….  Pranyata dening para leluhur sami dipun terak- sami dipun langgar ngantos kathah dosa panerakipun. Para leluhur mboten mbangun turut, lan mboten ngugemi hukum-hukuming ALLAH. Sanajan sampun kaluwaran saking tanah pangawulan- tanah Mesir. Para leluhur kita kabukten mboten sami setya tuhu dumateng ALLAH sesembahanipun.

Patunggilan … ALLAH sesembahan kita taksih karsa paring sih pangapunten.  Hukum utawi tatanan menika sejatosipun ugi dados wujuding prajanjining ALLAH. Hukum ingkang wiwitan kaparingaken sampun sami kalanggar. Hukum ingkang kalanggar menika mboten saged milujengaken para umat malih- Hukum ingkang ngemu prajanjining ALLAH sampun sami kalanggar.

Patunggilan … Ing ngriki (ing kasus sanalika GUSTI YESUS paring kasarasan dumateng sakathahing tiyang ing dinten Sabat). Jelas-jelas kathah tiyang enggal ingkang sami pitados bilih GUSTI YESUS estu sanyata ALLAH. ALLAH ingkang dipun tepangi maha kuwaos. ALLAH ingkang paring dhawuh bilih prajanjining ALLAH sampun sami kaenggalaken ing pranatan- panata- panuntuning GUSTI YESUS. Hukum ingkang lami sami kaenggalaken.

Patunggilan …. Nglangkungi pakaryan-pakaryan paring kasarasan lan nyarasaken dumateng sakatahing tiyang. Nglangkungi kotbah/ piwucal lan sadaya pakaryan mukjijad.  GUSTI YESUS nepangaken dhiri. Sacara PRIBADI dumateng pribadi ingkang dipun paring pitulungan mesti tuwuh pangaken : GUSTI YESUS menika ALLAH. Kados pangakening roh-roh jahat ingkang tansah ugi ndherekaken tindaking GUSTI YESUS ngakeni bilih GUSTI YESUS menika sejatosipun : PUTRAning ALLAH.
11. Roh-roh jahat iku saben-saben ndeleng PANJENENGANe banjur padha sujud ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora, “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!”

Patunggilan … Punapa dhiri kita lan sadaya tiyang ingkang pitados lan ngakeni bilih GUSTI YESUS menika PUTRAning ALLAH sami kaliyan sakathahing tiyang sagolongan ingkang sampun sowan mareg lan nampi sakathahing kasarasan. Punapa kita sami kaliyan roh-roh jahat ingkang ugi ngucap ngakeni bilih YESUS GUSTI menika PUTRAnipun ALLAH ?. Punapa kita sami kaliyan roh-roh jahat ?

Patunggilan …. Kita badhe sami kaliyan roh-roh jahat bilih kita ngakeni YESUS menika ALLAH ingkang kasinebatan PUTRAning ALLAH ananging kita mboten nindakaken, mboten taat lan mboten purun netepi sadaya dhawuh pangandikanipun GUSTI YESUS. Pitados namung mboten tumindak nindakaken pandamel.

Roh jahat mboten wanuh ananging nepangi lan ngakeni sinten dhiri pribadining GUSTI YESUS menika.Roh jahat ngudi ngalang-alangi saben tiyang ingkang badhe sowan mareg lan badhe nindakaken prentah-prentahe ALLAH. Milanipun roh jahat tansah wonten ing satengahing patunggilan ndherek gumrubyug ing lampah tindaking GUSTI YESUS kangge tumindak pandamel ngalang-alangi saben tiyang.
“…. saben-saben mirsani PANJENENGANe GUSTI YESUS banjur padha sujud ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora, “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!”

Roh jahat wongsal-wangsul sujud lan ngucap : “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!” ananging mboten lampah ing tumindak. Kados pundi kanggening dhiri kita punapa smi kaliyan roh jahat ?. Sumanga kita paring panjawab karana GUSTI YESUS langkung patitis lan mangertosi isining manah patos kita piyambak-piyambak. GUSTI YESUS mberkahi. AMIN


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami