Selasa, 24 Juli 2012

PASRAHNA URIPMU ANA ING PANGREHINGSUN

Ibadah Kaum Bapak
Selasa, 24 Juli 2012




PASRAHNA  URIPMU 
ANA  ING PANGREHINGSUN



I PETRUS 5 : 7 – 11




Patunggilaning kaum bapak
 ing KRW4
 ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS

Saiba kita menika
 sadaya kemawon
kebak ing karingkihan lan kebak ing kamomotaning jagad
 ananging kita
sami mengertosi
dumateng pundi salajengipun
 kita badhe mapag rawuhipun GUSTI YESUS

Bilih kita sowan
 ing ngarsanipun menika ateges sanes karana kita
 ingkang kagungan pikajeng
lan kagungan panembah
 lan pangabekti

Kita
sowan ing ngarsanipun
 ing sawekdal diparengaken lan dipun kanthi irid.

…..
‘Ngger uripmu cukup semene wae
 dosamu SUN apura’

Ing wekdal kita tumindak leres
lan
ngener dumateng  GUSTI YESUS;

GUSTI YESUS
saestu sampun paring sih pangapunten-
awit dene pracaya kita
 ingkang sami kita wujudaken
 ing tata tumindak laku
 menika ingkang sagung kasebat
 pitados lan ngayahi pakaryan tugas tanggel jawab
 ing ngarsaning ALLAH

Kathah tiyang
 ingkang katinimbalan mareg sowan
 ing ngarsanipun GUSTI YESUS
 rikala sanget anggenipun nindakaken peladosan
 lan
 ugi kathah tiyang
ingkang dipun timbali-
 ing kahanan ingkang mrihatosaken sacara tata lahir-
sacara tumindak lan pamikir
 ugi mboten nyondongi
ing karsanipun ALLAH


Patunggilan
ingkang kinasih ing dalem Asmanipun
 GUSTI YESUS
Saiba
kita mboten mangertosi
kados pundi ingkang dados karsanipun ALLAH
Kapan wancinipun kita badhe katinimbalan ?

Karana
GUSTI YESUS ingkang sampun paring pangrimatan
 Lan
sampun paring dhawuh piwucal  
saben-saben wekdal tansah ngresakaken dumateng kita
 ‘wontena saat teduh’-
Wontenna  wekdal hening
kanggening kita mireng dhawuh pangandikaning
 ROH INGKANG SUCI
kados dene toya wening
 ingkang nyegeraken

Pamaosing isining kitab suci
ndadosaken seger lan nyegeraken gesang kita
 para bapak
bilih ROHing ALLAH nenuntun kita
 ngantos dumugi ing pangertosan :

Bilih ALLAH
 ingkang manunggil ing gesang kita
rinten dalu
sampun paring sih pangapunten
 lan
 paring wekdal dumateng kita
 supados saged wangsul
 ing PANGREHIPUN.

Mesthi wonten wekdal kanggening kita
 saged sujud sumuyud lan pasrah
 lan
 ugi kita saged masrahaken gesang
ing pranathaning ALLAH

Wekdal menika
 saged omber lan ugi saged samukawis wekdal
kemawon

Ing ngriki
GUSTI ALLAH
 nggih GUSTI kita YESUS
rawuh
nunggil lan makarya
 paring pitulungan dumateng kita

Ing ayat waosan;
 Ayat 7
Sakabehing sumelangmu
pasrahna marang PANJENENGANe
kang ngopeni kowe kabeh

makaten patunggilan
ingkang katresnan dening GUSTI YESUS
 bilih kita menika saestu kapitulungan
 lan
 kaparingan pangrimatan dening GUSTI ALLAH
 kenging menapa kita taksih sumelang-
taksih kuwatir lan mboten saged pasrah dhiri ?

Menika karana kita mboten ngimani
sacara prayogi lan leres
kita taksih ngendelaken dhiri pribadhi kita
piyambak-piyambak

Kahanan ing jagad
 pancen ewet lan mbetahaken samukawis 
kakirangan lan karingkihan mesthi bakal tumama dumateng dhiri kita


Patunggilan
 bilih kita nresnani dumateng GUSTI kita
 YESUS
 mesthi
kita ngudi daya
 kepengin nindakaken
sadaya karsa lan karsanipun

Pundi ingkang pinanggih ewet
 kita nyuwun pitulungan
 lan
 pundi ing gampil kalampahan
 kita ugi nyuwun panuntun
supados sageda langkung trep lan leres
ing sadaya tumindak
 awit sanes pikajeng lan pamikir kita
ingkang ngrumiyini ‘kalampahana’
ing sadaya bab

GUSTI YESUS
 wontena ing ngajeng suku lampah kita

Ayat 8
Padha diwaras budi sarta diprayitna,
jalaran mungsuhmu Iblis iku
 klinteran kaya singa nggero-nggero
 ngupaya manungsa
kang kena dimangsa


Patunggilan
ingkang kinasihan
 abot pancen anggen kita lumampah
ing gesang

Awit
 rikala kita saestu badhe ngener
lan
saestu badhe nindakaken dhawuh pangandika
tamtunipun si Iblis
 sampun ngrumiyini kita
 awit kita
 kedah kakawonanken

Iblis
 saestu sanget sora
 anggenipun badhe ngrebahaken kita

Kita
ingkang sumuyud
 kita kadamel lumawanan
dumateng GUSTI kita
YESUS

Kita kedah mawas dhiri
 Lan
 ngati-ati
cik ben kita mangertosi
bilih ingkang saweg kita alami menika
sanes panuntuning ALLAH

Kita saestu mangertosi
 bilih si Iblis menika
 julig
 pinter ngreka daya
nyami rupa
pungkasanipun
kita mangertos
bilih tumindak kita lan anggen kita mikir
 klentu lan mboten leres

Ayat 9
Tanggulangana
 kalawan pracaya kang santosa,
jalaran kowe padha sumurup
 yen kabeh sadulurmu
kang ana ing saindenging jagad
iya padha ketaman
ing sangsara kaya mangkono


Patunggilan
Kita ngalami kahanan ingkang sangsara
Menika mesthi kemawon
….
awit kita
taksih gesang ing satengahing jagad

Lha
makaten karsanipun GUSTI YESUS
 supados saben-saben dhiri kita
 nandang kasangsaran

kita enggal ngaturi GUSTI YESUS
 supados tansah paring pitulungan
lan
paring pranathan

Kita
 kedahipun saged asaos syukur
 bilih kita
 ingkang saweg dumawah ing kahanan
 ingkang nyengsaraken
kita mboten badhe kalajeng-lajeng dumawah
ing wewengkoning si Iblis

Ayub kapitulungan
Rama Abraham kapitulungan
Prabu Dawud kapitulungan

Dosa
 ingkang njalari kita dumawah
ing kasangsaran ageng
 tansah kaparingan pangluwaran-
 dipun lebur
dening GUSTI kita
YESUS

Iba bingahipun kita
 ingkang ugi nandhang kangsangsaran
 kados dene YESUS GUSTI kita
ing wekdal PANJENENGANipun nindakaken peladosan
 ing satengahing jagad

Kita kaparingan unggul


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS

Ing ayat 10

Dene GUSTI ALLAH
sumbering sakehe sih rahmat,
kang wis nimbali kowe kabeh
ana ing SANG KRISTUS
 marang kamulyane kang langgeng,
 bakal nyampurnakake,
neguhake,
nyantosakake sarta ngukuhake kowe,
sawise kowe padha nandhang sangsara
 ing sawatara mangsa

Iman kapitadosan kita badhe
 kasantosakaken lan kateguhaken,
kasampurnakaken lan kakukuhaken

mila kasangsaran kita
 ing wekdal samangke
 ingkang saweg kita alami
 mboten badhe misahaken kita
kaliyan GUSTI ALLAH
ingkang samestu sampun karsa nimbali
 lan
karsa nebus dosa kita
 menika peparinge ALLAH
awujud sadaya kasaenan,
 kamulyan langgeng
ingkang asumber saking sih rahmating GUSTI ALLAH

Sumangga
kita ngudi lan tetep kiyat
nampi kasangsaran
ing satengahing gesang kita punika
 angger kita mboten katut keli
ing pangglituking si Iblis

Sabab
Iblis sampun kakawonaken dening ALLAH
sumangga
kita nyenyuwun dumateng ALLAH
supados kita sami ugi
saged kiyat lan saged ngawonaken
 si Iblis


Ayat 11
Iya PANJENENGANe iku
kang kagungan panguwaos langgeng
 salawas-lawase !
 Amin

Makaten kasunyatan
 ingkang sejatos

Kasunyatan
bilih ALLAH ingkang kagungan panguwaos
 sanes si Iblis
ingkang langkung pinunjul panguwaosipun

Mila
 kita kedah mboten klentu … ing slamining gesang
 ing jagad punika
 dumateng sinten kita kedahipun
 nyuwun pitulungan  lan kakiyatan
 sebab menika sadaya
 anjalari kita mangkenipun
 ing wekdal katinimbalan
 ing gesang langgeng
kita menika pinanggih gesang utawi pejah

Bilih ALLAH paring gesang langgeng
 mesthinipun si Iblis
ingkang kaukum
ugi badhe paring pejah
dumateng kita ing satengahing kalanggengan
 sebab kita sampun katampik dening ALLAH
 sebab kita salamining gesang ing jagad
sami mboten wanuh dumateng ALLAH
 makaten ALLAH
ugi mboten anepangi dumateng dhiri kita
 ing titi wancinipun

Menika upah ingkang kita tampi
 ing salamining gesang
samangsa wekdal
ing satengahing jagad

Sumangga
kita nggetuni lelampahan ingkang klentu
mumpung taksih kaparingan wekdal
 enggala kita wangsul malih
 ing pangrehing ALLAH
supados panguwasaning ALLAH
 enggal kaparingaken
nggih menika gesang ing kalanggengan

GUSTI YESUS
 ingkang amberkahi kita

AMIN


















Berkat
Kipas 47 : 1  Dhuh nyawaku asumyaka

Pandonga
Maos Kitab suci : I PETRUS 5 : 7 – 11
Kipas 92 : 1  Sabdanipun ALLAH

Kotbah/Renungan ….
Kipas 131 : 1, 2    GUSTI mugi sampun langkung

Pandonga syafaat:
Ø  Bangsa lan nagari
Ø  Pasamuwan
Ø  Brayat
Ø  Sadherek kamomotan, sakit
Ø  Anak-anak
Ø  Brayating ingkang kagungan dalem
Ø  Amin


Kipas 128 : 1  Kinanthi ing GUSTI





<a href="http://www.mobilraya.com/?mitra=kangguruaust" rel="nofollow" >Mobil Bekas</a>
<a href="http://www.rumahraya.com/?mitra=kangguruaust" rel="nofollow" >Pasang Iklan Properti</a>
 <a href="http://www.ti.co.id/?mitra=kangguruaust" rel="nofollow" >Wirausaha Modal Kecil</a>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami