Minggu, 20 Februari 2011

PITADOS

Ibadah Brayat:
Kamis, 24 Pebruari 2011


PITADOS 








 MARKUS  9  :  14  -  29  




27.
Nanging 
YESUS 
banjur ngasta tangane bocah mau 
 lan 
ngadegake,
 bocahe
 banjur ngadeg




      Patunggilan 
ingkang kinasih 
ing dalem Asmanipun GUSTI YESUS
Kathah rupi-rupi 
bab prekawis 
ing gesang pigesangan kita 
ingkang tinempuh lan
 kita alami.

Sumangga 
kita gatosaken 
satunggal conto prekawis 
ingkang nempuh
 ing pigesangan kita….

 Bilih wontena prahara,
 umpaminipun sesakit
 ing satengahing brayat kaluwarga kita.

 Mesthi badhe ndadosaken kita
 ngalami perubahan sikap: 
mendel sekedap
 nata pamikir,
'perubahan suasana' 
ati lan
 raosing manah.

 Utawi malah
 ndadosaken kita 
sami saged bingung lan
 mboten saged mendel
 jalaran enggal-enggal ngudi 
supados angsal pitulungan lan
 kita enggal-enggal ngaturi cariyos 
dumateng sok sintena tiyang
 ingkang kita anggep
 saged paring pitulungan
 utawi ngentengaken sesanggi kita.


      Patunggilan 
ingkang kinasihan
 Bab pracaya
 punika saged ndadosaken
 sakathahing tiyang golongan
 benten-benten ing pamanggih lan
 benten-benten tumindak 
rikala nandhang
 bab prekawis
 punapa kemawon 
ingkang nempuh
 ing  pigesangan kita punika.

 Salebeting kita gesang 
ndherek tut wingking
 ing ngarsaning ALLAH
nggih GUSTI kita 
YESUS

mesthi ingkang katuntut
 nomer satunggal
 nggih punika
 bab pitados-
 bab pracaya. 

Kados ing reraosan kita
 ing wekdal samangke;
 Kita kaparingan conto
 pengalaman
 gesangipun para sakhabat
 anggenipun ngadepi
 satunggaling prekawis 
ing pigesangan.

Nggih makaten 
pengalaman kanggenipun tiyang sanes 
anggenipun niti priksa-
 anggenipun nggadahi pamanggih 
sinten kemawon 
ingkang sami saged kasuwunan pitulungan 
nyarasaken putra 
ingkang kapanjingan roh lan 
ngalami bisu- 
budheg.

 Tyang sepah punika
 mlajeng nyuwun pitulungan
 dumateng para sakhabatipun GUSTI

Tyang sepah punika 
mitadosi
 bilih para sakhabat
 saged ngluwari sadaya bab prekawis punika 
kados dene SANG GURU
nggih punika GUSTI YESUS.

 Sebab mbok bilih
 ing wekdal semanten 
tyang sepah punika
 mboten pinanggih langsung
 kaliyan GUSTI YESUS
bilih pinanggih kaliyan GUSTI YESUS
mesti badhe langsung 
ngaturaken pasambat lan 
panyuwun pitulungan 
bab punika….

       Patunggilan
 ingkang dipun tresnani
 dening GUSTI  YESUS. 
Kedadosan 
bab ontran-ontran, 
panudhuhing tyang sagolongan 
kalawau
 dumateng para sakhabat …

 kenging menapa
 para sakhabat mboten saged 
paring pitulungan lan
 ngluwari
 bab prekawis ingkang
 kasandhang dening
 putraning tyang punika.

 Mesthinipun
 tyang kathah punika 
sami bebantahan-
undreg-udregan,
 ngoyog enggala dipun tulungi. 

Mirsani bab punika 
anggenipun GUSTI YESUS
ingkang nembe rawuh, 
mundhut pamirsa :

”Kowe iku padha bebantahan 
prekara apa 
karo wong-wong iku?”.

Ing wekdal punika
 tyang kathah paring pamangsul atur 
dumateng GUSTI YESUS  
semunipun madul : 

GURU,
punika kawula 
nyowanaken anak kawula,…. 
Kawula sampun matur 
dhateng para sakhabat PANJENENGAN
supados nundhunga roh punika, 
nanging sami mboten saged’ 
(ay.17-18) 

Anehipun 
GUSTI YESUS
mboten lajeng ndukani para sakhabat 
nanging malah ndukani
 tyang kathah kalawau : 

“He, 
golongan kang ora pracaya… 
nganti kapan
 anggonku bakal padha tetunggalan 
karo kowe ? 
Nganti kapan
AKU kudu nyabari kowe ? 
Bocahe gawanen mrene !”.

GUSTI YESUS duka
 jalaran tyang kathah punika 
sajakipun ngremehaken 
para sakhabat lan 
ugi kirang pitados 
dhumateng para murid...

 kados-kados para murid 
sakhabatipun GUSTI 
mboten saged nundhung roh jahat 
ingkang manjing lan 
ndadosaken 
anak kalawau bisu-
budeg


       Patunggilan… 
Sinareh GUSTI YESUS 
paring piwucal
 bab kapitadosan- 
bab kapracayan 
dhumateng saben tyang
 ingkang sami purun ndherek 
tut wingking 
ing ngarsanipun ALLAH 

kedahipun mboten nindakaken
 panudhuh lan 
damel ‘kekacauan’-
 ngremehaken
 satunggal lan satunggalipun.

 Kedhahipun
 ing satengahing pakempalaning tyang pitados 
wontena kahanan 
ingkang ‘adhem’, 
kebak pambangun turut lan 
sami anyengkuyung
 ing bab kakiranganing gesang. 

Ingkang mboten saged nyondongi
 ing bab kapitadosan 
utawi 
‘lemah di dalam iman percaya’ 
nggih ‘mbokya-a 
rada lembah ing manah’
 nyuwun ….
pasrah
 paring kasempatan humateng tyang
ingkang kasuwunan pitulungan  kalawau
 ing mriki 
para sakhabat 
nata dhiri
 anggeni pun 
sami nyatunggil 
ing iman kapitadosan 
anggenipun badhe 
ngunjukaken panuwun 
dhumateng GUSTI ALLAHipun.

       ‘Kata kunci’ 
bab pitados utawi 
bab pracaya menika
 ingkang dados inti
 saking piwucaling GUSTI YESUS .

Sabab
 karana alelambaran pracaya utawi 
kapitadosan 
kita tansah nggadahi 
pangajeng-ajeng
 hasil ingkang sae.

 Sae tumindak 
ing sadangunipun 
ngalami bab samukawis perkawis 
ingkang sami nempuh.

 Sae ing tata pikir,
 tindak tanduk , 
sesrawungan 
anggenipun nyuwun
 pitulungan lan
 ngaturi tyang sanes 
anggenipun 
sageda anyengkuyung 
ing pandonga lan 
anyengkuyung ing iman
 kapitadosanipun
 dhumateng ALLAH. 

Sinareh bab kapitadosan punika
 badhe mbekta kasaenan 
kanggenipun sok sintena tyang
 ingkang nggondeli kapracayanipun. 

GUSTI YESUS
 mboten badhe kendel 
paring panjawab lan 
pangluwaran utawi
 mukjijat 
bilih kita nggadhahi
 kasaenaning gesang
 ing kapitadosan.




       Sumangga patunggilan 
kita sami nggetuni
 bilih kita sami 
dereng satuhu ing kapitadosan lan
 kita dereng saged paring panjawab
 dumateng sakathahing tyang 
ingkang nyuwun pitulungan;

 Kita kedah menapa…
kita kedahipun nyowanaken dhiri 
mareg …. 
Tata-tata dhiri 
kanthi kasaenaning dhiri 
sowan dhumateng ALLAH
ngajak tyang kathah 
ingkang nyuwun panyengkuyung kita
 ing bab kapitadosan.

 Kita sasedherek
 ingkang nggadahi kapitadosan 
sami rapet nyengkuyung,
 mboten anamung mendel 
nanging gumregah
 sesaged-sagedipun 
wekdal ingkang dipun paringaken
dhumateng kita 
‘sapantha alit’ 
ngaturaken panyuwun dumateng ALLAH 
bab samukawis prekawis
 ingkang sami nempuh 
ing pigesangan kita. 

Tinebehaken kawontenan lan
 sikap ingkang ngremehaken
 satunggaling tyang 
dhumateng tyang sanes 

Kita sami kedah
 sarujuk lan 
ngamini 
kapitadosan kita 
dumateng GUSTI YESUS,

 angger kitha anggadhahi sikap 
ingkang sae 
mesthi GUSTI YESUS
mboten badhe duka….


        Sumangga 
kita sami
 ‘saling’ ngiyataken
 satunggal sadherek lan 
sadherek sanes,

ngudia kapitadosan- 
kapracayan 
kang unggul. 

GUSTI mberkahi kita.   


      AMIN
     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami