Senin, 20 September 2010

PANGUWAOS ING BUMI LAN ING SWARGA


Ibadah  Brayat
Kamis, 23 September 2010






panguwaos 
ing bumi
lan 
ing Swarga











LUKAS  9 : 7 – 9






8. Ana maneh kang kandha,
yen Elia ngatingal maneh, 
lan uga ana kang kandha, 
yen salah sijining nabi 
jaman kuna wis wungu





Patunggilan 
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS. 
Saben-saben wekdal
 kita asring kabingungaken
dening bab prekawis
sinten ingkang sampun makarya
ing satengahing jagad lan
ingkang makarya 
sawarnining prekawis 
ing jagad punika. 

Bilih punika GUSTI YESUS 
kenging menapa GUSTI YESUS
  kasebatan ALLAH 
 sanes kasebat anamung dados nabi ?.

GUSTI YESUS 
kados-kadosa manungsa 
ingkang sampurna lan
ngungkuli para nabi.

Mboten klentu bilih
wonten ingkang nyebat  
GUSTI YESUS menika 
satunggaling nabi 
ingkang misuwur
kados dene nabi Elia utawi
nabi-nabi sanesipun
ingkang wungu malih 


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS. 
Lamun kita 
kaparingan reraosan 
 bab GUSTI YESUS 
 dalasan ratuning Israel 
Prabu Herodes.

Prabu Herodes 
ingkang mboten mitadosi 
bab prekawis GUSTI YESUS. 

Karana mekaten  
GUSTI YESUS
ingkang kapireng 
ing talinganing Prabu Herodes 
sami kasamekaken 
kados dene para nabi lan 
wonten ingkang paring sebatan
bilih GUSTI YESUS punika
salah satunggiling nabi; 

Wonten ingkang mastani 
Nabi Elia, 
Nabi Yokanan Pembabtis lan
nabi-nabi sanesipun. 

Sapindah malih 
Panguwaosing jagad,  
contonipun 
Prabu Herodes 
mboten saged mangertosi 
bab-bab ‘sinten’ 
ingkang kasebat dados ratuning Swarga.

 Kados makaten kita,
para sadherek sapatunggilan, 
asring kita kasebat
  dados panguwaosing jagad 
sanajan ta kita anamung 
nggadhahi sakedhik ‘kekuasaan’
antawisipun  
ing bab-bab gesang pigesangan 
dhiri kita piyambak lan 
ing bab-bab padamelan kita- 
tumujunipun kita 
nggadhahi keahlian-keahlian 
ingkang mumpuni
supados kita saged ‘bertahan’ 
ing pigesangan 
ing satengahing jagad.


Patunggilan 
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS.  
Prabu Herodes  
ugi anggadhahi panguawaos 
ingkang ageng.

Saged nindhaken bab prekawis
punapa kemawon, 
contonipun 
Prabu Herodes 
saged nenikahan kaliyan Herodias
ingkang taksih satunggal sasedherek, 
karana Herodias menika 
semahing sadherekipun piyambak lan
taksih kathah malih tumindak piala
sanesipun. 

Lha, 
bab menika nate kaelingngaken 
dening nabi Yokanan pambabtis 
ingkang melehaken Sang Prabu 
dumugi ngantos sami kakunjara lan 
katigas gulunipun
(Lukas 3 : 19-20 ; 9 : 9).


 Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS. 
Rawuhing GUSTI YESUS 
ing satengahing jagad 
ugi nate kaaniaya 
dening Prabu Herodes, 
kita enget, 
bilih Maria 
dalasan Yusuf 
nate ngungsekaken GUSTI YESUS 
ingkang saweg taksih bayi 
ngungsi dhateng Mesir 
karana Herodes
lumampahan ing rancangan 
mejahi bayi-bayi 
ingkang umuripun 
ing sangandhaping 2 tahun- 
tujunipun kangge mejahi bayi YESUS 
(Matius 2 : 13-15).

Sanjawi menika 
paraga Herodes sanesipun
Tumindaking Herodes  
ingkang samangke 
ugi kados makaten,
 
mboten wonten bedanipun 
kaliyan Herodes-Herodes  
sanesipun kalawau. 



Patunggilan 
ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS. 
Kita kaatag 
ing ngriki, 
bilih manungsa
kados dene
dhiri kita piyambak-piyambak 
saged ugi nindakaken rancangan gesang 
punapa kemawon 
ingkang sulaya
ing ngarsanipun ALLAH.

Asring tumindak kita 
lumawanan
kaliyan rancanganipun ALLAH 
ingkang maha kuwaos.

Bilih ALLAH ndhatengaken
bab kawilujenganing umat
kanthi ngutus para nabinipun
kosok wangsulipun,
kita manungsa- 
kados dene Prabu Herodes,
anamung ngugemi pikajenging manah
punapa malih 
ingkang dados karemenan
ing jagad
sami kaudi. 

GUSTI YESUS rawuh 
ing satengahing jagad 
nggih dados pepadhanging jagad 
kanthi paring pengenget- 
panggulawentahing gesang lan
paring margi kaleresan
ingkang anjog 
dhateng Kratoning Swarga-  
Kratoning ALLAH 
ingkang maha luhur. 



Patunggilan  
kita sami kaatag
supadosa mboten lumampahan 
kados dene Sang Prabu Herodes 
ing rikala GUSTI YESUS 
taksih alit 
utawi kados dene 
Herodes sanesipun 
rikala GUSTI YESUS 
ingkang sami saweg makarya.

Pramila 
kita sami kaengetaken
bilih panguwaosing jagad
 saged tumindak punapa kemawon 
ingkang saged nyulayani 
dumateng karsaning ALLAH.

Ananging bab Kratoning Swarga 
dalasan gesang miturut tatananing ALLAH 
ingkang sampun kaaturaken 
dening para nabining ALLAH
  sami mboten kagugu lan kaanggep
malahan sadaya
mboten kapirsanan
mboten kapireng lan 
mboten kamangertosan 
dening panguwaosing jagad. 

GUSTI YESUS 
ingkang sampun cetha- 
sampun jelas-jelas nidakaken 
bab-bab kaelokan-  
bab-bab kaswargan lan 
mujizat-mujizat
ingkang ngedap-edapi,
ananging para panguwaosing jagad 
mboten saged mangertosi
bilih karana nggadahi pamikiran :
‘kalau bukan hitam pastilah putih’ 
(bilih sanes cemeng nggih mesthi pethak).


Makaten sadherek sapatunggilan
kita menika
sami saged kaaranan 
kados dene panguwaosaing jagad 
ingkang asring-asring
mboten saged mbedakaken
pundi ingkang sae, 
pundi ingkang leres lan 
ugi pundi ingkang migunani 
kanggening gesang-pigesangan kita.

Kanthi andhap asoring manah 
bilih kita sami 
saged nindakaken karsa-karsaning ALLAH 
menika karana 
kita kaparingan kasagedan 
ingkang mijilipun
saking ngaluhur.

Kados dene para nabi 
ingkang sampun kaparingan kasagedan 
medar wangsit 
ing wekdal-wekdal saderengipun 
 GUSTI YESUS rawuh
miyos 
ing satengahing jagad.  

Para nabi 
sampun paring piwucal-  
pepenget lan 
panuntun 
kanggening gesang pigesanganipun
para umat.


Rahajeng kita para sadherek
  bilih kitha menika,
sampun lamun dangu anggenipun GUSTI 
mirsani kahananing gesang kita 
pribadi mbaka pribadi
punapa sampun sami celak 
utawi dereng nyelak
dumateng panguwaosing Swarga. 

Kita ingkang sami nebih 
utawi sampun tebih, 
anggen kita lumampahan.
  Sampun mboten nyumerepi malih 
bab-bab panguwasaning Swarga- 
dumateng GUSTI  YESUS kemawon, 
kita asring tumindak geguyonan-
kita lumampah miturut pikajeng dhiri kita
piyambak,
dalasan lumawanan 
dumateng sadaya rancanganipun ALLAH

Kangge menapa kita ngenget-engeti
bab prekawis 
ingkang dereng lumampahan, 
karana bab GUSTI  YESUS menika 
anamung kandeg
ing cariyos kemawon- 
mboten nyata 
kanggening gesang kita. 

Lha makaten, 
isining manahing Prabu Herodes
anggenipun anggadhahi pamikir
 bab GUSTI  YESUS-  
SANG PANGUWAOS 
Kratoning Swarga. 

Kita sapindhah malih
kaengetaken lan
kaatag 
supadosa saged nilar 
ing sadaya bab prekawis
ingkang ndadosaken kita
rumaket kaliyan panguwaosing jagad 
dalasan sadaya isinipun. 

Sasaged-sagedipun, 
kita sami tumuju
tunggal pamikir- 
tunggal paningal lan 
tunggal pangrungu
ing dhawuh pangandikaning ALLAH.

Sabab,
bab Dhawuh pangandika punika  
kados dene GUSTI  YESUS PRIBADI 
ingkang rawuh 
ing jamanipun Prabu-prabu Herodes
sapiturutipun. 

Prabu Herodes 
anamung ngendelaken kekuasaan dhirinipun 
pribadi. 

Sumangga, 
kita sami nggetuni lan
balik wangsul
mireng-mirengaken-
ningal-ningali lan
mikir-mikiraken 
bab Kratoning Swarga
punapa karsaning ALLAH, 
kanggening gesang kita samangke.  

GUSTI  YESUS amberkahi kita.  



AMIN





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami