Selasa, 07 September 2010

MANUT RANCANGANIPUN GUSTI

Ibadah Brayat








MANUT 
RANCANGANIPUN  
GUSTI 




MARKUS  11 : 20 - 25











Introitus


JABUR  149  : 4

4
Awit 
ALLAH tresna marang umaté, 
para wong kesrakat
bakal padha diganjar
keslametan.














Patunggilan
ingkang katresnanan 
dening GUSTI  YESUS

Sapindhah malih
kita sami nampi dhawuh 
bab pangatag :

Supadosa kita 
pitados lan mitadosi
GUSTI  YESUS sawethah
'utuh'
mboten mangro
mboten mangu-mangu
ananging wetah
gilig lan
utuh

bilih GUSTI  YESUS
ALLAH
 ingkang rawuh
nuweni kita
para umatipun

Katresnanipun GUSTI 
dumateng umat
nggih kita
para pitados
timbalaning GUSTI



 Rahayu 
para patunggilaning ALLAH

ing wekdal samangke 
taksih tetep lan 
netepi
sadaya dhawuh 
pangandikanipun

bilih punika 
kados dene wit anjir
ingkang ngedalaken woh
mesthi berkahing ALLAH
langkung luber malih

Bilih 
wit anjir punika
ingkang kagadang-gadang
kaarep-arep 
wohipun kathah-
gembel
ananging nyatanipun 
blas-
babar pisan
gundul
mboten medal wohipun

GUSTI  YESUS kala semanten 
kuciwa sanget 
wit anjir punika 
kasupatani-
dipun sumpahi
 dening GUSTI lan
dados garing


Makaten patunggilan
karana 
sih katresnaning ALLAH
kita kaparingan dhawuh
ingkang ngatag
dumateng kita-
'mendorong' 
gesang kita
supadosa dados 
saged 
nindakaken sadaya dhawuh
prentah
panuntuning ALLAH

mesthi kita
sami badhe saged 
ngedalaken woh
'hasil 
ingkang 'luar biasa' 


kathah prekawis
ingkang saestu 'ajaib' 
mboten kanalar

sarana iman kapitadosan
ingkang satuhu
bab prekawis 
ngedalaken woh lan
ngasilaken

punapa
 ingkang kakarsakaken
dening GUSTI  YESUS
mesthi 
badhe kalampahan-
badhe kadadosan


Patunggilan
Sinau 
saking 
bab wit anjir kalawau :

Petrus atur pitaken
dumateng GUSTI YESUS
kenging menapa
 bab wit anjir punika
kedahipun ngedalaken woh

Sabab saben tiyang
ingkang  nanem wit
mesthi ngajeng-ajeng wohipun
bilih anamung godong 
kemawon
mesthi 
murugaken kuciwaning manah
ingkang nggadah wit
kalawau


Patunggilan
Kita
ingkang  sampun sami atepangan 
kaliyan  GUSTI  YESUS

sampun sami pitados 
tunggil sapasedherekan

tunggil iman kapitadosan
 lan kaajeng-ajeng
dening ALLAH 
supadosa kita 
ugi 
sami saged ngedalaken woh

kados dene wit anjir
ingkang ngedalaken woh kathah


bilih kita 
mboten mekaten


kita badhe 
bakal kacabut saking siti
lan dados garing 
lan badhe kaobong

Pundi ingkang sae 
kanggening gesang kita ?


bilih kita sami
'berusaha' ngrimati 

iman kapitadosan 
peparinging ALLAH
punika ?


Kadosta pundi 
kawontenan kita
kita kedah
 ngaturaken saos syukur lan
panuwun


bilih ALLAH 
sampun paring dumateng kita
gesang lan
ngatag dumateng kita 


enggal-enggala 
saged ngrembaka 
tuwuhipun iman 
kapitadosan lan
ngedalaken woh


 'Barang' Darbek kita 
saged kawastanan
wit anjir
ingkang kebak woh lan
nengsemaken
 kanggening tyang kathah 
migunani 
kanggening tyang kathah 




Patunggilan
Sarana dhawuh punika
GUSTI YESUS 
nglajengaken
 anggenipun mucal
para murid
nggih bab ndedonga ...


Pandonga ingkang sae
ingkang badhe kaunjukaken
ing ngarsanipun ALLAH
nggih punika pandonga
ingkang leres ing motivasi
leres ing tumindakipun


Mboten anamung lamis-
'penuh kepura-puraan'-
ndedonga
anamung
 kangge pados pangalembana
saking tyang sanes


Sanes punika :


Iki lho....aku
bisa ndedonga apik
dhawa
tur apik tata basane


Kados pundi 
caranipun ndedonga
ugi anamung kepengin pamer
ing satengahing pakempalan

kanthi swara
ingkang sora lan
kebak kasombongan :

Aku lagi ndedonga
netepi dhawuhing ALLAH
kanthi makaten
tyang kathah ngacungi jempol :

Wong iki pancen mursid
jarene wong

Bab ndedonga
sanes 
kangge kapentingane dhiri
cik ben dipun wastani sae
dening tyang sanes

Ndedonga punika
kedahipun 
nggatosaken isining manah lan
ngunjukaken kahananing gesang
ing pisowanan
ing ngarsanipun GUSTI


Punapa manah kita 
resik
mboten  nggadhahi momotan
jejember lan nistha

Punapa kita
sampun paring sih pangapunten
dumateng tetiyang
ingkang nggadhahi kalepatan
dumateng kita


Kita 
kedah kebak sih piwelas lan
mbucal sadaya raos-raosing manah
dados reregeding manah



Bilih kita 

taksih mendhem
nggadahi 'dendam'
kepengin males 
dumateng tiyang sanes
sadherek kita
ingkang sampun tumindak lepat
dumateng kita-


dereng kita amputen
ngantos dumugi wekdal samangke


Punika 
ndadosaken pitakenan ....
punapa GUSTI YESUS
 badhe mireng
sadaya pandonga lan
badhe ngabulaken
 panyuwun kita ?


Awit 
anggen kita
saben-saben sowan
ing pandonga ...
kita ugi nyuwun sih pangapunten
sih piwelasing ALLAH


ananging kita
mboten melasi-
ngapunten
dumateng sadherek kita




Sumangga
Patunggilan
 Kita nata gesang kita malih
paring sih pangapunten
ingkang saestu


mbucal
 sadaya jejembering manah lan
najising gesang kita


Kanthi makaten
kita 
sampun nindakaken
punapa ingkang 
GUSTI YESUS
karsakaken


Pundi ingkang sae
kita tindakaken
dene 
ingkang awon
kita bucal


Samangkya kita
badhe saged ngraosaken
isining manah
ingkang kebak kabingahan


Berkah-berkahing ALLAH
ingkang 
kita suwun
kita unjukaken
mesthi 
punika migunani kanggening
gesang kita 
lan kanggening sadherek 
sanesipun




Sumangga
kita lajengaken
ing gesang  pigesangan padintenan
anggen kita tata-tata lan
mranata gesang
ingkang kebak kasaenan
kaliyan tiyang sanes


Kita sami saged ngraosaken
manah
 ingkang bingah 
sadangunipun
kita lumampah leres
trep 
kaliyan sadherek sanes


mboten wonten sesinggedan lan
'pembatas'


GUSTI YESUS
mesthi karenan
ing penggalihipun kados
ingkangkaserat ing ayat


JABUR- 
MAZMUR 149 : 4


Awit dene
PANGERAN  YEHUWAH 
karenan marang umate
para wong andhap asor
bakal dimakuthani 
kalawan karaharjan


Jer kita gesang
manut panuntun lan
ingkang punapa
GUSTI YESUS
 karsakaken
kanggenipun kita
para umat kagunganipun


Kados dene wit anjir 
kaarep-arep wohipun
Makaten ugi kita
kaajeng - ajeng wohing
 pandamel kita


anggen kita nindakaken
sadaya karsanipun ALLAH


Kita kedhah mangertosi
punapa 
karsanipun ALLAH
kanggening gesang kita :

Kita
kedhah langkung mangertosi 
malih
karsanipun ALLAH :


Lamun kita 
mboten badhe klentu
ing atur pandonga
Kita mangertosi
 karsanipun ALLAH


Kita nindakaken
 karsanipun ALLAH 


Mesthi 
kita saged nyenyuwun
punapa ingkang kita betahaken
manut miturut karsanipun ALLAH


Kita mboten anamung nyuwun
sadaya pepenginan lan
kabetahan kita
 manut miturut
kabetahan kita 
piyambak


Kita sami mangertosi
karsanipun ALLAH lan
ngudi nindakaken
ing gesang pigesangan
saben dintenipun


Makaten
kita unjukaken
 pandonga kita :


Supadosa 
kita saged 
ngedalaken
 wohing pigesangan
kanthi manah
ingkang resik
kita sowan
ing pandonga










AMIN









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami