Minggu, 04 November 2012

Ndherek Gusti Yesus mbetahaken tekad wantun nilar sadaya pikajeng tuwin karemaning pribadi


Ibadah Minggu
28 Oktober 2012




Tema Bulanan  :
Rumaket dhateng Sang Kristus
 ateges
nguwalaken dhiri
saking jireting bandha donya





Tema Minggon :

Ndherek Gusti Yesus
 mbetahaken tekad
wantun nilar
sadaya pikajeng
tuwin karemaning pribadi



YEREMIA  31 : 7-9
IBRANI  5 : 1-6
MARKUS  10 : 46-52









Patunggilan ingkang kinasih

Yeremia 31: 8-9
 paring cariyos pepenget
 dumateng kita
bilih  Gusti Allah
saestu maha tresna lan kebak ing kawigatosan
 dhumateng umatipun.

Gusti Allah
kersa nimbali para umatipun
 saking papan-papan tebih
lan
saking sakehing padunungan
 ingkang pating marenca.

Sadaya umat kakempalaken dados satunggal,
 wonten umat
 ingkang saweg nandhang sangsara
lan
saweg nandhang sesakit.

Umat sami katuntunan lumampah
ing margi ingkang rata-
margi ingkang sekeca

Lumampahan dhateng negari
 ingkang loh jinawi,
 papan panggenan
 ingkang subur seger,
kathah lepen-lepenipun

 Gusti Allah
 saweg ngluwari umat
 saking kasangsaran lan kanisthan

umat kapindhah
 lumebet dhateng karaharjan lan kamulyan.
Patunggilan
ing Kitab Ibrani 5 : 1 - 6
Kita sami mangertosi lan ngimani
 bilih
Gusti Yesus
katetepaken dados
Imam Agung
ingkang jumeneng dados ‘pengantara
antaraning Gusti Allah lan manungsa

Gusti Yesus
minangka dados sesulihing umat
 anggenipun umat nyaosaken kurban
 kangge panebusing dosa,
lan
anggenipun umat nyaosaken kurban
 nyuwun sih pangapunten
 lan
nyuwun berkahing Gusti Allah

 Gusti Yesus
 ingkang kita imani
lan
 ingkang kita pahami

Bilih GUSTI YESUS
mboten anamung nyaosaken kurban
 kados limrahipun para umat ,
ananging
Gusti Yesus piyambak
sampun nyaosaken sarira-
dhirinipun
dados “tumbal”-
 dados kurban

(kados ingkang kawartosaken
lan
kababaraken
ing Kitab IBRANI  9 : 14
…..
mendahane maneh rahe KRISTUS,
kang marga dening ROH
kang langgeng
wis ngurbanake sarirane piyambak
konjuk ing ALLAH
 minangka pisungsung kang tanpa cacad,
iku bakal nucekake rumangsaning ati kita
 saka panggawe kang tanpa guna,
 supaya kita
 bisa ngabekti marang ALLAH kang gesang ).

Lha samangke
kita badhe ngraos-ngraosaken
 isining Kitab
Markus 10 : 46 – 52

Umat Yahudi
 anggadahi riyadin Paskah
ingkang dados riyadin
 ingkang paling ageng
kabandhing riyadin sanesipun.

Saben-saben mapag dinten Paskah,
 umat Yahudi
saking pundi-pundi papan
sami dhateng
ngempal
ing kitha Yerusalem

Lare jaler
 ingkang sampun ngancik umur 12 taun
sami kaajak mangabekti
 ing Padaleman Suci
 ing Yerusalem.

Wonten margi ageng
Patunggilan
ingkang kasebatan margi ziarah
karana margi menika
dipun langkungi para peziarah.

Margi
ingkang tebihipun 20-an km
saking Yerikho - Yerusalem

Sinten kemawon
 ingkang kasebatan para peziarah punika ?

Wonten para imam lan ahli Toret
ingkang dipun dherekaken
 dening tiyang golongan.

Wonten rombongan peziarah sanes
 ingkang asesarengan kaliyan Gusti Yesus
 cacahipun saestu kathah sanget;
ing antawisipun tiyang golongan lan para murid
Anggenipun lumampah
sinambi mireng piwucal
lan
nggatosaken kasektenipun-
 nggatosaken ‘kuasa-
panguasaning GUSTI YESUS,
 ingkang kadherekaken tindakipun

sinambi wawan rembag (diskusi)
ing sauruting margi.

Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Bartimeus,
tiyang wuta
 ingkang ndheprok
 ing sapinggiring margi ageng
saben-saben taun
 nyadhong piwelasing para peziarah.

Bartimeus
sanajan kahananipun kados makaten
ugi mireng-
mangertosi
 yen Gusti Yesus
saweg tindak lumampah
badhe langkung
ing margi menika

Bartimeus kepingin saras,
 Bartimeus nguwuh-uwuh
 kanthi sora
 nyuwun kasarasaken.

Tamtu kemawon
 panguwuhipun Bartimeus
sanget ngganggu
 lelampahan lan konsentrasinipun
 tiyang kathah.

Pramila
Bartimeus dipun aruh-aruhi
aja bengak-bengok,
 Bartimeus kapurih mendel.


Patunggilan
Sumangga
kita gatosaken
tigang waosan kita menika
 
Tetiga waosan kita punika
nedhahaken bilih Gusti Allah
tansah kagungan penggalih
 lan
 tansah tumindak
enggal paring pitulungan
dhumateng para kagunganipun.

Gusti Allah
karsa ngentas umat
 saking mawarni-warni reribet :
 Umat ingkang saweg kajajah ing tanah pangawulan;
Umat ingkang saweg wonten bebandaning dosa / pati (Ibrani);
Umat ingkang ugi saweg ing karibetan-
kados dene  Bartimeus
ingkang saweg nandhang kasekenganing badan

GUSTI ALLAH
karsa enggal paring pitulungan


Samangke
kados pundi
Patunggingan
ingkang katresnanan
dening GUSTI YESUS

Kedahipun
kita para manungsa
paring wangsulan-
 paring tanggapan
karana sampun nampeni pitulungan
 lan
 sampun nampeni sihe-
 katresnanipun Gusti ALLAH ?


Patunggilan 
Wonten gambaran nyata
bab pemimpin lan tokoh

Ing wekdal samangke
 ing jaman ingkang sampun sepuh menika;
 Kita sami saged ningali
Lan
 saged ngraos-ngraosaken
kawontenaning
para  “pejabat”
utawi
 tokoh publik
ingkang karubung
dening para wartawan,

Rikala para wartawan
sami kepingin kulak warta
 saking pejabat
utawi
saking tokoh punika.

 Upaminipun bab-bab ingkang kawigatosan
 ingkang gegayudan kaliyan prakawis
 ingkang saweg actual-
ingkang saweg kadadosan
ing satengahing masyarakat.

Kados dene kasus korupsi kelas kakap.

Mesti
para wartawan
sami ngaturaken pitakenan warni-warni
lan
kathah.

 Asring pitakenaning para wartawan
mboten kajawab
utawi
mboten angsal wangsulan katrangan
 ingkang maremaken.

 Wangsulan
utawi
katrangan
 ingkang katampi
sok-sok anamung sasekecanipun
si tokoh pemimpin
atur paring wangsulan-
 angger mangsuli.

Wosipun
 para wartawan
mboten nampeni kawigatosan
 lan
mboten nampi wangsulan
ingkang nglegakaken manah.

Benten kaliyan GUSTI YESUS
 SANG TOKOH
 ingkang gayeng
 anggenipun ngladosi
wawanrembag
dumateng tiyang sagolongan
 lan
sok sintena tiyang
ingkang sami pepanggihan

Gusti Yesus
sanget migatosaken pasambat-
 panguwuhipun Bartimeus.

Gusti Yesus kendel-
TUHAN YESUS berhenti.

Gusti Yesus ngarsakaken sesambetan
 ingkang langkung celak
 lan
ingkang langkung cetha
 kaliyan Bartimeus.

Gusti Yesus nimbali Bartimeus

  Gusti Yesus ndangu Bartimeus:
 “Karepmu dak kapakake?”.


Patunggilan
 Gusti Yesus
 sanget migatosaken kapentinganipun tiyang sanes-
 kepentinganipun tiyang sakit;

GUSTI YESUS
Mboten mentingaken dhiri
pribadinipun piyambak.

Gusti Yesus mboten meksa-
 TUHAN YESUS tidak memaksakan kehendakNya,
Gusti Yesus ngaosi-
TUHAN YESUS menghormati pepinginanipun si wuta-
 Bartimeus
 Gusti Yesus kepingin mireng lan pirsa punapa ingkang sejatosipun dipun betahaken dening Bartimeus.


Gusti Yesus sampun mirsani
sikaping Bartimeus
 anggenipun mboten kendel-kendel
 nguwuh-uwuh
nyuwun pitulungan
dumateng Gusti Yesus,

Gusti Yesus pirsa
 bilih Bartimeus nggadhahi kapitadosan
ingkang teguh
bilih GUSTI YESUS
 kwaos lan karsa
paring kawaluyan
tumrap dhirinipun.

Panjawabing GUSTI YESUS:
“Pangandelmu kang mitulungi kowe.
Bartimeus mboten nggadhahi raos “bimbang
Utawi
 raos mangu-mangu,
Bartimeus kebak keyakinan.
Bartimeus enggal-enggal nanggapi
 timbalanipun Gusti Yesus.


Piwucal punapa
Para sadherek
Sapatunggilan
ingkang saged kita tampi 
kanggening gesang
adhedhasar pangertosan-pangertosan
ingkang gegayutan kaliyan Bartimeus ?


Bartimeus ngrumaosi
bilih sawetahing gesang
 dados kagunganipun Sang Kristus.

 Sacara tata lair-
secara fisik
sampun kasarasaken,

Bartimeus
mboten cacat malih,
mboten gadhah raos minder-
rendah diri malih,
mboten ngarep-arep malih
 tumrap piwelasing tiyang sanes-
 mboten ngemis,

 Sacara kasukman-
sacara karohanen
ugi rumaos
sampun kapitulungan rahayu,

 Bartimeus
 sampun dipun wilujengaken,
Sampun dipun apunten dosanipun.

Karana  
ing masyarakat Yahudi
nandhang sakit cacat-
contonipun wuta

Penyakit menika
 kaanggep wonten sesambetaning kaliyan dosa
.

Patunggilan ….
Bartimeus
saestu saged masrahaken sawetahing gesangipun
 dhumateng Sang Kristus
 Bartimeus ndherekaken
tindaking Sang Kristus.


Paseksenipun Kitab Markus :
“… wong picak mau bisa ndeleng,
banjur ndherekake tindake Gusti Yesus”.

Bartimeus boten nuruti pikajengipun piyambak,
Bartimeus ndherekaken tindak 
lan 
ngener ing karsanipun Gusti Yesus.

Ndherekaken Sang Kristus 
GUSTI YESUS
tumunten ndherekaken tindakipun Gusti Yesus
Bartimeus rumaos sampun nampi pitulungan
 ingkang ageng sanget saking Gusti Yesus.


Patunggilan
Kita sami lumebet gesang
ing perkembanganing jaman
ingkang sangsaya modern-
 maju,
ing jaman industrialisasi
lan
jaman kapitalisme.

Ing jaman manungsa sibuk migatosaken
 kabetahaning pribadi-
 individualisme (mentingaken dhiri).

Gesang kita samangke
sampun sami kecalan pirukun,
kecalan gotong royong,
 tulung tinulung


Patunggilan
sumangga kita sami
ndherekaken tindakipun
 Sang Kristus
 ing satengahing bangsa kita
Indonesia

 sumangga kita sami
 ngecakaken pangertosan-pangertosan
 bab nyalib kapentingan pribadi,
lan langkung migatosaken
 kapentinganing sesami

GUSTI YESUS
sampun langkung ngrumiyini
nindakaken peladosan
dumateng sesamining manungsa,
dene menapa kita dhereng ?

GUSTI YESUS mberkahi kita


AMIN




























Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami