Sabtu, 18 Oktober 2014

SEMBADA ING IMAN KAPITADOSAN

Pangibadah Piranti Gideon
Minggu, 28 September 2014



SEMBADA
 ING 
IMAN KAPITADOSAN




YOEL 3 : 1 – 8

7
Lah bakal padha SUN tangekake
saka panggonan pangedolira mau,
sarta
nampekake panggawenira iku
marang sirahira dhewe.




Patunggilan
pirantosing GUSTI YESUS
Iba bingahing gesang kita
bilih kita
 kaanti-anti dening ALLAH
dados umat ingkang piniji-
pinilih
kasengkeraken
tuwin kayasa
 dados bangunan-
yeyasaning ALLAH.

Dados patunggilan
 ingkang nampeni berkah
 sihing ALLAH


Patunggilan
Sinten
ingkang rumaos kabegjan
 ing gesangipun ?


Patunggilan
Kita
 ingkang dados umating ALLAH,
 sanes-
mboten
malih dados memengsahing ALLAH

Cariyos lelampahan
makaping-kaping umating ALLAH
 sanget anggenipun ngalami bebendhuning ALLAH
 karana
mboten setya tuhu
anggenipun ngecakaken dhawuh
pangandikaning ALLAH

Pinten-pinten wekdal
Sampun sami kabucal
dening ALLAH-
kabuwang
dumateng tlatah nagari sanes-
kabucal
ing tanah pangawulan.

Bangsa Filisti,
 Sidon lan Tirus
sami ngedum tanah prajanji Yehuda
dalasan tlatah Israel-
kathah malih
 emas salaka
dalasan isining bumi kapendhet-
 karayah.

Punapa malih
isen-isening bale griya
 lan
 kathah wujuding pirantosing
Padalemaning ALLAH
 sami karampas
kabekta medal
saking tanah suci Yerusalem


Patunggilan
Malah-malah
wonten saperangan warganing nagari Israel
dalasan warganing nagari Yehuda
 ingkang sami kasade
dados budak
dumateng bangsa Yunani.

Para warganing bangsa pinilih
sami kaedol
 supados sami nilar tanah prajanjining ALLAH

Sanget dukaning ALLAH
 tumrap umat
 ingkang wanton kumawantun lumawanan
dumateng karsaning ALLAH
Sanajan menika
Patunggilan

umat pilihan GUSTI ALLAH.
 ALLAH ugi badhe ndhawahaken paukuman.
Langkung-linangkung malih
 dumateng umat
 ingkang dados memengsahaning ALLAH

Tumindak kadurakan
mboten wonten batesanipun

sinten kemawon
ingkang badhe ngalami bebenduning ALLAH ?.
Inggih;
 Sinten ingkang kumawantun
lumawanan dumateng ALLAH.

Bangsa kinasih
sami kaukum
ing bebendu

Israel dalasan Yehuda
Sami nampeni paukumaning ALLAH-
 para anak lanang wadon
sami kaedol lan sami kalintokaken

Mboten wonten malih ajining gesang
karana ALLAH
estu ngukum para umating


Patunggilan
Umat
ingkang mboten ngibadah
mesti tansah wantun lumawanan
dumateng ALLAH

La makaten ugi
dumateng umat
ingkang kasebatan dados memengsahaning ALLAH
sami saged kawelasan
 karena kasetyan lan pambangun turutipun
 dumateng ALLAHing Israel-
 Inggih bangsa Yehuda

Sarana ngagem bangsa sanes
ALLAH
saweg ngukumi umat pilihanipun


Patunggilan
Bangsa
 ingkang kawastanan memengsahing ALLAH
 inggih menika bangsa-bangsa
ingkang sami kumawantun nyenyawiyah
 Asmaning ALLAH
lan
sami nilar pambangun turutipun
 dumateng ALLAH
 lan
 ugi sami nilar
 ing pranataning ALLAH

Katresnaning ALLAH
 mesti badhe kalintoni
dados wujuding paukumaning ALLAH


Patunggilan
Bangsa-bangsa
 ingkang sami kumawantun njarah
isining peraboting Padaleman suci-
 emas salaka
 lan sanes-sanesipun

Bangsa
 ingkang sami kumawantun
 ngusung isining prabotan Padaleman Suci
dumateng papan pamujaning para dewa-
para sesembahan sanesipun

Kados dene
 ingkang kalampahan dening bangsa Filisti

ALLAH
 sanget anggenipun duka
punapa malih bilih wonten umat
 ingkang sanget anggenipun anyenyawiyah,
sacara iman sami nindakaken (zinah- perselingkuhan)
lan
mboten nindakaken pakurmatan ingkang satuhu

Piwales-
 paukumaning ALLAH
dumateng bangsa Filistin
makaten ugi
ingkang sami dados memengsahaning ALLAH
 sanget kapatrapan
miturut pandamelipun

Contonipun bangsa Filistin
ingkang sami ngedol tinuku
 lan
sami nglintoni para warganing bangsa taklukan
kaliyan samukawis barang kabetahan.

Bangsa Filistin
 ugi nampi bebendu
 ingkang makaten ugi-
 sami ngalami kasade-
 kaedol ugi
dumateng bangsa Syeba

Menika dados wujuding paukuman
ingkang sami kadhawahaken
lan
 ingkang sampun kadhawuhaken
sadaya sami kalampahan

  Lah
 bakal padha SUN tangekake
 saka panggonan pangedolira mau,
 sarta nampekake panggawenira iku
marang sirahira dhewe.

Hukum Tabur Tuai
makaten wujuding
paukumaning ALLAH
 dumateng saben tiyang-
saben bangsa
 lan
saben tiyang lan bangsa pinilih
 ingkang mboten ering
ing pikurmat dumateng ALLAH

Sumangga
 kita sasedherek
sami ngatos-atos
anggen kita nindakaken peladosan
dumateng GUSTI ALLAH kita-
 GUSTI ingkang dados sesembahan
gesang kita

Dhawuh pangandikanipun estu sanget
nggadhahi daya panguwasa
jer kita ugi
sami saged sami nampi berkah
 utawi
paukuman

GUSTI ALLAH
 mboten mawang tiyang
lan
 mboten mawang bangsa
miturut tanduk-tumanduk kita sami
 anggenipun GUSTI ALLAH
nimbali paring berkah
utawi
ndhawahaken paukuman


Sumangga
 sepisan malih
sami kita gatosaken timbalaning GUSTI YESUS
tumrap gesang kita

GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN















Berdoa/ Berkat
# Ucap syukur
#Mohon pengampunan
#Mohon kekuatan dan pengertian, tuntunan
( baca + merenungkan Firman )
Amin

KPK 60 : 1  ALLAH PANGEN KULA

Pembacaan Firman :
YOEL 3 : 1 - 8

KPK 97 :1 TANSAH SAMEKTA

RENUNGAN

KPK 121 : 1  KINANTHI ING GUSTI

DOA SYAFAAT
#Ucapan syukur atas Firman
#Ucapan syukur persembahan/ pamisungsung
#Penyerahan diri dan mohon kekuatan penyertaan- PD Gidion
#Doa untuk keluarga 
Amin







PRACAYA MURAKABI SAMUBARANG KANG KASUWUN

Persekutuan Doa Gideon, 
Selasa 16 Oktober 2014




PRACAYA
MURAKABI
SAMUBARANG
KANG KASUWUN

YESAYA 9 : 7 – 11


Saos syukur kita
 ing patunggilaning GUSTI YESUS

Pracaya iku 
murakabi 
ing samubarang

Pracaya iku 
mitulungi saben manungsa
 angger mantep

Kanthi Pracaya
bakal nampeni kabingahan


Patunggilan
GUSTI YESUS
 anggenipun memucal-
 ndhidik saben tiyang 
kinantenan sih katresnan
 murih saben tiyang menika
saged nampi pakaryanipun.

Pracaya 
bilih GUSTI YESUS menika
 ALLAH 
lan 
purun nindakaken 
saben dhawuh pangandikanNYA

Samubarang prakawis 
badhe saged kalampahan;
Kados dene 
mindah redi
 dumateng seganten

Iman
 ingkang kapulung 
dening GUSTI YESUS
Iman
 njalari samukawis prekawis 
saged kalampahan

Srana iman 
pakaryaning ALLAH 
saged kababar


Patunggilan
Sinten tiyang 
ingkang mitadosi
 bilih GUSTI YESUS menika 
ALLAH

ROHing ALLAH 
badhe nyantosakaken gesangipun

ROHing ALLAH
badhe paring pitulungan 
nyantosaken imanipun

ROHing ALLAH
 lumantar iman sawiji 
swawi ndadosaken 
barang ingkang mokal
sami saged kedadosan


Patunggilan
Iman
 saged mranatani 
saben gesanging manungsa

Jaman samangke
 jaman ingkang ngendelaken
 ilmu pengetahuan 
lan 
akal budi

Jaman samangke
 jaman ingkang ngendelaken
 kakiyatan-kakiyataning jagad;
 Roh-rohing jagad

Jaman 
ingkang sarwi samar-samar
 antawisipun kaleresan lan dosa

Pakaryaning roh dosa 
ugi nuntut iman kapitadosaning 
para manungsa

Roh dosa 
ugi njanjekaken 
kabingahan-kabingahan lan kasaenaning gesang


Patunggilan
Rahajeng kita 
ingkang tetep bakuh 
ing iman kapitadosan
 bilih ing dalem GUSTI YESUS KRISTUS 
mboten wonten malih kabingahan 
lan 
mboten wonten panguwasa-panguwasa 
ingkang ngungkuli kasampurnanipun

Bilih ndherek GUSTI YESUS
 tamtu mbetahaken 
giliging iman kapitadosan
 mboten perlu kacampur 
ing iman dumateng 
panguwasa-panguwasa sanes

Bilih ndherek GUSTI YESUS
 sampun ta malih mangu-mangu 
bab kados pundi
 ing salajenging pigesangan kita

Sebab 
GUSTI YESUS enggal makarya
 mujudaken samukawis 
miturut kaleresan 
ing dhiri kita 
lan 
ing dhirining para pitados

Kanthi panyuwunan
 utawi
 mboten nyenyuwuna ugi
 kita tetep 
bakal badhe nampi
 peparinging GUSTI YESUS

Sebab lampahing tiyang pitados 
tansah tinunggilan gesangipun


Patunggilan
Kita waos malih
 ayat 10 :
SANG YEHUWAH
 nuli nglurugake para panggedhening 
wadya-bala Rezin
 lan 
ngangkatake para musuhe:

ayat 11b :
Sanadyan iki mau 
kelakon kabeh, 
dukane durung mendha, 
sarta astane
 isih kaagagake


Menika
 patunggilan 
ALLAH kita 
ingkang mboten kendel lan mendel 
anggenipun paring patrapan- 
paukuman
 bilih manungsa kekasihipun
 mboten nggatosaken timbalan 
lan 
tetep ngudi kaleresan 
miturut akal budi 
lan
 kapracayan sanesipun

Manungsa
 ingkang pitados
 saged mangertosi
 bilih ALLAH
 mboten badhe kendel lan mendel

Manungsa
 ingkang pitados
 tansah ajrih asih nindaken  dhawuh-dhawuh
 pangandikanipun ALLAH

Dhawuh pangandikanipun ALLAH
 tumrap Rama Yakub :

‘Pagere bata ambruk, 
kita arep ngedegake pager watu tatahan; 
Wit sikmah padha ditegori, 
bakal kita saline wit eres’

ALLAH
 paring dhawuh
 ngengetaken 
bilih ing brayat agunging Rama Yakub
 sampun tuwuh iman kapitadosan 
ing sanjawining ALLAHing 
Rama Yakub

Punapa ALLAHing Yakub
 mboten saged mbentengi ?-
 kados-kados 
bebentenging ALLAH
 kapasemonaken pager bata 
ingkang saestu mboten kiyat
 tinimbang pager 
saking panguwasa sanes
 ing sanjawining kakiyataning ALLAH-
 pager watu tatahan 
ingkang dados bebenteng 
dados sesulihing iman 
kapitadosaning umat

Wit sikmah 
kagantos taneman wit eres-
 tuwuh ngrembakake iman 
kagantos kaliyan iman 
ingkang langkung sae
 miturut penilaianing jagad


Patunggilan
Kita
 ugi asring kesupen 
kados dene
 tedak turune Rama Yakub; 

Kita kesupen
 dumateng piwucaling tiyang sepuh kita 
bab-bab panguwasa
 lan 
bab-bab kakiyating iman
dumateng GUSTI YESUS KRISTUS

Kita 
anamung mawang 
sacara raga jasmani-
 bab-bab 
ingkang kasat mripat

Kita kesupen 
bilih ing sadaya kawontenan
 ingkang kakarsaken 
dening GUSTI YESUS- 
sadaya
 sami kanicipta sae lan luhur

Sepindhah malih :
 Sae lan luhur
 karana ALLAH
 ingkang mbebentengi lan njagi
 anggenipun saged tetep jejeg
 ngadeg

Makaten 
dhawuhing GUSTI YESUS- 
ALLAH SANG YEHUWAH :

ayat  8 :
Cikben sumurup  
sabangsa kabeh ….
kang celathu 
kalawan 
angkuh lan lumuhur-luhur :

ayat 9 :
‘Pagere bata ambruk,
 kita arep ngedegake pager watu tatahan;
 Wit sikmah padha ditegori,
 bakal kita saline wit eres’

Sepindhah malih : 
Sae lan luhur
 karana ALLAH 
ingkang dados bebenteng lan njagi 
tetep ngadeg jejeging 
iman kapitadosan 
sampun ngrebahaken sadaya
 andel piandeling gesang- 
bebentenging gesang
 ingkang kasandingaken 
kaliyan panguwasaning ALLAH

Sepindhah malih : 
Sanadyan paukumaning ALLAH
 sampun kadhawahaken-
Sanadyan
 iki mau kelakon kabeh, 
dukane durung mendha, 
sarta astane 
isih kaagagake


Patunggilan
Sumangga 
kita sami enggal-enggal rumaket
 ngrangket 
dumateng ALLAH- 
SANG KRISTUS YESUS-
 SANG YEHUWAH
 GUSTIne sarwa tumitah.

Kita 
kedah ngenggalken malih 
iman kapitadosan kita 
lan
 nggetuni sadaya 
tindak lumampahing gesang kita

PRACAYA
MURAKABI
SAMUBARANG
KANG KASUWUN

Kanthi kapitadosan 
tumrap 
punapa ingkang kita gadhahi samangke
 dados wujuding pangrimataning ALLAH 
dumateng gesang kita

Kita 
tansah suwunaken malih 
kanthi iman kapitadosan
 supados ALLAH
 nglestantunaken gesang kita, 
mboten sisah menga-mengo 
ningali kawontenaing sadherek sanes.

Bilih kahanan kita 
pancen asor- 
mboten nyekapi
 kanggening kita gesang mubra-mubru—
anamung
 dumateng GUSTI YESUS kemawon 
kita sowan 
mareg
 nyuwun samubarang
 kabetahaning gesang
 kita.

Anamung dumateng GUSTI YESUS 
iman kita pasrahaken :
 Punapa GUSTI YESUS 
mboten badhe midangetaken ?

GUSTI YESUS mberkahi kita
AMIN









Pandonga/ berkat
KPK 91 : 1 PRABOTING PERANG ROHANI
Pandonga:
Maos Kitab : YESAYA 9 : 7 – 11
KPK 51 : 1 GUSTI PANGANGGEL KULA

Kotbah:
Pandonga:

KPK 64 PASRAH MRING GUSTI

Minggu, 24 Agustus 2014

SIH KATRESNAN INGKANG NGEDALAKEN WOH

Rancangan Renungan Ibadah Brayat: 
Kamis, 21 Agustus 2014


SIH KATRESNAN
 INGKANG 
NGEDALAKEN WOH



1 TESALONIKA 3 : 4 – 13

12. Sarta maneh, muga GUSTI karsa ndadekake saya wuwuhing katresnanmu nganti luber marang padha sadulur lan marang wong kabeh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowe.

Patunggilan …. Sinareh kita menika mboten saged gesang piyambak tanpa pitulunganing tiyang sanes mila kita kagulang supados tumindak katresnan. Rahajeng kita ingkang saged ngraosaken sesambataning tiyang sanes. Pasambating tiyang sanes menika saged kaucap utawi kalair lan saged ugi mboten kalairaken sacara lesan.

Patunggilan …. Ulat lan tindak tanduk saged nedahaken kaprihatosaning dhiri. Kados conto cariyos : Ing sawijining wekdal wonten lare amping-amping ing sajawinipun toko lajeng tanganipun ngranggeh mendet ‘obat’. Lajeng tumindaking lare kalawau kasumurupan dening Ibu ingkang njagi toko. Lare kalawau dipun dukani lan kadunungaken kalepatanipun mawi pangucap ingkang keras ngantos kapireng dening Bapak ingkang marung sadeyan sekol. Lajeng, Bapak menika mundhut pirsa dumateng lare kalawau : “Wong tuamu lara ta ?” (Lare kalawau mendel mboten paring panjawab ngantos muwun). “Wis iki Bapak bayar obate lan iki sop lan sega gawanen mulih”. Lare kalawau tetep mendel langsung nilar Bapak ingkang maringi sop menika.

Patunggilan …. Raosing manah ingkang nampi pitulungan mesti mboten saged kendel mendel. Saos syukur ingkang mboten kaucap ing tutuk lan lambe mesti kabeta ngantos sadanguning gesang. Ing pamikir lang pangraosing manah mboten saged nyelaki katresnaning tiyang ingkang kanthi tulus paring pambyantu. Mbok menawi kados makaten raosing manah kita bilih ugi ngalami gesang kados lare kalawau.
Lajeng kados pundi bab katresnan ingkang kita tampi saking tiyang sanes ing sauruting gesang kita ?. Kados pundi dayaning katresnan ingkang kita tampeni saking sakathahing tiyang ing sauruting gesang kita ngantos dumugi wekdal samangke bilih kita ugi taksih nampeni mawarni-warni wujuding katresnan ?.

Patunggilan ….  Lare menika saged nggadahi katresnan ingkang luber karana sampun nampi pengalaman dipun tresnani.  Kathithik sadanguning 30 tahun; si Lare menika sampun dados dokter ingkang kebak welas asih. Lan Bapak ingkang sadeyan sekol lan nate paring sop mboten kasengaja ugi nampi pitulunganing Lare menika. Bapak ing yuswa sepuh lan nandhang gerah, penyakitipun awrat (sanes penyakit limrah). Tamtu si Bapak estu mbetahaken ragat ingkang kathah. Ananging Patunggilan … Cariyos KATRESNAN INGKANG NGEDALAKEN WOH : Estu mboten kanyana si Lare samangke saged  mbales katresnaning si Bapak kanthi nglunasi sadaya tagihan griya sakit. Ing kwitansi tagihan wonten seratan tangan : Sadaya sampun kabayar lunas 30 tahun kapengker kaliyan obat-obatan lan sak bungkus sop anget.

Patunggilan … lubering katresnan ingkang kabagi dumateng tiyang sanes pranyata saged dados tuwuhing katresnan ing dhirining sadherek sanes ingkang kita tresnani. Punapa malih bibit katresnan ingkang kita sebar dumateng lare, anak-anak- putra wayah kita, mesti ing tembe dewasa anak putra wayah kita menika ugi tuwuh dados pribadi ingkang kebak katresnan.
Rasul Paulus nanem wiji katresnan ing Pasamuwan Tesalonika. Pasamuwan Tesalonika ing titiwancinipun ugi sampun saged ngedalaken woh. Pasamuwan Tesalonika sanget anggenipun nyinau nindakaken gesang katresnan ing satengahing patunggilan.
Ing wiwitan buka anggenipun Rasul Paulus memucal bab katresnan; Rasul Paulus paring wawasan bab kasangsaran ingkang mesti badhe kaalaman dening saben tiyang pitados mila Rasul Paulus ngaturi supados bab katresnan kedah katandukaken lan katindaken dumateng para sadherek ingkang ngalami pacoben utawi kasangsaran kalawau.

Patunggilan……Gegayutan kaliyan reraosan kita bab katresnan menika kados pundi kahanan dhiri kita ?.   Punapa kita sampun sami purun gantos ginantos lumadi gesang ing sih katresnan ?. Punapa buktinipun ?. Sumangga kita tilik utawi kita padosi !.
GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

u


2