Senin, 09 Juli 2012

AJA DUMEH


Ibadah Minggu
 8 Juli 2012


Tema Wulanan :
Mekaten kanugrahanipun ALLAH
wontening pamanggih lan tindak-tanduk



Tema Minggu : 


AJA DUMEH


YEHEZKIEL 2 : 2 – 5
2 KORINTUS 12 : 7 – 10
MARKUS 6 : 1 - 6



Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Rahajeng
 kita sami
ingkang sampun nampi kawilujengan
 ingkang pinangkanipun
saking ALLAH

ALLAH
karsa paring utusan
kangge nimbali sok sintena tiyang
ingkang miturut karsanipun ALLAH
PRIBADI

Tiyang ingkang
kedahipun kaaturan
 kacawisi
anggenipun badhe nampi berkah

Anggenipun badhe nampi ‘berkah agung’
ingkang awujud
kaslametan-
 kawilujengan

Berkah ingkang murakapi
ing samukawis perkawis
sacara tata raga-
jasmani
 makaten ugi sacara tata karohanen-
gesang ngetut wingking
ing karsanipun ALLAH

Nabi Yehezkiel
ing wiwitan kapiji
dados utusaning ALLAH
ugi anamung manungsa limrah kemawon
 kados dening dhiri kita,
patunggilan

Nabi Yehezkiel
kautus ngadepi bangsa
ingkang sanget anggenipun ndukakaken-

bangsa
ingkang saestu
 damel sekel penggalihipun ALLAH

Yehezkiel
anamung manungsa limrah
ingkang nggadhahi raos rumaosing manah
 ‘alit’,
mboten nggadhahi kekiyatan
lan
mboten nggadahi kasagedan

Yehezkiel
 anamung cumawis dhiri-
Yehezkiel anamung nyadong
pamituntuning ALLAH

Ayat 6
(ing pamaosing kitab YEHEZKIEL 2  
kita lajengaken satunggal ayat)

Lan Sira (Dhawuhipun ALLAH),
anaking manungsa,
aja wedi
marang wong-wong iku
tuwin
marang tembung-tembunge,
sanadyan sira kinepung
ing  lateng lan eri,
sarta pamanggonira
 ana ing tengahe kalajengking.

Aja wedi
marang tembung-tembunge
 lan
aja ndhredheg
 ana ing ngarepe,
amarga
iku jinis kang ambeg mbalela


Yehezkiel
 kados dene para nabi sanesipun
 saestu
saged wawanrembag kaliyan ALLAH
 awit ROHing ALLAH
 sampun dumunung
 ing dhirinipun

Rohipun Yehezkiel
Sami  pinanggih
 kaliyan ROHing ALLAH

sapamirenging driya
kaucapaken
ing tutuk utawi lambe:

ALLAH ngutus Yehezkiel
Ayat 3

He,
anaking manungsa,
sira SUN utus
nemoni wong Israel,
 bangsa kang ambeg mbalela,
kang wus mbalela marang INGSUN.

Bangsa iki
dalah para leluhure
wus padha gawe duraka
 marang INGSUN
nganti tumeka
ing dina iki uga


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Ing saben wekdal
ALLAH karsa ngrawuhi kula
 saha panjenengan sadaya

ALLAH kepengin
wawanrembag kaliyan kita
ALLAH kepengin
ngutus kita
 ing sawerning babagan

‘ALLAH ingin mengutus kita
di dalam segala perkara’

Sinten ta kawula menika
GUSTI YESUS ?

Kados makaten sak mestinipun
kita para manungsa
inggih para nabi
ingkang kapiji
wongsal wangsul dening ALLAH
paring panjawab :
Sinten ta kawula menika
GUSTI YESUS ?

Mesthi
 nggadahi manah
 ingkang alit lan mboten sagah

Kita enget Yesaya,
 Musa
lan sanes-sanesipun

Menika
 sikap moralitas
ingkang nyagedaken kita sami
saged nampi kanugrahaning ALLAH

ALLAH karsa mitulungi kita
 jer kita
 saged lumampahan lan tumindak nindakaken
sadaya pakaryaning ALLAH

Angel-
ewet lan mokal-
babar bisan ora masuk akal-
 ana nalaring manungsa

 ananging kabeh iku
bisa kelakon
 awit sapa ta
kang tumindak iku kabeh

Iku kabeh
ALLAH ingkang makarya
 ngagem dhirining para utusan
 ing sapamirenging talingan
 katindhakake …
hasile mesthi ngedap-edabi


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Rasul Paulus
ugi makaten
Sinten ingkang mboten mangertosi
rasul pepijining ALLAH menika
karana Rasul Paulus
saestu
dados rasul ingkang ageng kawibawanipun,
luwas- amba pangertosanipun
 lan nggadhahi
bab-bab ingkang sakmesthinipun
 nglangkungi
 para utusan sanesipun

Rasul Paulus
mboten saged kabanding
kaliyan para nabi lan para rasul sanesipun

Mesthi
rasul Paulus
saged nggadhahi manah mongkog,
sombong
 lan
adigang adigung
karana rasul Paulus menika
 manungsa ingkang luar biasa

Makaten kahananipun Rasul Paulus
Kahanan
 ingkang sarwa linuwih
tambah linuwih malih
 karana ALLAH karsa nimbali
 dados utusan
lan
ALLAH ugi njangkepi
ing samukawis  bab

Pangertosaning Rasul Paulus
 ‘amat sangat luar biasa’

Kesombongan rohani
mesthi
saged tuwuh ing peladosanipun

Ananging ALLAH
 mboten ngersakaken
bab menika kadadosan
ALLAH mboten ngersaken
Rasul Paulus ngalami peribahan
dados sombong

Rasul Paulus
 kedah tetep dados pribadi
ingkang andhap asor
mituhu ing karsanipun ALLAH

Rasul Paulus
kaganjar sesakit-
 istilahipun kaparingan ‘duri dalam daging’-
kaganjar eri ana ing daginge

Ayat 7
Lan
 supaya aku
aja ngunggul-unggulake awak
marga saka anane wahyu-wahyu
kang linuwih iku
…..


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
 pancen ewet nglampahi tugas
tanggel jawab peparinging ALLAH

Sakmesthinipun kita kedhah manut
Ngener
 ing pangrehipun

Bab-bab punapa
 ingkang kita alami
sadaya karana peparinging ALLAH
saestu
mboten saged dados alasan
kanggening kita sami tumindak
adigang adigung adiguna

Kita
 kedah tetep ngalami gesang
 ingkang prasaja
 kebak ing kesabaran
lan
netepi bab prekawis ingkang ewet-
kasangsaran ngantosa dumugi pinejahan

Karakter ing gesang kita
kedah pinejahan saking raos
 rumaosing manah sombong

Rasul Paulus ugi ngalami
bab ingkang makaten

Ngicali raos sombong
amrih sageda nindhakaken
 karsaning ALLAH

Tuwung PADUKA mugi kasingkiraken
 ngantos ambal kaping tiga
 GUSTI YESUS
Anggenipun ndedonga


Ananging GUSTI YESUS
kakarsakaken dening ALLAH SANG RAMA
 ngalami kasangsaran agung
 ewadene  kamulyaning ALLAH
saged lejar kababar

Rasul Paulus
ugi makaten ngantos ambal kaping tiga
 nyuwun dumateng ALLAH :
eri ing daginging kapundhut-a

Pranyata,
ROH ing dhirinipun
kedah katampi kanthi andhap asoring manah
 tebih saking sikap sombong

ROH ingkang nenuntunYehezkiel nabining ALLAH
Ugi ROH ingkang nenuntun Paulus Rasuling ALLAH

Eri ing daging sampun ndadosaken dhiri
tansah enget :
‘Aku ora oleh sombong’,
Aku kudu sabar lan sareh


Kita lajengaken para sadherek
bab pakaryaning GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
mboten ngegungaken DHIRI

GUSTI YESUS
ngaturi pakaryaning ALLAH
langkung andhap asor ing tumindak

Kathah mujizat katindakaken
lumawanan kaliyan adat biasanipun
Jagad mboten saged nampi,
anamung kebak kaeraman
‘Putraning Maryam si tukang kayu
 koq bisa memulang lan nindakake pakaryan
 ingkang kebak mujizat’

Para nabi dalah utusaning ALLAH
 mboten katampi ing kutha kelahiranipun

Dumawahing dosa
 langkung awrat katebus
Dumawahing dosa
ndadosaken kita langkung remen
maiben
dumateng ALLAH

Rasul Paulus
mboten tumindak makaten
 ananging nglampahi kanthi manah
 ingkang kebak saos syukur
 bilih ing karingkihan
 kakiyataning gesang
tansah kaparingan dening ALLAH

Yehezkiel
ugi makaten
 ing kahanan ingkang langkung awrat
karana bangsa ingkang langkung kiyat
taksih lumawanan dumateng ALLAH 
gesangipun-
 Yehezkiel kaatag
 supadosa tansah ngendelaken
 panuntuning ALLAH

GUSTI YESUS,
PRIBADI
 ingkang dados panuntuning gesang
 lan
 dados panutaning gesang
 langkung lembah ing manah,
 sabar ing samukawis bab,
kersa tindak makarya ing samargi-margi
kersa paring pitulungan lan pangentasan

Dadosa lebur DHIRInipun
 ing kasangsaraning gesang
 ing satengahing jagad

Mujizat
mboten mandeg
 ing wekdal pracayaning manungsa
mboten wetah

Pracayaning manungsa
tansaha kabangun
dados perangan
 ingkang aji

Bilih ALLAH
 saestu nresnani umat
ingkang dados pilihan

Pepijining ALLAH
langkung titis
langkung prayogi
kawilujengan peparinging ALLAH
kacawisaken
 dumateng sok sintena tiyang
 ingkang purun-
kersa  nampi para utusan

Para utusan
 mboten adigang adigung adiguna
Makaten ugi kita
 ingkang sami katimbalan
ndherekaken ing peladosan

jejebahan menika
 kedah kita tindakaken
tebih saking raos reraosan :
‘kesombongan’
Sombong njalari kita
dumawah ing dosa
Aja dumeh-
aja nduweni rasa mumpung

Timbalan
kedah kita tampi

pengutusan lelados
kedah kita ayahi

Rahajeng kita para sadherek
ingkang sampun manut
ing sapangrehing ALLAH

GUSTI YESUS mberkahi kita
AMIN
















LITURGI   IBADAH  MINGGU



VOTUM : (Jumeneng)
KPK 26 : 1, 2     NGLUHURAKEN ALLAH
Pasamuwan …..  :
ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
ingkang ngluberaken susetyanipun
tumrap sadaya pra titah

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
Ana ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita sami
sapasamuwan
AMIN
(pinarak)

2.    INTROITUS    :    YOHANES 3 : 30
4. PANJENENGANe iku pinesthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda

KPK 29 : 1     KAMULYANIPUN GUSTI
3. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 - 40
ndedonga :  …AMIN
4. KPK 43 :  1, 3      NYUWUN ENGGALING MANAH

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …
1 KORINTUS 13 : 4
Katresnan iku sabar,
katresnan iku loma;
ora kemeren,
ora gumunggung
lan
 ora kumenthus

GALATIA 5 : 19 – 23
19.Dene panggawening daging wus cetha:
laku cabul, laku rusuh, hawa nepsu, 20.panyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, kameren, kanepson, pamrih, padudon, cecongrahan, 21.drengki, endem-endeman, ropyan-ropyan lan sapanunggalane.
Tumprap sakabehe iku
kowe dak elingake
kaya kang wus daktindakake biyen-
menawa sapa kang nindakake bab-bab kang kaya mangkono iku,
ora bakal tampa warisan KRATONING ALLAH
22.Dene wohing ROH yaiku:
katresnan, kabungahan, tentrem- rahayu, sabar- sareh, paramarta, kabecikan, kasetyan, 23.alusing budi, bisa ngemudheni dhiri.
Ora ana angger-angger kang nglawan iku mau kabeh

KPK 193 : 1,  2, 3           MUNG SAWIJI KABEGJAN SEJATI


6. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
YEHEZKIEL 2 : 2 – 5
2 KORINTUS 12 : 7 – 10
MARKUS 6 : 1 - 6

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..
KPK 134    : 1, 2  AJA ADIGUNG, ADIGANG, ADIGUNA

KOTBAH 
AJA DUMEH

7. PANGAKEN  Sahadhat Kalih Welaspinarak ))
Kawula pitados dhateng ALLAH SANG RAMA, ingkang Mahakawasa ingkang nitahaken langit kaliyan bumi
Inggih pitados dhateng YESUS KRISTUS ingkang PUTRA ontang anting GUSTI kawula
Ingkang kabobotaken dening ROH SUCI, miyos saking prawan Maryam
Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken ,tumedak dhateng ing teleng palimengan
Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah
Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun ALLAH SANG RAMA ingkang Mahakawasa
Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah
Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci
Punapa dene pangapuntening dosa
Tanginipun raga
Sarta gesang langgeng

8.     PANDONGA  SYAFAAT :
  

9. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 :31-32
31.Asmaning ALLAH bakal dak puji kalawan kekidungan, sarta PANJENENGANe dakluhurake kanthi kidung panuwun
32.Ana ing paningaling ALLAH iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah ; 
KPK  181  :  1 - … SAOSAN SYUKUR
PANDONGA   :  ….


10.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
KPK  129 : 1     TANSAH BINGAH
Sumangga patunggilan kita mengkeraken papan pangibadah ,
Sumangga kita enget-enget
bilih ALLAH sayektos mangertos
ing  samukawis bab
sadaya prakawis ingkang saweg kita alami
kados dene ing dhawuh pangandika …….
“Pepakon-pepakon iku ora abot,
amarga kabeh kang lair saka ALLAH
iku ngalahake jagat,
yaiku pracaya kita.
Sapa ta kang ngalahkake jagad,
kajaba wong kang pracaya
menawa YESUS iku Putrane ALLAH ?
I YOHANES 4  :  3b - 5
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN

KPK 345     TENTREM RAHARJA