Senin, 15 April 2013

GUSTI YESUS TEDHANING ROHANI

Materi ibadah Keluarga : 
Kamis, 18 April 2013


GUSTI YESUS TEDHANING ROHANI 
 ( YOKANAN 6 : 44 – 51 )

51. AKU iki roti sing nguripake, ya kuwi roti sing tumurun saka swarga . 
Wong sing mangan roti mau bakal urip salawase.       
 Roti sing dak wenehake ya kuwi dagingKU.  
DagingKU dak wenehake, supaya jagad iki urip


Bapak,Ibu,Sdrk ingkang katresnanan… Samangke kita sami nampi satunggaling  perenungan/ gegilutan : Bilih GUSTI YESUS menika dados wujuding tetedhaning rohani- GUSTI YESUS menika dados roti kauripan ingkang kaparingaken dening  ALLAH SANG RAMA- ALLAH kaswargan dumateng sadaya tiyang ingkang purun lan kersa mitadosi lan nampeni. 
ALLAH SANG RAMA- ALLAH kaswargan; Inggih ALLAH ingkang  dados wosing kakiyatan kita, angger kita saged mitadosi bilih GUSTI YESUS menika estuning ALLAH PRIBADI ingkang saweg makarya ing satengahing jagad- ugi mitadosi bilih GUSTI YESUS menika estuning ALLAH PRIBADI ingkang saweg makarya ing satengahing pigesangan kita, pribadi mbaka pribadi.
Bapak,Ibu,Sdrk kinasih, GUSTI YESUS estu dados wujuding tekad lan wujuding jawaban saking ALLAH anggenipun ALLAH kepengin ngentas lan anggenipun ALLAH estu nresnani dumateng sadaya manungsa. Sadaya manungsa ingkang sampun sami dumawah dosa ananging taksih katresnanan dening ALLAH lan enggal badhe kaluwaran saking kasangsaran lan saking paukuman pejah langgeng.

Bapak,Ibu,Sdrk ingkang kinasih … Gesang ingkang kapiji- kapilih dados pandherekipun GUSTI YESUS menika, sejatosipun wujuding timbalan ‘anugerah’ dumateng kita. Lha, wujuding gesang katunggilan dening ALLAH: Sadaya kabetahan kita saged kita unjukaken/ saged kaaturaken ing ngarsanipun GUSTI YESUS punapa menika bab kabetahan raga/ jasmani tuwin karohanen ( Contonipun kabetahan padamelan, kabetahan sandang pangan lan papan, kabetahan pendidikan, kesehatan, sosial ekonomi lan sapiturutipun. Kabetahan katentreman, kepastian gesang langgeng lan kabetahan-kabetahan karohanen sanesipun ingkang awujudan dhawuh dedhawuhing GUSTI YESUS )

Patunggilan Punapa kita saged ngraosaken :  Bilih kita menika estunipun benten kaliyan tiyang ingkang dereng wanuh/ pitados dumateng GUSTI YESUS- dereng  saged nampeni pasemon bab roti panguripan?
                           Punapa sanalika kita kakirangan sacara kadonyan, kakirangan sacara tata jasmani kedagingan. Jer kita enggal sowan ing ngarsanipun GUSTI YESUS kanthi pamuji- pandonga lan mireng-mireng ‘saperangan. pamaosing dedhawuhing ALLAH ingkang mijilipun saking kitab suci.
                           Punapa sanalika ugi sak sampunipun kita sowan ing ngarsanipun GUSTI YESUS : Kita enggal nggadahi iman bilih GUSTI YESUS mesti enggal badhe paring sadaya kabetahaning gesang kita.
Conto : Kita saweg sakit, kita nyuwun kasarasan lan panganti … Kita saweg badhe nindakaken panyambut damel, kita nyuwun panganti lan berkat …
                           Punapa kita pitados lan nampeni sadaya panyuwun kita ?. Mesti kita taksih kaparingan kesempatan- kita kaparingan wekdal saged mbuktekaken bilih GUSTI YESUS- ALLAH kaswargan saestu paring jawaban. Punapa jawaban menika cocok kaliyan pepengin utawi cocok kaliyan panyuwun kita, menika wonten ing karsanipun ALLAH. ALLAH ingkang sampun paring kanugrahan.

Patunggilan  Tetedhan awujud roti panguripan ingkang tumurun saking swarga… Tetedhan roti panguripan ingkang tumurun saking swarga menika wujuding  peparinging ALLAH kaswargan ingkang awewujud sariranipun GUSTI YESUS PRIBADI. Ing DIRI, GUSTI YESUS wonten pigesangan langgeng, wonten panguwasa mukjijat. Punapa ingkang kalampahan ing jagad samangke ing ndalem asmanipun GUSTI YESUS mbenjang ing pungkasaning jaman ugi badhe kalampahan. Bilih ing ndalem DIRI, GUSTI YESUS, rah lan daging ingkang kapasemonaken dados simbul roti panguripan. Mila sumangga kita sami dalasan  manungsa sajagad ingkang kersa/ purun wanuh mitadosi enggal nampi wujuding peparing sih pangapunten lan gesang langgeng

Patunggilan …Sanget benten isining raosing manah lan isi kabetahanipun manungsa ingkang dereng wanuh dumateng GUSTI YESUS makaten ugi kados dene isi raosing manah tiyang pitados ingkang lelamisan. 
Tiyang lamis punika tiyang ingkang gesang matunggil ing pangrehing ALLAH ananging mboten purun nampeni GUSTI YESUS sawetahipun, dados SANG ROTI PANGURIPAN. Gesanging  tiyang lamis saben dintenipun kados dene gesanging manungsa salimrahipun ing satengahing jagad. Tyang lamis anamung pados karemenaning dhiri pribadi, nengenaken kepuasan jasmani, pitados GUSTI YESUS ananging mboten setya tuhu.  Lha, Sumangga kita nilar gesang lelamisan- sumangga kita dados pandherekipun GUSTI ingkang setya.
Bapak,Ibu,Sdrk ingkang katresnanan dening GUSTI YESUS,; Sumangga kita nampeni lan mujudaken nampi GUSTI YESUS saben dinten kados adatipun kita nampeni ROTI PANGURIPAN saben dinten kita nindakaken maos dedhawuh, ngluhuraken Asmanipun GUSTI YESUS lan tansah ngunjukaken pandonga. 

Mugi GUSTI YESUS mberkahi kita sami. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami