Minggu, 15 Mei 2011

AKU pirsa, sapa kang wis DAKpilih (AKU tahu, siapa yang KUpilih)

Ibadah Brayat
Kamis, 19 Mei 2011


 AKU pirsa,
sapa kang 
wis DAKpilih
(AKU tahu, siapa yang KUpilih)



 

YOHANES 13 : 16 - 20


18c
Nanging kudu kayektenan
tulisan kang surasane
mangkene:
Tiyang
ingkang tumut nedha
roti KAWULA,
punika
sampun ngagagaken tungkakipun
dhateng KAWULA

(Tetapi haruslah genap 
nas ini: 

Orang yang makan rotiKU,
telah mengangkat tumitnya
terhadap AKU)



Patunggilan 
ingkang kinasihan 
dening GUSTI YESUS

Saiba 
begjaning gesang kita,
sasedherek patunggilan. 

Awit 
kita sami, 
sampun mangertosi 
sinten sajatosing 
PRIBADI YESUS,
PUTRANING ALLAH.

Lha
kenging menapa 
wonten:
sadhengah tiyang pitados
nindhakaken gesang 
kanthi nilar GUSTI?. 

Bilih wonten 
produk perusahaan-
pabrikan 
ngedalaken sawernining jenis-
kategori 
barang dagangan… 

mesthi kemawon
para konsumen 
badhe enggal-enggal ngetang
untung ruginipun, 
bilih badhe numbas
barang menika. 

Menapa 
keuntunganipun
lan 
menapa 
kerugianipun …!

Samangke 
punapa kados makaten
anggen kita ndherek
tut wingking
ing ngarsaning ALLAH,

karana ALLAH, 
badhe ‘njlentrehaken’- 
nerangaken
sacara blaka: 
sinten GUSTI kita, 
YESUS punika. 

Lumantar dhawuh pangandika : 
Tiyang
ingkang tumut
nedha roti KAWULA,
punika 
sampun ngagagaken tungkakipun
dhateng KAWULA

Kados serataning
Kitab JABUR/MAZMUR 41:10
 
Dalah mitraku
kang dakpracaya, 
kang kembul mangan 
karo aku, 
iku uga 
ngetungake tungkake 
marang aku

(Bahkan 
sahabat karibku 
yang kupercayai, 
yang makan rotiku,
telah mengangkat tumitnya
terhadap aku)

Patunggilan, 
sarananing GUSTI
paring pawiwucal 
dumateng kita 
dalasan para sakhabat 12 
nggih menika 
kembul dedhaharan : 
nedha roti 
lan
ngunjuk anggur pambujanan. 

Kegiatan menika
dados Pratandha 
lan 
ugi dados cap
utawi 
merk 
sinten ingkang setya
ndherek tut wingking
ing karsanipun.

Menika; 
Dinten wiwitaning 
Yudas Iskariot 
nilar GUSTI YESUS 
dalah sadaya 
sami kalampahan
punapa ingkang 
sampun kaseratan 
ing Kitab Jabur,
kayektenan- 
‘sungguh digenapi’ 
ing kala mangsanipun
GUSTI YESUS 
nindakaken pakaryaning ALLAH
ing pungkasaning gesang-
leladhi 
badhe nebus, 
sadaya dosa
kalepataning manungsa.

Margining salib 
kabenthang 
ing ngajengan,

menika ugi 
sampun kaseratan 
ing Kitabing Para Nabi;

Samangsa 
wekdalipun
dereng kalampahan.  

Lha, 
samangke GUSTI 
paring dhawuh 
bilih wonten
salah satunggiling murid- 
sakhabat 
ingkang badhe nilar 
PANJENEGANipun. 

Benten
kaliyan suraosing kitab, 
mesthi kita
nggih badhe anggadahi  
panganggit 
ingkang maneka warni… 

umpaminipun,  
Yudas Iskariot  
 kamitegan
nilar GUSTI- 

sadis, 
jahat 
lan
kejem 
piyambakipun;

Kenging menapa
GUSTI- 
PANJENENGAN
milih murid- 
sakhabat 
kados dene 
Yudas Iskariot…..
 
Lha, 
dene- 
kita samangke 
sampun sami mangertosi 
bab pamedhar wangsiting 
ALLAH. 

bilih badhe wonten
tiyang ngagagaken tungkakipun
mengangkat tumitnya

Lha 
samangke sampun sami 
kalampahan… 

Bilih kita
ugi, 
anggadahi panganggiting 
raos

 Yudas Iskariot menika,
sami dados margi-
jalan salib 
sami saged rancag
kalampahan, 
wonten artos pentingipun
posisi dhirining 
si Yudas Iskariot. 

Ananging 
kita sami 
saged anggadhahi pangertosan 
bilih tumindakipun 
Yudas Iskariot,
sampun nuwuhaken
’penyesalan’-
getun
ing tembe. 

Pamratobat;
Mboten sempat 
kaalaman 
dening si Yudas Iskariot- 
malah nambahi 
jangkeping awoning-
kejelekan 
 dhiri.

Sinten
ingkang mboten pirsa 
Yudas Iskariot ?

Lha 
punapa kita, 
patunggilaning SANG KRISTUS- 
kalebet etangan
tiyang pitados 
ingkang munafik 
ngantos
‘nyade GUSTI 
murih 30 keping perak’ ? 

Mugi 
mboten kalampahan 
kanggening gesang kita
sami. 

Ananging 
bilih sampun kita lampahi 
saestu, 
kemunafikkan’ 
lan
pengkhianatan’  

enggal-enggal mratobat 
kanthi saestu

supados kita- 
mboten sami nempuh 
margining karusakan.  

Biarlah 
jalan buruk itu, 
kita tinggalkan. 

Mratobata 
kanthi temen….

Sabab 
posisi kita menika 
samangke, 
anamung abdi-
amba. 

Abdi 
ingkang tebih saking ‘ideal’-
mboten 100% 
saged leres 
lan 
ngener 
ing margi kaleresan 
peparinging ALLAH.

Santosa 
lan 
kasantosaning gesang kita, 
bilih kita
enggal wangsul 
nampeni kanugrahaning 
ALLAH. 

Begja kita, 
bilih enggal sowan
mareg dumateng 
BENDHARANing gesang
langgeng. 

Kapan wancinipun gesang: 
ndherek leladi 
lan
ing kawontenan 
kados pundi- 
kita sami 
sesarengan 
kaliyan TUWAN 
BENDHARANing gesang … 

Sumangga
kita ginakaken 
wekdal 
ingkang sampun kacawisaken
kanggening kita
sami; 

Wekdal 
ingkang sae- 
dados kesempatan emas 
anggen kita sami
saged ngresepi- 
menghayati 
gesang matunggil 
kaliyan GUSTI YESUS. 

Murnining niating ‘batos’ 
abdi
tetep lestantuna 
lan
kawanguna
ing gesang kita

Patunggilan
rahajeng kita 
ingkang sami 
sampun kapilih- 
kapiji 
dados pandhereking
GUSTI YESUS : 
GUSTI YESUS 
paring dhawuh 
lan
ngantepaken 
sadaya
ingkang sampun kaseratan-
pinesthen 
badhe kalampahan 
lan 
enggal kalampahan : 

AKU pirsa, 
sapa kang wis 
DAKpilih.  

Sumangga: 
Enggal, 
sami kita tumindak;

Enggal
kita sami lumadya
ndherekaken GUSTI 
ing pakaryanipun 
ngantos 
puputing nyawa kita. 

Kados dene
GUSTI- 
sampun mirsa 
sinten 
abdi
ingkang dipun pilih
lan
ingkang ka-rehing pati

GUSTI YESUS 
amberkahi kita. 

Amin


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami