Minggu, 23 Januari 2011

SATUNGGAL

Ibadah Brayat
Kamis, 18 Nopember 2010






SATUNGGAL





MATIUS  25 : 14 - 30








Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS  KRISTUS

Miturut Panjenengan :
Angka satunggal punika
kathah punapa sakedhik ?

Kathah tyang ingkang mastani-
Nyebat
 bilih satunggal punika sakedhik.

Nanging wonten ingkang asung jawaban :
 gumantung angka satunggal punapa …..

Satunggal rupiah punika sakedhik
Satunggal yuta rupiah nggih kathah

Satunggal menit punika sakedhap
Satunggal dinten punika lumayan
Satunggal tahun punika wekdal ingkang lami.

Punapa malih menawi satunggal abad

Satunggal upa punapa maknanipun….
Satunggal piring sekul punika nembe kasebat neda
Satunggal wakul sekul punika kangge dedhaharan sakaluwarga

Sepisan malih… gumantung satunggal punapa ?

Ing waosan kita
wonten pasemonipun GUSTI  YESUS
 menggah talenta.
Pasemon punika
tamtu sampun kita pahami lan
sampun apal
nanging kepareng ing ngriki
 kita nliti waosan punika sapisan malih.

Wonten Bandara ingkang badhe kekesahan,
mila lajeng matur
nimbali Batur-baturipun.

Batur-batur punika
sami kaparingan bagean piyambak-piyambak :

Wonten ingkang nampi
 Gangsal talenta,
Kalih talenta lan
Satunggal talenta

Ingkang  nampi gangsal lan
 kalih talenta
sami nglampahaken bageanipun.


Temahan nuwuhaken hasil
gangsal lan kalih talenta

Nanging ingkang nampi satunggal talenta
mboten nglampahaken bageanipun
Malah mendem
ing salebeting siti

Sakonduripun Bendara
saking anggenipun kekesahan….

Para Batur
 paring atur
menggah panyambut damelipun
piyambak-piyambak

Ringkesing cariyos
Bandara punika
 bingah-bingah
 menggah panyambut damelipun
tumprap Batur
ingkang nampi gangsal lan
 kalih talenta

Ananging kosok wangsulipun
Bendara kalawau
 sanget duka
dumateng Batur ingkang mendem
satunggal talenanipun
ing salebeting siti



Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS KRISTUS,
kenging menapa
Batur ingkang nampi gangsal lan
 kalih talenta
punika kapuji…..
nanging ingkang nampi satunggal talenta
 malah kaukum ?

Kita saged manggihaken wangsulan
utawi penafsiran :

1.       
Batur menika
anggadahi raos ajrih
utawi minder
ing manah
( ayat 24-25)

<< 24 Kang tampa satalenta
 uga banjur maju klawan matur :
Bendara,
 kula ngertos,
bilih panjenengan punika
tiyang kereng
 ingkang ngeneni
ing papan ingkang mboten
panjenengan sebari lan
 ngempal-ngempalaken
 saking papan
ingkang mboten panjenengan
 tanemi
25 Mila
kanthi ajrih,
 kula lajeng kesah
nyimpen talenta panjenengan
 ing salebeting siti.
 Lah mangga
 panjenengan tampeni
 punapa ingkang dados
 kagungan panjenengan ! >>

awit ningali bageanipun
paling alit
ing antawispun para Batur
sanesipun

2.       
Ingkang nampi 5 lan 2 talenta
sanget sregep
tapi ingkang nampi satunggal talenta
kesed
(ayat 26)


<< 26 Bendarane banjur mangsuli :
He,
abdi kang ala lan
 kesed,
kowe wis ngerti,
yen aku ngeneni
ing papan kang ora dak sebari lan
ngumpul-ngumpulake
 saka papan kang ora dak tanduri >>


Punapa leres
Patunggilan ….
bilih satunggal talenta menika alit ?
Pancen leres
bilih satunggal talenta
kawastanan sakedhik
bilih kabanding kaliyan 5 lan 2 talenta

Satunggal talenta
 menika sejatosipun
 sanes gunggung ingkang sakedhik
malah-malah
estunipun kathah sanget

Talenta punika
ukuran arta YUNANI
 ingkang paling inggil

Ing kamus Kitab Suci
 mawi Basa Indonesia

Kaserat
bilih satunggal talenta punika
sami kaliyan 6.000 dinar

Lan
1 dinar
sejatosipun saged kangge tumbas
satunggal menda
 miturut ing Ensiklopedia Alkitab

Ateges
 bilih anggadhahi arta satalenta
 kita menika
saged tumbas 6.000 menda
utawi saged ugi
 kanthi satunggal talenta
tumbas 200 lembu

Ketawispun anamung sakedhik-
alit
nanging estunipun kathah sanget

Mila ing ngriki
sageda sami
kita pahami
 alasanipun
kenging menapa Bandara
sanget anggenipun duka
rikala mangertosi
bilih artanipun anamung kapendem.

 Sabab Batur kalawau
 anamung mbanding-mbandingaken dirinipun
kaliyan kancanipun,
mila sanget rumaos alit

Ananging menawi jujur,
arta bageanipun punika
pranyata kathah sanget……



Patunggilan
ingkang kinasihan
 dening GUSTI  YESUS KRISTUS

Kita ugi asring
mbanding-mbandingaken dhiri lan
berkah
 ingkang kita tampi
kaliyan kawontenanipun tyang sanes
ingkang sami nampi rejeki
langkung kathah lan
dados minder-
rumaos asor

Kamangka bilih kita mbandingaken
kaliyan tyang sanes
ingkang nampi kahanan ‘ekonomi’-
berkah ingkang alit-
ing sangandhap kita…..

Kita sanget saged ngaturaken
 panuwun sokur
 ing ngarsanipun GUSTI ALLAH.

Menawi kita anamung minder….
kita mboten saged ningali potensi
peparingipun GUSTI ALLAH
 sanesipun
 ingkang taksih saged
 kita ginakaken
 kangge kahanan gesang kita,
 lingkungan kita lan
 pasamuwan kita


Patunggilan ….
Ing pambukaning pangabekti brayat
ing tahun 2011 punika

Swawi kita
 anggadhahi sikap
ingkang langkung OPTIMIS malih
bilih GUSTI ALLAH
sampun  paring berkah lan
 badhe paring berkah
ingkang cekap
kanggening gesang kita-
 malah-malah kepara luber

Sampun ngantos
 kita anggadhahi sikap
 kados dene
Batur ing waosan kalawau
 ingkang nggadhahi sikap
 PESIMIS

GUSTI ALLAH
sampun paring dumateng kita
kahanan gesang
ingkang sarwi jangkep

Mila
kita wujudaken pambanguning dhiri
pambanguning kaluwarga
pambangunan Lingkungan lan
pambangunaning pasamuwan

Kalebet ing tahun 2011 menika
Kita
 badhe miwiti rehab utawi
miwiting pembangunan
kanggening gedung greja kita



Swawi kita nyengkuyung
kanthi tenaga
Pikiran lan
Kanthi berkahing GUSTI ALLAH
ingkang sami sampun kita tampi

Sampun ngantos
 sepindhah malih
kita anggadhahi sikap ingkang
 PESIMIS


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI  YESUS

Sadaya angka-angka
 kawiwitan
mesthi saking angka satunggal lan
sadaya kamajengan
mesthi kawiwitan
dening satunggaling tumindhak

Satunggaling lintang
sampun nuntun para majusi
saged pinanggih BAYI  SUCI

Satunggal manungsa
 nggih menika kula lan
panjenengan sadaya
 sanget aji
 ing ngarsanipun GUSTI ALLAH.

Swawi kita miwiti
 nindakaken pambanguning greja
 kanthi satunggaling tekad lan
satunggal tindakan nyata

GUSTI ALLAH
 nggih GUSTI kita YESUS
 tansah lan sampun paring berkah
dumateng kita sami


AMIN
















Pembukaan
VOTUM / Salam Berkat

KPK  16 : 1, 3
Puji mring ALLAH kang maha wisesa

DOA
 PEMBACAAN  ALKITAB : MATIUS  25 : 14 - 30

KPK  62  :  1, 3
Karahayoning Tyang Mursid

RENUNGAN .......
KPK  63  :  1, 2, 3
Berkahing ALLAH

DOA SYAFAAT

KPK   149  : 1
GUSTI Nuntun

BERKAT









Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami