IBADAH MINGGU
23 Februari 2014
Tema Wulanan :
Allah sumber
syalom
Tema Minggu :
YESUS
PUTRANING ALLAH
INGKANG KASENGKERAKEN
INGKANG SAMPURNA
INGKANG KASENGKERAKEN
INGKANG SAMPURNA
(Anak-Bapa yang dikuduskan, yang sempurna)
Kaimaman / Imamat
19:1-2, 17-18
1 Korintus 3:16-23
Matius 5: 38-48
1 Korintus 3:16-23
Matius 5: 38-48
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing
gesang kita
bilih dhiri kita
pribadhi lepas pribadhi
sami kasebatan
dados
salah
satunggaling putraning ALLAH
Dados putra
ingkang kapiji
putra ingkang
kebak kasampurnan
karana ing gesang
kita
kita saweg
kaaturan sadaya piwucaling ALLAH
sabaya
sesaged-sagedipun
sampun sami kita
tindakaken
ing sauruting
kita nindakaken pigesangan
Patunggilan
wonten cariyos
bab tetuwuhan
ing satengahing
alas-
wana
Karana salah
satunggiling sato kewan menika
sampun langka-
cacahipun
populasi sanget merosot;
Mila
salah
satunggaling jenis kewan menika
samangke kadosaken kewan sesengkeran
makaten ugi
alas ingkang
kebak tetuwuhan
ugi sami kasengkeraken-
‘dipun lindungi’
supados tetep saged dados habitat
lan
dados papan
gesang pigesangan kewan-kewan menika-
mboten karisak
Kala-kala wonten
polisi khusus
ingkang ingkang
ngawat-awati-
njagi saking
tumindaking manungsa
ingkang saweg
ngancam-
ingkang saweg mbebedhak-
‘berburu’
Conto kewan-kewan
ingkang kasengkeraken-
‘dipun lindungi’
:
Banteng Jawa ing
Alas Baluran,
Badak bercula setunggal ing Ujung Kulon,
Gajah ing
Sumatera
Lan
sanes-sanesipun malih
Kanthi mangun polisi
khusus
kangge njangkepi
jejeging hukum-
undang-undang
suaka alam margawatwa
Lestarining
gesanging sato kewan menika
dados tujuan utama;
Lha kangge sok sintenna tiyang
ingkang badhe
lan sampun tumindak ngrisak
memejahi salah
satunggiling kewan-kewan menika
estunipun sanget
badhe nampi pidana paukuman
miturut aturan perundang-undangan
Kados makaten patunggilan
bab sengkeran
ingkang sami kawontenaken
dening sadhengah
pamarentahan
ing jagad samangke
kados dene pamarentah nagari kita
Tamtunipun
kathah bab-bab sesengkeran
ingkang
katindakaken
ing sanjawining sato kewan
dalasan
tetuwuhan;
Conto
kangge
barang-barang peninggalan
warisan budaya
kados dene Candi
Borobudur
lan
sanes-sanesipun
Ing gesang kita
saben dintenipun
ugi wonten bab-bab
ingkang kita khusus-aken
Contonipun
bab rasukan,
tetedhan lan
unjukan;
Makaten ugi
manah kita,
tata tumindak kita
Kangge menapa
kita sengkeraken-
khusus-aken-
sacara maligen ?
rasukan pesta
tas kitab suci
teh diabet
susu rendah
kolesterol
…
Patunggilan
Raosing manah
kita kinten-kinten kados pundi nggih ?
sanalika kita
mangertosi
bilih kita
menika sami kaangkat
dados putraning
ALLAH ?
Rahayu
kanggening kita
ingkang purun lumampah lan lumadi
ing kekeraning ALLAH
Sabab
kita menika
sampun kapilih
kapiji
kapendet
dados lan
kadosaken
putraning ALLAH
Sabaya kita sampun
kasucekaken
karana ALLAH
kita suci
Kita kedah
tumindak suci
Nindakaken laku-
lampahing gesang
ing sauruting gesang
tumindak kita
Kados pundi
bilih kita saben-saben
tumindak lumawanan
ing karsaning
GUSTI
GUSTI ingkang
maha suci,
Punapa GUSTI
inggih tetep badhe
paring kasucen ?!
Sae punapa
mboten tumindaking gesang kita
sumangga kita
tansah asung-
nyuwun sih pangapuntening dosa-
kalepatan
mboten cekap
anamung satunggal-
utawi kaping
kalih
nyuwun sih
pangapuntening dosa
kedahipun kita makaping-kaping
nyenyuwun lan
ndedonga :
Mugi GUSTI PADUKA
paring sih pangapunten
lan
kasucen dumateng
kawula
mugi karsa
PADUKA kalampahana
ing gesang
kawula
saha
Katresnan PADUKA
mugi sageda kawula tampeni
lan
katresnan PADUKA
sageda ngiyataken kawula
anggen kawula
asung katresnan
dumateng sadherek-
sapepadhan kawula
Patunggilan
Rahayu tiyang
ingkang pitados dumateng GUSTI YESUS
sebab PUTRAning
ALLAH
nggih GUSTI YESUS
ingkang lahir
ing satengahing bumi
ugi lahir
ing manah batosing
saben tiyang pitados
Tiyang pitados
menika estunipun
dados kekeraning ALLAH
ingkang suci
GUSTI YESUS
maha suci
makaten sadaya
dhawuh piwucalipun
nucekaken
kanggening saben
tiyang pitados
Kasucening dhiri
kita
ugi saged
kawujudan
karana kita tansah nindakaken
dhawuh
pangandika
Ndedonga/
nyenyuwun
kemawon
ananging mboten nindakaken dhawuh
kados dene
tiyang pitados
ananging mboten
tulus-
serius
anggenipun
mujudaken kapitadosanipun
ing tumindak
padintenan
Patunggilan
Kita kedahipun
nyonto
kekeraning bani
Lewi
anggenipun
netepi kekeran lan dhawuhing ALLAH
Anggenipun
nindakaken
paladosan
dados imam/
pemimpin agami
Bani Lewi
mboten nindakaken padamelan sanesipun malih
kados limrahing tiyang
Bani Lewi
anamung nindakaken
peladosan imam
Pandameling Imam
menika
nindakaken peladosan
khusus
kagem ALLAH
ateges
tansah
nindakaken gesang
kanthi nucekaken dhiri
Gesang mligi
kagem GUSTI
Nanging kanggening
dhiri kita
Patunggilan
Dadosa kita
sapatunggilan
ingkang ngrasuk kasucen
peparinging ALLAH
Kedahipun
kita tansah ugi
ngudi
lan
tansah
nyisihaken wekdal
mligegaken
wekdal-
‘mengkhususkan wekdal’
kagem
GUSTI ALLAH
tansaha
nindakaken gesang
kanthi nucekaken dhiri
Sumangga
kita nindakaken
gesang
miturut kekeraning
ALLAH
ingkang suci
Sepindhah malih
…
Kita menika
patunggilan ingkang suci
ing ndalem SANG KRISTUS YESUS
Kita kedah
nindakaken dhawuh pangandika-
Kita kedah
nindakaken piwucal bab katresnan;
Sanajan awrat
kita tansah ngupadi
supados sak saged-sagedipun
nyonto-
nuladha
gesanging GUSTI YESUS
ingkang dados
PUTRA
PAMBAJENGing
ALLAH
Kita sadaya
sapatunggilan
estunipun sampun
kaangkat
dados putra-putraning
ALLAH
karana kita sami
sampun dados
sadherek-
sakhabating-
pandhereking
GUSTI YESUS
GUSTI YESUS
nelakaken gesang katresnanipun
dumateng saben tiyang
ingkang mbetahaken pitulungan,
Awrat pancen sesangginipun
GUSTI YESUS
anggenipun
nglabuhi gesang
kangge
kaluhuraning tiyang sanes
GUSTI YESUS
tansah nyumanggakaken dumateng saben tiyang
ingkang
estu-estu pitados
lan
ingkang purun
mirengaken dhawuhipun
sowan lan
kaladosan
Pinten-pinten
ewu tiyang
sami kaladosan-
pinten-pinten
tiyang
nampi kasarasan-
pinten-pinten
tiyang
karsa nggetuni
panerakipun
lan
mboten tumindak
dosa malih
Ananging
GUSTI YESUS nanggel bebahan:
Dipun mengsahi,
dipun ancam,
dipun kuya-kuya
mawi
mawarni-warni pitakenan
wonten pitakenan
ingkang njebak.
ngancam-
fitnah
ngantos nemahi
pati
seda
sinalib
Patunggilan
menika sadaya
murih nindakaken
gesang katresnan
Hukum katresnan
kawucalaken lan kedah katindakaken
Hukum katresnan
dados sesulihing-
gantosing hukum
pembalasan
: Bilih pipi kiwa kaceples
wenehna pipimu tengen
Menika hukum
ingkang mungkasi
kahaning jagad
ingkang tansah kisruh
Bilih hukum
katresnan
saged katindakaken
mesti gesang
ingkang kebak kasampurnan
saged kaalaman
dening jagad menika
Cobi bayangaken
Patunggilan
bilih hukum
pembalasan :
Tangan ganti tangan,
nyawa ganti
nyawa
lan
sapiturutipun
katindakaken
punapa wonten gesanging manungsa-
sesami kita
saged dados
sampurna ?
Sacara fisik
kemawon
sanget katingal
:
Sadherek sanes
mboten nggadahi
satunggal tangan,
mboten nggadahi
sikil lan
anggota badan
sanesipun
Iba sanget
cacating gesanging manungsa
tebih saking kasampurnan
Kita kapilih
kapundut
saking kahanan
punika
supados gesang
kita sampurna
ing ndalem GUSTI
kita
YESUS
Kita kaparingan
tugas
tanggel jawab
nindakaken
praktek gesang
ingkang kebak
katresnan
Praktek hukum
katresna-
Praktek angger-anggering
ALLAH
bab katresnan
Ing tumindak
katresnan punika
kasucen-
utawi gesang
ing kekeraning ALLAH
sageda kawujudan
ing gesang kita
ugi
ing gesanging patunggilan
Gesang kasucen
kedah katindakaken
sesarengan
gesang katresnan
sanajan awrat sesanggi kita
mesti kita
badhe kaparingan
kekiyatan
lan
kemampuan-kemampuan
saking ngaluhur
Mesti kita saged
nindakaken katresnan
Tumindak
katresnan
mesti kanthi
perjuangan
supados
kasucening gesanging dhiri kita
tansah sampurna
Bilih wonten sadherek
tepangan kita
lumawanan dumateng kita-
kita kedah langkung nresnani malih
malah-malah nresnani
sacara khusus-
kita tresnani
estu
Bilih wonten
sadherek
ingkang tumindak culika-
tumindak jahil-
tumindak awon
lan
sanes-sanesipun
Langkung ta kita
saged nresnani-
kita saged nyuwun
pitulungan
dumateng GUSTI
YESUS
supados kita sami
saged nresnani
sesami kita
Bilih mboten mekaten
mestinipun kita sami
nindakaken piwales
artosipun
kita mboten malih dados putraning ALLAH
ingkang kebak ing kasucen
Kakiyatanipun
manusa limrah
boten kuwagang
Namunga karana pitulungan saking swarga
lampah anresnani
ingkang luhur
lan mulya sanget kalawau
saged kadumugen
Samangke GUSTI
YESUS
saweg mangun karaton-katresnan-langgeng
Ing salebeting karaton-katresnan-langgeng
angger-angger wales-winales
sampun kagantos
dening angger-angger katresnan.
Lampah tumindak
tresna
kedah langkung unggul
. Lampah tresna
boten pareng
dipun suda
Malah-malah lampah tresna
Mindhaka mindhan dipun kiyataken
satemah roh pepeteng saged kakawonaken
Anyengker
gesanging pasamuwan
Anyengker
gesanging patunggilan
namung saged
dipun tindakaken
sarana lampah anresnani
Pamerdi utawi penggembalaan
khusus
dumateng warganing gereja
ingkang lampah
nebih
saking
kasucening gesang masamuwan
mboten ateges
paring paukuman utawi pidana
Pamerdi menika
dados wujud
tumanduking katresnan
ingkang langkung
mirunggan/ khusus
tumraping sadherek
ingkang kapinerdi
Mbok bilih
saged ugi karana
sadherek kita kalawau
sanget kirang katinresnanan
mila piyambakipun lajeng nebih
saking
kasucening gesang masamuwan
Lha
kedahipun kita saya mindhak nresnani
kanthi mirunggan-
kanthi khusus
Patunggilan
Wonten kalih
prakawis
bab nyengker
gesang kagem GUSTI
Ingkang sepisan,
nyengker utawi
nucekaken
Kaping
kalih
njagi sengkeran
utawi njagi kasucen
Kekalihipun kalampahan sarana lampah anresnani
Menawi wonten gangguan
kados dene
wonten tetiyang
ingkang
nyenyamah kasucen
tiyang kalawau
malah
mesthinipun sakelangkung
dipun tresnani
kanthi mirunggan
Pancen saged
karaosaken awrat
Nanging
saestu rahayu
kita
ingkang tansah mbudidaya kasampurnan
sarana lampah tumindak anresnani sesame
Kanthi makaten
kita ngudi murih
dadia sampurna
kadosdene Sang
Rama
inggih sampurna
GUSTI YESUS mberkahi
kita
Amin
VOTUM : (Jumeneng)
Kipas 5 : 1, 2
MAZ 5 (ALLAH yeku pangen
kula)
Pitulungan kita
saking GUSTI
ALLAH
ingkang
nitahaken langit lan bumi,
kasetyanipun
langgeng salaminipun
lan
mboten nate
nilar pakaryan Astanipun
Tentrem rahajeng
pinangkanipun saking ALLAH SANG RAMA
lan
GUSTI kita
YESUS KRISTUS
AMIN
2. INTROITUS : MAZMUR 103 : 1 - 14
1
Anggitané Dawud.
Dhuh nyawaku, saosa puji marang ALLAH;
apa saisiné
batinku mujia marang asmané kang suci.
2
2
Dhuh nyawaku,
saosa puji marang ALLAH,
lan aja lali
marang kadarmané.
3
3
PANJENENGANé kang
ngapura sakèhé panerakmu,
kang marasaké
sakèhé lelaramu.
4
4
PANJENENGANé
ngentas uripmu saka kubur,
kang makuthani
kowé kalawan kadarman lan kawelasan.
5
5
PANJENENGANé kang
tansah maringi kabegjan selawasé,
mula kowé
kaenomaké menèh kaya manuk garudha.
(kaaturan
pinarak)
3.
Kipas 36 : 1 MAZMUR 118
(Rahayu kang utama lakune)
4. PENGAKEN DOSA …Matius 22 :
37 – 40
37PANJENENGANé
ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan
gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku
angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné
angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh
isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro
mau."
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
(5).
135 : 1 GUSTI pananggel kula
Sumangga
kita
sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing gesang kita
…
(DHUH
ALLAH SANG RAMA…
kawula
aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)
6.
PAWARTOS RAHAJENG : (( Jumeneng
…
ROMA 8 : 1 - 8
1 Saiki wis ora
ana paukuman menèh tumrapé wong sing ana ing patunggilané SANG KRISTUS
2 Sebab angger-anggeré SANG ROH SUCI, sing nunggilaké urip kita karo GUSTI KRISTUS YESUS, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.
3 Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning GUSTI ALLAH piyambak. PANJENENGANé wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus PUTRAné piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa.
4 GUSTI ALLAH enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé SANG ROH SUCI lan ora manut pangrèhing daging.
5 Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé ROHé GUSTI ALLAH, pikirané dierèh déning kersané ROHé GUSTI ALLAH mau.
6 Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning ROHé GUSTI ALLAH, kowé bakal urip klawan tentrem.
7 Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné GUSTI ALLAH, merga ora manut karo angger-anggeré GUSTI ALLAH. Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré GUSTI ALLAH,
8 mangka GUSTI ALLAH ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.
2 Sebab angger-anggeré SANG ROH SUCI, sing nunggilaké urip kita karo GUSTI KRISTUS YESUS, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.
3 Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning GUSTI ALLAH piyambak. PANJENENGANé wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus PUTRAné piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa.
4 GUSTI ALLAH enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé SANG ROH SUCI lan ora manut pangrèhing daging.
5 Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé ROHé GUSTI ALLAH, pikirané dierèh déning kersané ROHé GUSTI ALLAH mau.
6 Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning ROHé GUSTI ALLAH, kowé bakal urip klawan tentrem.
7 Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné GUSTI ALLAH, merga ora manut karo angger-anggeré GUSTI ALLAH. Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré GUSTI ALLAH,
8 mangka GUSTI ALLAH ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.
7. Kipas 67 : 1 Cariyosipun
GUSTI YESUS
8. PELADOSAN FIRMAN :
PANDONGA:
… AMIN
PAMAOSING KITAB SUCI :
Bacaan 1 : IMAMAT
19 : 1-2; 17-18
Lagu
: Amin- amin- amin
Bacaan 2 : 1 KORINTUS 3 : 16 - 23
Lagu : Amin- amin- amin
Bacaan 3 : MATIUS
5 : 38 - 48
Lagu : Amin- amin- amin
AMIN
3X …..
KOTBAH …
ANAK BAPA
YANG DIKUDUSKAN, YANG SEMPURNA
9. PENGAKEN
IMAN RASULI … pinarak ))
10. PANDONGA
SYAFAAT :
11. PAMISUNGSUNG
: Samangke wanci wekdalipun …
Dasar : 1
BABAD 29:9
12.
Kipas 120 : 1 - … Sih kamirahanipun
ALLAH
PANDONGA : ….
13. PENGUTUSAN
& BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga
patunggilan kita wujudaken tumindak kasucen
srana praktek gesang ingkang kebak sih katresnan
Kipas: 128 : 1
Kinanthi ing GUSTI
(kita
tampeni berkah) :
Sih rahmat
lan tentrem rahayu
tumuruna ana
ing gesang kita patunggilan
ing dinten
samangke
ngantos
dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng
tyang ingkang tansah
mangabekti
dumateng ALLAH SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG
ROH SUCI
AMIN