IBADAH MINGGU
22 September 2013
Tema Wulanan:
GUSTI ALLAH mbela si Miskin
( Allah Membela Si
Miskin )
Tema Minggu :
KESALEHAN
SOSIAL
SAGED
KAWUJUDAN
ING SABEN-SABEN
KITA
MIGUNAKAKE YATRA
(Kesalehan Sosial Dalam Mempergunakan
Uang)
Patunggilan kekasihing ALLAH
Ingkang dados
satunggal badan
gegelitaning
SANG KRISTUS
YESUS
Iba bingahipun
kita
saben wekdal
tansah nampeni
berkah-berkahing GUSTI YESUS
kanthi sarwa kacekapan
Karana
sanyata sawabing
donga pandonga :
Dhuh RAMA kawula
ingkang
adhedaton ing kratoning Swarga
….. mugi PADUKA
paring berkah
dumateng kawula
sakcekapipun
ing dinten punika
Kados-kados
sadaya solah
bawa-
tingkah polah kita
ing
pungkasanipun saged ngasilaken
yatra
kangge nyekapi
kabetahan kita
ing wekdal punika
Kita saged matur
dumateng GUSTI YESUS
bilih kita saweg nandang kasrakatan-
kita saweg
nandang kacingkrangan
lan
mboten nggadahi
yatra
babar pisan
Kita sami
nandang Kemiskinan
Punapa lepat
bilih kita
nyuwun pitulungan
dumateng GUSTI YESUS
KRISTUS ?
GUSTI YESUS
kados makaten
kahanan kula
ing wekdal samangke ……
(Sumangga
kita aturaken
sadaya bab prekawis
ing pigesangan kita)
Makaten kita-
kawula
saweg ngalami
Kemiskinan-
mboten nggadahi
punapa
ingkang dados kabetahaning gesang kita-
kawula
ing wekdal samangke
Sumangga GUSTI
YESUS
PADUKA ndherek
campur asta
Kipas
139 : 1, 6 GUSTI YESUS RATU ADIL
Ing saksisih
wonten tiyang
ingkang nggadahi
lan ngalami kacekapan
sarwa mubra-mubru
ing samukawis
Tiyang punika
sugih banda ndonya
lan
tamtunipun
kathah yatranipun
Bilih sadhengan
sadherek patunggilan
saweg ngalami kahanan punika :
Ing saksisih
Tamtu wonten ing
antawispun kita
Estu nandhang
papa lan kakirangan
lan
ing sisih sanes
wonten ingkang sarwa
kacekapan
saged bebas
anggenipun badhe
mblanjakaken yatranipun
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing
gesang kita
sabab kita
ing wekdal
samangke
anggen kita
taksih kaparingan-
binerkahan gesang
GUSTI YESUS
ingkang maha
adil lan tansah mranatani
gesanging saben
tiyang pitados
samiya saged nampeni kacekapan
sacara tata
lair-
sacara kedagingan
lan
tetep-
panggah anggenipun
nampeni kawilujengan
berkah saking ngaluhur-
inggih menika
tetep katuntunan
ing margi ingkang anjog
dumateng Kratoning ALLAH-
Kaswargan
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
GUSTI YESUS
ngengetaken
dumateng kita
lumantaran
cariyos-
piwucal bab
pasemon
Bendara ingkang
mboten jujur
Bendara
ingkang
nengenaken karsanipun
GUSTI KAWULA.
Kawula
anglampahi
sadaya
ingkang dados
karsa PADUKA.
Karana Bendara
menika priyantun
ingkang jujur
lan tulus
anggenipun
nindakaken
sadaya
karsanipun SANG NATA.
Lha
kados pundi
caranipun
Sang Bendara
sageda tetep
nampeni
kauntungan lan bagean
mboten ical kecalan
padamelan bilih kapecat
bilih
sakwanci-wanci SANG NATA
nyuwun
piyambakipun lereh
saking jabatan
Bendara-
Awit sampun sami
kapireng kabar mekaten
Juru panyimpen
lan nglola-
ngreksa
sadaya
kagunganipun SANG NATA-
SANG BENDARA
AGUNG
Pranyata si
Bendara menika
nggadahi akal
supadosa kados
pundi gesangipun mangke
saged tetep
kawilujengaken
: Supaya menawa
aku
sida dipecat saka ing panggaweanku
dadi juru-reksa bandha,
anaa wong
kang gelem nampa
aku
ana ing omahe
Lha makaten
patunggilan
kanthi rekadaya
tumindak
miturut-
‘sebatas
kekuasaan yang dia miliki’-
miturut
panguwasa lan wewenang
ingkang taksih
wonten
ing dhirinipun.
Kados-kados tumindakipun
Sang Bendara-
Priyantun
ingkang goceh kasugihan-
tansah anyepeng
kathah banda ndonya.
Sugih ing
sauruting gesang
karana jabatan menika;
Tumindakipun Bendara
ing cariyos
pasemonan
asring kita
sebat ‘korupsi’-
mboten jujur
karana
ngajak-ajak para andhahanipun-
‘bawahannya’
ugi mboten jujur
LUKAS 16
Ayat 5 – 7
...
Wong kang padha utang marang majikane
padha
diundangi siji-siji.
Wong kang sapisan
dikandani mangkene :
Pira utangmu marang majikanku ?
Wong kang kapindho
ditakoni :
Lah kowe utangmu pira ?
Enya iki layangmu utangmu,
Linggiha.
Gawe layang
utang liyane,
saiki uga
Enya iki laying utangmu.
Gawe layang
utang liyane.
Tulisen ….
Ananging
Kita mangertosi
bilih GUSTI
YESUS paring panggunggung-
ngacungi jempol
tumrap pribadi
ingkang kebak
akal menika.
Sebab srana
yatra utawi mammon;
gesangipun mboten kagumantungaken
dumateng yatra utawi Mammon
kalawau.
Justru karana
Mammon-
Yatra
saksisih Sang
Bendara
kanthi migunaken
akal
sampun paring
pitulungan
dumateng tiyang
kathah
ing andahanipun
supados ugi nampeni
pitulungan
: Utangipun sami
kaluwarana-
Ayo utangmu kaentengake-
dielongi
Ayo padha
tulisen layang utang liyane
kang ora
ngebot-eboti
utawi
sami
kaentengaken
kanthi ngowahi
angka-angka
ingkang ageng
dados
angka-angka alit-
sak ngandapipun
:
100 dados 50;
100 dados 80;
utawi
malah-malah
100 dados lunas-
dados 0
Kenging menapa
para sadherek
patunggilan
Si Bendara
tumindak makaten :
Korupsi
Ananging kanthi
ngalitaken angka-angka ?.
Lha menika menpa korupsi ?
Korupsi
mboten kangge
numpuk bandha ndonya-
numpuk yatra
utawi mammon.
Ananging ‘korupsi
wewenang-
jabatan’
kanthi migunaken
bandha bandanipun
SANG BENDARA AGUNG
kangge mitulungi
dhirinipun piyambak
ugi kangge
mitulungi
dhirining tyang sanes
ingkang sami
kapotangan
(sami nggadahi
utang)
ing gesangipun-
Sageda
sami-sami enteng
lan
ngentengaken
gesangipun
Lha menika akal
ingkang kapuji
dening GUSTI
YESUS
sebab mawi yatra
utawi mammon
dhirinipun
mboten dumawah ing dosa-
ing manah peteng
lan serakah.
Awit Mammon
utawi yatra
Sanget saged
kadadosaken
alat kangge
milujengaken dhiri.
Dadosa tiyang
ingkang memitran
kaliyan Mammon
ingkang mboten
jujur
Sifating Mammon
pancen mboten
jujur
pancen gampil
ndadosaken penyelewengan
Yatra
ugi saged
ndadosaken keegoisan dhiri
lan
mboten saged nggatosaken
kahananing
tiyang sanes
Kathah-kathahipun
makaten
para sadherek patunggilan
Kados
kaprihatosaning GUSTI YESUS
rikala paring
perumpamaan sanesipun,
nggih bab
Bendara-
priyagung
ingkang nyuwun
piwelasing SANG NATA
supados dipun
luwari
saking utang-utangipun
Nanging kados
pundi sikapipun
saksampunipun
kaluwaran
lan
kaanggep lunas saking
utang-utangipun.
Pranyata
priyagung menika
mboten welas ugi
dumateng kawula alit sanesipun
ingkang nggadahi
piutang dumateng dhirinipun-
malah tega
‘nekek gulune’
Makaten patunggilan
ALLAH estu saged
ngraosaken
wontenipun ‘ketidakjujuran’
lan
wontenipun ‘ketidak-ada-rasaan
kasih terimakasih’
dumateng sapepadanipun
Akal pamikiripun
anamung kaangge nyekapi-
nutupi
raos hawa nepsu
dalasan tiyang
sanes dados korban
Patunggilan
ingkang
kinasihan
dening GUSTI YESUS
Makaten ugi
bab
‘ketidakjujuran’-
‘ketidaktaatan
ingkang dipun
lampahi
dening bangsa
pilihan-
inggih menika
bangsa Israel
anggenipun sampun
nyingkur ALLAH
sesembahanipun
Israel
sampun laku
bedang
anyenyembah
dewa-dewi
pepujaning
bangsa sanes-
allah sanes
kapuja
Karana makaten patunggilan
bangsa Israel
badhe kaganjar
paukuman
dening ALLAH
Lha punapa
ingkang badhe kalampahan menika-
bab paukumaning ALLAH
sampun sami
nuwuhaken kasedhihan
lan
kasisahan manahing Nabi Yeremia,
makaten ugi
ingkang
karaosaken dening GUSTI ALLAH.
kasangsaran
ingkang saweg badhe kasanggi
dening bangsa
Israel-
bangsa pilihan.
Paukuman punika enggal
badhe
katamakaken
Samangke
mboten wonten malih obat penawaripun :
Apa ing Gilead ora ana boreh ?
Apa ing kana ora ana dhukun ?
( Tidak adakah
balsam di Gilead ?
Tidak adakah
tabib di sana ? )
Ketidaksetiaan-
ketidakjujuran
adakah obatnya ?
Ketidaksetiaan-
ketidakjujuran
adakah penawarnya ?
Punapa GUSTI
ALLAH
badhe asung sih
pangapunten
dumateng tetiyang
ingkang laku
bedhang-
mboten setya
tuhu ?
Patunggilan,
Pasamuwan-pasamuwan
Kristen wiwitan
ugi sami ngalami
kasangsaran mawarni-warni-
mawarni-warni
pakewed,
‘penganiayaan’
lan
sanes-sanesipun
Mesti kemawon
pasamuwan-pasamuwan punika
enggal-enggal kepengin mungkasi
kahanan kalawau
Rasul Paulus paring pitedah
karana Rasul Paulus
nampeni
pangertosan
mbok bilih
kahanan ingkang
ewed-
nyengsarakaken
menika
enggal saged
dipun pungkasi
Bilih
satunggal-satunggaling pasamuwan
purun kersa
nindakaken
ewah-ewahan
saking dirinipun
piyambak-piyambak
Pasamuwan-pasamuwan
kedah tansah asung hurmat
lan
purun nindakaken
pandonga
dumateng lan kangge
para raja-
pemimpining
bangsa negari
Kanthi makaten
sadaya Pasamuwan
ugi ngudi sesambetan
ingkang kebak kasaenan
Karana tumindak
hurmat-
tumindaking pandonga
ugi tumindaking sesambetan
ingkang sae
badhe nebihaken dhiri
saking mawarni-warni
pakewed
lan
kasangsaran
Sikap mbikak
dhiri-
‘sikap membuka
diri dan mengubah cara berpikir’
enggal saged
‘merubah
keadaan’-
enggal saged
ngowahi kahanan
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Wonten conto
sikap kesalehan
dhiri
ingkang
gegayutan kaliyan yatra
utawi
gegayutan
kaliyan mammon
ing jaman
samangke
contonipun kados
pundi
koq saged
mitulungi sadherek kita
ingkang papa lan miskin ?
Nate kita
nggegulang
putra wayah kita
supadosa gesang
gemi-
mboten boros,
tansaha sregep
nabung
kangge mbenjang
mesti kita mbetahaken ?
Menika conto
tindakan
kesalehan
ekonomi-
kesalehan
ngginakaken yatra
ingkang paling
gampang
Gesang kedah dipundhasari
kaliyan raos cekap,
kados dene ing bab piwulang
Donga RAMA KAWULA :
…. ingkang sacekapipun!
mboten ngginakaken arta
kangge prekawis-prekawis
ingkang mboten sae
utawi
saged nyangsarakaken
gesang,
kados ta
mundhut ……
(bir),
Narkoba
utawi kangge
judi
lan sanes-sanesipun
Miturut panjenengan patunggilan,
menapa mbangun kesalehan
gegayutan ngginakaken arta
saged dipun wastani cekap?
Ingkang langkung gegayutan
kaliyan konteks kaadilan ekonomi
masyarakat kita
ing wekdhal samangke
menapa malih
ingkang saged kita tindakaken
supados golongan masyarakat miskin
saged enggal kaentas ?
Kita angsal
ngalami kahanan
sugih
ananging kasugihan kita
kedah saged
milujengaken diri
kita
lan
saged mitulungi
sadherek sanes
Conto sanes
ingkang asring
kita tindakaken
saben dinten
kanthi migunakaken yatra
nggih menika
blanja
ing pundi dununging sikap kesalehan
tiyang blanja
Bilih kita
blanja
anamung ngejar
kasenenganing diri
lan prestise-
gengsi
Mesti kita badhe
tindak
super market- super market
utawi
mini market
Benten
bilih kita sami
sampun nggadahi
orientasi
kesalehan
anggen kita badhe
ngginaken yatra
…
Kita
mesti badhe
tumbas
dateng sadherek-
tepangan kita,
tetanggi kita
ingkang celak-
ingkang sadeyan
Kabetahan kita
kacekapan
sadherek kita
kapitulungan
Lan taksih
kathah malih
conto-conto sanesipun
Bilih menika
dados gerakkan
memihak warga
kalangan alit lan miskin
mesti yatra-
arta
ingkang alit
cacahipun
estu migunani
kanggening
kelangsungan gesanging
sadherek kita
sanes
Kados semboyan :
Satunggal tetes getih
saged mitulungi satunggal nyawa
Satunggal tetes-
satunggal tetes
kaklempakaken
pranyata saged
migunani lan mitulungi
Patunggilan
pundi ingkang
dados pepilihan kita
anggen kita
badhe tumindak
ngginakaken yatra kita ?
Menapa kita kepengin
ngginakaken yatra- arta
dhumateng gesang
ingkang adil utawi mboten adil?
GUSTI YESUS
mberkahi kita sami
AMIN
VOTUM : (Jumeneng)
Kipas 26 : 1, 3
MAZ 95 : 1 – 7 (Swawi sami
anyaosaken)
Pasamuwan
kekasihing ALLAH
ing
pisowanan kita (enjing samangke)
kanthia mbekta manah
tulus lan kebak ing pangajeng-ajeng
kanthi pangaken :
Bilih ALLAH sesembahan
kita
ALLAH ingkang
nitahaken langit lan bumi
inggih PRIBADHI
ingkang luber ing kasusetyan
tumrap
sadaya pra titah
Kita tampeni
berkahing ALLAH :
Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN
2. INTROITUS : MAZMUR
36 : 6 - 8.
6. Dhuh YEHUWAH
,
sih kadarman
PADUKA punika sundul ing akasa,
7.Kaadilan PADUKA
punika kados redi-redining ALLAH,
pancasan PADUKA
kados samodra agung ingkang nggegirisi.
8.Iba ajining sih
kamirahan PADUKA, dhuh ALLAH !.
Para anaking
manungsa
sami ngungsi
dhateng aubing swiwi PADUKA
(kaaturan
pinarak)
3.
Kipas 25 : 1 MAZ 91 Endi
wong kang dumunung ana
4. PENGAKEN DOSA …Matius 22 :
37 – 40
37PANJENENGANé
ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan
gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku
angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné
angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh
isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro
mau."
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
Kita sami
anelangsani
Awit anggen
kita dereng saged nindakaken sadaya piwucal
bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
awit ALLAH
estu
tresna dumateng kita para titah
Sumangga
kita ngakeni sadaya ringkihing raga,
iman saha
kapitadosan kita
lan
sacara tata rohani kita menika
ugi
gampil risak kados dene kundi
ingkang
kayasa saking lebu lan lempung
gampil
dumawah lan pecah
Yen kita
nampi dedhawuh
jer kita
mboten saged nglampahi
kados
pundi gesang kita badhe kawilujengaken ?
GUSTI
YESUS
sampun
nresnani gesang kita
lir-ipun
kita ugi
kedah saged nindakaken katresnan
dumateng
sesami lan GUSTI ALLAH kita
Sumangga
kita sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing gesang kita
…
(DHUH
ALLAH SANG RAMA…
kawula
aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)
5. Kipas 139 : 4, 5 GUSTI YESUS RATU ADIL
6.
PAWARTOS RAHAJENG : (( Jumeneng
…
YAKOBUS 2 : 21 - 24
21Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka
pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak,
kang putra, ana ing misbyah?22Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna.
23Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, "Abraham pracaya marang ALLAH, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener." Amarga saka iku Abraham kasebut, "Mitrané ALLAH."
24Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé
7. Kipas 67 : 1 Cariyosipun
GUSTI YESUS
8. PELADOSAN FIRMAN :
PANDONGA:
… AMIN
PAMAOSING KITAB SUCI :
Bacaan 1 : Yeremia
8 : 18 – 9 : 1
Lagu : Amin- amin- amin
Lagu : Amin- amin- amin
Bacaan 2 : 1 Timotius 2 : 1 - 7
Lagu : Amin- amin- amin
Bacaan 3 : Lukas
16 : 1 - 13
Lagu : Amin- amin- amin
Iba
begjanipun kita sapasamuwan
ingkang
tansah tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong
lan
kepengin
mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi
nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN
3X …..
KOTBAH …
KESALEHAN
SOSIAL
SAGED
KAWUJUDAN
ING SABEN-SABEN
KITA
MIGUNAKAKE YATRA
(Kesalehan Sosial Dalam Mempergunakan
Uang)
9. PENGAKEN
IMAN RASULI … pinarak ))
10. PANDONGA
SYAFAAT :
11. PAMISUNGSUNG
: Samangke wanci wekdalipun …
Dasar : MAZMUR
69 : 31
12.
Kipas :
122 : 1 - … Rumentahing palimirma
PANDONGA : ….
13. PENGUTUSAN
& BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga
patunggilan kita sami pengkeraken papan pangibadah menika,
Sumangga kita
lajengaken sadaya pangertosan kita :
Bab kasugihan lan kemiskinan
Wonten ing
praktek pigesangan kita
Saben ari
kados dene
ing dhawuh pangandika …….
“Anggon kita
tatag ing pracaya marang PANJENENGANe, jalaran PANJENENGANe mesthi nyembadani
pandonga kita …
Lan menawa
kita padha sumurup yen PANJENENGANe nyembadani apa bae, kang kita suwun, dadine
kita padha sumurup uga, yen kita wis tampa apa kang kita suwun marang
PANJENENGANe”
I YOHANES 5 : 14a,b- 15
Kipas: 144 : 1, 3
Kumandel mring ALLAH
(kita
tampeni berkah) :
Sih rahmat
lan tentrem rahayu
tumuruna ana
ing gesang kita patunggilan
ing dinten
samangke
ngantos
dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng
tyang ingkang tansah
mangabekti
dumateng ALLAH SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG
ROH SUCI
AMIN