Ibadah Minggu
26 Mei 2013
26 Mei 2013
Tema Wulanan
:
Titah
ingkang dados tanda mysteri kasih Ilahi
Tema
Mingguan:
NGUDI GESANG
INGKANG
TREP LAN
KEBAK KEBERHASILAN
SAKING
KONSEP TRITUNGGAL
( Temukan keberhasilan dalam
konsep Tritunggal )
AMSAL 8: 22-31
ROMA 5:1-5
YOHANES 16:12 – 15
ROMA 5:1-5
YOHANES 16:12 – 15
Patunggilan
ingkang
kinasihan
dening GUSTI
YESUS
Enjing kalawau
kula maca
ing satunggal perangan Facebook
wonten priyantun
ingkang nyerat
saking wosing Yohanes 16
kalawau
....
Mysteri Tritunggal
merupakan dinamika kasih yang mengagumkan
Dalam mysteri ini
terkandung seluruh cinta kasih ALLAH
( karana menika mysteri kathah tiyang mboten mangertos lan nindakaken karsanipun ALLAH )
karena hubungan ALLAH dan manusia
adalah hubungan kasih
Maka perlulah penyerahan diri
secara utuh di dalam iman
( bilih kita mboten nggadahi konsep
ingkang leres bab kapitadosan
ingkang trep bab Tritunggal
mesti kita mboten saged masrahaken gesang
sacara wetah )
Dan
di dalam iman inilah
kita sebagai manusia
akan mendapatkan karunia dan damai
Mysteri kasih itu
dari ALLAH yang menyatakan DIRI
sebagai BAPA, PUTRA dan ROH KUDUS
BAPA bagi manusia
di dalam TUHAN YESUS
PUTRA,
yaitu TUHAN YESUS
yang selalu membela
untuk kepentingan manusia-
kepentingan kita-kita
dan
ROH KUDUS,
yang mendorong-
menggerakkan ke arah kehidupan
yang penuh kasih
Patunggilan
ingkang
kinasihan
dening GUSTI
YESUS
JURU PAMARTA
kita
anamung
satunggal
Inggih punika
KRISTUS YESUS
ALLAH
ingkang Maha agung
ing pakaryanipun
ingkang tansah ngluberi
kita
ing samukawis
kados punapa ingkang
sampun gumelar
ing saindenging
jagad
lan
ingkang saged
kacariosaken
dening saisining jagad rat menika
Wonten sadengah
utawi
taksih kathah
sadherek- sadherek kita
ingkang rumaos kewedan- kangelan
anggenipun nampi
seserepan-
pangertosan bab :
Sesambetan
ingkang estu lebet
antawisipun
PRIBADIning ALLAH
kaliyan
ROH SUCI
lan
makaten
ugi antawisipun pribadining ROH SUCI kaliyan GUSTI YESUS;
Tansaya ewed malih
bilih GUSTI YESUS
ingkang awujud manungsa
sacara
ragawi menika kawartakaken
dados wujuding karsanipun ALLAH;
GUSTI YESUS menika ALLAH
(ewed sanged )
GUSTI YESUS menika ALLAH
(ewed sanged )
lan
ing wekasaning
seserepan-
anggen kita badhe gegilut sesarengan mangke
inggih menika bab
Gesang
ingkang aji-
gesang
ingkang pinunjul
'hidup ini sungguh baik dan punya nilai'
'hidup ini sungguh baik dan punya nilai'
menika ugi ewed
sanget
saged katampi
dening para sadherek
kita
Mbok bilih makaten ugi
kanggening dhiri kita
pribadi
sacara wethah-
utuh
taksih tebih
utawi
dereng leres lan trep
anggen kita nggadahi
pangertosan lan ing tumindak kita
ing sauruting kita
ndherekaken ngrasuk iman kapitadosan
dumatheng ALLAH
Tritunggal
GUSTI ALLAH kita
GUSTI ALLAH kita
( Punapa kita anamung gesang
nindakaken kekeristenan-
anamung gesang )
Patunggilan
Bilih wonten
pitakenan
kenging menapa :
GUSTIning tiyang
Kristen wonten 3
padahal kita piyambak-
kita ingkang
ngrasuk iman kekristenan
mboten nate nggadahi
pemahaman
ingkang kados mekaten
kalawau
GUSTI kita
inggih Esa-
Satungal
sumangga kita
nyenyinau malih
GUSTI
ingkang kita
sembah sujudi menika Esa,
satunggil tigang (3) PRIBADI
Bab menika ingkang
mboten ginayuh
ing nalar
lan saha
mboten ginayuh
ing pamikiring
manungsa-
punapa malih
ing panggraitaning
pamikiring manungsa
karana manungsa
ingkang anamung dados titah tumitahing ALLAH
ingkang anamung dados titah tumitahing ALLAH
Kenging menapa
kita mboten
saged nampeni gegambaran
ingkang sanyata
bilih kawontenan
PRIBADINING ALLAH
menika pancen satunggal
kados dene ingkang
saged kaumpamekaken :
Toya
Toya punika
saged awujudan :
Toya,
es
( lan ugi saged
awujudan )
Uap/
kukus
Tetiganipun (toya, es, uap)
menika hakekatipun
sami,
sami-sami toya.
Patunggilan
Gegambaran
punika
saged nggampilaken anggen kita
ingkang kepengin
mangertosi:
kados pundi
sejatosipun
GUSTI ALLAH
ingkang awujud Tritunggal
Suci
menika
ALLAH SANG RAMA
minangka Ingkang
Akarya jagad
(Pencipta),
GUSTI YESUS KRISTUS
minangka Juru
wilujenging jagad,
lan
ROH SUCI
minangka Juru
Pitulung.
Tetiga tunggil
Esa
( ngemu istilah Tritunggal Suci)
menika
mboten gampil
katampi dening manungsa
sebab manungsa
sebab tiyang
pancen mboten
nggadahi pangertosan
ingkang langkung
liyar-
ingkang langkung
amba
kabanding jagad
ingkang sampun gumelar
menika
Lha sinten
ingkang nggelaraken
jagad saisinipun menika
mesti nggih
ALLAH PRIBADI
ALLAH
ingkang mboten
saged kawinatesan
lan
mboten saged kaginayuh
ing nalaring
manungsa
Patunggilan
ingkang
kinasihan
dening GUSTI YESUS
Sumangga kita
pahami malih
bilih hikmat-
Kawicaksanan
estunipun mirip
lan sami
kaliyan
perwujudanipun
logos utawi
Firman
utawi
dhawuh pangandikaning ALLAH
(Ing kitab Wulang Bebasan/ Amsal 8:1-36
bilih kabandingaken
kaliyan kitab Yohanes
1: 1-18
sacara panjang lebar
estu sanget jelas katerangaken
bilih
ing wiwit-wiwitan
purwaning ALLAH makarya
kanthi hikmat-
kanthi Kawicaksanan
/ logos,
kanthi dhawuh pangandika
ingkang asring ugi
kita sebat
SANG SABDA-
FIRMAN )
Hikmat-
Kawicaksanan-
kawasisan sampun
ndherek terlibat
ing jaman purwaning dumadi
(=ing jaman
penciptaan)
Suraosing kitab Wulang
bebasan 3:19-20
sami kaliyan ingkang sampun kita waos
lan
ingkang kita pireng
sesarengan
saking Wulang
bebasan 8:22-31
19.
Klawan kawicaksanan
SANG YEHUWAH anggone
nalesi bumi,
sarta anggone netepake langit
kalawan pangerten
20.
marga saka kawasisane
GUSTI ALLAH,
banyuning segara
dipencarake lan mendung
netesake embun
Ing jaman Prajajian Enggal :
hikmat-
kawasisan-
kawicaksanan menika
dados rujukan penggenapan
bab nubuatan DHIRI PRIBADIning
GUSTI YESUS KRISTUS
(( Hikmat menika
GUSTI YESUS ))
Mila estu
Hikmat-
Kawicaksanan-
kawasisan sampun
ndherek terlibat
ing jaman purwaning dumadi
(=ing jaman
penciptaan)
Makaten ugi
kagem DHIRI
PRIBADIning
GUSTI YESUS KRISTUS
estu
ugi ndherek
terlibat
ing jaman
penciptaan-
titah enggal
samangke
ALLAH punika
satunggaling PRIBADI
ingkang bebas
merdeka kangge mujudaken
sadaya pakaryaning gesang
Mila
ALLAH PRIBADI
kawastanan dados
ALLAH
ingkang gesang
mboten saged
ginajagan-
kagayuh
dening manungsa
nggih dening saben
tiyang
ingkang sampun sami dumawah ing dosa
lan
ingkang sampun nindakaken gesang
pigesangan lumawanan
dumateng
karsaning ALLAH
Sebab
ALLAH ingkang
suci
sampun tumitah
ing DIRI PRIBADInipun ALLAH
Sinten ingkang
akarya-
Lan
Sinten ingkang nitahaken wujuding ALLAH ?
Koq wonten
( ALLAH SANG
RAMA,
ALLAH SANG
PUTRA,
ALLAH SANG ROH
SUCI )
?
Sanes manungsa-
sanes
panganggit-anggit
lan
sadaya panalaring manungsa
debat ?
cobi debat kaliyan ALLAH ?
enget Ayub / Yunus
Patunggilan
kados pundi manungsa saged paring penilaian
bilih ALLAH menika sejatosipun A,
B, C, D E
lan sapiturutipun ?
ALLAH Koq …
lair- anak ?
mati…. Bapak ?
mati…. Bapak ?
ALLAH estunipun kagungan karsa
lan
pakaryan agung
Patunggilan
Ing reraosan
dinten menika
Kita sami
badhe ngoceki lan ngudi
sinten ta
sejatosipun ALLAH
Tiga tunggil
menika;
Lha kenging menapa ALLAH
kagungan karsa
mujudaken DHIRI
kados makaten
lan paring Asma DHIRI
AKU
iki …ALLAH
SANG RAMA
AKU iki …ALLAH SANG PUTRA
AKU iki …ALLAH SANG ROH SUCI
AKU iki …ALLAH SANG PUTRA
AKU iki …ALLAH SANG ROH SUCI
miturut
penyataan ALLAH
gegayutan kaliyan pakaryan
ingkang benten-benten,
ananging
sadaya ingkang kalampahan
tunggal pandamel
((
Kados ing purwaning dumadi-
penciptaan ))
ALLAH SANG RAMA
1
( ALLAH Pencipta
)
ALLAH
Ingkang Nitahaken,
inggih punika
ALLAH ingkang hakekatipun
Kang akarya langit
lan bumi
saking boten wonten dados wonten,
ingkang setya
ngrimati
lan
ingkang ngenggalaken pakaryaning astanipun
ngantos dumugi dinten
sapunika
lan salaminipun.
(( ingkang risak kaenggalaken ))
Punika nedahaken bilih
ALLAH sesembahan kita punika ALLAH
Panyambut
damel
ingkang sejatos,
temah sadayanipun tansah katitahaken enggal malih
Punika neguhaken lan ngiyataken
kanggening kita
manungsa
bilih GUSTI ALLAH
tansah ngresakaken :
- wonten dhirining manungsa
Wontena karsa enggal,
Wontena gesang pigesangan
mboten mandheg
( stagnant )
Kanggening kita-
manungsa
sami dados timbalan
tansaha ngudi indhak-indhaking-
tambah-tambahing
kasagedan,
pinta-pinta
kaprigelan kita,
Dadosa kita saged tangi
malih
rikala ngalami kegagalan
lan
dhumawah ing dosa.
Tansaha wonten pangajeng-ajeng
Kanggening dhiri
anggen kita numapaki
masa depan
lan kesuksesan,
amargi GUSTI ALLAH
jumeneng dados
SANG PENCIPTA
2
Wontenipun PRIBADI ALLAH
Ing GUSTI YESUS
SANG JURU WILUJENG,
punika dados wujuding pakaryanipun ALLAH
ingkang kreatif
kangge usaha ngendheg karisakan
ingkang saya sanget
tumrap gesanging manungsa
lan
jagad raya,
(( Jagad risak ))
(( GUSTI
YESUS kautus- istilah ))
Karisakan
ingkang dipun sebabaken
dening dosa
GUSTI YESUS
SANG JURU WILUJENG
SANG JURU WILUJENG
mundhut sarana panebusan
inggih menika margi Viadolorosa-
jalan salib
Sok sintena tiyang
ingkang purun pitados,
mesti mboten badhe ngalami
karisakan
ananging kosok
wangsulipun
tiyang punika
badhe pikantuk
kawilujengan,
Kawilujengan
ingkang mijilipun
saking pakaryaning ALLAH
Kawilujengan
ingkang estu njalari kita sami
saged nglajengaken
pakaryaning gesang,
Karana sesambetan gesang kita
kaliyan ALLAH
sampun kaenggalaken,
gesang kita
saged sesambetan malih kaliyan ALLAH
langkung rumaket
ingkang swaunipun-
saderengipun pedhot
Samangke karana pakaryaning ALLAH
ing dalem GUSTI YESUS
Sadaya ingkang kita alami
ing sauruting
pigesangan
sampun mboten malih murugaken
pepejah
tumrap dhiri kita
para manungsa,
awit anamung
ing dalem Asma GUSTI ALLAH-
nggih GUSTI YESUS
wonten tuking gesang.
Kadya bayi
ing
salebeting guwa garba
ingkang
boten sambung
kaliyan
tali puseripun,
mesthi bayi
punika
badhe garing lan pejah.
Sepisan malih
bilih wonten pitakenan:
Yen ALLAH tedhak mring jagad
ing sariraning SANG KRISTUS;
Sinten samangke
ingkang wonten swarga,
Jer- kosong ?
padahal GUSTI ALLAH punika
namung satunggal?
Wangsulan kanggening kita:
Ingkang wonten ing
swarga
inggih tetep GUSTI ALLAH,
awit
GUSTI ALLAH punika
boten winates
ing papan lan wanci-
wekdal
(( menika kapitadosan ))
Pitados dhateng panebusing
SANG KRISTUS YESUS
menika dados syarat
sagedipun kita para manungsa
nampeni tentrem
rahayu.
3
ROH SUCI.
Tanpa ROH SUCI
SANG JURU PITULUNG,
manungsa
boten saged mangertosi
karsaning ALLAH
kalayan kakiyatan
lan
kalayan pambudidayanipun
piyambak
mboten saged
mangertosi karsanipun ALLAH
mboten saged
mangertosi karsanipun ALLAH
ingkang kababar ing SANG
KRISTUS,
jelas manungsa boten saged
mboten saged
mangertosi kanthi gamblang lan cetha
Anamung
SANG ROH SUCI,
nggih DHIRI PRIBADIning ALLAH
ingkang saged ngertosaken-
nerangaken
kanthi gamblang lan cetha
ROH SUCI
PRIBADI ingkang ngamping-ampingi kita
lan
PRIBADI menika ingkang badhe paring kakiyatan
dhumateng kita
sageda gesang kita
tetepa wonten
ing wilayah kekeran panebusing ALLAH,
sageda gesang kita
tetepa wonten
ing iman kapitadosan dumateng ALLAH
SANG ROH SUCI saweg
makarya
kangge kasaenaning
gesanging jagad
lan
manungsa sadayanipun
Kita sami patunggilan
para pitados
ing salumahing bumi
samangke minangka dados
rowang damelipun ALLAH
anggenipun ALLAH
makarya
ngudi mujudaken tentrem rahayu.
Konsep anugerah-
Kosep Tentrem Rahayu
miturut Rasul Paulus
anamung kangge sok sintena tiyang
ingkang sampun pitados
lan ingkang purun gesangipun kaleresaken
Inggih menika bab sesambetanipun
dumateng ALLAH
srana pakaryan
lelabuhing
GUSTI YESUS KRISTUS
Pitados dumateng GUSTI YESUS KRITUS
Ndadosaken kita
sami saged nampeni
sih rahmat ( 1 )
tentrem rahajeng ( 2 ) lan
pangajeng-ajeng ( 3 )
tumrap kamulyaning ALLAH
ingkang badhe kaparingaken
Lha
makaten Patunggilan
Rasul Paulus
ing Kitab Roma 5: 1-2
nedahaken realita-
kasunyataning gesang
lan tuwuhing
pasamuan-pasamuan
anggenipun nggadahi
respon bab tanggel jawab
nindakaken sadaya prentahing ALLAH
minangkani-
munculipun
konsep
anugerah
tentrem rahajeng
Lan
ing kitab Roma 5: 3-5
Rasul Paulus
sanget anggenipun nedahaken kasunyatan
bilih kasangsaran
ingkang kaalaman
dening pandhereking GUSTI YESUS
badhe njalari tataging ati;
Langkung tataging ati
njalari tanggon
lan
tanggon nukulake pangajeng-ajeng
ingkang mbonten
nguciwani
awit sihé ALLAH
sadaya wus
kaesokakén-
sadaya wus
kaparingake
ing manah batos
kita
déning ROH SUCI-
SANG PENOLONG
((
ingkang ewed
kabikak
dados gampil kamangertosan ))
Patunggilan
sanget kita nyekseni lan sami nyenyinau
bab hubungan relasi antawisipun person-
antawispun PRIBADI
SANG ROH SUCI
kaliyan
GUSTI
YESUS
SANG ROH SUCI
ing
wekdal-wekdal samangke
estu-estu kersa
mimpin
para umat pitados
anjog-a dumateng
kaleresan
mituruta timbalaning
ALLAH
lan
estu-estu kersa
mimpin
lan paring kasagedan
dumateng kita
para pitados :
memuji
ngluhuraken
Asmanipun GUSTI
ALLAH
Lan ngunjukaken
pandonga
------------------
Kita
mboten badhe
bingung malih
karana wonten sebatan
:
GUSTI ALLAH SANG
RAMA,
GUSTI YESUS SANG
PUTRA
Lan
GUSTI SANG ROH SUCI;
Tetiga tunggil
utawi
ALLAH Tritunggal
----((
kita mboten bingung )) ----
Bilih dumugi
wekdal samangke
taksih dereng
saged nampeni
----((
taksih bingung ? ))-----
sumangga
kita lan
sadherek sanes
tansah nyenyuwuna
pitulungan
saking SANG
ROHing ALLAH-
SANG ROH SUCI
Supadosa nampi kaleresan-
kayektenaning
ALLAH
lan
bab-bab kaelokaning ALLAH; sanesipun
makaten ugi
Kaluhuraning ALLAH
Sageda enggala
sampurna
Sageda kita tampeni
SANG JURU
PITUTUR
inggih SANG ROH SUCI
enggal-enggala martosaken
perkawis-perkawis
ingkang badhe kalampahan
((
Nubuatan-nubuatan itu ada karena ROH KUDUS))
Tamtu
bab prekawis
ingkang sampun
kawucalaken
dening YESUS GUSTI
kita
lan
bab-bab
kekeraning-
rahasianing ALLAH SANG RAMA
kados dene
ingkang sampun
kablakakake
dening YESUS
GUSTI kita
JURU PITULUNG
bakal badhe martosaken-
badhe nerangake
dumateng kita
kados dene
pawartos
ingkang sampun sami kita tampeni
saking piwucaling
YESUS
GUSTI kita
(( pendengaran…. penglihatan dansebagainya ))
Sumangga
kita tindakaken lan sami kita lajengaken
martosaken-
ngabaraken berkah
tentrem rahajeng
peparinging ALLAH
Sugeng makarya lan sugeng dados aji
ing gesang
kagem kaluhuranipun GUSTI ALLAH
AMIN
LITURGI IBADAH
MINGGU
Tritunggal Suci
26 Mei 2013 di SUWARU
26 Mei 2013 di SUWARU
(pkl. 09.00 WIB)
VOTUM : (Jumeneng)
KIPAS 96 :
1, 2 ING WAKTU BADHE WINULANG
Kanthi
pangaken :
Inggih
ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
ingkang ngluberaken
sih susetyanipun
tumrap
sadaya para titahi kagunganipun
(kita nampi berkah)
Sih rahmat lan Tentrem rahayu iku
pinangkanipun
saking sawabing patunggilaning ALLAH
SANG RAMA,
ALLAH SANG PUTRA,
tuwin ALLAH SANG ROH SUCI
tumraha ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN
2. INTROITUS : JABUR
16 : 9 – 10a
9. Mulane atiku
bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan
tentrem
10a. Amargi
PADUKA boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan
(pinarak)
KIPAS 11 :
1 DHUH ALLAH SIH KADARMAN TUWAN
(Maz 36:6-11)
3. Ndedonga
Pangaken Dosa: …AMIN
(Matius 22
: 37 – 40)
37.
PANJENENGANé
ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan
gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
39.
Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing
sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40.
Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro
mau."
4. KIPAS 143
: 1, 2, 3 ENGGARING MANAH
5.
PAWARTOS RAHAJENG : (( Jumeneng …
JABUR 7 : 9 - 10
9.
SANG YEHUWAH ngadili para bangsa.
Dhuh YEHUWAH, mugi PADUKA karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas
Dhuh YEHUWAH, mugi PADUKA karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas
10.
Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi
PADUKA santosaken, PADUKA ingkang ndadar
manah saha batosing tiyang , dhuh ALLAH ingkang adil
6. PELADOSAN FIRMAN :
PANDONGA:
… AMIN
7.
PAMAOSING KITAB SUCI :
Bacaan 1
: WULANG BEBASAN 8:
22-31
KIPAS 92 : 1 SABDANING ALLAH
KIPAS 92 : 1 SABDANING ALLAH
Bacaan 2
: ROMA 5:1-5
KIPAS 92 : 2 SABDANING ALLAH
KIPAS 92 : 2 SABDANING ALLAH
Bacaan 3
: YOHANES 16:12
– 15
Iba
begjanipun kita sapasamuwan
ingkang
tansah tresna dumateng ALLAH.
Tansah
ngorong lan
kepengin
mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi
nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..
KOTBAH
…
NGUDI GESANG
INGKANG TREP LAN
KEBAK KEBERHASILAN
SAKING KONSEP TRITUNGGAL
8. PENGAKEN
IMAN RASULI … - jumeneng/
pinarak ))
KIPAS : 93 :
1, 2 KRATONING SWARGA
9. PANDONGA
SYAFAAT :
Saos syukur dhawuh pangandika …
Bangsa & negari
Greja> Warganing greja—sakit,
lansia,
Anak-anak—sekolah (nampi kelulusan),
padamelan,jodoh
> Wulan KESPEL
Bibaran>>AMIN
10. PAMISUNGSUNG
: Samangke wanci wekdalipun …
Dasar : MAZMUR
69 :31; KIPAS 133
: 1 - … PAMARTA KULA
PANDONGA : ….
11. PENGUTUSAN
& BERKAT : (Jumeneng)
Patunggilan
kita badhe mengkeraken papan pangibadah punika,
Sumangga patunggilan
kita mujudaken Kesaksian gesang lan tansah
paring pawangsul- panjawab dhumateng saben tiyang, bilih ingkang adhedampar wonten ing kraton swarga inggih punika GUSTI
ALLAH ingkang agesang tanpa winates ing papan lan wekdal ugi ingkang makarya salami-laminipun.
GUSTI ALLAH ingkang boten Srana pitados dhateng. Kita sami sampun nampeni panebusing SANG KRISTUS sarta tentrem rahayeng
ing panuntuning SANG ROH SUCI.
KIPAS 130
: 1 NUNGGIL KALIYAN GUSTI
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat
lan tentrem rahayu
tumuruna ana
ing gesang kita sapatunggilan
ing dinten
samangke
ngantos
dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng
tyang ingkang tansah
mangabekti lan
masrahaken
gesang
kapitadosanipun
dumateng
ALLAH SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG
ROH SUCI
AMIN
WULANG BEBASAN 8:
22-31
22. INGSUN wus katitahake dening PANGERAN YEHUWAH dadi
22. INGSUN wus katitahake dening PANGERAN YEHUWAH dadi
wiwitaning pakaryane , minangka
oandamele kang kawitan ing jaman kuno.
23. INGSUN wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula,
23. INGSUN wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula,
sadurunge bumi ana
24. WiyosingSUN sadurunge banyu samodra agung
ana, sadurunge ana
sumber-sumber kang luber banyune.
25. Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk
25. Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk
INGSUN WUS miyos.
26. Iya sadurungé PANJENENGANe nitahaké dharatan lan ara-ara, malah
26. Iya sadurungé PANJENENGANe nitahaké dharatan lan ara-ara, malah
durung ana bledug kawitan
27.
Nalika PANJENENGANe ngrancang ananing langit, INGSUN ana ing
kono, iya ing kalane nyipat sikiling
langit ana ing lumahe samodra agung
28. iya kalane netepake mega-mega ing dhuwur ,
lan kalane sumbering
samodra agung wiwit padha mbludag klawan
santer
29. nalika PANJENENGANe nemtokake watesing
segara, supaya banyu aja
nganthi nerak dhawuhe, lan ing kalane
masang dhasaring bumi
30. INGSUN dadi putra kekasihe kang nyarengi PANJENENGANe, sadina-
30. INGSUN dadi putra kekasihe kang nyarengi PANJENENGANe, sadina-
dina INGSUN damel renaming penggalihe,
tansah dolanan ana ing ngarsane
31.
INGSUN dolanan ana ing bumi kagungane, sarta para anaking manungsa
padha dadi kalangenaningSUN.
ROMA 5:1-5
1. Mulané kita kang wis padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip
1. Mulané kita kang wis padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip
kalawan rukun karo ALLAH marga déning GUSTI kita, YESUS
KRISTUS.
2. PANJENENGANé iku kang njalari
kita padha olèh dalan kang anjog ing sih-
rahmat marga saka pracaya. Ana ing
sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita
bombong sajroning pangarep-arep bakal tampa
kamulyaning ALLAH.
3. Lan ora mung iku baé. Kita malah
iya padha bombong sajroning sangsara
kita, awit kita padha mangerti menawa
sangsara iku njalari tataging ati,
4. lan tataging ati iku njalari
tanggon, tanggon nukulaké pangarep-arep.
5. Déné pangarep-arep iku mesthi
ora bakal nguciwani, awit sihé ALLAH wis
kaesokaké ing ati kita déning ROH SUCI,
kang wis pinaringaké marang kita.
YOHANES 16:12 – 15
12. Isih akèh prakara kang prelu
dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki
kowé durung bisa nampa.
13. Nanging samangsa PANJENENGANé
rawuh, yaiku ROHing KAYEKTEN,
iku bakal nuntun kowé marang sakèhing
kayektèn. Awit PANJENENGANé
ora bakal pitutur saka sarirané dhéwé,
nanging sabarang kang dipiyarsakaké
iku kang bakal dingandikakaké sarta
PANJENENGANé bakal martakaké
prakara-prakara kang arep kelakon.
14. PANJENENGANé
bakal ngluhuraké AKU, amarga bakal martakaké
marang kowé apa kang katampi saka AKU.
15. Apa sakagungané SANG RAMA, iku
iya duwèkku; mulané AKU pitutur,
mangkéné: JURU PITULUNG bakal martakaké
marang kowé apa kang wis
katampi saka AKU."