Jumat, 25 November 2011

TETEP MAJU NADYAN KATHAH PEPALANG

Minggu, 27 Juni 2010
Ibadah Minggu







Tema Wulanan :
Berkarya
untuk sesama
bersama TUHAN
( Mujudaken berkahing kawilujengan
saking GUSTI  YESUS
salebeting pakaryan nyata
sasarengan lan kagem sesami )










TETEP  MAJU
NADYAN   
KATHAH  PEPALANG





1 Para raja 19 : 19 – 21
Galati 5 : 13 – 18
Lukas 9 : 51 – 62













Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
  sapinten agenging sih katresnanipun ALLAH
tumrap kita para manungsa
ingkang sampun katinimbalan
sowan mareg
ing ngarsanipun ALLAH,
 kita sami sampun dados timbalan
ingkang kapiji
 dados warganing kratoning ALLAH
ing ngaluhur
supados kita sami nampeni
sih kamulyaning ALLAH


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rumaos kita samangke
gesang kita-
kula lan panjenengan
punapa mandeg,
tetep
mboten wonten pribahanipun ?

Kados pundi raos-raosing manah kita
salamining kita ndherek
 tut wingking
 ing samargi-
salampah-lampahing gesang
 anut grubyuk
ing grombolaning KRISTUS  YESUS
 punapa manah kita bingah ?
punapa manah kita rumaos awrat ?
punapa raosing gesang kita
tansah bingah
lan kados pundi pepenginaning dhiri kita
ing salajengipun
punapa taksih mikir-mikir malih
bilih kaparingan dhawuh
utawi tugas kaliyan GUSTI  YESUS ?
 punapa taksih rumaos ajrih
 mboten saged nindakaken sadaya dhawuh
 dedhawuhipun SANG KRSITUS ?
punapa kita mboten purun tumindak
sanadyan mireng tugas lan prentahipun ALLAH.


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Kita rumaosa bingah
 bilih kita katimbalan
kaparingan tugas
 tanggel jawab
sabab gesang punika
 awrat enthenging gesang pigesangan kita
 mesthi kedah kita alami
lan kita sanggi sesarengan
 mboten saged kita seleh
 ing samukawis prekawis kita mendel
sadangunipun kita gesang lumampah
 kita sambra-ambra-
sakparan-paran
 mboten jelas tindak lampah tujuan kita
Mboten saged makaten
para sadherek kinasihing GUSTI  YESUS

Kita kedah lumampah manut miturut
dhawuh pangandikanipun ALLAH
ing ndalem GUSTI  YESUS PRIBADI
 rinten dalu
 kita lumampah tansaha ngendelaken GUSTI  YESUS
 ALLAH kita

Rungokna dhawuh dedhawuhipun
  sanajan mboten cetha
 ing pamireng
 nanging ing batos sora swantenipun

 sanajan mboten martosaken kabar kawilujengan
ingkang mbingahaken-
GUSTI ingkang deduka dumatyeng kita
 kita kedah tetep mirengaken
lantaran sadaya dhawuh pangandikanipun ALLAH punika
 sanget saged mbangun dumateng diri kita sami
Punapa karsanipun GUSTI  ALLAH
 dadosa kalampahan
 ing pigesangan kula lan panjenengan


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rawuhipun SANG  KRISTUS YESUS
ing satengahing jagad punika
 kangge nglurusaken-
nglencengaken
samargi-margi tuking gesanging manungsa
supadosa saged anjog ing kratoning ALLAH 
ing Swarga adi

Semanten agenging sihe ALLAH
 karana punika ALLAH pribadi
 ngrawuhi jagad lan
 dalasan sok saben tiyang
supados sami saged pinanggih kaliyan ALLAH
Iba bingahing gesang kita
ingkang karawuhan dening ALLAH
 ing gesangipun
sami katimbalan ndherek leladi
ing peladosan-
makarya ing peladosaning ALLAH

Kados dene ing jaman Nabi Elia
nimbali “yunior”ipun
Elisa
 supados sami nderek Sang Nabi
ing peladosan kagem ALLAH-
 ingkang kados makaten kalawau
kita sami maos
GUSTI  ALLAH PRIBADI
ingkang nimbali Elisa

Elisa ing wekdal samanten
saweg nggarap sabin
 kaliyan para ‘penggarap-penggarap’ sanesipun
 ‘mbrojul’-
mluku sabin

Kanthi pratanda
 Elia nguncalaken jubahipun
 dumateng Elisa
 menika ateges Elisa kaajak mangkat ndherekaken Elia
nindakaken peladosan

“Keparenga kula badhe ujung
 dhateng bapak saha ibu kula rumiyin,
mangke lajeng badhe ndherek panjenengan”
Menika jawaban ingkang tulus
 kaaturaken dening Elisa dumateng Sang Nabi Elia

Sabab anggenipun pamit dumateng tiyang sepahipun
 lan nindakaken sesaosan syukur
kanthi motong-
nyembeleh sapi lan
dedhaharan sesarengan
 menika wujuding cecawisan anggenipun Elisa
 badhe ndherekaken Sang Nabi Elia,
dados abdinipun ALLAH

Satunggal gegambaran
lelampahan
 pamijining ALLAH dumateng manungsa
 supadosa sami ndherek
 ing pakaryaning ALLAH

Wonten malih para sadherek
satunggal cariyos ing jamaning GUSTI  YESUS makarya
 ing tlatah Israel,
GUSTI  YESUS ngutus saperangan murid ing antawispun
wonten Yakobus lan Yokanan
ingkang sami mireng reraosaning isi manahipun
 sasedherek ing dusun Samaria
ingkang mboten purun anggenipun
badhe nampeni GUSTI  YESUS sarombongan,
sabab warganing Samaria nyumurupi
bab kendeling GUSTI  YESUS menika anamung
 kangge sawatawis wekdal kemawon lan
badhe nglajengaken malih lumampah
dumateng kitha Yerusalem,
lha menika lak lelampahing GUSTI YESUS
ingkang pungkasan anggenipun badhe lumebet malih
 dumateng kitha Yerusalen
saderengipun sumengka-
 tindak dhateng Swarga

Kita sami mirsani …
Para sadherek sapatunggilan
 latar belakang sejarah
pasarwunganipun ‘suku-suku bangsa’-
para warganing Israel
ingkang nganggep tiyang Samaria menika
 dados warganing negari kelas kalih-
dados warganing bangsa ingkang paling andhap
lan sami dipun tebihi ing pasrawungan sosialipun.
 Karana Warganing Samaria menika
 sanes keturunan Israel ingkang murni
ananging sampun campur
 kaliyan bangsa sanes-sanesipun.
Ananging GUSTI  YESUS
 ing wekdal peladosanipun
mboten nate mbenten-mbentenaken
bab pasrawungan-
bab peladosan :
kabar kabingahan
ingkang mijilipun saking Swarga
 kedah katampi lan kawartakaken
dumateng sadaya bangsa
 ing salumahing bumi

Kanthi makaten
GUSTI  YESUS sami katampik dening para sadherek
 ing Samaria

Lumampahing GUSTI  YESUS
anggenipun makarya
dalasan anggenipun badhe mungkasi pakaryanipun
mboten wonten ingkang saged ngendek-
‘tidak ada yang bisa menghentikan pekerjaan ALLAH”

Bareng GUSTI  YESUS kaparingan pirsa
 dening para murid
bab tiyang Samaria
ingkang mboten karsa karawuhan
dening GUSTI  YESUS
lan GUSTI  YESUS dados duka-
 ‘TUHAN menjadi marah’
nalika nyumurupi reaksinipun Yakobus lan Yokanan
kanthi atur pawicantenan :
“GUSTI,
punapa PANJENENGAN ngarsakaen
supados kawula
 sami ndhatengaken latu
saking langit ,
 numpes tiyang-tiyang punika ?”

GUSTI  YESUS
saestu duka dumateng para murid
 ingkang nggadahi pamikir
ingkang makaten,

lajeng GUSTI  YESUS sarombongan
 pados dusun sanesipun
kangge pakendelan sawatawis wekdal
saderengingipun tindak
dumateng kitha Yerusalem.


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
GUSTI YESUS
sejatosipun nyumurupi
saben isi batos manahipun tiyang
sinten ingkang kedah kaparingan pawartos –
piwucala
dalasan  kesempatan-kesempatan-
wekdal anggenipun nampeni rawuhing
 GUSTI
JURU WILUJENGING JAGAD 
menika
GUSTI  YESUS tansah nanting

‘GUSTI  YESUS
selalu menanyakan setiap hal
 kepada setiap pengikutnya
apakah engkau mau ikut AKU ?’
 Apa kowe gelem melu AKU leladosan
lan sapiturutipun?
Apa gelem kowe manggul salib
lan sapiturutipun !


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Pandherekipun GUSTI  YESUS
 ingkang kasebat para murid
lan inggih ingkang dados Rasuling ALLAH
 ugi kautus
 ngabaraken kabar kabingahan
  lumantar sadaya bab
dhawuh pangandikaning GUSTI  YESUS
 kedah katindakaken

Karsanipun GUSTI  YESUS
supadosa tuwuh manah
 raos  katresnan
 ing antawisipun para sasedherek patunggilan
mboten kepareng
tuwuh manah drengki
 lan memengsahi
sadherek sanesipun
sanajan sadherek kalawau
sampun ndadosaken sekel
 penggalihipun GUSTI  YESUS
kanthi katresnan
tumindaka peladosan dumateng sesami

Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Satunggal cariyos malih
wonten satunggaling priyantun-
tiyang matur dumateng GUSTI  YESUS :
“Kawula badhe ngetut wingking PANJENENGAN”

Ananging panjawabing GUSTI YESUS :
 “Asu ajag padha duwe rong lan
 manuk padha duwe susuh,
nanging PUTRANING MANUNGSA
 ora kagungan papan
kagem nyelehaken mustakane”

Banjur panjawabing GUSTI  YESUS malih
 dumateng tiyang sanesipun :
 “Melua AKU”

Ananging panjawabing tiyang punika :
“Kepareng kawula kesah
ngubur bapak kawula rumiyin”.

 Kanthi swanten sora GUSTI  YESUS
 paring pangandika :
 “Cikben wong mati
 padha ngubur wong mati,
nanging kowe iku lungaa,
ngundhangna KRATONING  ALLAH
 ana ing ngendi-endi”.

Malih;
panjawabipun tiyang sanes
dumateng GUSTI  YESUS:
 “Kawula badhe ngetut wingking
 PANJENENGAN,
GUSTI,
nanging keparenga kawula
 pamitan rumiyin
dhateng brayat kawula”.

Atur pangandikanipun GUSTI  YESUS :
 “Saben wong
kang wus nyekel waluku,
mangka banjur noleh
 marang kang ana ing buri,
iku ora pantes
 tumprap KRATONING ALLAH”.



Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rawuhing GUSTI  YESUS
ing satengahing jagad
 kangge nebus dosa
 kalepataning manungsa

Kedahipun kita
 ingkang sampun kaparingan dhawuh pangandika
 lumantar para nabi
dalasan GUSTI  YESUS PRIBADI

 ALLAH ngersakaken dumateng kita sami
sagaha ndherek
ing peladosan
 nyambut damel ing pakaryaning ALLAH
 kangge nglencengaken margi
 anggen kita sami sasedherek
badhe sowan mareg
ing ngarsanipun ALLAH
 nggih mareg ing KRATONING ALLAH
 Swarga adi

Rahajeng kita sapatunggilan
ingkang sami katresnanan dening ALLAH
lan lumampah mangkat-
brangkat
 nindakaken panyambut damel
kanthi mboten nolah-noleh malih
kanthi tulusing manah
lumampah pracaya
lan nindakakaen sih katresanan
 dumateng sok sintena tiyang
 ingkang kita panggihi
ing sawekdal-wekdal kita migesangan

GUSTI  YESUS amberkahi kita sami

AMIN





























1.      VOTUM : (Jumeneng)
      KPK  26  : 1, 3     Puji Panuwun

      
2.    INTROITUS    :    GALATI  6 : 2
Padha tulung-tinulungana ing bot repot !. Iya kaya mankono iku anggonmu netepi angger-anggere KRISTUS

       KPK  70  : 1, 5      Lumadi ing GUSTI


2.  PENGAKEN  DOSA : …Matius  22 :  37 – 40
37. PANJENENGANe ngandika marang wong iku, “Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging budinira
38. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe
39. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku : Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awake dhewe.
40. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau”.

ndedonga : 
AMIN

4. KPK  68  :  1      ( 2 X )       Iba adi TUWAN endahipun

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

JABUR 62 : 6 - 8

6. Katentremanku mung ana ing GUSTI ALLAH,amarga kang dak arep-arep iku pinangkane  saka ing  PANJENENGANe
7. Mung PANJENENGANe kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran
8. Ana ing GUSTI ALLAH dununging kaslametan lan kamulyanku; peparangku lan kasnatosanku, sarta pangayomanku iku GUSTI ALLAH

6. PENGAKEN  IMAN  RASULI … pinarak ))
    KPK  175   :  1      Tyang rahayu

7. PELADOSAN  FIRMAN :
          PANDONGA:    AMIN
     KPK  93  : 1    ( 2X )      Pangatag ngabarake INJIL


    PAMAOSING  KITAB SUCI :    
1 Para raja 19 : 19 – 21
Galati 5 : 13 – 18
Lukas 9 : 51 – 62

     KOTBAH 
       
          KPK  71  :  1, 3         Manggul salib
             
8.     PANDONGA  SYAFAAT :  

9.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
          Dasar  :   MALEAKHI  3 : 10
           Sira padha nggawaa pisusung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong            
           Parawatan, supaya ing padalemaningSUN anaa tandhon pangan; tumuli 
           INGSUN titi priksanen, -mangkono pangandikane SANG YEHUWAH  
           sarwa dumadi, -apa sira ora SUNwengani inebe langit, sarta apa INGSUN 
           ora ngesoki berkah marang sira nganti luber ?

;  KPK  187  :  1 - … Pisungsung jiwa raga
           PANDONGA   :  ….

           KPK   336  :  1   

10..    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
          

Kamis, 24 November 2011

NINGALI SESAMI MINANGKA CITRA PASEMONIPUN ALLAH

Minggu, 14  Pebruari 2010

Tema Wulanan :
 ANDUM  BERKAH 
LAN   
SESAMI

Tema Mingguan :
 SESAMI 
MINANGKA  CITRA
  PASEMONIPUN  ALLAH







NINGALI  SESAMI
 MINANGKA 
CITRA  PASEMONIPUN 
ALLAH





LUKAS  6  :  27 – 38



27
“Nanging kowe
kang padha ngrungokake marang AKU,
 padha dak pituturi : 

Padha tresnaa marang mungsuhmu :
 wong kang sengit marang kowe,
pada becikana….”







Patunggilan 
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Kita punika sami dados titahipun
 ingkang sampurna ugi prayogi


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rawuhing GUSTI  YESUS
ing satengahing jagad gumelar menika
sampun paring tuladha – 
conto
 dumateng para pandherekipun

Conto- 
tuladha kangge ngakeni 
bilih
 sesami kita menika
 nggih sok sintena tiyang 
ingkang migesang sesarengan kita

Jamaning Prabu Saul
nguya-uya Dawud
 Rencangipun
 karana siriking ati

Prabu Saul
ngupadi kados pundi
mejahi Dawud 
sak wanci-wanci kaparingan wekdal

lajeng
 nguyak-uyak Dawud
 ngantos dumugi papan-
panggenan
ingkang awrat
nggih tetep kakejar


Patunggilan 
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rahayu 
tiyang ingkang paring piwelas
 dumateng sesaminipun
kados dene Dawud

ingkang nggadahi wekdal
 kesempatan
kangge males mejahi Prabu Saul 

ananging 
Dawud mboten nindakaken
bab prekawis punika

Rahayu
tiyang ingkang taksih nentepi
 dhawuh pangandikanipun ALLAH :

Sira nresnanana marang sapepadanira
kaya marang awake dhewe



Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rumangsaning dhiri
kita menika
sampun leres
 bilih 
nindakaken piwales 
tumprap sok sintenana tiyang
 ingkang nggadahi 
kalepatan dumateng kita

Kalepataning gesang
kita
sanget ageng
 bilih kita
nindakaken piwales

ALLAH 
mboten ngarsakaken
kita nindakaken piwales

ALLAH 
ngersakaken
kita sumeleh 
pasrah
ngaturi
GUSTI  ALLAH
ingkang makarya 
ing gesang kula
lan 
panjenengan

GUSTI  ALLAH
rawuh
ing satengahing jagad
 kangge nebus
sadaya dosa
kalepatan kita

Rahayu
kita
ingkang ngaturi GUSTI  YESUS
makarya
 ing diri
kita piyambak-piyambak

Jer 
punapa 
ingkang kawastanan awrat
lan 
mokal
 badhe saged katindakaken


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
GUSTI  YESUS 
masrahaken sadaya 
badan nyawanipun
 kangge makarya
nglabuhi gesanging manungsa

Rahayu 
wong kang pracaya
lan
tumindak tresna
 dumateng sesaminipun

Dinten Valentin
 Dinten kasih sayang
 murih 
kita sami mandeng malih
tumprap patuladhan
 ingkang
sampun kaaturaken 
ing nginggil kalawau

GUSTI  YESUS 
mboten melasi malih
 dumateng tetiyang
ingkang mboten nggatosaken
 dhawuh pangandikanipun

Rahayu
kita samangke
 taksih saged mireng-mireng
 lan 
ngraosaken saperangan sabda 
pangandika

Kita punika
para saderek
sampun  kapiji
dadosa labuhaning nyawa
kanggening 
para saderek 
sanes
 ingkang mbetahaken sih katresnan

Kita 
saged dados lelabuhaning nyawa
 karana kita
sami kaparingan kasagedan
 numindakaken
bab prekawis punika

Pancen 
para saderek
 nindakkaken 
bab katresnan menika 
awrat sanget

Rahayu 
tiyang ingkang karawuhan
dening ALLAH
ing gesangipun 

ALLAH
kaparingan papan
panggenan
ingkang  sayektos

Malah-malah 
dados rajaning gesang 
kita

Maliginipun
 kangge nindakaken sih katresnan
tumprap 
mengsah-mengsah kita

Mboten ateges 
kita gesang madosi-
golek  mengsah
….

Kita gesang
tetepa kados dene 
GUSTI  YESUS
 ingkang mendel kemawon  
 bilih kagoda
supados nindakaken piwales
 dumatenng tetiyang
 ingkang tumindak nyekelaken 
manahipun

GUSTI  YESUS mboten nuruti pikajenging daging
ananging ngrumiyinaken badan
 lan nyawaning manungsa sanesipun
 supadosa  saged kaparingan kawilujengan satuhu


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Kasih
utawi
katresnan menika
mboten anamung kendel
ing pangangen angen kemawon

Katresnan punika
sageda dados
dasaring gesang kita 
sasedherek
 ing wekdal migesangan
ing satengahing jagad
samangke

Mugi reraosan sekedik menika
ndadosaken tambah
kiyating iman kita
 dumateng  ALLAH
 nggih 
GUSTI  YESUS
pribadi
ingkang langkung rumiyin 
ngraosaken kakuya-kuya



Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Sadaya
bab prekawis
ingkang ndadosaken kita sirik
lan
kepengin males
tumindaking liyan
 saksaged-sagedipun 
kita owahi
 dados nresnani sesami

Bilih to 
kita dereng saged makaten
prayoginipun 
kita nyuwun pitulungan
 dumateng  GUSTI  YESUS

 supadosa 
kita saged tumindak
ngaturi  SANG  ROH  SUCI
makarya
 nyenyuwun dumateng ALLAH

Pasrah sumarah
mentingaken katresnan
 mesti
ALLAH badhe tansah 
paring pitulungan

Rahajeng kita
ingkang makarya
ing gesang pigesangan
 makarya
ana sih katresnaning ALLAH
 lumados
ing sih katresnan menika
wujuding gesang 
ngunggulaken ALLAH
 sanes diri pribadhi

  Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Kita 
samangke katetepaken 
ing pakaryaning ALLAH
 lumakua 
nindakkaken
sadaya sih katresan
 dumateng  tetiyang
ingkang nggadahi kalepatan
dumateng diri kita

GUSTI  ALLAH 
mesti badhe 
paring kakiyatan
lan
kasagedan



AMIN