Rabu, 07 Agustus 2013

PRACAYA IKU ANA ING PAKARYANING SUN


Persekutuan Doa Gidion
Selasa, 6 Agustus 2013





PRACAYA

 IKU ANA ING

PAKARYANING SUN



1 SAMUEL 6 : 9 – 11

9.
“…. Nunten sami migatosna : manawi pethi menika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih PANJENENGANipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangertos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita: namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita !”
10.
Wong mau banjur nindakake mangkono. Padha njupuk sapi kang nusoni sarakit, dirakitake ana ing karetane, nanging pedhete dicancang ana ing ngomah.
11.
Pethine SANG YEHUWAH diemotake ing kareta iku, apa dene pethi kang isi tikus-tikusan lan pepethaning wudun emas

(9)
Perhatikanlah: apabila tabut itu mengambil jalan ke daerahnya, ke Bet-Semes, maka Dialah itu yang telah mendatangkan malapetaka yang hebat ini kepada kita. Dan jika tidak, maka kita mengetahui, bahwa bukanlah tangan-Nya yang telah menimpa kita; kebetulan saja hal itu terjadi kepada kita."
Demikianlah diperbuat orang-orang itu. Mereka mengambil dua ekor lembu yang menyusui, dipasangnya pada kereta, tetapi anak-anaknya ditahan di rumah.
Mereka meletakkan tabut TUHAN ke atas kereta, juga peti berisi tikus-tikus emas dan gambar benjol-benjol mereka.



Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Sinarehing GUSTI YESUS
estu anggenipun nresanani
 dumateng kita sapatunggilan
tamtunipun GUSTI YESUS
mboten badhe negakaken
 ing samukawis sawernining kita tumindak 
ngalami pigesangan
 sanajan kahanan kita satunggal lan satunggalipun
 benten
 ing kahanan lan papan
 padunungan kita

GUSTI
tansah netepi prasetyanipun kanggening kita sami
 patunggilan
wonten ing dhawuh pangandikaning
ALLAH tansah paring prajanji-
ALLAH paring prasetya
 Sadaya prasetyanipun tetep badhe kalampahan-
badhe dipun ‘genapi’


Makaten ugi kasetyan kita dumateng ALLAH
sanget saged murugaken
bab punapa ingkang badhe kaparingaken
dening ALLAH dumateng kita
 enggal saged kalampahan

Kados dene pethi perjanjian
tumpraping bangsa Israel
estu saged nedhahaken bab rawuhing
 GUSTI
SANG YEHUWAH
ing satengahing bangsa
Pethi perjanjian
ingkang isinipun 2 lempengan sela-
2 loh batu
ngemu bab panuntuning gesang :
10 angger-anggering ALLAH

Wonten malih isinipun inggih punika
tekening Harun
 ingkang ngedalaken kembang
ugi kasimpen
ing pethi prajanjian kalawau

ALLAH
ingkang tansah rawuh lan makuwon
 ing satengahing bangsa
ingkang sanget anggenipun nresnani
GUSTI ALLAHing

Rawuhing ALLAH
awewujudan dhedhawuh
ingkang kapapanaken ing pethi prajanjian.

 Lha pethi prajanjian kalawau
 nggadahi sawab-
daya kakiyatan ingkang ageng
kanggening sabangsa

GUSTI ALLAH
SANG YEHUWAH
 ugi nunggil ing sauruting gesang pigesangan kita
sami
kados dene
gesang pigesanganipun sabangsa Israel

Wonten satunggal kedadosan
ing sadangunipun bangsa Israel
ingkang tansah memengsahan
 kaliyan bangsa Filistin
lan
bangsa Filistin ugi mangertosi
bilih ALLAHing Israel menika makuwon
ing satengahing bangsa
kanthi awewujudan pethi perjanjian
ingkang kapapanaken
 wonten ing satengahing bangsa


Patunggilan
ingkang katresnanan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing kita
ingkang sami pracaya lan mitadosi
pakaryaning SANG ROH SUCI

Dedhawuh
 ingkang tansah kita pireng
ing saben-saben wekdal
 lan
ingkang tansah kita simpeni
 ing manah
batos kita
 piyambak-piyambak
kanthi makaten
sadaya prajanjining ALLAH
 tansah migesangan
 ing satengahimg patunggilan
 dalasan sadaya pakaryaning ALLAH
 ingkang kebak panguwaos
 ugi tansah nunggil
ing pigesangan kita sami

Bangsa Filistin
 nggadhahi panganggit
bilih pethi prajanjian kalawau kabekta
 dhateng tanah Filistin
ing sami kapimpin dening 5 ratuning kitha-

Panganggitipun
umat Israel mesthi badhe enggal kawon
karana sampun kapethatan
dening ALLAHipun
karana pethi prajanjian sampun kaboyong-
 kapendet dening bangsa Filistin


Patunggilan
 ingkang katresnanan
dening GUSTI YESUS
Rinten dalu
 saben dinten
bangsa Filistin mboten nampeni kabingahan
ing sadangunipun kasil ngrebat
pethi prajanjianing ALLAH
 tumprap umatipun sabangsa

Bangsa Filistin
 sabangsa
ingkang kapimpin dening
5 ratuning kitha
gilir gumantos ngraosaken kasangsaran
 kados-kados ingkang kaalaman
menika tetulah-
wewalak
 saking ALLAH SANG YEHUWAHing Israel-  

Kados-kados bangsa Filistin
 ngalami wewalak
 ingkang nate kaalaman
dening Prabu Pringon-
Sang Prabuning bangsa Mesir

Borok-borok/
wudun-wudun lan tikus-tikus
sampun sami ndadosaken kasangsaraning
 bangsa Filistin


Patunggilan
 miturut paneranging juru ramal-
juru tenung bangsa Filistin

pethi prajanjian
kedah kawangsulaken malih
kakintun nyebrang
 dumateng tlatah Israel
ingkang paling celak

kakintun kanthi sesaosan korban dosa-
 kasalahanipun sabangsa
ingkang kawujudaken emas-emas :
5 emas wujuding wudun/ borok
Lan
5 emas wujuding tikus

Pethi prajanjianing ALLAH menika
kedah kausung kaliyan kreta
ingkang katarik
 dening sapasang lembu ‘sesaosan korban bakaran’
ingkang nembe nyampe suson pedhetipun


Patunggilan
ingkang kinasih
Reraosan isining juru ramal-
juru tenung Filistin :
kreta lembu menika kedah kaiiringaken
dumateng papan
 ingkang katuju
 miturut lelampahaning si lempu menika
 mboten saged kaenggoake
mangiwa utawi manengen
 lan ugi
mboten kedah kaendegaken-
anamung karep-
pikajenging si lembu kemawon kaengon
dumateng pundi puruging lumampahanipun

Makaten
 suraosing isining panganggiting para juru tenung
 bilih lembu sapasang menika lumampah
narik kreta lumebet tlatah Bet-Semes
menika nggadahi ateges
bilih punapa ingkang kalampahan dening sabangsa
estunipun pancen saking GUSTI ALLAHing Israel
sanes karana kaleresan
utawi kapinujon
wontening pageblug
utawi
bencana hama tikus
ingkang kaalaman

Mekaten piandeling bangsa Filistin
 saged kawaca miturut kedadosanipun :
 pancen GUSTI ALLAH PRIBADI
 ingkang estunipun
sampun ndhawahaken bebendu menika


Makaten
sadherek patunggilan
 wujuding panguwaosing GUSTI ALLAH
lan
wujuding katresnaning GUSTI ALLAH
 tumprap umat pilihaning
 nggih menika Israel
sabangsa

Makaten ugi
kanggening kita sapatunggilan
 mesthi kita sadaya
wonten ing wewengkoning GUSTI YESUS KRISTUS
 kita mboten prelu kuwatos
bab tetiyang utawi bangsa sanes
ingkang badhe nempuh ing pigesangan kita
gegayutan kaliyan iman
kapitadosaning gesang kita

Sebab ALLAH PRIBADI
 ingkang dados memengsahipun
Sebab ALLAH PRIBADI
ingkang ndadosaken gesang kita
para pitados
katunggilan lan kabentengan

Kita anamung kaparingan tugas sasaged-sagedipun
mapanaken lan ngestokaken
 bab prajanjining ALLAH
 ing sauruting kita nindakaken pigesangan

Lha samangke
Kanggening dhiri kita
 menapa kita sami nggadahi kekendelan
anggen kita purun ngakeni lan masrahaken
sadaya dosa-
kesalahaning gesang pribadi kita
dumateng ALLAH

Lan
punapa kita kersa nilar
 sadaya kakiyatan
ingkang mijilipun saking diri pribadi
utawi
mijilipun saking kakiyataning alam
lan
saking daya magis sanes-sanesipun;
reca sesembahan,
roh-rohing jagad ingkang kapundi-pundi-
kadadosaken sesembahan lir kapitadosan kita ?

Mbok bilih
 kita ing wekdal samangke ngalami kahanan
 kados dene bangsa Filistin
ingkang ngalami
 babagan ekonomi,
 kesehatan,
lan sanes-sanesipun malih

Bebenduning ALLAH
anamung kangge sadaya tetiyang
 ingkang kumawantun lumawanan
kaliyan panguwaosing ALLAH

kados dene tetiyang Filistin
pinten-pinten dasa tiyang
njalari pejah
 karana kumawantun mbikak-
kepingin ningali isining pethi prajanjian
padahal piyambakipun
 mboten mitadosi ALLAHing Israel

Kita kedahipun
 asung hormat dumateng ALLAH PRIBADI
mboten kumawantun ngendelaken dhiri pribadi
lan
ngasoraken ALLAH kita
ingkang sanget dados sesembahaning
 para tiyang pitados

Makaten
Patunggilan
 GUSTI YESUS
 tansah mberkahi kita
sami

AMIN















·        Doa Pembukaan
KPK 111 : 1   GUSTI nuntuna kawula
·        Doa
·        Pembacaan Firman :
                1 SAMUEL 6 : 9 – 11

KPK 79 : 1  Pracaya lan pasraha
·        Kotbah
KPK 193 : 1  Mung sawiji kabegjan sejati
·        Doa Penutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami