Sabtu, 18 Oktober 2014

GUSTI YESUS MENIKA SINTEN ? SANG ROH SUCI MENIKA SINTEN ?

Rancangan Renungan Ibadah Brayat: 
Kamis, 18 September 2014


GUSTI YESUS MENIKA SINTEN ?
SANG ROH SUCI MENIKA SINTEN ?


LUKAS 9 : 7 – 9

9b. Sapa ta sejatine wong iki, kang kawartakake nindakake prakara-prakara kang mangkono iku ?. Tumuli ngudi bisane ketemu karo YESUS

Patunggilan … Sinten kemawon ingkang saweg migesang ing jagad samangke tamtu katuntut nggadahi  ID (Identitas Diri). Seratan punapa kemawon wujudipun utawi KTP, SIM, Paspor, KK, Ijazah lan sanes-sanesipun ingkang saged nerangaken jati dhirinipun. Sidik Jari, praupan (bentuk wajah), warnaning pakulitan, tetenger (tanda lahir), golongan darah, DNA, cirri-ciri fisik (mripat, kuping, irung, rambut, janggut lan sanesipun).
Isining seratan identitas antawisipun bab Nami, Tanggal lahir, Alamat, Padamelan lan sanes-sanesipun malih.
Wonten cariyos bab salah tangkep lan salah tanggap dumateng  salah satunggiling pribadi/ tiyang karana kirang jelasing informasi wiwitan (( Saged pados conto piyambak): Upami- polisi klentu nangkep buronan, utusan utawi sopir klentu anggenipun mapag tamu ing bandara, … … ))

Patunggilan … Sang Nata Herodes ing jamanipun GUSTI YESUS makarya dereng ‘dong’- dereng paham lan dereng nate apatemu lan sami pinanggih. Bab GUSTI YESUS ingkang pasuryanipun ngetingalaken kawibawan agung dalasan kebak ing tumindak mujizat, piwucalipun mboten sami kaliyan para rabi (guru)  limrahipun. Nami GUSTI YESUS sampun sumebar ing saindenging tlatah negari ananging sinten sejatosipun GUSTI YESUS menika ?.
Makaten ugi Patunggilan … kathah warganing / masyarakat awam ingkang dereng mangertos sinten sejatosipun GUSTI YESUS menika ?.
Sawatawis tiyang mastani GUSTI YESUS menika Yohanes Pembaptis, Nabi Elia, langkung malih wonten ingkang mastani ‘Salah satunggiling Nabi’

Patunggilan … permasalahan salajengipun  enggal badhe tuwuh bilih tiyang mboten nyumurupi  sinten sejatosipun GUSTI YESUS menika. Sanajan ta tiyang sampun nate pinanggih (ateges mboten anamung miring naminipun GUSTI YESUS kados dene Sang Nata Herodes) lan ugi tiyang menika sampun nate kapitulungan ing sih piwelasing GUSTI YESUS (nate apatemu lan nampeni mujizat); Kados pundi permasalahan ingkang tuwuh anggenipun sami pitepangan ananging mboten trep anggenipun mangertosi/ memahami sinten sejatosipun GUSTI YESUS menika ?
Permasalahanipun inggih menika kados pundi tetiyang kathah utawi saben pribadi saged pitados  dumateng GUSTI YESUS.
Pancen sakedhik tiyang ingkang secara pribadi saged nggadahi lan nampi pemahaman pangertosan ingkang leres tumrap : Sinten GUSTI YESUS menika sejatosipun.

Patunggilan … Kanggening dhiri kita samangke menapa taksih dados pitakenan utawi taksih dados permasalahan Bab sinten menika DHIRI PRIBADIning GUSTI YESUS  …. ?. (Mestinipun mboten nuwuhaken masalah). Ananging kados pundi anggen kita nindakaken sesambetan kaliyan GUSTI YESUS ingkang dados pusat kaimanan kita (yang menjadi pusat iman kepercayaan kita). Sumangga kita raosaken ing salebeting manah lan kita enget-enget ing sadanguning kita nindakaken pigesangan saben dinten. Punapa GUSTI YESUS wonten ing dhiri kita lan dhiri kita ing ndalem GUSTI YESUS ?!.
Mbok bilih samangke kita mboten nggadahi permasalahan utawi kita samangke ugi kita sami ngraosaken wontening permasalahan anggen kita nyumurupi sinten ta GUSTI YESUS- JURU WILUJENG kula menika.

Patunggilan … Samangke wonten pitakenan malih kangge kita ingkang sami saged mitadosi ‘Sinten ta GUSTI YESUS’ menika. Pitakenanipun : SANG ROH SUCI MENIKA SINTEN ?. (Jawaban singkat : Bab TRITUNGGAL; GUSTI YESUS menika SANG ROH SUCI inggih SANG RAMA, tetiga tunggil).
Kanggening kita bab pitakenan: Sinten sejatosipun SANG ROH SUCI asring kita mboten saged enggal paring panjawab kados dene pitakenan Sinten sejatosipun GUSTI YESUS.

Patunggilan … Jawabaning Petrus rikala dipun dangu kaliyan GUSTI YESUS : “Lha, yen kowe dhewe, AKU iki sapa ?. Wangsulane Petrus : PANJENENGAN menika SANG KRISTUS!. Utusaning ALLAH. (Lukas 9:20)// (Terjemahan Jawi enggal – YESUS nuli ndangu marang sakabat,”Lah yen kowe, AKU iki sapa?”. Atur wangsulane Petrus,”MESIAS ingkang saking ALLAH”).
Samangke patunggilan … Kados pundi panjawab kita sami ingkang sanget saestu-estu anggen kita ndherekaken gesang tut wingking GUSTI YESUS lan SANG ROH SUCI ingkang karsa ndedalem ing manah batos kita ?. Punapa kita pangling kaliyan swantenipun GUSTI YESUS rikala SANG ROH SUCI dedhawuh dumateng kita ?. GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami