Selasa, 22 November 2011

MBELA WONG CILIK

MBELA  WONG  CILIK

JABUR  145  :  8 – 21

14
PANGERAN  YEHUWAH
punika dados tetuwak
tumrap sakathahipun tiyang
 ingkang dhawah lan
 ingkang njejegaken
sakathahing tiyang
 ingkang tumungkul 







Pasamuwan 
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Kita ing wekdal samangke
 kaparingan dhawuh pangandika
 bilih saben tiyang
ingkang setya tuhu
manut miturut ing dhawuh pangandika
 mesthi bakal kapyarsanan dening ALLAH

Sih kasetyanipun ALLAH
 lumantar sadaya pakaryaning ALLAH
 ing wiwitaning jaman
 ngantos dumugi ing dinten punika
sae kanggenipun sok tiyang ingkang manut
nurut lan netepi
 sakathahing  dhawuh pangandika

Sih piwelasing ALLAH
 mboten ewah gingsir

Sih piwelasing ALLAH
ajeg lan nyata
 lantaran sikap lan tumindak kita
 ingkang sami nresnani GUSTI YESUS


Patunggilan
kinten-kinten wonten punapa mboten
saperanganing manungsa ingkang nggadahi sifat
nresnani lan paring pitulungan
 kangge para saderekipun
 kanthi ngugemi sih katresnan ingkang sejatos ?

Pundi tiyang 
ingkang nindakaken saperangan karsanipun
 paring pitulungan
mesthi nggadahi etang-etangan bilih
punika kedah kasaur,
kawalesan ing tembe

Bilih pejabat contonopin
 ngungelaken ing bab nresnani
 lan mbela tiyang alit,
 kawula alit …

babagan punika sejatosipun
 anamung lamis ing tumindak
 mboten wonten kasunyatanipun
sepindah malih
 ing kasunyatananan
ing gesang saben dinten
tiyang alit asring mboten malih kagatosaken
kados dene
 wiwit ing wekdal kampanye
pados swara,
 biting …

Bilih pejabat kala wau
 kagawok dados pemimpin
 bilih pyambakipun taksih enget
umprap nasibing kawula alit ?

Sakathah-kathahipun
 mboten ngengeti
 bab prekawispun tiyang alit
 makaten patunggilan

 tiyang alit
anamung dados obyek
lan mboten dados subyek pelaku
 ingkang kauntungaken ing paprentahaning jagad

Pejabat sami mboten ngengeti malih
kahananing
sesambating
 tiyang alit
sampun ta bab punika
ndadosaken rahasia umum
 bilih pejabat
 mesthi badhe paring pitulungan
 tumprap tiyang ingkang nggadahi modal
ugi sampun paring sponsor
bantuan dana
ing rikala pencalonanipun


Patunggilan
 kita samangke kapimpin dening ROHing ALLAH
 bilih ALLAH
mboten sami kaliyan pemimpining jagad umumipun

Pemimpin punika
pemimpin ingkang saged njedulaken
 bab prekawis ingkang sae
lan mboten saening gesang paprentahan

Gesang  peperentahan
inggih gesang  kasaenan
 lan kasaenan-kasaenan punapa  malih
kanthi etang-etangan saling menguntungkan

Bilih pemerintah sae kanggenipun rakyat
 kanggene para pejabat punika
 mesthi nggih nguntungaken kanthi luar biasa
 sae kangge kolega-koleganipun
sae kangge kanca-kancanipun
sabrayat lan kulawarga


Patunggilan
sami kaliyan pejabat ing jaman samanngke
kita kedah netepi karsa
lan karsaning pemerintahan
kanthi setya lan bekti

Kenging menapa para kawula alit
 Rakyat
 kedah netepi peperentahan punika
 karana kanthi makaten
 sae lam mbotening gesang
sesambetan kaliyan kesetiaan
lan tulusing pamikir
bilih gesang kita wonten ing paprentahaning para pemimipin
 bangsa lan negari punika



Patunggilan
kita sami kedah
 mboten saling njegal
 lan nyatoni
satunggal lan satunggaling para kawula alit
 kita kedah saling tulung tinilungaan
ing sakathahing sesanggi
ingkang saweg kaalaman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami