Sabtu, 02 Mei 2015

RUKUNA KARO LELAWANMU

Materi rancangan ibadah Brayat : 
Kamis, 30 April 2015



RUKUNA KARO LELAWANMU 



MATIUS 5 : 21 – 26


25. Endang rukuna karo lawananmu 
        nalika lagi lumaku bebarengan menyang pengadilan, 
        supaya kowe aja nganti diladekake dening lawananmu mau marang jaksa, 
        jaksa banjur masrahake kowe marang pembantune, 
        temahan kowe dilebokake ing pakunjaran




Patunggilan ... punapa wonten cariosing bab gesanging manungsa menika 100 % leres miturut tumindaking dhiri pribadinipun ing satengahing gesang pasrawungan kaliyan liyan (-tyang sanes) ?. Kedahipun miturut ukuran menapa kita para kagunganing GUSTI YESUS ngayahi pasrawungan kaliyan sadherek sanes ?

Wonten gegambaran bab gesang pigesang ingkang kedah dipun tindakaken dening saben tiyang ing satengahing tatanan masyarakat. Wonten 3 conto gegambaran ingkang sampun kita waos ing kitab kalawau.
Sepisan; Bab memateni sadulure ingkang yen karuntut malih tumindak mejahi sadherekipun menika kawiwitan saking nuduh murtad, kapir, nepsu ngantos nglajengaken urusan dumateng pengadilan.

Ingkang kaping kalih; Gesang sesambetan kaliyan GUSTI ALLAH menika, kedah nindakaken karukunan kaliyan sadulure. Aja nuduh dulure ngona ngono. Sebab saben tiyang nggadahi tugas lan tanggel jawab atas dhirinipun. Ugi saben pribadhining tiyang pitados kedah ngupadi tumindak ingkang leres wonten ing ngarsaning GUSTI YESUS. Sebab GUSTI YESUS menika dados HAKIM ingkang ngadili sadaya tiyang, mila ing gegambaran kalawau, kita sami kautus supados mboten gampil ndhawahaken panuduh bab sesambetanipun sadherek kita kaliyan GUSTI YESUS.
Sumangga kita ngengeti malih, bilih hubungan- sesambetan kita kaliyan GUSTI YESUS menika sejatosipun dados tanggel jawabing dhiri pribadining saben tiyang pitados. Lan bab ukuman pati menika anamung kagem tetiyang ingkang gesangipun tebih saking GUSTI YESUS (= perumpamaan pokok anggur). Kita mboten perlu gampil nuduh murtad. GUSTI YESUS kebak katresnan mila kita ugi kedah nindakaken katresnan, mila kita ugi kaatag supados mboten sami gampang nepsu dumateng sadherek kita. Manungsa tanpa katresnaning GUSTI YESUS kawastanan sampun pejah, mila kita ugi kaatag, supados kita mboten memateni sesami kita ngangge tangan kita ,langkung-langkung bilih gampil nywantenaken isining manah dumateng liyan. (=kaengetaken bab akar dosa memateni menika tuwuhipun saking manah batosing manungsa : Pitenah, ngucapaken tetembungan ingkang ndadosaken sakiting liyan lan sapiturutipun).
Mila kita aja memateni sadulur kita, karana GUSTI YESUS pribadhi ingkang kagungan panguwasa mundut nyawaning saben manungsa. Sumangga kita nggadahi mental gesang purun tumindak ngrumiyini apura ingapura ingkang dados wujuding karukunan kaliyan sadherek kita. Gesang ingkang mekaten menika sejatosipun sanget adi nglangkungi wujuding pamisusung mezbah dumateng GUSTI YESUS. Wonten ing ngarsaning GUSTI YESUS pamisungsung kita mboten dados  keparenging ing penggalihing ALLAH bilih kita dereng saged nindakaken katresnan dumateng sadherek kita.  Tumindaking pangorbanan sesaosan syukur ingkang sejatos miturut GUSTI YESUS inggih punika praktek nglampahi katresnan marang sadherek kita. (=pangurbanan jiwa raga/ pangurbanan gandha arum)

Ingkang kaping tiga; Supados kita mboten gampil ngakimi lan ngendelaken proses pengadilan, sebab bilih nindakaken pengadilan ing ngriku mesthi mboten wonten tumindak gesang karukunan. Sebab wonten ing proses pengadilan ing ngriku wonten tuntutan- wonten jeksanipun lan ing ngriku ugi wonten hakim- juru/ ‘tukang’ vonis/ ndawahaken keputusan. Sebab ing proses pengadilan menika sadaya badhe kapriksa lan sadaya ngupadi kaleresaning dhirinipun.

Patunggilan .... GUSTI YESUS paring dhawuh pangandika : Supados kita para pandherekipun mboten  ngendelaken proses pangadilan sebab sejatosipun sedaya manungsa menika mesthi badhe ngalami tuntutan- pengadilaning GUSTI YESUS miturut pandameling kita piyambak-piyambak ing salamining gesanging manungsa.  Sebab GUSTI YESUS menika sanget tresna dumateng manungsa, lumangkung malih dumateng kita para putraning ALLAH.  Bilih GUSTI YESUS sampun ngrumiyini tumindak tresna sumangga samangke kita ugi mulai ngowahi gesang ingkang kebak tresna-tinresnan lan karukunan marang sasepadhan kita. Sumangga kita nebihi  lan mekak lathi kita saking sadaya pangucap awon ingkang pungkasaninipun sami kemawon kaliyan mejahi sasedherek kita. Sumangga kita nindakaken gesang pigesangan ingkang kebak apura ingapura.

Patunggilan .... Bilih kita mboten nindakaken gesang ingkang leres miturut dhawuhing GUSTI YESUS mangkenipun kita badhe kaduwung karana GUSTI YESUS pribadhi ingkang badhe nuntut dumateng kita. Karana kita kasebatan putraning ALLAH koq  tumindak miturut panggawene dhewe.

Patunggilan ... ing pungkasaning cariyos bab piwucaling GUSTI YESUS menika jelas, sinten sejatosipun ingkang kagungan pranatan lan tatananing gesanging manungsa ing salaminipun gesang ing ndonya menika (Nggih punika GUSTI YESUS pribadhi). Punapa mawon ingkang kita tindakake ing sadangunipun gesang migesangan ing jagad menika inggih mesthi badhe kaseratan ing kitabing pengadilaning GUSTI YESUS, lan punapa ingkang kita luwari saking tumindak kita ing jagad samangke, menika ugi badhe bakal kaluwaran ing pangadilaning GUSTI YESUS. Tenterm rahajeng kanggening kita ingkang kagungan pangertosan bab pangadilaning GUSTI YESUS. GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN