Jumat, 24 Januari 2014

APA PADHA KARO ROH JAHAT ?

Rancangan Kotbah 
Pangibadah Brayat : 
Kamis, 23 Januari 2014



APA PADHA
 KARO 
ROH JAHAT ? 

 MARKUS 3 : 7 – 12

11.
Roh-roh jahat iku 
saben-saben ndeleng PANJENENGANe
 banjur padha sujud 
ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora,
 “PANJENENGAN punika 
PUTRAnipun ALLAH!”



Patunggilan…. Rahajeng kita ingkang sami sampun tepang dumateng GUSTI YESUS, ALLAH ingkang nggelarken sih piwelasipun tumrap jagad dalah sadaya pra titah. Kita ingkang sampun sami anitepangan mesti mboten saged malih ka ombang-ambingaken dening rupi-rupi angin pengajaran. Contonipun : Bab piwucal sinten sejatosipun YESUS GUSTI sesembahan kita menika.

Patunggilan … Bukti keILLAHIan SANG KRISTUS YESUS, GUSTI kita-  mboten saged dipun pungkiri malih. GUSTI YESUS sampun nepangaken dhiri; Sinten estunipun GUSTI YESUS menika. GUSTI YESUS sejatosipun dados wujuding PRIBADIning ALLAH ingkang kasad mripat. GUSTI YESUS kasebat PUTRAning ALLAH- PUTRAning ALLAH ingkang kalair ing satengahing jagad. Enget patunggilan ing waosan kita : Roh jahat ugi mangertos bilih YESUS GUSTI kita menika PUTRAning ALLAH

ALLAH ingkang paring prajanji lan ALLAH ingkang paring hukum panata panetep agami dumateng para leluhur kita.  Hukum panata panetep agami ingkang kedah dipun lampahi….  Pranyata dening para leluhur sami dipun terak- sami dipun langgar ngantos kathah dosa panerakipun. Para leluhur mboten mbangun turut, lan mboten ngugemi hukum-hukuming ALLAH. Sanajan sampun kaluwaran saking tanah pangawulan- tanah Mesir. Para leluhur kita kabukten mboten sami setya tuhu dumateng ALLAH sesembahanipun.

Patunggilan … ALLAH sesembahan kita taksih karsa paring sih pangapunten.  Hukum utawi tatanan menika sejatosipun ugi dados wujuding prajanjining ALLAH. Hukum ingkang wiwitan kaparingaken sampun sami kalanggar. Hukum ingkang kalanggar menika mboten saged milujengaken para umat malih- Hukum ingkang ngemu prajanjining ALLAH sampun sami kalanggar.

Patunggilan … Ing ngriki (ing kasus sanalika GUSTI YESUS paring kasarasan dumateng sakathahing tiyang ing dinten Sabat). Jelas-jelas kathah tiyang enggal ingkang sami pitados bilih GUSTI YESUS estu sanyata ALLAH. ALLAH ingkang dipun tepangi maha kuwaos. ALLAH ingkang paring dhawuh bilih prajanjining ALLAH sampun sami kaenggalaken ing pranatan- panata- panuntuning GUSTI YESUS. Hukum ingkang lami sami kaenggalaken.

Patunggilan …. Nglangkungi pakaryan-pakaryan paring kasarasan lan nyarasaken dumateng sakatahing tiyang. Nglangkungi kotbah/ piwucal lan sadaya pakaryan mukjijad.  GUSTI YESUS nepangaken dhiri. Sacara PRIBADI dumateng pribadi ingkang dipun paring pitulungan mesti tuwuh pangaken : GUSTI YESUS menika ALLAH. Kados pangakening roh-roh jahat ingkang tansah ugi ndherekaken tindaking GUSTI YESUS ngakeni bilih GUSTI YESUS menika sejatosipun : PUTRAning ALLAH.
11. Roh-roh jahat iku saben-saben ndeleng PANJENENGANe banjur padha sujud ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora, “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!”

Patunggilan … Punapa dhiri kita lan sadaya tiyang ingkang pitados lan ngakeni bilih GUSTI YESUS menika PUTRAning ALLAH sami kaliyan sakathahing tiyang sagolongan ingkang sampun sowan mareg lan nampi sakathahing kasarasan. Punapa kita sami kaliyan roh-roh jahat ingkang ugi ngucap ngakeni bilih YESUS GUSTI menika PUTRAnipun ALLAH ?. Punapa kita sami kaliyan roh-roh jahat ?

Patunggilan …. Kita badhe sami kaliyan roh-roh jahat bilih kita ngakeni YESUS menika ALLAH ingkang kasinebatan PUTRAning ALLAH ananging kita mboten nindakaken, mboten taat lan mboten purun netepi sadaya dhawuh pangandikanipun GUSTI YESUS. Pitados namung mboten tumindak nindakaken pandamel.

Roh jahat mboten wanuh ananging nepangi lan ngakeni sinten dhiri pribadining GUSTI YESUS menika.Roh jahat ngudi ngalang-alangi saben tiyang ingkang badhe sowan mareg lan badhe nindakaken prentah-prentahe ALLAH. Milanipun roh jahat tansah wonten ing satengahing patunggilan ndherek gumrubyug ing lampah tindaking GUSTI YESUS kangge tumindak pandamel ngalang-alangi saben tiyang.
“…. saben-saben mirsani PANJENENGANe GUSTI YESUS banjur padha sujud ana ing ngarsane sarta ngucap klawan sora, “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!”

Roh jahat wongsal-wangsul sujud lan ngucap : “PANJENENGAN punika PUTRAnipun ALLAH!” ananging mboten lampah ing tumindak. Kados pundi kanggening dhiri kita punapa smi kaliyan roh jahat ?. Sumanga kita paring panjawab karana GUSTI YESUS langkung patitis lan mangertosi isining manah patos kita piyambak-piyambak. GUSTI YESUS mberkahi. AMIN


Sabtu, 11 Januari 2014

Iba bilaining gesang kita bilih kita tetep kasebatan mengsah lan kita mboten badhe pinanggih kaliyan SANG JURU PEPADHANG SEJATOS


Pangibadah Panglipuran
Jumat, 11 Januari 2014



Sugeng dalu
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Kanggening brayat
ingkang kawangun dening GUSTI YESUS
Brayat ageng
saking ibu Saminem Almarhumah
ingkang sampun wangsul kapundut
dening GUSTI YESUS
Ingkang sampun ndherek
 ing kabingahan agung
pista nenikahan SANG CEMPE

Ing Swarga
mboten wonten kasisahan
 anamung kabingahan
pahargyan memanton agung
awit SANG CEMPE-
PUTRANING ALLAH-
YESUS KRISTUS
ingkang kapasemonaken
dados pangantyan kakung
 dene kita-
sapatunggilan 
sami kapasemonaken
dados pangantyan estri

Sami pinanggih
amitepangan lan sarujuk
 ing tunggal tuju
nampi palereman
ingkang sejatos
kebak katentreman lan karahayon


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Pokal damel kita
 ing sauruting gesang
punapa menika sampun dados
parisukaning GUSTI YESUS

Lha punapa menika
Kosok wangsulipun
 dados momotan raosing manah
sih kasetyaning GUSTI YESUS

Iba pangentasan
 ingkang sampun katindakaken GUSTI YESUS
Ingkang sami saged ngluwari
sadaya prekawis gesanging para tiyang
ingkang sami kaarah
katebus ing rahe SANG CEMPE


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Rahayu kita
ingkang tetep nggodeli
 ing sadaya pakaryaning ALLAH
 lan
tansah nggetuni sadaya panerak
 dosa
kalepatan kita

Ing wanci dalu
 mboten wonten pepadhang
Ing wanci padhang
mboten wonten pepeteng
 ingkang saged tetep
 ing dhirinipun

Sejatosipun
manungsa anamung lebu
Lebu
ingkang mboten migunani
ananging lebu menika
sampun dados barang yasa
 ingkang elok
ing astanipun GUSTI ALLAH

Kaluhuran
kakiyatan lan kasarasan
lan
kawilujengan
mijilipun
sami sampun kaparingaken
 dening ALLAH
ing gesanging manungsa
ingkang tansah ndherek
ing pasrawungan.

Ing pasrawungan
ingkang sejatos
 nunggil kaliyan GUSTI
 rinten lan dalu

Pepeteng
mboten wonten malih
Pepeteng kasaput-
kasalin pepadhang

 ing gesangipun
 mboten kasebatan malih dados
 mengsah
 ananging kasebat sakabat

Iba bilaining gesang kita
bilih kita tetep kasebatan mengsah
 lan
 kita mboten badhe pinanggih
 kaliyan SANG JURU PEPADHANG SEJATOS
 nggih menika
GUSTI YESUS
 SANG JURU WILUJENG

Pepadhang
dados srengengening gesang kita-
panuntun gesang kita
rikala pepeteng ndhedet
 nglimputi margi
ingkang kedah kita ambah

GUSTI YESUS
JURU PANGEN SEJATOS
 nenuntun gesang kita sami

Lha kathah prekawis
 ing gesang kita piyambak-piyambak
ingkang tamtunipun
mboten sami
 anggen kita nglampahi gesang

Kados-kados
umur kita pancen sami
ing urutan-

kados-kados
kita ugi sami
anggen nindakaken pigesangan
 ing papan tlatah wewengkoning ALLAH-
ing bumi
 ing pundi suku kita tumapak :

Gesang kita samangadeg 
sacara bleger
leres sami kaliyan tiyang sanes

ananging sadaya menika
kabentenaken
dening wujuding sesambetaning gesang kita
 sacara pribadhi
kaliyan GUSTI ALLAH
 ingkang sampun kita tepangi
 ing DALEM GUSTI kita
 YESUS KRISTUS-
Ingkang tansah karsa nenuntun kita
 ing sajeging gesang
ing bumi lan ing ngakerate
Salajenging
 gesang lair
ngantos ing puputing nyawa
  lan
lumampah ing margi
 ingkang kalimputan peteng

 pranyata GUSTI YESUS
 estu SANG JURU PEPADHANG
 sampun ngrantos kondur-
wangsuling
 para patunggilan
ingkang sami setya
 ing janji
ndherek tut wingking
 ing sadaya pakaryaning ALLAH

Sak margi-margi lumampahing suku kita
 tumapak ing bumi-
jagad sacara tata kajasmanen

Ing wancinipun
mesti kita badhe katinimbalan
wangsul ndherek napak tilas
margi ingkang rumpil
peteng nglimputi
ingkang sampun kawiyak lan kabikak
 dening GUSTI kita
YESUS

Sanalika
nandang kasangsaran-
pejah seda-
kasalib
Lajeng  nglampahi gesang langgeng
 ing bumi lan ngakerate


Makaten
 Patunggilan
 Gegambaran
 ingkang kacetakaken dumateng kita
sajatosipun papan
 ingkang peteng ndhedet menika
 taksih wonten lan pepadhang
ingkang sunaripun mboten kalimputan
 ing pepeteng babar pisan
ugi wonten

Samargi-margi
ingkang kita ambah samangke
punapa pepadhang utawi pepeteng ?

Ngantos dumugi pundi
 kita anepangi GUSTI YESUS KRISTUS ?

SANG JURU PANGEN SEJATI
 ing sejatining gesang
mboten wonten ing bumi kemawon
 anganging
ngantos ing papan palereman agung
 ingkang kebak kabingahan
 ingkang tanpa winates
Swasana :
 Kaswargan
papaning para suci


Patunggilan
 ing wanci dalu
 ing pangibadah panglipur menika
 GUSTI YESUS
estu kersa ngrawuhi kita
lan
ngathah gesang kita

Supadosa kita
mboten gampil netepaken
 sinten ingkang leres
lan
sinten ingkang mboten leres
anggenipun nindakaken gesang
pigesangan menika

 karana SANG KRISTUS PRIBADI
ingkang dados JURU PANGADILAN-
HAKIM ingkang sejati


Sumangga
 kita pasrah
ing panuntuning ALLAH

Dinten samangke
ngraosaken panuntuning ALLAH-
nyuwun panuntun
 kanthi gumolonging manah
nampeni
sadaya kaelokaking ALLAH,
 sanggup nyariosaken
sadaya kaelokan-
mujikjat
 ingkang kaalaman
(ayat2)

Sanggup mujudaken kabingahan
 pamuji-
masmur
kanthi asumyak-sumyak
(ayat 3)

Sadaya gesang kaalaman kebak kelancaran
 sanadyan kathah pepalang-
reribet
 ingkang tansah nempuh
ing gesang-
kathah mengsah karebahaken-
kathah prekawis
 ingkang mokal saged kaalami-
lan
tansah wonten margi
 ingkang saged kita ambah
ngantos ing pungkasaning jaman
GUSTI YESUS
 ingkang makarya
kanggening para abdi
 ingkang tansah setya tuhu
 (ayat 4)

GUSTI YESUS
 ingkang adedhampar
 jumeneng dados HAKIM
 ingkang adil
PANJENENGANipun
 karsa mbelani lan paring pitulungan
dumateng kita
 (ayat 5)

Kita mboten kasamekaken malih
kaliyan para bangsa
 ingkang sami kaancam katumpes
 lan
kaancam kasirnakaken
ing salamining
(ayat 6)

7.
Mengsah sampun sami tumpes tapis,
dados gempuran ngundhuk-undhuk
 ing salaminipun,
kithanipun
sampun sami PADUKA gempuri,
sampun mboten dipun engeti malih
babar pisan


GUSTI YESUS
 SANG YEHUWAH
GUSTI ingkang adhedhampar
 lenggah salawase
 nindakaken pangadilan
 (ayat 8)

GUSTI YESUS
ngukumi lan ngadili jagad
lan
 bangsa
kalawan adil lan patitis
(ayat 9)

GUSTI YESUS
SANG YEHUWAH
sami dados perlindungan-
pangaubanning tiyang

Tiyang ingkang katindes
 lan
tiyang ingkang namdhang karubedan
 (ayat 10)

Tiyang ingkang wanuh
 dumateng GUSTI YESUS,
tiyang ingkang kumandel
 dumateng GUSTI YESUS,
Tiyang ingkang ngupadosi
 GUSTI YESUS
mboten badhe tinegakaken


Sumangga
 kita ing wekdal samangke
enggal  sageda
 enggal milih margi
 lan
matepaken diri
ing tumindak iman kapitadosan
lan
 ing tumindaking gesang kita
 piyambak-piyambak

Ngamini lan nganthi-anti
rawuhing GUSTI YESUS
Awit GUSTI YESUS
 kersa nimbali kita
 ing sawanci-wanci

Ayo,
Mapaga rawuhing GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
 amberkahi kita sami

AMIN

























Pangibadah Panglipuran
Jumat, 11 Januari 2014
di Kel. Besar Ibu. Saminem Alm 
(KRW 9)

1.      Votum/Berkat
2.      Pujian Kipas 26 : 1
SWAWI SAMI ANYAOSAKEN
 
3.      Doa :
Ø  Syukur
Ø  Nyuwun pangapunten
Ø  Undang Roh Suci.
           AMIN

Pembacaan Alkitab :
JABUR/ MAZMUR 9 : 1 – 11 (7) 

  1. Pujian Kipas 69 : 1
SIHIPUN GUSTI KETAWIS SAKING
ANGGENIPUN NGLAMPAHI SANGSARA

  1. KOTBAH …..

  1. Pujian Kipas 5 : 1, 2, 3
ALLAH YEKU PANGEN KULA

  1. Doa syafaat :
Ø  Syukur atas firman …
Ø  Syukur : menyerahkan persembahan
Keluarga Besar Ibu Saminem Alm
Ø  bubaran.  AMIN

8.      Memuji  Kipas 114 : 1
WILUJENG MLAMPAH

9.      Berkat