Minggu, 14 Oktober 2012

BARKAH LAN GODHANING RAJA BRANA

   IBADAH  MINGGU
14 Oktober 2012


Tema Wulanan :
Niat tetunggilan kaliyan GUSTI SANG KRISTUS
 ateges kedah wanton ngruncat
saking bebandaning raja brana


Tema  Minggon :





BARKAH
LAN
 GODHANING
RAJA BRANA






IBRANI  4 : 12 – 13
MARKUS 10 : 17 – 30



Patunggilan
ingkang kinasihan
 GUSTI YESUS
Iba pangertosan bab bandha
ndonya menika
 asring dados patokaning-
 ukuraning gesang
kanggening  para manungsa

Wonten satunggaling tiyang ngemis
 utawi
tiyang ingkang saweg pados dedana-
 nyuwun- nyuwun yatra
nanging bilih kita tamataken
satunggaling tiyang
 kaliyan tiyang sanes
 benten cara

wonten tiyang
ingkang minder bilih mbeta map,
 ngagem sandal

wonten tiyang
ingkang remen mawi mobil,
mawi proposal lan amplop,
ngagem rasukan ingkang sae-
necis

Tiyang menika tujuanipun sami
 ananging mesthi
angsal-angsalipun badhe benten

Samangke wonten perangan-
sebagian tiyang sanes
ingkang  sami kita sumurupi
 karana babagan bandha lan ndonya
 ugi ndadosaken mboten sami-
 mbentenaken perilaku

Biasanipun para pemimpin
 utawi
para kinurmat mesthi sugih

Para panguwasa,
tiyang ingkang wibawa
 karana kasugihanipun-
kathah bandha ndonyanipun

Ananging wonten
 satunggaling pryiyantun
asmanipun Mahadma Gandhi
Sang  pemimpin India
ingkang gesangipun sanget prasaja
mboten mentingaken bandha ndonya


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening
GUSTI YESUS

Kita lajengaken malih pangraos kita
 kenging menapa
 kathah tiyang dumawah
 kecalan pikurmatipun,
ngalami kucem naminipun
….
(sinten kemawon tiyangipun
ingkang Panjenengan-
patunggilan sumurupi…)
Lha, tiyang  menika
 srana karana tumindak ‘korupsi’
 kakabaraken ing sadhengah kalawarti-
surat kabar lan mass media
( Kasus Gayus 1, Gayus 2,
 Angelina Sondakh, M Nasaruddin,
mantan Presiden Husni Mubarak saking Mesir)

Ing nalika jamanipun nabi Elia,
wonten Gehazi si baturipun nabi
( 2Para Raja 5)

Ananias lan Safira
 ing  jamanipun para rasul
(Para Rasul 5)
 lan taksih kathah malih


Patunggilan
 ing ngriki
kita saged nggadhahi kesimpulan
 bilih barang kadonyan-
raja brana
 punika saged njunjung drajating manungsa
 ning ugi saged
nlomprongake manungsa
dhateng jurang kanisthan
 malah-malah anjog
dumugi ngajal-
pepejah


Sekedap mangke
 kita raosaken
 bab pepanggihaning para muda-
neneman sugih
kaliyan GUSTI YESUS
wawanrenbag bab bandha ndonya punika



Patunggilan
 wonten perangan seratan
 dhawuh  pangandika
 ingkang sajakipun mokal
 lan
 mboten gandheng ing reraosan
 isinipun kados-kados mboten runtut
ing pembahasanipun

Ing satunggal perikop-
satunggal judul
 mboten sami pembahasanipun
 lan kados kados mboten gandheng
lan malih
 mboten jelas sinten ingkang nyerat,
 ing pundi kitab Ibrani menika kaserat
 lan
katojokaken dumateng sinten
seratan menika
 sadaya mboten cetha

Nggih menika kawontenanipun seratan
 ing Kitab Ibrani 4
Ing perangan ayat 1 – 11
kados-kados mboten gandheng
kaliyan perangan ayat 12 – 13

(bab lumebu palereman
ing dinten  kaping pitu
anggenipun ALLAH makarya
ananging ALLAH taksih tetep makarya
ngantos dinten samangkya-
sebab taksih wonten dinten samangke

Ing dinten samangke
kita kaajak ngudi
purih sageda lumebet ing palereman
 ing dinten samangke- 
mboten ketriwal mboten mangkotaken ati
kados dene dintening bangsa pilihan
 anggenipun kaatag
sak saged-sagedipun  lumebeta
 ing tanah perjanjian

kedahipun sadaya manungsa enggal  kendel
anggenipun nindakaken pakaryan
kedahipun sadaya manungsa ugi mireng
 swantening ALLAH

mboten nglajengaken tumindak
 aja nganthi tumiba
amarga nuladha pambela

Ewasamanten,
Patunggilan
rehning tema
ingkang katemtokaken gegayudan
 kaliyan bab raja brana (barang darbe),
barang kadonyan,

dados ndadosaken ayat 12 – 13 punika
 saged ngemu ringkesan
 ingkang makaten:
Gusti Allah punika maha mirsa,
 sadaya tindak-tanduk,
solah tingkah,
mobah musiking manah,
 pangangen-angen kita,
 boten wonten ingkang boten kapirsanan.

Sadaya tamtu kapirsanan kanthi cetha.

Kalebet ugi
punapa manungsa punika saestunipun
 nindakaken pangandikanipun Gusti
klayan setya
punapa boten,
 Gusti Allah tamtu pirsa.


Patunggilan
sumangga kita lajengaken
ngraos-ngraosaken dhawuh pangandika-
 piwucalipun GUSTI YESUS
Ingkang kaseratan
 ing kitab MARKUS 10 : 17 – 30
 saged mangke kabantu
 kanthi maos kitab MATIUS 19 : 16 – 26;
 LUKAS 18 : 18 - 27

1
“Guru ingkang utami”
Miturut pamanggih Yahudi,
guru ingkang utami (sayektos) punika
 namung Gusti Allah Yehuwah pribadi.

 Gusti Yesus ing wekdal punika
kados-kados ngengetaken (nggiring)
 pamanggihipun tiyang sugih punika
 supadosa  mandeng (fokus)
dhateng Sang Yehuwah,
lan ngestokna punapa ingkang kawucalaken,
dipun ngandikakaken dening Allah
 ingkang kapacak ing kitab Toret.
2
“Wong sugih”
Ugi miturut pamanggih Yahudi,
tiyang sugih punika kaanggep (identik)
dados tiyang
 ingkang binerkahan sacara tata lair
(sugih raja brana).

 Ingkang makaten punika
 inggih awit saking
 karana kamursidaning gesangipun;
dados tiyang saleh-suci
(Wulang Bebasan 15: 6).

Contonipun:
Keluwarga. Bapa Abraham,
Bapa Ayub,
Sang Prabu Dawud, lsp.

Lah makaten
 pangakenipun tiyang sugih punika,
kasugihanipun
 sesambetan kaliyan kasalehaning gesang
 nindakaken pepakening Toret.

3
Tiyang sugih punika
kepingin mbuktekaken kasucening gesangipun
supados pikantuk pangaken
 saking GUSTI YESUS,
 priyagung ingkang kaanggep waskitha.

4
Eman sanget,
sareng tiyang sugih punika
 kadadar (kauji)
 dening GUSTI
 dhedhasar pepakenipun GUSTI ALLAH
 bab nresnani sesami
(KAIMANAN 19: 18),
sarana mbagi-mbagi (ngedum) kasugihanipun
 kangge tiyang miskin,
 tetela piyambakipun  boten  kiyad,
 boten sagah.

 Sadaya tumindak moral
 ingkang sampun dipun lampahi punika
namung tumuju kangge pribadinipun piyambak. 

 Sajatosipun
Patunggilan
radi ewed
manggihaken sesambetan (benang merah)
 ing antawisipun waosan punika
 kaliyan tema :
BARKAH LAN GODHANING
RAJA BRANA

Nanging,
 radi dipun peksa,
sacara prasaja
saged karingkes
 bilih GUSTI ALLAH punika pirsa
punapa tiyang sugih punika
langkung awrat dhateng pepinginanipun pribadi
punapa kabetahaning sesami,
langkung-langkung ingkang kacingkrangan.

Saking pangertosan kalawau
ingkang saged kita cathet nggih punika:

1
GUSTI YESUS selaku Sang Sabda
saestu pirsa
punapa ingkang dados kekiranganipun
tiyang sugih punika.

Tiyang menika langkung maelu bandhanipun
 tinimbang maelu dhawuhipun Allah
 lan
nresnani sesami
 (PANGANDARING TORET 6: 5).

Pancen biasanipun
 manungsa langkung  “nremen nyatunggil”
dumadhateng bandhanipun

Ing wiwitaning Purwaning Dumadi,
manungsa
sampun katepangaken
 kaliyan barang kadonyan
 ingkang kasad mripat.

Saya dangu
 manungsa saya pinter ngolah bumi
 lan
 raja kaya isen-isening bumi,
tangkar-tumangkar
 sangsaya mbekta kasugihan,
kacekapan lan kasugihan.

 Manungsa sangsaya saged ngraosaken
 paedahipun barang kadonyan,
mbekta kacekapan
tumrap gesanging manungsa

GUSTI ALLAH nate dhawuh
 bilih gesanging manungsa punika
 dumunung ing sadaya barang tumitah
 (PURWANING DUMADI 1: 28, 29; 9: 2, 3).
.
Kita,
Patunggilan
Enget cariosipun si sawer (Iblis) ing taman Eden
ingkang “numpaki” woh-wohan njlomprongaken manusa.

Iblis ing jaman samangke “numpaki” bandha kadonyan
 ngajak manusa ngantos dados materialis
(karem sanget lan kabanda raja brana).

wiwit bayi cenger
sesambetan kaliyan barang kadonyan
.
Dangu-dangu
manungsa ngraosaken agenging paedahing
 barang kadonyan
(pola hidup: Time is money; no money is dead).

Ing ngriki
 barang kadonyan
saestu  nemtokaken
manusa saged gesang punapa boten
 (materi/ bandha ndonya punya fungsi yang vital).

 Langkung kathah bandha
ateges
langkung mapan lan aman.

GUSTI ALLAH
 ingkang paring gesang
dados sumbering gesang
 sampun dipun geser,
sampun dipun kawonaken
 dening raja brana.


Adhedhasar pangertosan punika,
patunggilan
1
manungsa
kedahipun  langkung nengenaken
sesambetanipun
kaliyan GUSTI ALLAH
 lan
langkung ngengeti
bilih manungsa
 dados pasemon gambar
 lan
 rupanipun ALLAH

 tinimbang kaliyan bandha kadonyan.

2
Sesambetanipun manungsa
kaliyan raja brana
 kedahipun dipun alami
 srana anggenipun langkung mandeng
dhateng GUSTI ALLAH.

Punapa kita badhe dados tiyang lamis (munafik),
 kados-kados boten betah
barang kadonyan ?

Mugi pangertosan
ingkang kita serep sesarengan
 ing wekdal samangke  
saged dados sangu
anggen kita terus nglajengaken gesang
 ndherek timbalaning GUSTI
 gesang ing satengahing bangsa,
 nagari lan masyarakat

Sumangga
kita njagi drajading dhiri kita.
Sampun ngantos raja brana
dados sandhungan
 anggen kita mujudaken lan mraktekaken
 katresnanipun GUSTI
dhateng sesami.

Sumangga
kita tanjakaken
berkahipun GUSTI
 ingkang warni-warni wujudipun
(kalebet bandha kadonyan)
 kalayan wicaksana,
 sae lan leres,
kanthi kiering
 mbekta saos sokur kita
 dhumateng Gusti,
 tuwin murih
 raharjaning gesang bebrayan.

AMIN




IBRANI  4 : 12 – 13
4:12 Pangandikané Allah kuwi asipat gesang lan sekti, lan luwih landhep tinimbang sakèhing pedhang sing landhep kiwa-tengen; kang tumamané nganti bisa misahaké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum. Bisa netepaké ala lan beciké pikiran lan karepé manungsa.
4:13 Ora ana prekara siji waé sing ketutupan ana ing ngarsané Gusti Allah, jalaran samubarang kabèh katon ngégla ana ing paningalé. Kita kabèh kudu padha tanggung jawab marang Panjenengané tumrap sakèhing penggawé kita dhéwé-dhéwé.

MARKUS 10 : 17 – 30
10:17 Nalika Gusti Yésus nglajengaké tindaké, ana wong nututi karo mlayu. Wong mau banjur sujud ing ngarsané, karo matur: “Rama Guru, ingkang utami. Kula kedah nglampahi menapa, supados angsal gesang ingkang sejatos?”
10:18 Gusti Yésus ngandika: “Yagéné kowé kokngarani Aku utama? Ora ana wong sing utama. Sing utama kuwi mung Gusti Allah piyambak.
10:19 Mesthiné kowé wis ngerti angger-anggeré Gusti Allah, yakuwi: ‘Kowé aja matèni wong, aja laku jina, aja nyolong, aja goroh, aja ngapusi, ngajènana bapakmu lan ibumu.’ “
10:20 Wong mau nuli matur menèh: “Rama Guru, angger-anggeripun Gusti Allah menika wau sampun kula lampahi sedaya, wiwit kula taksih laré.”
10:21 Gusti Yésus mirsani wong mau kanthi kebak ing katresnan, tumuli ngandika: “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.”
10:22 Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget.
10:23 Gusti Yésus banjur mirsani marang para rasul kabèh. Nuli ngandika: “Angèl temen wong sugih dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:24 Para rasul padha dheleg-dheleg, gumun ngrungokaké ngandikané Gusti Yésus mau. Gusti Yésus banjur ngambali ngandika: “Mlebu ana ing Kratoné Allah kuwi pancèn angèl banget.
10:25 Luwih gampang unta mlebu ing bolonganing dom, tinimbang karo wong sugih mlebu dadi umat ana ing Kratoné Allah.”
10:26 Krungu pangandika mau para rasul saya kagèt, banjur padha takon-tinakon: “Yèn mengkono, banjur sapa sing bisa olèh keslametan!”
10:27 Gusti Yésus banjur mirsani para rasul kabèh, tumuli ngandika: “Tumrapé manungsa kuwi mau kabèh mokal. Nanging ing ngatasé Gusti Allah, ora ana barang sing mokal!”
10:28 Rasul Pétrus banjur matur: “Kawula sedaya menika rak ugi sampun nilar samukawis, lajeng ndhèrèk Panjenengan.”
10:29 Gusti Yésus ngandika: “Iya, mulané padha éling-élingen! Saben wong sing ninggal brayaté, ninggal seduluré lanang lan seduluré wadon, ninggal bapakné, ninggal ibuné, utawa ninggal anak-anaké lan ninggal palemahané merga saka Aku lan merga Injilé Gusti Allah,
10:30 wong kuwi mesthi bakal tampa luwih akèh menèh. Bakal tampa tikel satus, ya omah, ya sedulur lanang, ya sedulur wadon, ya ibu, ya anak-anak, ya palemahan, senajan wong mau ora luput saka panganiaya. Lan mbésuk ing akérat wong mau bakal tampa urip sing sejati.








1.      VOTUM : (Jumeneng)
      KPK  25  : 1, 2  Ngabekti  mring GUSTI

Pasamuwan Sugeng siyang
kanthi pangucap :
Karana sih susetyaning  ALLAH
Kita sami saged makempal mangabekti ngluhuraken  ALLAH
Tuking gesang kita pinangkanipun saking ALLAH

Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
 pada lulusa
ing gesang kita sapasamuwan
                                     AMIN
    (duduk)
      
2.    INTROITUS    :    LUKAS 16 : 13c - 15
           13c. Kowé ora bisa ngawula marang GUSTI ALLAH lan uga  
                   ngawula marang Mamon.”
           14   Wong Farisi padha krungu apa sing dingandikakaké déning
                   GUSTI YESUS mau kabèh, mulané padha mèncep, sebab  
                   wong-wong mau padha karem bandha.
            15 Nanging GUSTI YESUS ngandika marang wong-wong mau:   
                 “Ana ing ngarepaning manungsa kowé padha bisa kandha yèn  
                 kowé kuwi bener, nanging GUSTI ALLAH pirsa apa sing ana
                 ing jeroné atimu. Sebab apa sing dianggep pinunjul déning
                 manungsa, kuwi dianggep asor ana ing ngarsané GUSTI  
                 ALLAH.      
 KPK  9  : 1, 2    Pamuji konjuk ALLAH MAAGUNG
3. PENGAKEN  DOSA : …Matius  22 :  37 - 40
ndedonga :   …AMIN

4. KPK  46  :  1, 2, 4  Panelangsa

5. PAWARTOS  RAHAJENG : (( Jumeneng …
1 PETRUS 5 : 8b - 11
8b. Iblis mungsuhmu klinteran kaya singa nggero-nggero golèk memangsan.
9 Padha mantepa ing precaya lan Iblis lawanen, awit kowé padha sumurup yèn kanca-kancamu tunggal precaya sajagad wrata uga ngalami nandhang sangsara sawetara.
10 GUSTI ALLAH sumbering sih-rahmat, sing wis nimbali kowé kabèh lantaran SANG KRISTUS marang kamulyan kang langgeng, bakal nyampurnakaké kowé lan maringi kasantosan lan kekuwatan sing ora bisa gingsir.
11 Iya PANJENENGANé kuwi sing kagungan pangwasa langgeng ing selawasé. Amin.

6. PENGAKEN  IMAN  RASULI … pinarak ))
    KPK  165   :  1    Jatining katresnan

7. PELADOSAN  FIRMAN :    PANDONGA:    AMIN
    PAMAOSING  KITAB SUCI :    IBRANI 4 : 12 - 13      
                                       MARKUS 10 : 17 – 30
   KPK 137 : 1, 2  Kang langgeng sihe ALLAH

     KOTBAH  BARKAH LAN GODHANING RAJA BRANA
             






        KPK  89 : 1  Pasrah

8.     PANDONGA  SYAFAAT :  
Ø  Saos syukur dhawuh pangandika …
Ø   Bangsa & negari
Ø  Greja> dauran penatua/diaken; perayaan Natal/seabad > warga pepanthan/marenca
Ø  Warganing greja—sakit, lansia, Anak-anak—sekolah,padamelan,jodoh
Ø  Bibaran> AMIN      

9.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
          Dasar               :   WULANG BEBASAN 3 : 9 -10
           9  Allah urmatana srana barang-darbèkmu,lan srana pametumu 
                    sing wiwitan.
               10 Srana mengkono, lumbungmu bakal kebak isiné, lan       
                    anggurmu bakal nganti lubèr-lubèr.
          KPK  187         :  1 - … Pisusung jiwa raga
          PANDONGA   :  ….
       
   PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
       KPK   341    Pamuji bakda winulang
Sumangga sadaya dedhawuhing ALLAH
Ingkang kita pireng  kita tindakaken miturut rancanganipun
 mesthi saged kita lampahi
karana GUSTI  YESUS nunggil ing gesang kita
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ing gesang kita patunggilan
 ing dinten samangke
 ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
 SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI 
AMIN