Kamis, 25 November 2010

SADAYANIPUN BADHE LANGKUNG

Ibadah Brayat
Kamis, 25 Nopember 2010



SADAYANIPUN
BADHE  LANGKUNG



LUKAS  21 : 20 – 28





Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS  KRISTUS

Kita samangke
sami nindakaken sadaya
dhawuh-dhawuh 
pangandikaning ALLAH

Punapa
ingkang sampun kita pireng
ing sadanguning kita ndherek 
GUSTI  YESUS

lamun sadaya punika
mesthi leres
mboten klentu
malih

Sabab
punapa ingkang kaseratan
ing Kitab Suci
ing titiwancinipun
nggih badhe kalampahan

PUTRANING ALLAH
nggih punika
 GUSTI  YESUS
ingkang badhe rawuh malih
saking Swarga
kangge ngadili saben tiyang
ingkang gesang lan
ingkang pejah

Wonten wekdalipun
tanginipun raga

Sinten ingkang rumaos begja
ing gesangipun
mbenjang 
ing wekdal katangekake malih
nampeni upahing-
mahkutaning urip

Urip langgeng


Rahajeng kita
para sadherek
ingkang sampun niti priksa
lan sampun nggegilut
saben dhawuh-dhawuh
pangandikaning ALLAH

Rumaosing gesang kita 
menika
ing alam ndonya
anamung sakedhap
kados tiyang mampir ngombe

Ananging 
umuring jagad punika
sampun sepuh

Jaman akhir
kasebataken
 ing wekdal menika
ing wekdal
kita gesang samangke 

Kathah
bab-bab prekawis
ingkang mboten prayogi
kalampahan

panerak lan
rusaking jagad lan
saisining
dados titikaning
kapan 
anggenipun GUSTI  YESUS
badhe rawuh
mungkasi jaman
ing satengahing jagad menika


Rahajeng kita
para sadherek
bilih kita menika
dados umat pilihan

Umat tebusan
langkung prayogi malih
kita
sampun atepangan
kaliyan ALLAH
ingkang sejatos


Rahajeng kita
para sadherek
lamun kathah tiyang
ingkang mboten mitadosi
rawuhipun GUSTI YESUS
ananging
bab rawuhing GUSTI  YESUS
sampun kaweca
ing salebeting kitab Injil

Ing Injil Lukas
Kasebataken
bilih ALLAH rawuh
mandhap
saking nginggiling mega-
awan

Lumampah
ing sauruting wekdal

ngantos dumugi
wancinipun rawuh
ing satengahing jagad

Putraning ALLAH
Makarya
ngantos tutuging jaman
kalanggengan

myarsakaken tingkah polahing manungsa
sajagad

Kawruh bab KRISTUS  YESUS
Sampun kawedaraken
Ananging kathah tiyang 
dereng mangertos

Bilih GUSTI  YESUS menika
ALLAH ingkang sejatos


Patunggilan ingkang kinasihan
dening ALLAH

Rahajeng kita
sepindhah malih
rahajeng kita

Bilih kita
sami sampun kawartosan lan
ugi sami mitadosi

Bilih ALLAH ing dalem Asmanipun
GUSTI  YESUS
Sampun rawuh
ing kala kapengker
Nggih badhe rawuh malih
ing jaman pungkasan


Patunggilan
Rumaosing manah kita

Kita menika menapa
sampun ta saestu cecawis ?

Punapa kita menika
ugi
sami njangkepi
sadaya nubuatan
ingkang sampun katulisan
ing kitab suci ?

Punapa kita sami
nggih sampun rumaos siap
nampeni-
mapag
rawuhing GUSTI YESUS
Ingkang kaping kalihipun mangke ?

Rumangsaning gesang kita
asring ngraosaken

kita nembe kemawon
miwiti gesang
Isih pira suwene aku urip lan
saiki kabar bab rawuhing ALLAH
Ing jaman akhir
terus di kabarake

Iki
 aku kudu piye lan
sapiturutipun


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Rumangsaning gesang kita
asring mboten leres

Awit kita menika ….
Lampah kita
sanget nebih
Asring nilar
pranataning ALLAH

Kita asring ngendelaken
dhiri pribadi
Kakuataning dhiri

Sumbering gesang
asring kita tilar
GUSTI  YESUS
asring kita tebihi

Rumangsaning gesang
 gesang kita

Kita saged mrantasi
ing samukawis

Mila kita
mboten mbetahaken ALLAH

ALLAH anamung dados
tembung
ingkang  njangkepi

Mboten dados ALLAH
ingkang satuhu

dados pusating gesang
pigesangan


Rahajeng kita
para sadherek
awit kita
kaparingan pangertosan
lantaran dhawuh 
pangandika :

“Padha njenggeleka lan tumengaa”

Sumangga
kita sami ngarahaken gesang
pigesangan kita
anamung 
mituruti karenananing GUSTI

Jam pinten
GUSTI  YESUS rawuh
kita sampun cumawis

Bilih kita mboten mangertosi
kapan rawuhing GUSTI  YESUS
kita kedah tansah jumaga
tetep cecawis


Rahajeng kita
para sadherek
ing sonten menika
bab rawuhing GUSTI  YESUS
nedhahaken bab
sih piwelasing ALLAH

Para timbalan sadaya
mboten sisah susah

Mboten usah ragu-ragu  malih
Rumangsaning kita

kita sampun nilar GUSTI
tebih-tebih

Anamung manut mituruta
dumateng ALLAH



“Rahayu tiyang
ingkang resik manahipun.
Awit saka iku
bakal nyumurupi
bab rawuhing ALLAH”

Sumbering gesang 
anamung ALLAH

Luputing gesang 
saking paukuman
 nggih karana ALLAH

Ing dalem asmanipun
 GUSTI  YESUS

Rumangsaning gesang
 aja digatekake

Ananging
sujuda lan pasraha
marang ALLAH
ingkang tansah maringi dhawuh
pangertosan
bab-bab
ingkang badhe kalampahan

“Anadene
manawa iku kabeh
wiwit kelakon,
pada njenggeleka lan
tumengaa,
amarga wus cedak
anggonmu bakal kaluwaran”


Sepindhah malih
rahajeng kita
ingkang sampun resik ati
awit kita badhe bakal
padha sumurup 
dumateng ALLAH

Mapag rawuhing ALLAH

Sumangga
kita langkung prayogi malih
nindakaken gesang pigesangan

Lamun kita
mesthi badhe netepi
karsa karsaning ALLAH

Bab katresnan lan
bab piwucal
dadosa 
paugeraning gesang kita

Sumangga
mapag rawuhing ALLAH
lumebeta ing manah
batos kawula
kita sadaya

Awit kita
mesthi mboten badhe
pangling lan ajrih

Pitepangan kita
kaliyan YESUS  GUSTI
ngantos ing wancinipun
kawilujengan
bakal kaparingaken dumateng kita

Sadayanipun
badhe langkung
‘Semuanya akan lewat’

karana kita
sampun lumebet
ing satengahing
patunggilaning ALLAH

GUSTI  YESUS
juru panuntuning gesang kita



AMIN










Pembukaan
VOTUM
Salam Berkat
KPK  60  : 1, 2,  5
ALLAH pangen kula

DOA
PEMBACAAN  ALKITAB
LUKAS 21 : 20 - 28

KPK  189  :  1, 2
Sabdaning ALLAH

RENUNGAN .......
KPK  71  :  1,  3
Manggul salib

DOA SYAFAAT

KPK   149  : 1
GUSTI Nuntun
BERKAT

Jumat, 19 November 2010

GESANG SEMBADA ING NGARSANIPUN ALLAH

Ibadah Brayat
Kamis, 18 Nopember 2010




GESANG  SEMBADA
ING 
 NGARSANIPUN  ALLAH




KOLOSE  1  :  3  -  14

9
Marga saka iku,
wiwit aku oleh kabar mau,
tanpa kendhat
 anggonku ndongakake kowe.
Kang dak suwun
 supaya kowe kaparingan
sakehing kawicaksanan lan
kawruh kasukman
 kanggo nyumurupi
bab karsane PANGERAN

10
Temah uripmu
ana ing ngarsane
bisa kaya
 kang wis samesthine lan
 ndadekake keparenge
tumprap sadhengah prakara,
 lan
sajrone nindakake 
sakehing panggawe becik
 bisa ngetokake woh, lan
maneh kawruhmu
bab ALLAH
saya mundhak









Patunggilan ingkang kinasih
 ing dalem Asmanipun GUSTI  YESUS
Rahayu kita
 ingkang sami katresnanan
dening GUSTI  YESUS
Saben-saben wekdal
mesthi katunggil dening ALLAH

Pancen
 kita saestu
wonten ing pangrehing ALLAH


Patunggilan ingkang kinasih
 ing dalem Asmanipun GUSTI  YESUS
Rupi-rupi perkawis
ingkang saged ndadosaken kita semplah lan
 mboten manut miturut
ing saben dhawuh pangandikaning ALLAH

Rupi-rupi prekawis
ingkang sami saged ndadosaken kita
 nebih saking ALLAH lan
 kathah prekawis
 ingkang dados jalaraning kita
mboten sembada malih
 ing ngarsaning ALLAH

Saben wekdal
 kita nggih ngabekti
 ananging 
kita tetep laku bedang

Contonipun :
Sampun wonten dhawuh pangandika …
 aja was kuwatir
pasrahna sakehing panggawemu

Aja kuwatir
bab uripmu
manuk ing awang-awang
ora nandur
ora keluwen

Aja ngalami laku jina
 awit INGSUN cemburon

Sinten malih para sadherek
ingkang nggadahi reraosan
 bab dedhawuhing ALLAH ?

Kanthi basa kita piyambak-piyambak
 kados ing ngajeng kalawau …..

Kita nyumurupi
 tatanan gesang lan
pepenget
ugi pranataning gesang
 ingkang kedah kita tindakaken
 supados kita nampi
kawilujengan peparinging ALLAH
ing dalem GUSTI  YESUS KRISTUS


Rahajeng kita para sadherek
 bilih kita kabangun lan
kagatekaken dening ALLAH
 sabab asring GUSTI  YESUS
 nggih taksih paring pepenget
tumprap gesang lan
 pigesangan kita

Kados Pasamuwan Kolose
 ingkang tansah kagatosaken
dening Rasul Paulus
 ingkang nembe ngutus 
Ephafras …
nilik-
ngrawuhi pasamuwan punika

Iba bingahing gesang kita
bilih kita sami kaatag
 supados dados sembada
wonten ing ngarsaning ALLAH

Rupi-rupi prekawis
 mboten ndadosaken kita sami
laku bedang lan
 kita taksih saged tetep
 ngendelaken GUSTI  YESUS
 ingkang dados juru pangluwar-
juru wilujeng kita

Kita mboten nilar
 GUSTI  YESUS
 lan
 kita mboten mlajeng
dumateng tyang sanes-
kakiyatan
 daya supra natural sanesipun

Dukun lan
 piwucal-piwucal sanes
 sak njawinipun GUSTI  YESUS

Punapa kita
 ing wekdal samangke
inggih ngabekti
 inggih  nindakaken
 bab kapitadosan sanesipun
ingkang mboten nyondongi
 ing karsanipun GUSTI  YESUS

La menika
 ingkang mangke kasebatan
bilih  kita sami
 dados tiyang pitados
ingkang mboten sembada
ing ngarsaning ALLAH

Mitadosi GUSTI  YESUS 
ananging
 taksih 
ngendelaken kakiyatan sanesipun


Patunggilan ingkang kinasih
 ing dalem Asmanipun GUSTI  YESUS
Rahajeng kita
para sadherek
bilih kaengetaken dening ALLAH
lumantar dhawuh pangandika
 ing dalu samangke
Ayat 9 – 10

9
Marga saka iku,
wiwit aku oleh kabar mau,
tanpa kendhat 
anggonku ndongakake kowe.
Kang dak suwun
 supaya kowe kaparingan
sakehing kawicaksanan lan
kawruh kasukman
 kanggo nyumurupi
bab karsane PANGERAN

10
Temah uripmu
ana ing ngarsane
bisa kaya
 kang wis samesthine lan
 ndadekake keparenge
tumprap sadhengah prakara, 
lan
sajrone nindakake 
sakehing panggawe becik
 bisa ngetokake woh, lan
maneh kawruhmu
bab ALLAH
saya mundhak


Patunggilan ingkang kinasih
 ing dalem Asmanipun GUSTI  YESUS
Rahajeng kita
ingkang sami katimbalan
 dados abdi-abdining ALLAH
 langkung prayogi malih
bilih kita
sami saged sembada
wonten ing ngarsaning ALLAH

Lumaku
lumadi
kanthi tata tertib
 ing angger-anggering ALLAH

Sumangga
kita niti priksa
dhiri kita piyambak-piyambak
punapa sampun sami saged sembada
 anggen kita ndherek
 tut wingking
 ing ngarsaning ALLAH ?

Rahajeng
 sapindah malih
kita 
ingkang sampun kadunungaken
ing pundi kakiranganing gesang kita lan
kawelehake

Wujud pameleh saged
 arupi pamucal ugi
arupi pasrawungan
 ingkang nyembadani
anggenipun  tanpa kendhat
ngleresaken lan
 mulang wuruk
dumateng kita

Punapa pakempalan kita
saestunipun klentu
 utawi
sampun sembada leres
 ing ngarsaning ALLAH

sumangga 
kita raos-raosaken lan
 kita owahi
saben wekdal
 ben leres
ben bener
 yen kita ngugemi sadaya
 karsaning ALLAH


Rahajeng patunggilan
 ingkang sampun niti priksa
 dhirinipun piyambak-piyambak
langkung prayogi malih
bilih wonten asanes
ingkang paring ‘penilaian’
 dhiri kita

Rasul Paulus
 ugi sampun niti priksa
 pasamuwan Kolose
lumantar Ephafras
ingkang kautus

Dumugi wekdalipun
 kita samangke
kedah netepi lan
mecaki
sadaya lampahing gesang kita
 punapa sampun saestu trep
 leres
manut
 miturut 
karsaning GUSTI  YESUS

 mugi pitutur lan
 piwucaling Rasul Paulus
bab pangurbananing 
GUSTI  YESUS 
menika
 ndadosaken satunggaling kakiyatan
 anggen kita nglampahi
 tata gesang
sacara jasmani
 ingkang asring kita tindakaken
 ugi nyembadani
ing ngarsaning ALLAH lan
sumrambahing dumateng para sesami


 AMIN



























Pembukaan
VOTUM
Salam Berkat
KPK  16 : 1, 2
Puji mring ALLAH kang maha wisesa

DOA
 PEMBACAAN  ALKITAB
KOLOSE  1 : 3 – 14 ( 9-10)

KPK  189  :  1, 2
Sabdaning ALLAH

RENUNGAN .......
KPK  70  :  1, 2, 3, 4
Lumadi ing GUSTI

DOA SYAFAAT

    KPK   149  : 1
    GUSTI Nuntun
    BERKAT