Jumat, 19 Desember 2014

SABDA/ DHAWUH INGKANG GESANG SAGED NDADOSAKEN PULIHING GESANG

IBADAH  MINGGU
(Minggu Advent 3)
14 Desember 2014

Tema Wulanan :
Pangaken dosa dados pratandaning Iman
(Pengakuan dosa menjadi tanda Iman)

Tema Pekan    :

SABDA/ DHAWUH
 INGKANG GESANG
SAGED NDADOSAKEN
PULIHING GESANG
(FIRMAN hidup yang membawa Pemulihan)

Bacaan 1         : YESAYA 61: 1-11
             Bacaan 2         : 1 TESALONIKA 5 : 16-24
   Bacaan 3         : YOHANES 1 : 6-28

Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Semanten agunging
sih palimirmaning ALLAH
ing ndalem DHIRI
GUSTI YESUS
dumateng para timbalaninpun
 kados dene dumateng kita sami


Patunggilan
ing Minggu Advent kaping 3
menika
 kita kaparingan dhawuh pangandika
lumantar 3 waosan
YESAYA 61: 1-11; 1 TESALONIKA 5 : 16-24; YOHANES 1 : 6-28

Dhawuh-dhawuh
utawi
 SABDA
 ingkang ngiyataken kita sami

 dhawuh utawi
 SABDA
menika mijilipun
saking GUSTI kita
YESUS
 inggih ALLAH
ingkang kebak panguwasa

ALLAH SANG RAMA
ALLAH SANG PUTRA
 tuwin
ALLAH SANG ROH SUCI

ALLAH 3
(tetiga) tunggil-
ESA
 saestu
sampun makarya
murih kamardikanipun para manungsa

Manungsa
ingkang saestu makarya
anggenipun murih ngentas
gesanging para manungsa
 sanesipun
Manungsa
 ingkang ilahi-
manungsa kaswargan
 ing dhiri
YESUS GUSTI kita

Manungsa
 ingkang makarya
 ing satengahing jagad-
 nguwuh-uwuh
enggal-enggala mentas
saking sadaya dosa

kalepataning manungsa sajagad
 enggala kaentas

GUSTI YESUS
 rawuh sami ndadosi
 saben dhawuh pangandika
 utawi SABDA
ingkang kaparingaken dening ALLAH
 dumateng para manungsa
 ing maewu-ewu tahun kapengker

Minangka SANG SABDA
 ingkang gesang
GUSTI YESUS
 ngudi sageda enggal kalampahan
 sadaya rancangan lan karsaning ALLAH
karana pangwasaning ALLAH
saestu wonten
 ing DHIRIning GUSTI YESUS
Ing ndalem Asma YESUS
GUSTI kita

ALLAH
 ingkang manjalma
dados manungsa
sacara tata rohani
sanget elok
ing pakaryanipun

Manungsa
 ingkang kasebatan sacara daging
lan
rah
 sanget sami dados tanda
 panguwaosing ALLAH
 sampun estu kaluberaken
dumateng sadaya manungsa.

GUSTI YESUS sampun
seda sinalib
ngluwari para manungsa sadaya
saking paukuman

GUSTI YESUS sampun nebus dosa
 tuwin kalepatan kita


Patunggilan
(Ing dinten Minggu Advent kaping 3 menika)
 sumangga kita raosaken malih
 bab rawuhing GUSTI YESUS
 SANG PUTRA ontang-antinging ALLAH

PUTRA
 ingkang kinasih
 lan
PUTRA ingkang kasebatan
dados JURU WILUJENGing jagad


Ing salebeting raosing manah kita
patunggilan
Samangke punapa wonten
kita alami raos : kamardikan ?
Raos gesang ingkang kebak kebebasan ?

Punapa anggen kita
sami ndherekaken GUSTI YESUS
 ingkang lair ing satengahing jagad menika
 sampun saged nuwuhaken
gesang ingkang enggal ?
Gesang ingkang kebak kabingahan
lan
gesang ingkang kebak pangajeng-ajeng ?

Bilih wonten raos
 ingkang mekaten
menapa kita sami
 sampun ngaturi SANG SABDA

SANG SABDA
ingkang sampun manjalma
dados rah lan daging

SANG SABDA menika
dados gantosing kabetahan gesang
 ingkang satuhu-
ingkang estu kita kepengin udi-
kita usahakaken ?
Dadosa kados kita nedha roti lan anggur

 mangertosa bilih GUSTI YESUS
 ingkang sampun cekap
 sacara rah lan kedagingan
anggenipun nresani kita
 kenging menapa kita dereng saged
wanuh lan mratobat
 saking lelampahan gesang kita
 ingkang sanget estu kepengin
 tansah nyingkur lan pados sasekecaning dhiri ?

Ndherek GUSTI YESUS-
 ndherekaken SANG SABDA
 pancen awrat-
pancen kathah tantanganipun

kita saged kakuya-kuya-
 kasiniksa-
 kakampleng-
sacara badan utawi manah

dipun tempeling-
 kaclatu.

Dipun poyoki

Iku lho wong:
koq melu wong kang mati
 kang kapenthang ing kayu salib ?

Kowe koq mracayani SABDA
 kang manjalma dadi manungsa ?

 ALLAH
 koq manungsa

ALLAH
koq manganggo
badan wadhaging manungsa

Yokanan iku
 wong kang ngaku-ngaku nabi

Yokanan iku mbaptis sacara banyu
 ananging YESUS
kang kasebutan KRISTUS
SANG JURU WILUJENG
 mbaptis sacara ROH lan geni

Ana ngendi :
iman kapitadosan kita
samangke
bilih kita mangan panganan-
 tetedhan ingkang awujudan :
 Kasangsaran,
 pitenah,
panggoda,
 mekaten ugi kathahing masalah-
reribet ing gesang kita
 ing sadanguning kita ndherek GUSTI YESUS

 ngantosa kita kados kapentang
 lir kasalib
babar pisan
 kita ugi sami badhe kecalan
 ajining dhiri-
ing basa Indonesia :
meskipun kita kehilangan harga dhiri

Ana ngendi :
iman kapitadosan kita ?
 kita sampun ilang

 kamangka kita
 pancen sanes/ mboten tuwuh
lan
 terus badhe tumiba malih
dumateng dosa
 kajasmanen lan karohanen

nanging
kita sampun sami kaentas

Lha mila
 kita kedah maelu ngraosakaken
 susah sengiting jagad
 kados dene GUSTI YESUS
 SANG SABDA
 ingkang nate gesang
ing satengahing jagad
(ngraosakaken susah sengiting jagad)

SANG SABDA
Lan
 SANG ROH SUCI
 ingkang paring kesadaran-
 bilih manungsa
ingkang mboten nengenaken DHAWUH-
SABDA
ingkang gesang
mesti manungsa menika
 badhe ndungkap kapinejahan
lan
badhe nampi paukuman jalaran dosaning

Mratobata-
Pracayaa
 iki dhawuhe SANG SABDA
 kang gesang

ROH SUCI-
ALLAH sacara tata karohanen
sampun rawuh
 nunggil ing gesang kita

dadosa kita abdi utawi manungsa
 ingkang tansah myarsake
saben dhawuh SABDAning ALLAH

Mratobata lan pracayaa
 bilih GUSTI YESUS PRIBADHI
 ingkang leladi ing pambujanan suci
mecah-mecah lan nyuwil
roti lan ngedum anggur

Rah lan saliraning GUSTI YESUS
 ingkang kapinejahan
estu sanget migunani
kanggening lestatuning gesang kita

SANG SABDA
ingkang manjalma
dados manungsa
samangke nggadahi panguwasa
 kangge ngentas lan ngukumi
saben manungsa
ingkang wus kacadhangake

Sumangga
 iman kapitadosan kita
kabangun malih
mboten karana barang jagad
 lan
saisining
ananging manganggoa
 barang ingkang tumurun saka ngaluhur

(GUSTI YESUS badhe mberkahi kita)

GUSTI YESUS-
SANG SABDA
 ingkang sampun ngentas dhiri kita
 para manungsa
 ugi sampun sami ngalami
ngraorasken wujuding tetedhan-

makanan
 yang sungguh menyakitkan
dan
bahkan sungguh mematikan

mboten anamung
ndadosaken perihing
 raosing raga kita

 ananging ngantos kapinejahan
 lan
kasebat wus tiwas
dening jagad

Jagad pancen sanget
 anggenipun lumawanan
 dumateng sabda lan sabdaning ALLAH

Jagad
 mboten saged mangertosi
 wujuding
 sihing katresnaning ALLAH-
 wujuding SANG SABDA
ingkang gesang
 ingkang manjalma
dados MANUNGSA

Jagad
paring panuduh
 ALLAH koq ngagem
dhirining-
saliraning manungsa,
 ALLAH koq kalair
 ing satengahing jagad-
ALLAH koq rawuh
manunggil kaliyan manungsa

Dedhawuh
 ingkang suci
 ora kudu dadi manungsa-

ALLAH ora perlu ngorbanaken dhiri
 Lan
 angel-angel anggene mitulungi
 manungsa


ALLAH
koq nganti lair/ miyos
 dadi jabang bayi


Patunggilan
 sepindhah malih
ALLAH sampun paring nubuatan-
ALLAH sampun paring pameca
 bab lairing bayi KRISTUS

SANG SABDA
 ingkang mangertosi
bilih SANG SABDA
 kedah gesang
 ing antaraning manungsa-

SANG SABDA
kedah kalairaken
ing satengahing brayat kula
 lan
ing satengahing brayat panjenengan
sadaya
ing sauruting wekdal
SANG SABDA kalairaken

ing sauruting wekdal

SANG SABDA taksih kaparingaken
 dumateng dhiri kita,
ngantosa kapan umur kita mangke?

Ngantos kapan malih
jagad menika kaparingan wekdal ?
SANG SABDA
inggih JURU WILUJENG
SANG ROH SUCI
 tetep makarya

Jamanipun sampun sepuh
Yokanan,
nabi Yesaya
 tetep gesang
ngantos dumugi wekdal samangke

menika sadaya
karana SANG SABDA
ingkang kagiyaraken-
 karana SANG SABDA
 kedah kawartosaken

Yokanan Pambaptis-
Yesaya
tetep gesang
 ing manah iman
 kapitadosan kita

SANG ROH SUCI
ingkang tansah nenuntun
 gesanging para abdi
 timbalanipun ALLAH-
 SANG YEHUWAH

SANG SABDA
ingkang awujudan SANG ROH SUCI
mboten nate seda
utawi
pejah
karana SANG SABDA
 inggih SANG ROH SUCI menika
GUSTI YESUS PRIBADHI
ingkang kapirsanan
dening jagad gumelar menika

 ALLAH estu
 gesang

ALLAH
kagungan panguwasa
nitahaken jagad lan ugi kuwasa
 nglebur jagad

ALLAH
ingkang makarya
sacara lesan
makaten ugi makarya sacara badan
 wadaging manungsa

ALLAH
ingkang gesang sacara kadagingan
makarya
ing satengahing jagad
lan
dados ALLAH
ingkang makarya sacara ROH

ROH SUCI
 ROHing ALLAH kasinebatan
karana ALLAH maha suci

ROH
 ingkang dedhawuh
 karana ALLAH
 ugi dedhawuh

ROH
 ingkang netepi
 kados dene GUSTI YESUS
 sacara kadagingan lan rah
netepi

netepi
sadaya pameca-pamecaning dedhawuh
SABDA-SABDAning ALLAH


Patunggilan
samangke wonten pitakenan : 
Punapa kita estu
 kepengin sami saged ngraosaken
dhawuh utawi SABDA
 ingkang gesang menika?

Bilih kita kepengin ngraosaken
 saben dhawuh pangandika
utawi SABDA
 ingkang kasineratan
 ing Kitab Suci
utawi ingkang kababaraken
 dening SANG ROH SUCI

sumangga
kita gatosaken
kados dene kita ugi nggatosaken
timbalaning gesang kita
piyambak-piyambak
Sumangga
panjenengan
gantos kaliyan nami
pribadi panjenengan

Panjenengan gantos
 nami ingkang kula sebat mangke

 sepindah malih
panjengan gantos kaliyan nami
 panjengan pribadi

Pak Turiman
(panjenengan gantos nami panjenengan)
sampun dipun timbali GUSTI YESUS
 iba gesangipun kedah manut-
runtut-
 runut netepi
sedaya dhawuh
tuwin
sadaya SABDAning ALLAH

Pak Turiman
mboten saged pinanggih malih
 kaliyan GUSTI YESUS
 sacara kedagingan
karana GUSTI YESUS
 sampun paring margi pitulungan
anggenipun Pak Turiman
saged manut-
nurut
 anggenipun Pak Turiman
netepi kabar kabingahan
 bab lairing GUSTI YESUS
 ingkang sampun sami nglantaraken
SANG SABDA
 ingkang manjalma
 dados MANUNGSA SEJATI

Pak Turiman
bilih mboten manut
 ing pakaryaning ALLAH
 pak Turiman
 mesthi mboten badhe angsal pituwasing
 panebusing dosa

Bilih
pak Turiman
anamung ngendelaken barang jagad-
 sok pinter-
 sok suci
lan
 sok nduweni panguwasa …
 iku jenenge ngendelaken keakuan-
 egois,
ora nengenake SANG SABDA
inggih mboten nggatosaken
GUSTI YESUS ingkang gesang


Patunggilan
GUSTI YESUS
sampun ngrawuhi kula
lan
panjenengan sadaya
ing wiwit kita alit


 mila
GUSTI YESUS
sampun ngrawuhi kita

Mila
sumangga kita…
 kita gatosaken
dhawuh utawi SABDA
ingkang gesang menika

kita sadaya samia nilar
barang jagad ndonya
 kita samia nilar roh-roh jagad
 ingkang nasaraken
lan
roh ingkang ndhatengaken paukuman

roh lan barang jagad
 ndadosaken gesang kita
tumiba
ing pati ingkang langgeng

GUSTI YESUS
sampun ngentas kita sadaya
 saking rehing pati

GUSTI YESUS
sampun nglabuhi gesang langgeng
 kanggening kita
sami

GUSTI YESUS
ingkang dados SANG SABDA
 ingkang gesang
sampun murugi kita
 satunggal-satunggalipun-

GUSTI YESUS
 sampun ndhemek badan kita
satunggal-satunggalipun

Punapa kita …

Rumaosa kita bodho-
 rumangsaa pinter
rumaosa kita sugih-
mlarat,
 sepuh enem
 makaten ALLAH sampun ngrrawuhi kita

anggenipun GUSTI YESUS
nresnani kita sami

GUSTI ALLAH
saweg sami nglencengaken
 gesang kita


Sumangga
 Patunggilan
 kita estokaken
timbalaning Yokanan Pambaptis-

Yokanan
ingkang kautus ngrawuhi jagad
anggenipun netepi sadaya
SABDA-
 dhawuh pangandika
ingkang sampun sami
kita pirengaken
ugi lumantar nabi Yesaya

Nubuatan-nubuatan babing ALLAH
Nubuatan-nubuatan bab ALLAH makarya
 ing gesang kita

 sumangga
 kita tliti isining dhawuh pangandika :
YESAYA 61 ayat 1a-b, 9

1a,b
ROHe PANGERAN ALLAH
 ana ing INGSUN,
awit SANG YEHUWAH
 wus njebadi INGSUN;

INGSUN
 kautus martakake kabar kabungahan
 marang para wong …
kang nadhang sangsara …

9
Turunira
 bakal misuwur
ana ing satengahing para bangsa,
 samono uga
 anak putunira
 ana ing antarane para suku bangsa,
satemah sakehing wong
kang ndeleng
 bakal padha ngakoni,
 Manawa iku
 turun kang padha kaberkahan
 dening PANGERAN YEHUWAH


Makaten patunggilan
anggenipun GUSTI YESUS rawuh
mitulungi saben wong
kang ringkih sacara iman
 karohanen tuwin kajasmanen

GUSTI YESUS
kersa paring kaentengan lan kersa ngentas
 lan
 mberkahi saben wong 

Anak turunipun kabinerkahan

Rahajeng kita lan brayat kita
ingkang pitados
bilih ALLAH sampun rawuh
ngagem SANG SABDA
 ingkang manjalma dados manungsa
 murih paring pitulungan
dumateng tetiyang
 ingkang purun ngamini lan mitadosi
 sadaya pakaryanipun

Makaten ugi
dumateng kita
ingkang purun  mitadosi
bilih ROHing ALLAH
ingkang ugi saweg nggelaraken
SABDA-
 dedhawuh pangandika
ingkang gesang

SANG ROH SUCI
 mitulungi kita sami

AMIN
















LITURGI   IBADAH  MINGGU
14 Desember 2014
(pkl. 06.00 WIB)

VOTUM : (Jumeneng)
KPK   218 : 1, 2, 3, 4  YESUS  KRISTUS  RAWUH

Pitulungan kita
saking GUSTI ALLAH
ingkang nitahaken langit lan bumi,
lan kasetyanipun langgeng salaminipun
 lan
mboten nate nilar pakaryan Astanipun

Tentrem rahajeng
pinangkanipun saking ALLAH SANG RAMA,
 GUSTI kita
 YESUS KRISTUS
tuwin patunggilaning SANG ROH SUCI
AMIN


2.    INTROITUS    :    YOHANES 1 : 9, 12
1 TESALONIKA 5 : 19 - 21

9
Pepadhang kang sejati 
kang madhangi saben wong, 
iku lagi ngrawuhi jagad
12
Nanging 
sakehe wong kang nampani PANJENENGANe
 iku kaparingan wewenang 
dadi para putrane ALLAH,
 yaiku wong kabeh 
kang padha pracaya marang Asmane

19
Aja nyirep Roh
20
Lan aja ngremehake pamedar wangsit
21
Titenen samubarang kabeh,
lan ugemana kang becik

(kaaturan pinarak)

3. KPK   314 : 1, 2  PASAMUAWAN  KANG  NYAWIJI

Sumangga kita sami tumungkul ndendonga
Sami ngakeni sadaya dosa kalepatan kita  :

Dhuh GUSTI ALLAH kang Maha Suci,
Kawula sowan wonten ing ngarsa PADUKA
Dhuh ALLAH, kawula ngakeni sadaya dosa lan panerak
 kawula
…..
AMIN

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

2 TESALONIKA 2 : 13 - 17
13
Nanging para sadulur, 
aku padha tansah saos sokur marang ALLAH 
marga saka kowe kabeh,
 kang dikasihi dening GUSTI, 
amarga ALLAH
wiwit wiwitan mula 
wus milih kowe kabeh 
supaya dislametake
 ana ing sajroning ROH,
 kang nucekake kowe 
lan
 ana ing sajroning kayekten 
kang padha kok pracaya
14
Tumprap kang mangkono iku
 PANJENENGANe wis nimbali kowe kabeh 
lantaran Injil, 
kang padha dak wartakake, 
satemah kowe padha kepareng nampa kamulyane 
YESUS KRISTUS,
 GUSTI kita
15
Mulane, 
kowe padha dibakuh lan padha ngantepana 
piwulang-piwulang
 kang wis padha kok tampani 
saka aku kabeh, 
kanthi patram lesan utawi tulisan
16
Anadene PANJENENGANe, 
GUSTI kita 
YESUS KRISTUS 
lan 
ALLAH, RAMA kita, 
kang sajroning sih rahmate 
wis ngasihi kita 
sarta kang wis ngganjar panglipur 
kang langgeng 
tuwin pangarep-arep becik 
marang kita
17
Muga
 karsa paring panglipur 
lan
 nyantosakake atimu 
ing sadhengah panggawe 
lan
 pitembungan kang becik

(pinarak….)
6.  KPK 227  : 1  SANG  PEPADANG  SEJATI


7. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : YESAYA 61: 1-11
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 2      : 1 TESALONIKA 5 : 16-24
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 3         : YOHANES 1 : 6-28
Lagu : Amin- amin- amin


Iba begjanipun kita sapasamuwan
….
AMIN 3X …..
            


KOTBAH  …
FIRMAN/ DHAWUH
 INGKANG GESANG
SAGED NDADOSAKEN
PULIHING GESANG




8.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

10.     PANDONGA  SYAFAAT :
Saos syukur dhawuh pangandika …
Bangsa & negari
Greja> Warganing greja—sakit, lansia,
 Anak-anak & kasisahan—sekolah,padamelan,jodoh
Ibadah & perayaan Natal/ baptis anak
Bencana alam>Politik>Bibaran>>AMIN


11.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR 20 : 13-14 

KPK  230 : 1- … KABINGAHAN  INGKANG  SEJATI
PANDONGA   :  ….

13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita wujudaken tumindak kasucen
 srana praktek gesang ingkang kebak sih katresnan


KPK  336 : 1    GUSTI  KANG  NGANTHI
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN

KPK  345  TENTREM RAHARJA










Sahadat 12
Inggih punika Pangaken Pitados Rasuli

1.      Kawula pitados dhateng ALLAH SANG RAMA, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi
2.      Inggih pitados dhateng YESUS KRISTUS ingkang Putra ontang-anting GUSTI kawula
3.      Ingkang kabobotaken dening ROH SUCI, miyos saking prawan Maryam
4.      Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan
5.      Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah
6.      Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun ALLAH SANG RAMA ingkang Mahakawasa
7.      Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah
8.      Kawula pitados dhateng ROH SUCI
9.      Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kriaten satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilaning para suci
10. Punapa dene pangapuntening dosa
11. Tanginipun raga
12. Sarta gesang langgeng











Pandonga :
DHUH RAMA KAWULA

Dhuh RAMA kawula ingkang wonten ing swarga
Asma PADUKA mugi kasucekaken
Kraton PADUKA mugi rawuh
Karsa PADUKA mugi kalampahan wonten ing bumi kados dene wonten ing swarga
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika
Saha PADUKA mugi ngapunten kalepatan kawula, kados dene kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggoda, nanging mugi sami PADUKA uwalaken saking piawon
Awit dene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan ing salami-laminipun
amin