Jumat, 07 November 2014

MUJUDAKEN KARSANING ALLAH SACARA NYATA

Ibadah Minggu
Minggu Biasa
Stola Putih

Suwaru, 26 Oktober 2014
09.00




Tema Wulanan    :
Kegagalan manungsa punika menapa wajar ?






Tema Mingguan:




MUJUDAKEN

 KARSANING  ALLAH

SACARA NYATA


 ( Mewujudkan kehendak ALLAH
secara nyata )  







MALEAKHI 2 : 1 - 9
1 TESALONIKA 2 : 8 -12
MATIUS 23 : 1 – 12








Pasamuwan
ingkang dipun tresnani
GUSTI YESUS

Wonten sadhengah pitakenan
dumateng dhiri kita

Ingkang sepisanan;
Menapa ingkang dados titikanipun
tiyang Kristen
 ing tindak-tandukipun?

Sumangga
dipun sebataken
 punapa kemawon
 titikaning tiyang Kristen
 menika
 …
(tresna, jujur, remen srawung, lsp )

Pitakenan ingkang kaping kalih;
Pundi ingkang Panjenengan remeni ?
Dados tiyang Kristen
ingkang sregep ‘ngibadah’
dhateng greja, 
dados aktifis greja,
nanging mboten ngetingalaken
tindak-tanduk
ingkang ngristeni.

Utawi

mboten aktif dhateng greja,
mboten dados aktifis greja
kados cariyos nyata menika:

Wonten satunggaling pawongan
 ingkang sengkut anggenipun nyambut damel
 ing sak margi-margi.

Sanajan anggene kerja sak dalan-dalan
Asiling panyambut damelipun  
telas sanalika kangge nyekapi kabutuhan sadinten
angger wareg kemawon,

Piyambakipun
mboten nate dhateng greja
duka kenging napa alesanipun.

Nanging
wonten kebiasaan
 ingkang saben-saben katindakaken :
Kalih dinten sepisan
semahipun mbekta 3 utawi 4 wungkus sekul

sekul-sekul menika
dipun paringaken
dhateng tiyang-tiyang ingkang mbetahaken-
terlantar 
(gelandhangan),

Sekul-sekul kalawau
dipun paringaken kanthi gratis. 

Kanthi pangucap:
“Kula sabrayat
mboten mentala
 karana
madharanipun tiyang-tiyang
sami kothong
ngantos pinten-pinten dinten.

 Krana kula
 mangertos lan saged ngraosaken
kados pundi sakitipun
yen dhong luwe;

wah menika…
namung sekul kemawon
kangge nggajel weteng”.

Makaten panjawabipun
sanalika dipun ajak wawanrembag


Pasamuwan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

 Menika kalawau
estu cariyos nyata,
sanes cariyos kosong-
 goroh

Sumangga
dipun pilih-
 dipun cocogaken
kaliyan dhiri kita
piyambak-piyambak.

Kita remen ingkang pundi ?

Kados salah satunggaling aktifis greja
nanging patrapipun
 ing saben dintenipun
tebih saking katresnan.

Utawi

Kados dene salah satunggaling warga
ingkang mboten nate dhateng greja,
nanging saestu lan nyata
 anggenipun andum katresnan
dumateng sapepadha.

Kula lan panjenengan menika
 ingkang pundi
ing antawisipun gegambaran
ing nginggil kalawau ?

Utawi

Kekalih-kalihipun sami kita lampahi ?

Lho,
menawi mekaten
kados pundi pikajengipun….

“nyang greja …ora aktif,
 ning kelakuanne saben dina …
ya ora pati ketok katresnane…
dadi ora jelas…”

Ahhhh,
 ngapunten ingkang ageng,
patunggilan

kula namung maca rancangan kotbah Minggu
dinten samangke

ingkang jelas menika
 sanes Bapak, Ibu, Sedherek
 warganing pasamuwan GKJW Suwaru,
kados limrahipun
asring si pengkotbah mimbar
matur lan dedhawuh mekaten


Pasamuwan
 ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS
 lan ingkang mbales katresnaning GUSTI YESUS
kanthi ngudi nindakaken tresna-tinresnan
dumateng sesami.


Pasamuwan
Ing Kitab Matius 23 : 2
Para Ahli Toret lan tiyang Farisi
sami nglenggahi kursi Musa

Para ahli Toret lan tiyang Farisi menika
 kalebet Majelising Agami
 ingkang kasebat Sanhedrin

Dados Majelising Agami ;
 Para Ahli Toret lan tiyang Farisi menika.
Nggadhahi  wewenang
 mranata sedaya kegiataning agami
bangsa Israel

Tiyang-tiyang menika
dhines ing kitha-kitha
ngemban jejibahan,

antawisipun:
mutusi saben tuwuh prekawis kriminal (piawon),
mutusi prakawis-prakawis pidana mirunggan,
utawi
ndamel lan ngedalaken serat
keputusan pangadilan
bab-bab kados
ingkang kasebataken ing ngajeng kalawau
bilih saben-saben
wonten prekawis-prekawis
ingkang perlu penyelesaian.

Tiyang-tiyang menika
nggadahi kalenggahan lan nglenggahi
kursi Musa,

 nanging sanes minang pantawis
 antawisipun umat kaliyan Allah

sepindah malih
sanajan tiyang-tiyang menika alenggah
 ing kursi Musa
kanthi mawarni-warni tugas lan kekuasaan

tiyang-tiyang menika
mboten lan sanes
dados perantara-
penghubung
antawising umat kaliyan ALLAH

kados nabi Musa-
lenggah ing kursi,
nanging mboten kados nabi Musa
 ingkang dados pantara-
 penghubung
antawising umat kaliyan ALLAH

Ahli Toret dalasan tiyang Farisi
 anamung nglenggahi kalenggahan
 ‘kursi’ pangadilan kemawon

ugi kagungan tugas
 nerangaken isining angger-anggering Toret
 kanthi rinci
lan
ugi nggadahi tugas
memulang tiyang kathah
 bab margi
kados pundi kedahipun ngecakaken
 angger-angger Toret menika
 tumrap prekawis-perkawis tartamtu.

 Mimbar kajeng
 ingkang dados jangkeping
 ‘kursi’ Musa,

Mimbar kajeng
kados ingkang dipun damel
dening nabi Ezra,
si ahli kitab
ingkang wasis-
pinter
 ing bab angger-angger Toreting Allah

 (NEHEMIA 8: 5
Imam Ezra,
ahli kitab iku,
 jumeneng ana ing mimbar kayu,
 kang ginawe
pancen kanggo keperluan iku.
Kang ngadeg
ana ing sisih tengene :
 Matica, Sema, Anaya, Uria,
 Hilkia lan Maaseya,

dene ing sisih kiwane :
Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana,
Zakhariya lan mesulam)


Pasamuwan
Tiyang Farisi dalasan Ahli Toret menika
nggadahi kemampuan kados Ezra.

Wangsul malih bab Kursi Musa,
Musa kagungan kursi-kursi
ing saben kitha

(PARA RASUL 15: 21
Amargi
sampun wiwit jaman rumiyin
angger-anggeripun Musa punika
kaundhangaken
wonten ing saben kitha,
saha dumugi sapriki
ing saben dinten Sabat
 kawaos
wonten ing papan-papan pangibadah ).

Saking sanginggiling mimbar
utawi
kalenggahan
ingkang syah lan kinurmatan
mitrut tata hukum mangatus-atus taun
ngantos maewu-ewu tahun;
Tiyang-tiyang Farisi
makaten ugi
 para Ahli Taurat 
sami medharaken angger-anggering Toret


Cekak aosipun,
Pasamuwan
 ingkang dipun tresnani
GUSTI YESUS:

tiyang-tiyang menika
sanget nggadhahi  peran penting-
 nggadhahi panguasa agung
ing bab-bab samukawis
sadangunipun pangibadah umat
sami kaleksanan
 dhumateng Allah,

malah-malah sanget-sanget
anggenipun kasebat
sami nglenggahi kursi Musa
lan
 ingkang saweg sarwi jejibahan
minangka sesulihing GUSTI ALLAH
 anggenipun nindakaken pangadilan
tumrap prakaranipun umat.


Ing kasunyatanipun,
Pasamuwan.
Pigesanganipun tiyang-tiyang menika :
Para Ahli Toret 
makaten ugi tiyang-tiyang Farisi,

 tindak-tandukipun
 tebih saking luhuring tanggel jawab
kados ingkang sami
dipun ajeng-ajeng.

Tiyang-tiyang menika
 namung pados kondhanging asma
lan
kaunggulaning dhiri,
lan sanget sombong- ngongasaken dhiri
 ing babagan bab Toret.

Temahan Pasamuwan,
ing ayat 3
 saking Injil MATIUS;
Gusti Yesus
ngengetaken para murid:

Mulané
padha lakonana lan padha turuten
sakèhing piwulangé.

 Nanging
kowé aja niru kelakuané,
awit wong kuwi
dhéwé
ora padha nglakoni
 apa sing padha diwulangaké.” 

Dados,
srana karana sikap manahipun
mboten trep,
pramila tidak-tandukipun
ugi mboten pinanggih leres,
mboten selaras
kaliyan piwulanging agami
ingkang dipun rasuk-
 ingkang dipun imani.

Sikap Relijiusitasipun
para Ahli Toret dalasan tiyang-tiyang Farisi
sanget dados pepalangipun dhiri


Pasamuwan
 ingkang katresnanan
dening GUSTI YESUS
Wonten satunggaling buku
 mawi judul : 
Sastra dan Religiusitas 


Buku ingkang dipun serat taun 1982
 lan
buku menika
pikantuk penghargaan dados
 buku nonfiksi terbaik 
 ing Indonesia,
panjenenganipun Romo Mangunwijaya
njlentrehaken bab relijiusitas.

Romo Mangunwijaya;
Nerangaken bilih relijiusitas menika
benten kaliyan agami.

Agama utawi religi
miturut Romo Mangunwijaya :
Nengenaken kelembagaan, 
Nengenaken tumindaking pangabekti
 dhumateng GUSTI ALLAH
 sacara resmi utawi sacara hokum-
 pranatan-pranatan
lan
 angger-angger
 sarta miturut tatanan-tatanan
lan
sadaya pedoman piwucal,
 lan makaten ugi
 ing tumindaking
pedoman-pedoman organisasi
tumrap gesanging bebrayan
ing gesanging masyarakat.


Pangertosan Religiusitas :
Langkung lebet lan wiyar malih
tinimbang pangertosan
saking tembung agami,

tumindaking religiusitas menika
 saking telenging kalbu,
‘dari dalam hati nurani’;

patrap pribadi
gegayutan kaliyan
raketing jiwa.

Langkung rumaos tinimbalan
kangge ngamalaken piwulanging agami.

Mangga Pasamuwan
kita sami ngengeti
sinten ta Romo Mangunwijaya punika,
ingkang kondang
lan
ingkang dados
salah satunggaling tokoh multidimensi.

Romo Mangun sebatan asma cekakipun.

Panjenenganipun Romo Mangun menika
 salah satunggiling
tokoh Greja Katolik,

gesangipun Romo Mangun
langkung kathah katelasaken
kagem kawula alit.

Panjenenganipun Romo Mangun,
Sanget anggenipun mbelani para warga
 kurban gusuran Waduk Kedungombo ing Jawi Tengah,

waduk utawi dam paling ageng
ing Jawi Tengah

 Romo Mangun
 dados inspirator atas pemukiman kumuh
 ing pinggiran Kali Code
Yogyakarta

Kados pundi
pemukiman kumuh
 ing pinggiran Kali Code
Yogyakarta menika kasulap-
 kabangun

  saged dados papan pemukiman
ingkang endah lan sehat.

Anggenipun Romo Mangun berjuang
ngentas masyarakat-
 kawula alit

sarwi tumindak ingkang prasaja
kados dene GUSTI YESUS pribadhi
 rikala makarya
ing satengahing umat manungsa,

 Romo Mangun;
Tanpa tandha-tandha
 utawi
tanpa ngagem agemanipun
 bilih panjenenganipun-
 Romo Mangun menika
sejatosipun pemimpin umat.

Wonten Filsafat utawi piwulang luhur
 mulangaken :
Bilih manungsa menika
 awujud badan-jiwa.

Jiwa
ingkang membentuk raga
utawi 
jiwa yang menubuh,

sanes raga utawi badan
 ingkang kaisi jiwa.

Wonten ing buku
seratan Romo Mangun
dipun terangaken :
 Bilih sedaya
 obah musiking raganipun manungsa,
saged dipun mangertosi kanthi lebet
 temahan badan wadhag menika sanget saged
ngetingalaken hakekat isining jiwanipun.

Leres pancen,
 bilih aktif  utawi sregep kemawon
 taksih kirang,

sregep utawi aktif kedahipun
dipun jangkepi
 kanthi laku ingkang selaras
kaliyan piwulang lan nilai-nilai kekristenan 

karana tumindak
 ingkang mekaten menika
minangka wujuding karohanen kita.

 Kaum Farisi lan para ahli Toret
ingkang aktif
 ing babagan agami,
 ananging miskin ing lampah,
malah saged dados watu ingkang nyandhungi

(Ayat 13 saking Kitab MATIUS 23 :
“Bilai kowe,
he, para ahli Toret lan para Farisi,
wong-wong lamis,
awit kowe nutup
lawang-lawang
KRATONing SWARGA
 tumprap wong,
 sebab kowe dhewe
ora mlebu
lan
wong-wong kangarep lumebu
 koq alang-alangi).


Makaten kangge kita
Sadaya
sa-Pasamuwan

bab religiusitas utawi karohanen kita
ugi saged badhe saya teguh
 menawi kita sami
purun dados umat
ingkang taat bergereja 
lumantar ibadah-ibadah
lan
 lumantar kegiatan-kegiatan greja
sanesipun.

Ingkang badhe dipun undhuh-
ingkang badhe raosaken
  ing salebeting gesang masamuwan
 nggih menika ngudi utawi mengusahakan
 kangge mbangun religiusitas utawi karohanen.


Pasamuwan
ingkang katresnanan
 dening GUSTI YESUS

Sadaya wujuding timbalan
tumrap dhiri kita
nggih menika
sampun ta ngantos kita sadaya mandheg
ing altar-
ing ngajenging mimbar
 lan
ing latar greja
kemawon,

Sumangga kita lajengaken
anggen kita sami nyebar
 kabar kabingahaning Injil
dhateng sedaya tiyang !.

 Sampun ngantos kendel
anggen kita  
nindakaken laku utami,

 kita kedah ndadosaken
Sabdanipun GUSTI YESUS
 minangka panuntun lampah utami kita.

 AMIN.













VOTUM : (Jumeneng)
Kipas    5 : 1, 3    ALLAH yeku pangen kula

Pasamuwan
Shalom!

Sumangga kita sami
 nindakaken pangibadah
kanthi kebak pangaken bilih
bumi saisining menika
katitahaken dening ALLAH
lan
wonten ing rancangan
sih katresnaning ALLAH
….

ALLAH ugi ingkang sampun miji-
milih kita saderenging jagad kanicipta

Sumangga kita tampeni
berkahing ALLAH :

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN


2.    INTROITUS    :    YAKOBUS 1 : 7
7.
Wong kang mangkono iku
 aja duwe pangira,
 menawa bakal nampa apa-apa
saka GUSTI
8.
Jalaran wong kang atine mangro
 ora bakal tentrem uripe
(kaaturan pinarak)

3. Kipas   146 : 1, 2 Asmaning GUSTI kula



Matius  22 :  37 – 40

PANJENENGANé ngandika marang wong iku, 
"Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira
kalawan gumolonging atinira,
lan gumolonging nyawanira,
sarta gumolonging budinira.
Yaiku angger-angger
kang gedhé lan luhur dhéwé.
Déné angger-angger kang kapindho
 kang padha karo iku,
yaiku: 
Sira tresnaa
 ing sapepadhanira
dikaya marang awakira dhéwé.
Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi
iku gumantung
 ing angger-angger loro mau."

Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
Kanggening kita sapasamuwan
mboten wonten malih alesan
 mboten sagah
utawi
mboten sanggup nindakaken katresnan
miturut katresnan peparinging GUST YESUS
ingkang sampun sami kita tampi
sesarengan

Sumangga
kita samangke sami anelangsani
Kados pundi
anggen kita dereng saged nindakaken
 sadaya piwucal
 bab katresnan menika

Sumangga
 kita ugi sami ngakeni
 sadaya dosa panerak kita-
 Dosa-dosa turunan

Awit
 kita dereng kanthi estu saged
dereng saged tresna
 dumateng sesami kita
 lan
dumateng para titah sanesipun

Sumangga
kita ngakeni …
Sumangga
kita aturaken lumantar
 pandonga
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula…
.
Amin)

5. Kipas  139 : 1, 4  GUSTI YESUS RATU ADIL

6. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng
1YOHANES 5 : 9 – 12

9.
Kita padha nganggep marang paseksine manungsa,
ananging paseksine ALLAH iku
 ngluwihi.
Amarga iki paseksine ALLAH,
yaiku :
PANJENENGANe anekseni
mungguhing KANG PUTRA
10.
Sing sapa pracaya marang PUTRAning ALLAH,
iku nduweni paseksi mangkono
ana ing batine;
Sing sapa ora pracaya marang ALLAH,
 iku nganggep
PANJENENGANe dora,
amarga ora ngandel
marang paseksi kang wis kaparingake ALLAH
 mungguhing KANG PUTRA
11.
Anadene paseksine
yaiku :
ALLAH wus maringake urip
 kang langgeng,
 lan urip iku
 dumunung ana ing
SANG PUTRA
12.
Sapa kang nduweni SANG PUTRA ,
 iku nduweni urip.
Sapa kang ora nduweni PUTRAning ALLAH,
iku ora nduweni urip

7.  Kipas  67 : 1  Cariyosipun GUSTI YESUS

8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan I   :  MALEAKHI 2 : 1 – 9 // Lagu : Amin- amin- amin
Bacaan II  :  1 TESALONIKA 2 : 8 -12 // Lagu : Amin- amin- amin
Bacaan III :  MATIUS 23 : 1 – 12 // Lagu : Amin- amin- amin

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH  …MUJUDAKEN  KARSANING  ALLAH
SACARA NYATA
 ( Mewujudkan kehendak ALLAH secara nyata )
9.     PENGAKEN  IMAN  RASULI … pinarak ))

10.     PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 : 31
12. Kipas  :  138 : 1 - … ALLAH ma asih

11.       PANDONGA  SYAFAAT :

  
13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita sami pengkeraken papan pangibadah menika,
Sumangga kita lajengaken sadaya pangertosan kita :


Kipas:  144 : 1, 3    Kumandel mring ALLAH
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN


Haleluya 3X
AMIN