Jumat, 17 April 2015

PANGUTUSANIPUN GREJA

Pangibadah Brayat
Kamis, 16 April 2015


TUGAS PANGUTUSANIPUN  GUSTI YESUS
TUMRAPING GREJA


LUKAS 10 : 1 – 11


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

iba bingahing gesang kita
bilih kita
sampun cetha.

Cetha
Kamangertosan-
kauningan
bilih kita sami menika
kapilih lan kapiji
ing satengahing pasamuwan
kagunganipun GUSTI YESUS

Sejatosipun
sanes dhiri kita
ingkang milih lumebet
ing satengahing pasamuwan

sanes dhiri kita
ingkang sami mutusaken
ndherek
ing satengahing patunggilan

Kita saged makempal
ing satengahing greja
menika sanes
karana daya kasagedaning gesang kita

Bilih kita nurut- nlisik
 isining kitab suci-
isining sejarah suci
ing wiwitan mila
GUSTI YESUS PRIBADI
ingkang nimbali saben-saben pribadi
dalasan saben bangsa

Sakedik kita nyenyinau
tumprap timbalinipun Nabi Yesaya :
Aku nuli krungu swaraning PANGERAN
kang ngandika:
“Sapa kang bakal SUN utus,
lan sapa kang gelem mangkat
minangka utusaningSUN?”.
Aku banjur mujuk :
Sumangga,
mugi karsaa ngutus kawula!”

Nabi Yesaya katunggilan-
katuntunan
dening ALLAH
ngantos saged mangertos-
saged ngrungu swantening GUSTI ALLAH
lan
nabi Yesaya
saged munjuk- sagah masrahaken dhiri
dados utusaning ALLAH

Mila
ing ngriki
kita saged mangertosi
 bilih karsaning ALLAH PRIBADI
ingkang nimbali nabi Yesaya
lan
nabi YESAYA
kanthi gumolonging manah
cumadang
dados utusanipun ALLAH



Patunggilan 
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

sampun pinten dangunipun
kita sami sampun makempal
ing satengahing greja-

pinten dangunipun kita sami
dados warganing greja ...
sampun mataun-taun-
sampun puluhan taun ...

Jer kados pundi raosing manah kita
ing sawekdal kita
 kapiji lan kapilih
dados warganing pasamuwan-
dados pandhereking GUSTI YESUS ?
dados warga kratoning swarga


Sadherek patunggilan
kepareng kula nyuwun pirsa rumiyin,
kanthi pitakenan :

 Menapa ta artosipun greja menika
miturut panjenengan ?.
Menapa ta ancasipun-
tujuanipun greja menika
kabangun?.

Menawi kita pitados lan mitadosi
bilih saben tiyang
ingkang sami nunggil pitados
dumateng GUSTI YESUS
estu sami katunggilaken

saben tiyang
ingkang sampun katunggilaken
jelasipun tiyang menika
saestu sami saged
nampeni kakiyataken
lan
saged tansah kabangun imanipun

iman dalasan kakiyataning gesang
sami kabangun
ing satengahing patunggilan
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Saestu
GUSTI YESUS
mboten ngersakaken kita menika
dados manungsa
timbalaning GUSTI YESUS
 ingkang statis-
mandeg :
Mandeg anggenipun nampi karahayon
tentrem rahajeng
ananging kita kedah mboten mendel-
kedah nggadahi aktivitas gesang
ingkang estunipun nelakaken
 wujuding iman lan piandel kita
dumateng SANG KRISTUS-
GUSTI kita
YESUS

Iman tanpa tumindak
menika mati

Sinten ta tiyang utawi abdi
ingkang sami badhe kautus
lumampah-
tumindak ngabaraken pawartos rahajeng
ing saindenging jagad ?

“Kawula GUSTI, PADUKA ngutusa kawula ...”;
Menika panjawabing Yesaya,
Sang nabining ALLAH 

“Kawula GUSTI YESUS
para pandherek lan abdi PADUKA
warganining greja
GKJW Pasamuwan Suwaru
saking KRW 9”


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
sampun ngrumiyini miji lan milih
saben tiyang
ingkang kapurih dados abdi timbalanipun

Lha
tiyang menika
ugi kapatah lan kaparingan tugas
dening GUSTI YESUS-
GUSTI ALLAH

Mawi cariyos
bab piwucaling GUSTI YESUS; 
Mawi cariyos
bab pitedah lan panuntuning GUSTI YESUS,
para sakabating GUSTI YESUS
sami kautus lumpahipun
ngrumiyini tindaking GUSTI YESUS,

kanthi dhawuh :
70 sakabat menika
kedah kabagi anggenipun tindak
nglampahi tugas

Kedah tindak lan ngayahi tugas
dados utusaning GUSTI YESUS :
cacahipun kali-kalih
tindak kasebar
dumateng saben kitha-kitha
ingkang badhe katuju
lan
kitha-kitha
 ingkang sami badhe kalangkungan
dening GUSTI YESUS :

GUSTI YESUS
paring tugas lan panguwasa

Panguwasa
ingkang njangkepi tugas
peparinging ALLAH menika
antawisipun arupi :

Roh kekendelan,
Roh kesembuhan,
Roh pengusiran lan Roh kasekten;
Lan sanes-sanesipun malih
(LUKAS 10 : 17-19)



Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Menika wujuding tugas
 utawi
tugas ‘latihan’
ingkang kaparingaken
dening GUSTI YESUS
sanalika GUSTI YESUS
taksih memucal lan makarya
ing satengahing jagad
jelas kahananipun sesarengan
kaliyan para murid-
sakabatipun

Para murid-
para sakabat
sami kaajak ndherekaken makarya
sangkul sinangkul
nindakaken tugas-tugas saking ngaluhur;

 Salah satunggiling tugas menika
antawisipun
bab enggala rawuha
paprentahan kratoning ALLAH-
utawi
ndhatengaken-
mbabaraken bab kratoning ALLAH
ing satengahing jagad menika

Mugi saben manungsa
sami saged ngraosaken
tentrem rahajeng-
shallom-
‘assalam mualaikum’
ingkang saben-saben kaulukaken
bilih para murid
pinanggih sesaminipun;
menika tugasing para murid-
sakabating GUSTI YESUS

(Ayat 5 :
Manawa kowe lumebu
ing sawijining omah,
padha ngucapa mangkene dhisik :
Tenrem Rahayu
mugi wontena ing dalem ngriki)


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Samangke
kanggening kita
ingkang ugi sami kanisebatan
dados sakabat lan muriding GUSTI YESUS-
inggih greja
ingkang gesang ing jaman samangke
lan
ingkang badhe gesang tuwuh
ing sauruting wekdal mangke
ugi nampi ‘tugas panggilan dari ALLAH’-
kita ugi nampeni tugas saking GUSTI YESUS

greja ugi kita sami kasebatan
ingkang nampi pangutusan-
tugas tanggeljawab saking ALLAH

Panenan kathah anganing juru panen sathithik

Ayat 2 :
Pangandikanipun GUSTI YESUS :
“Panene pancen gedhe,
nanging sing derep mung sathithik.
Mulane padha nyenyuwuna
marang kang kagungan panen,
supaya karsaa ngintunake
wong-wong kang derep
ing panenan”.


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Kabar kabingahan
sampun kawartosaken
dening GUSTI YESUS
ing kala kapengker
ngantosa dumugi
ing wekdal samangke
pawartos menika
sampun tumanem
ing satengahing jagad.

ALLAH PRIBADI
ingkang nuwuhaken taneman menika-
‘Karya ROH KUDUS
sedang berkarya hari-hari ini’-
ALLAH ROH SUCI
sanget anggenipun memucal
lan
sanget anggenipun nginsafaken
saben pribadining manungsa
(enggala mratobat lan nampi
tentrem rahajeng saking ALLAH)

jer saben tiyang
saged pitados lan mitadosi
sinten GUSTI YESUS menika-
SANG JURU WILUJENG-
ALLAH ingkang sanget saestu
dados sesembahaning para pitados.


Patunggilan
ALLAH ingkang saged nuwuhaken
lan
ALLAH ingkang saged ugi numpes
sajagad menika

ALLAH ingkang ngukum
kados dene Sodom lan Gomora
sebab ALLAH ing ndalem GUSTI YESUS
sampun paring dhawuh
(Ayat 12:
bilih dosaning jagad-
dosaning manungsa
ing jaman menika-
ing jaman pungkasan mangke
langkung ageng
tinimbang Sodom lan Gomora)


Patunggilan
ALLAH PRIBADI
ingkang ngutus kita
supados nyebar wiji
lan
ngutus kita ugi
supados nyirami saben-saben wiji
lan
ugi supados ngamini
bilih ing titi wancinipun
kita ugi badhe ndherek panen-
kita badhe ngunduh wohipun


Patunggilan
Sejatosipun ALLAH PRIBADI
ingkang nyawisi wiji tetaneman kalawau
 lan
ALLAH PRIBADI ingkang nuwuhaken

ALLAH
ingkang sanget sampun rawuh
lan
terus badhe rawuh ngrawuhi manungsa


Patunggilan
Samangke kita kautus
ngrumiyini GUSTI YESUS
nyawisaken saben kitha-
saben papan panggen-
manah batosing anak-anaking manungsa
supados saged nampi bab pawartos
bab badhe rawuhing GUSTI YESUS
ingkang kaping kalihipun

Panggoda-
roh pepeteng-
rohing jagad
pancen kuwat
lan
rosa-

asu ajag-
kalajengking,
ula,
singa-
rohing si jahat
pancen luar biasa
kiyatipun

Ananging
Patunggilan
srana panguwasa
ingkang sampun dipun paringaken
dumateng kita sami
para utusaning ALLAH
mesthi langkung unggul

Lha menika
SANG ROH SUCI
ingkang kedah kita unggulaken-
sanes dhiri kita
 pribadi

Saben utusaning ALLAH
sampun kaparingan jangkeping panguwasa
supados kababar anggenipun nindakaken peladosan-
jejibahanipun.


Patunggilan
Punapa kita ajrih-
para sadherek ajrih, mangu-mangu
bilih kacadangaken tindak lumampah
nindakaken peladosan bab kesaksian
bilih GUSTI YESUS menika
SANG JURU WILUJENG ?

Punapa kita ajrih
kautus kados dene cempe-
domba
dumateng tengahing asu ajag-
srigala ?

Sumangga
kita enget-enget
bab piwulanging GUSTI YESUS
bilih ROH
ingkang adedalem
ing dhiri kita menika
langkung ageng panguwasanipun
tinimbang rohing jagad
utawi
roh-roh ingkang wonten ing jagad menika

ROH SUCI
ingkang adedalem ing gesang kita-
GUSTI YESUS-
GUSTI SANG ROH SUCI
PRIBADI
ingkang badhe nenuntun
lan
ingkang badhe mbentengi gesang kita,
mesti kita saged menang

mesti kita saged menang
Amin, para sadherek !

Supados kita saged menang;
Sepindhah malih
kita sami kautus
supados mboten ngendelaken kakiyataning dhiri
 kita pribadhi-
kita kedah ngendelaken
kakiyatani ALLAH-
kita kedah ngengeti
bilih kita menika anamung cempe
ingkang mboten kagungan daya
kakiyatan babar pisan

Kados pundi anggenipun
 badhe lumawanan
dumateng asu ajag


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Kita kedah ngendelaken
 Kakiyatan saking GUSTI YESUS-
kita kedah ngendelaken
panuntuning SANG ROH SUCI-
inggih ALLAH PRIBADI

Kita kedah gesang
kebak ing katresnan-
kita kedah setia tuhu,
 tulus
 lan
nggadahi semangat
anggen kita lelados

Kita kedah purun nilar
sawernining kaendahan lan kakiyataning jagad-
kita kedah wantun lan purun
ngadepi bebaya lan sawernining panggoda-
kita mboten ulap
dumateng bab kasugihan banda
ndonya brana-
kita ugi kedah sanggup nampi
wujuding sesakit
secara jasmani
lan
sanget taksih kathah malih


Patunggilan
(Salib menika wujuding kakiyatan
kula lan panjenengan sadaya;
wujuding kakiyatan
Bapak, Ibu, Sadherek lan anak-anak)

Kita kedah purun lan saged nilar
sadaya wujuding pamikiran
sacara daging lan sacara jagad-

Kita kedah estu saged mujudaken
giliging tekad lan manah
anamung dumateng GUSTI YESUS


Patunggilan
 (GUSTI YESUS sampun nresnani kita-
kita ugi kedah
saged mbales katresnanipun GUSTI YESUS)

Samangke sumangga kita sami
ngayahi tugas-tugas
ingkang wonten
 ing satengahing patunggilan-

wontena ing gesang kita
nggegreja-
masamuwan
ugi tugas-tugas peladosan
 ing sanjawining patunggilan/ greja

Contonipun
bab krisis sosial-
bab tata cara pasrawungan-
etika-
moraling para nem-neman
kita

Contonipun sanesipun
bab kematepaning iman
ing salebetipun pigesangan
ingkang mawarni-warni kemajuanipun

Lan
taksih kathah malih
conto-conto sanesipun
ingkang saged dados tugas
tanggel jawab kita sami

.....
mesthi GUSTI YESUS mangke
badhe nedhahaken
tugas punapa
ingkang kedah kita lampahi-
tugas punapa
ingkang kedah kita tindakaken

Sumangga
kita sami nyumadangaken gesang kita
 pribadi
kagem peladosaning GUSTI YESUS
tuwin
kagem kaluhuraning ASMAning GUSTI YESUS

Mugi
 gesang kita kebak tentrem rahajeng
 lan
rawuhing Kratoning ALLAH
sami kababar sacara nyata
ing saindenging jagad

Mila
kita lan sasedherek patunggilan
ingkang sampun kapiji
ingkang sampun tinimbalan
sami saged lumebet lan ngraosaken
gesang ingkang kebak kraharjan
ing Kratoning ALLAH-  
ing gesang ingkang kebak kraharjan
 ing ndalem GUSTI kita-
YESUS KRISTUS

AMIN










  1. Votum / Berkat
2.       KPK 34 :  1, 3   SUNG SEMBAH PUJA

  1. Pandonga
  • Syukur …
  • Pertobatan / Nyuwun pangapunten…
  • Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

  1. Maos Kitab Suci :  :  LUKAS 10 : 1 – 11
  2. KPK 196  : 1, 3  SABDANIPUN ALLAH

Intro : YESAYA 6 : 8
Aku nuli krungu swaraning PANGERAN
kang ngandika:
“Sapa kang bakal SUN utus,
lan sapa kang gelem mangkat
minangka utusaningSUN?”.
Aku banjur mujuk :
Sumangga,
mugi karsaa ngutus kawula!”

  1. Kotbah ….
  2. KPK 91  : 1  PRABOTING PERANG ROHANI

  1. Doa syafaat

  2. Kipas 325  : 1   KANGEN MRING GUSTI 
  3. Berkat



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami