Jumat, 27 Februari 2015

APA SEBABe ALLAH MILIH MUSA ? (MUSA dipun pilih ALLAH karana menapa?)

Rancangan Kotbah Ibadah Brayat: 
Kamis, 26 Pebruari 2015


APA SEBABe 
ALLAH MILIH MUSA ? 
(MUSA dipun pilih ALLAH karana menapa?)


JABUR 16 : 7 – 9;
PANGENTASAN 17 : 1 – 9





            Patunggilan …. Iba bingahing bilih gesang kita sami kapiji- kapilih dening ALLAH. Sebab ALLAH ngresakaken sadaya pakaryanipun sageda gumelar lan kalampahan miturut rancangan lan kaluhuraning ALLAH. ( Sumangga kita waos seratan JABUR 16 : 7-9
7.Aku ngalembana marang SANG YEHUWAH , kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang dening telenging batinku. 8.Aku tansah madhep marang SANG YEHUWAH, Manawa PANJENENGANe jumeneng ana ing tengenku, aku mesti ora nganti keguh, 9.Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem )

            Patunggilan … Sinten ing antawisipun manungsa ingkang miji lan milih ALLAH ?. (Punapa dhiri pribadi Musa ingkang miji lan ndherekaken karsanipun ALLAH dados pemimpining umat ?). Punapa kita ugi ing sadangunipun gesang- wiwit lair mila sami ngupadosi ALLAH ?.
Patunggilan…. Punapa anggen kita sinau gesang estu-estu ngendelaken panuntun lan pangrehing ALLAH ? ( Sumangga kita jawab ing batos kanthi jujur : Punapa leres sadangunipun kita gesang kalairaken ing jagad; Kita sampun ngupadosi ALLAH utawi malah anamung ngupadosi karsaning jagad ). Punapa ing dhiri kita nate tuwuh pitakenan : Kapan tuwuhe kesadaran bab gesang kita menika mboten anamung karana barang ingkang asalipun saking jagad kemawon.
Patunggilan … Kita sami ngengeti bilih sadaya bab-bab prekawis ingkang mijilipun saking jagad mesti wonten pungkasanipun. Kita ingkang sami kalairaken mesti sedaya ugi badhe ngalami pejah. (Sumangga dipun etang- dipun tliti malih, pinten tahun kita sampun pinaringan gesang. Lan pinten tahun malih kita badhe ngalami sisaning gesang kita ?). Kapan Musa kalairaken- ing wanci menapa lair lan pinten tahun gesang ing satengahing brayat lan bangsanipun ing Mesir (40 tahun). Kapan Musa nyenyinau bab panggilan- utawi gesang ingkang estu-estu mireng, nyenyinau bab-bab piwucaling ALLAH lan pitados nglampahi sawetah ing gesangipun secara pribadhi (40 tahun). Dadosa Musa pemimpin umat (40 tahun) ingkang kapimpinan langsung dening ALLAH menika proses ingkang panjang kados dene reraosan isining kitab JABUR 16 : 7-9 (SANG YEHUWAH paring pitedah, SANG YEHUWAH nggegulang ing telenging batin, SANG YEHUWAH dados papan umareg/ umadhep, SANG YEHUWAH tansah jumeneng- wonten ing gesang kita. Mila si penggrait- si penulis seratan Jabur; Nabi Musa; Makaten ugi kita sadaya mesti badhe saged ngalami- ngraosaken lan nindakaken kados dene isining seratan kitab JABUR 16 : 7-9
Aku ngalembana marang SANG YEHUWAH; Aku digegulang ing telenging batinku; Aku tansah madhep marang SANG YEHUWAH; Aku mesti ora nganti (ngalami) keguh; Atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak; Dagingku bakal manggon (salamining gesang ing jagad) kalawan tentrem.

            Patunggilan … Punapa kita samangke sampun saged ngamini bilih gesang sawetah kangge anamung kangge ngudi barang jagad sanget benten ing pungkasaning bilih kita sami ngudi sadaya bab ingkang asaling saking GUSTI ALLAH- SANG YEHUWAH. Punapa rumusing gesang kita : 40 tahun- 40 tahun- 40 tahun kados dene nabi Musa ?. Bilih benten kados pundi gesang kita ngantos wekdal samangke ?. Pinten sisaning gesang kita sami saged raket umareg- madhep dumateng GUSTI YESUS. Lha kapan malih kita nampi tugas dados pemimpining umat punapa menika ing satengahing pergaulan, punapa menika ing satengahing brayat, makaten ugi punapa ing satengahing pasamuwan.  Sumangga kita nuladha gesanging nabi Musa.

            Patunggilan … Kathah prekawis ing peladosaning gesang kita ingkang mboten saged kaanggep enteng nanging saged kawastanan enteng- gampil karana pitulungan lan rancanganipun ALLAH tansah kaparingaken dumateng Musa lan dumateng kita.
Nabi Musa ngalami prastawa Masa lan Meriba … makaten ugi kita mesti bakal badhe nglami mawarni-warni malih peristiwa ingkang saged langkung nyaketaken gesanging iman kita dumateng GUSTI YESUS.


            Sumangga kita tansah madhep rumaket masrahaken gesang dumateng GUSTI YESUS. Kadadosaken menapa wujuding gesang kita : Dadosa pemimpin- dadosa warga ingkang dipun pimpin sadaya anamung kalampahan kanti kumandel. GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami