Sabtu, 18 Oktober 2014

PRACAYA MURAKABI SAMUBARANG KANG KASUWUN

Persekutuan Doa Gideon, 
Selasa 16 Oktober 2014




PRACAYA
MURAKABI
SAMUBARANG
KANG KASUWUN

YESAYA 9 : 7 – 11


Saos syukur kita
 ing patunggilaning GUSTI YESUS

Pracaya iku 
murakabi 
ing samubarang

Pracaya iku 
mitulungi saben manungsa
 angger mantep

Kanthi Pracaya
bakal nampeni kabingahan


Patunggilan
GUSTI YESUS
 anggenipun memucal-
 ndhidik saben tiyang 
kinantenan sih katresnan
 murih saben tiyang menika
saged nampi pakaryanipun.

Pracaya 
bilih GUSTI YESUS menika
 ALLAH 
lan 
purun nindakaken 
saben dhawuh pangandikanNYA

Samubarang prakawis 
badhe saged kalampahan;
Kados dene 
mindah redi
 dumateng seganten

Iman
 ingkang kapulung 
dening GUSTI YESUS
Iman
 njalari samukawis prekawis 
saged kalampahan

Srana iman 
pakaryaning ALLAH 
saged kababar


Patunggilan
Sinten tiyang 
ingkang mitadosi
 bilih GUSTI YESUS menika 
ALLAH

ROHing ALLAH 
badhe nyantosakaken gesangipun

ROHing ALLAH
badhe paring pitulungan 
nyantosaken imanipun

ROHing ALLAH
 lumantar iman sawiji 
swawi ndadosaken 
barang ingkang mokal
sami saged kedadosan


Patunggilan
Iman
 saged mranatani 
saben gesanging manungsa

Jaman samangke
 jaman ingkang ngendelaken
 ilmu pengetahuan 
lan 
akal budi

Jaman samangke
 jaman ingkang ngendelaken
 kakiyatan-kakiyataning jagad;
 Roh-rohing jagad

Jaman 
ingkang sarwi samar-samar
 antawisipun kaleresan lan dosa

Pakaryaning roh dosa 
ugi nuntut iman kapitadosaning 
para manungsa

Roh dosa 
ugi njanjekaken 
kabingahan-kabingahan lan kasaenaning gesang


Patunggilan
Rahajeng kita 
ingkang tetep bakuh 
ing iman kapitadosan
 bilih ing dalem GUSTI YESUS KRISTUS 
mboten wonten malih kabingahan 
lan 
mboten wonten panguwasa-panguwasa 
ingkang ngungkuli kasampurnanipun

Bilih ndherek GUSTI YESUS
 tamtu mbetahaken 
giliging iman kapitadosan
 mboten perlu kacampur 
ing iman dumateng 
panguwasa-panguwasa sanes

Bilih ndherek GUSTI YESUS
 sampun ta malih mangu-mangu 
bab kados pundi
 ing salajenging pigesangan kita

Sebab 
GUSTI YESUS enggal makarya
 mujudaken samukawis 
miturut kaleresan 
ing dhiri kita 
lan 
ing dhirining para pitados

Kanthi panyuwunan
 utawi
 mboten nyenyuwuna ugi
 kita tetep 
bakal badhe nampi
 peparinging GUSTI YESUS

Sebab lampahing tiyang pitados 
tansah tinunggilan gesangipun


Patunggilan
Kita waos malih
 ayat 10 :
SANG YEHUWAH
 nuli nglurugake para panggedhening 
wadya-bala Rezin
 lan 
ngangkatake para musuhe:

ayat 11b :
Sanadyan iki mau 
kelakon kabeh, 
dukane durung mendha, 
sarta astane
 isih kaagagake


Menika
 patunggilan 
ALLAH kita 
ingkang mboten kendel lan mendel 
anggenipun paring patrapan- 
paukuman
 bilih manungsa kekasihipun
 mboten nggatosaken timbalan 
lan 
tetep ngudi kaleresan 
miturut akal budi 
lan
 kapracayan sanesipun

Manungsa
 ingkang pitados
 saged mangertosi
 bilih ALLAH
 mboten badhe kendel lan mendel

Manungsa
 ingkang pitados
 tansah ajrih asih nindaken  dhawuh-dhawuh
 pangandikanipun ALLAH

Dhawuh pangandikanipun ALLAH
 tumrap Rama Yakub :

‘Pagere bata ambruk, 
kita arep ngedegake pager watu tatahan; 
Wit sikmah padha ditegori, 
bakal kita saline wit eres’

ALLAH
 paring dhawuh
 ngengetaken 
bilih ing brayat agunging Rama Yakub
 sampun tuwuh iman kapitadosan 
ing sanjawining ALLAHing 
Rama Yakub

Punapa ALLAHing Yakub
 mboten saged mbentengi ?-
 kados-kados 
bebentenging ALLAH
 kapasemonaken pager bata 
ingkang saestu mboten kiyat
 tinimbang pager 
saking panguwasa sanes
 ing sanjawining kakiyataning ALLAH-
 pager watu tatahan 
ingkang dados bebenteng 
dados sesulihing iman 
kapitadosaning umat

Wit sikmah 
kagantos taneman wit eres-
 tuwuh ngrembakake iman 
kagantos kaliyan iman 
ingkang langkung sae
 miturut penilaianing jagad


Patunggilan
Kita
 ugi asring kesupen 
kados dene
 tedak turune Rama Yakub; 

Kita kesupen
 dumateng piwucaling tiyang sepuh kita 
bab-bab panguwasa
 lan 
bab-bab kakiyating iman
dumateng GUSTI YESUS KRISTUS

Kita 
anamung mawang 
sacara raga jasmani-
 bab-bab 
ingkang kasat mripat

Kita kesupen 
bilih ing sadaya kawontenan
 ingkang kakarsaken 
dening GUSTI YESUS- 
sadaya
 sami kanicipta sae lan luhur

Sepindhah malih :
 Sae lan luhur
 karana ALLAH
 ingkang mbebentengi lan njagi
 anggenipun saged tetep jejeg
 ngadeg

Makaten 
dhawuhing GUSTI YESUS- 
ALLAH SANG YEHUWAH :

ayat  8 :
Cikben sumurup  
sabangsa kabeh ….
kang celathu 
kalawan 
angkuh lan lumuhur-luhur :

ayat 9 :
‘Pagere bata ambruk,
 kita arep ngedegake pager watu tatahan;
 Wit sikmah padha ditegori,
 bakal kita saline wit eres’

Sepindhah malih : 
Sae lan luhur
 karana ALLAH 
ingkang dados bebenteng lan njagi 
tetep ngadeg jejeging 
iman kapitadosan 
sampun ngrebahaken sadaya
 andel piandeling gesang- 
bebentenging gesang
 ingkang kasandingaken 
kaliyan panguwasaning ALLAH

Sepindhah malih : 
Sanadyan paukumaning ALLAH
 sampun kadhawahaken-
Sanadyan
 iki mau kelakon kabeh, 
dukane durung mendha, 
sarta astane 
isih kaagagake


Patunggilan
Sumangga 
kita sami enggal-enggal rumaket
 ngrangket 
dumateng ALLAH- 
SANG KRISTUS YESUS-
 SANG YEHUWAH
 GUSTIne sarwa tumitah.

Kita 
kedah ngenggalken malih 
iman kapitadosan kita 
lan
 nggetuni sadaya 
tindak lumampahing gesang kita

PRACAYA
MURAKABI
SAMUBARANG
KANG KASUWUN

Kanthi kapitadosan 
tumrap 
punapa ingkang kita gadhahi samangke
 dados wujuding pangrimataning ALLAH 
dumateng gesang kita

Kita 
tansah suwunaken malih 
kanthi iman kapitadosan
 supados ALLAH
 nglestantunaken gesang kita, 
mboten sisah menga-mengo 
ningali kawontenaing sadherek sanes.

Bilih kahanan kita 
pancen asor- 
mboten nyekapi
 kanggening kita gesang mubra-mubru—
anamung
 dumateng GUSTI YESUS kemawon 
kita sowan 
mareg
 nyuwun samubarang
 kabetahaning gesang
 kita.

Anamung dumateng GUSTI YESUS 
iman kita pasrahaken :
 Punapa GUSTI YESUS 
mboten badhe midangetaken ?

GUSTI YESUS mberkahi kita
AMIN









Pandonga/ berkat
KPK 91 : 1 PRABOTING PERANG ROHANI
Pandonga:
Maos Kitab : YESAYA 9 : 7 – 11
KPK 51 : 1 GUSTI PANGANGGEL KULA

Kotbah:
Pandonga:

KPK 64 PASRAH MRING GUSTI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami