Minggu, 24 Agustus 2014

SIH KATRESNAN INGKANG NGEDALAKEN WOH

Rancangan Renungan Ibadah Brayat: 
Kamis, 21 Agustus 2014


SIH KATRESNAN
 INGKANG 
NGEDALAKEN WOH



1 TESALONIKA 3 : 4 – 13

12. Sarta maneh, muga GUSTI karsa ndadekake saya wuwuhing katresnanmu nganti luber marang padha sadulur lan marang wong kabeh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowe.

Patunggilan …. Sinareh kita menika mboten saged gesang piyambak tanpa pitulunganing tiyang sanes mila kita kagulang supados tumindak katresnan. Rahajeng kita ingkang saged ngraosaken sesambataning tiyang sanes. Pasambating tiyang sanes menika saged kaucap utawi kalair lan saged ugi mboten kalairaken sacara lesan.

Patunggilan …. Ulat lan tindak tanduk saged nedahaken kaprihatosaning dhiri. Kados conto cariyos : Ing sawijining wekdal wonten lare amping-amping ing sajawinipun toko lajeng tanganipun ngranggeh mendet ‘obat’. Lajeng tumindaking lare kalawau kasumurupan dening Ibu ingkang njagi toko. Lare kalawau dipun dukani lan kadunungaken kalepatanipun mawi pangucap ingkang keras ngantos kapireng dening Bapak ingkang marung sadeyan sekol. Lajeng, Bapak menika mundhut pirsa dumateng lare kalawau : “Wong tuamu lara ta ?” (Lare kalawau mendel mboten paring panjawab ngantos muwun). “Wis iki Bapak bayar obate lan iki sop lan sega gawanen mulih”. Lare kalawau tetep mendel langsung nilar Bapak ingkang maringi sop menika.

Patunggilan …. Raosing manah ingkang nampi pitulungan mesti mboten saged kendel mendel. Saos syukur ingkang mboten kaucap ing tutuk lan lambe mesti kabeta ngantos sadanguning gesang. Ing pamikir lang pangraosing manah mboten saged nyelaki katresnaning tiyang ingkang kanthi tulus paring pambyantu. Mbok menawi kados makaten raosing manah kita bilih ugi ngalami gesang kados lare kalawau.
Lajeng kados pundi bab katresnan ingkang kita tampi saking tiyang sanes ing sauruting gesang kita ?. Kados pundi dayaning katresnan ingkang kita tampeni saking sakathahing tiyang ing sauruting gesang kita ngantos dumugi wekdal samangke bilih kita ugi taksih nampeni mawarni-warni wujuding katresnan ?.

Patunggilan ….  Lare menika saged nggadahi katresnan ingkang luber karana sampun nampi pengalaman dipun tresnani.  Kathithik sadanguning 30 tahun; si Lare menika sampun dados dokter ingkang kebak welas asih. Lan Bapak ingkang sadeyan sekol lan nate paring sop mboten kasengaja ugi nampi pitulunganing Lare menika. Bapak ing yuswa sepuh lan nandhang gerah, penyakitipun awrat (sanes penyakit limrah). Tamtu si Bapak estu mbetahaken ragat ingkang kathah. Ananging Patunggilan … Cariyos KATRESNAN INGKANG NGEDALAKEN WOH : Estu mboten kanyana si Lare samangke saged  mbales katresnaning si Bapak kanthi nglunasi sadaya tagihan griya sakit. Ing kwitansi tagihan wonten seratan tangan : Sadaya sampun kabayar lunas 30 tahun kapengker kaliyan obat-obatan lan sak bungkus sop anget.

Patunggilan … lubering katresnan ingkang kabagi dumateng tiyang sanes pranyata saged dados tuwuhing katresnan ing dhirining sadherek sanes ingkang kita tresnani. Punapa malih bibit katresnan ingkang kita sebar dumateng lare, anak-anak- putra wayah kita, mesti ing tembe dewasa anak putra wayah kita menika ugi tuwuh dados pribadi ingkang kebak katresnan.
Rasul Paulus nanem wiji katresnan ing Pasamuwan Tesalonika. Pasamuwan Tesalonika ing titiwancinipun ugi sampun saged ngedalaken woh. Pasamuwan Tesalonika sanget anggenipun nyinau nindakaken gesang katresnan ing satengahing patunggilan.
Ing wiwitan buka anggenipun Rasul Paulus memucal bab katresnan; Rasul Paulus paring wawasan bab kasangsaran ingkang mesti badhe kaalaman dening saben tiyang pitados mila Rasul Paulus ngaturi supados bab katresnan kedah katandukaken lan katindaken dumateng para sadherek ingkang ngalami pacoben utawi kasangsaran kalawau.

Patunggilan……Gegayutan kaliyan reraosan kita bab katresnan menika kados pundi kahanan dhiri kita ?.   Punapa kita sampun sami purun gantos ginantos lumadi gesang ing sih katresnan ?. Punapa buktinipun ?. Sumangga kita tilik utawi kita padosi !.
GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

u


2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami