Kamis, 24 April 2014

ORA MANGU-MANGU MANEH


Rancangan Ibadah brayat 
Kamis, 24 April 2014


ORA 
MANGU-MANGU 
MANEH  


LUKAS 24 : 36 – 49
38. Nganging PANJENENGANe banjur ngandika,”Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kathukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu ? … “

            Patunggilan… Samangke kita sami gesang ing salebeting kabingahan. Kita sami ndherek wonten ing kaunggulanipun SANG KRISTUS YESUS. Sebab SANG KRISTUS YESUS sampun unggul- SANG KRISTUS sampun wungu kalis saking pati. Punapa kita ugi estu sampun saged nampeni kaunggulaning SANG KRISTUS ing gesang pigesangan kita ?  Punapa kita ugi taksih mangu-mangu ‘ragu-ragu’ kados dene para sakhabat ing wiwitan prastawa wungunipun GUSTI ?
GUSTI YESUS ingkang wungu kawastanan memedi ingkang ngajrih-ajrihi para sakhabat. Lha samangke bab iman kapitadosan kita dumateng GUSTI YESUS sami kataker utawi kaukur : Sepisan (1); Kita menika mangu-mangu anggen kita mitadosi GUSTI YESUS. Kaping kali (2); Punapa mboten mangu-mangu salebeting kita ndherek mitadosi kaunggulaning GUSTI YESUS, SANG JURU WILUJENG.

            Patunggilan… GUSTI YESUS sumbering katentreman. GUSTI YESUS menika dados pinangkanipun kita saged sami nampi tentrem rahayu ing salebeting kita ngudi ngarampungi sadaya prekawis tata gesang jasmani lan rohani kita. Kedahipun saben wekdal kita mboten mangu-mangu malih. Kita tansah ngendelaken panguwasaning SANG KRISTUS YESUS.

            Patunggilan … Kita samangke kaparingan conto cariyos bab masalah mangu-mangu. Cariyos ingkang gegayutan kaliyan gerahing Bapak NN lan anggenipun Bapak NN tansah ngonsumsi obat-obatan ingkang dipun tumbas saking wande- warung. Bilih obat menika mboten nggadahi ijin saking Depertemen Kesehatan. Ing manahipun tuwuh raos : Kedah ngatos-atos.  Kedah ngatos-atos menika dados wujuding tembung mangu-mangu. Kedah ngatos-atos ngonsumsi obat menika: “Mengko gek ora tambah waras”.Saestu patunggilan ….. ing pungkasanin cariyos, kasunyatan Bapak NN mboten nampi kasarasan malah tambah sakit.

Patunggilan …. GUSTI YESUS paring pepenget dumateng kita sami. Pepengeting GUSTI dumateng kita kados dene dumateng para sakhabat nalika GUSTI YESUS ngatingal sak sampunipun wungu. GUSTI YESUS paring dhawuh pangandika: ,”Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kathukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu ? … “. Ing wekdal punika para sakhabat sami kaget lan ajrih. Para sakhabat ugi sami mastani GUSTI YESUS menika  memedi, mila GUSTI YESUS enggal nedahaken asta lan sukunipun. GUSTI YESUS ugi ngajak kembul bujana kangge mbuktekaken bilih PANJENENGANipun estu sampun wungu. Kalajengaken malih anggenipun  GUSTI YESUS ngantebaken malih murih para sahkabat puruna niti priksa utawi puruna maca isining Kitabe para nabi, isining Kitab Toret, lan Kitab Mazmur

Patunggilan…  GUSTI YESUS paring dhawuh pangandika lan pepenget bab isining kitab suci: (ayat 44b,c,d : Iki pituturku kang dakkandhakake marang kowe, yaiku yen kabeh kang wus katulisan tumpraping AKU ana ing sajroning kitab Torete Musa lan kitabe para nabi sarta Kitab Mazmur, iku kudu kelakon )
Pangandika lan pepenget ingkang kaserat ing sadaya Kitab Suci wiwit Purwaning dumadi ngantos Kitab Wahyu. Sak saged-sagedipun njatoni kukuhing iman piandel kita sami murih kita mboten mangu-mangu kados dene para sakhabat ing wiwitaning GUSTI YESUS wungu

            Patunggilan … Kita sami kakarsakake kadosa dene para sakhabat ingkang mboten mangu-mangu malih; Kita kakarsake dening GUSTI YESUS samia purun kaparingan jejibahan- kersa nampeni tanggel jawab martosaken bab-bab kratoning ALLAH, martosaken bab pamratobat, bab pangapuntening dosa lan bab sih rahmating ALLAH kanggening sadaya manungsa

Patunggilan… Bab karohanen utawi bab kratoning ALLAH ingkang kedah kita udi rumiyin lan ing saben-saben wekdal kita mratobat nyuwun pangapuntening dosa lan sih rahmating GUSTI YESUS mesti bab kajasamanen- ‘kedagingan’ utawi bab kadonyan bakal kaparingan dening ALLAH ing ndalem Asmanipun GUSTI YESUS. Conto kadonyan kajasmanen kita : Punapa menika bab kesarasan saking samukawis penyakit; Punapa bab babagan ekonomi, bab sesrawungan kaliyan sadherek lan sapiturutipun.
Patunggilan … Sampun kathah sadherek tunggil pitados ingkang mboten nggadhahi raos mangu-mangu sami kapitulungan lan sami nampeni mujijat kasarasan, luar saking permasalahan lan sanes-sanesipun

GUSTI YESUS ingkang tetep gesang ngatos ing wekdal samangke- ing dinten punika. GUSTI YESUS lumantar ROH SUCI inggih tetep makarya ing satengahing jagad samangke. Sumangga kita nyelak lan mboten mangu-mangu dumateng GUSTI YESUS enggala kita saged ngraosaken pakaryan lan pangrimataning GUSTI YESUS. Manteba pitados dumateng GUSTI YESUS

            Sumangga patunggilan …. Kita buktekaken ing pigesangan pribadi tuwin ing brayat kita. GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami