Minggu, 08 Desember 2013

NULADA GUSTI YESUS, RATUNING JAGAD ANGGENIPUN LELADI NINDAKAKEN PELADOSAN DUMATENG SESAMI LAN TITAHIPUN


Ibadah Minggu
24 Nopember 2013



Tema Wulanan   :

Pambangun turut dumateng ALLAH
menika katitik anggen kita
lumadi dhateng sesami

( Pengabdian kepada Allah
Terungkap dalam Melayani Sesama )


Tema Minggu      :


NULADA GUSTI YESUS,

RATUNING JAGAD

ANGGENIPUN LELADI

NINDAKAKEN PELADOSAN

DUMATENG SESAMI LAN TITAHIPUN

( Meneladani Yesus, Raja Semesta,
dalam Wujud Melayani Sesama-Ciptaan )


Bacaan I   :  Yeremia 23:1-6
Bacaan II  :  Kolose 1:15-20
Bacaan III :  Lukas 23:33-43







Patunggilan
punapa panjenengan
 sadaya
nate mireng bab kebutuhan
 iku luwih kathah
 tinimbang barang lan jasa
ingkang wonten ?

Menika bab ilmu ekonomi :
Bilih wonten kebutuhan
mesti kawiwitan wontenipun pepenginan.

 Kepengin dhahar karana luwe,
kepengin ngunjuk karana kraos garing
Ing jagad punika
tamtu kathah sanget pepenginan-pepenginan
 ingkang murugaken kita sami ngudi
ngangge maneka warni cara
 supadosa sadaya pepenginan kita menika
saged kagayuh lan karaosaken ing gesang kita

Cacahing manungsa
 ingkang saya ngrembaka kathahipun
Cacahipun
sanes malih satus,
sewu utawi jutaan
 ananging sampun wonten
ing etangan milyardan

Menika titah
 ingkang sampurna
 ingkang GUSTI ALLAH yasa


Makhluk ingkang sampurna
Titah sampurna
 ingkang kabanding kaliyan
sato kewan lan tetaneman

Makhluk ingkang gesang
 Lan
 nggadahi pepenginan-
 nafsu

Raos kepuasan
raos ingkang kedah dipun alami
dening saben manungsa

Sacara tata daging jasmani
makaten sacara tata karohanen
 kepuasan menika
dados angka satunggal

Olah pikir
olah kanuragan
sadaya kanthi panyambut damel
 ingkang sarwa peng-pengan
“Kerja keraslah caranya
 untuk menggapai keinginan”
menika sampun dados
 tuntutaning gesang
 ing jaman samangke

nyambut damel kanthi peng-pengan
Ngantos-ngantos
kita menika ngraosaken :
sirah dadi sikil
sikil dadi sirah
munyer kaya kitiran
 mabur ora karuan
….

Jaman punika
 jaman edan :
 Satunggal-satunggaling tiyang
 mboten tepang inepangan-
 tata cara pribadi-
 individual
ingkang dados ukuran
karana egoning manungsa


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Rahayu
kanggening kita sami
bilih kita taksih ngengeti
dedhawuh pangandikaning ALLAH
bab titah
 ingkang sampurna;
 Bab tugas tanggel jawabing manungsa
 ngengon lan milujengaken sesaminipun
makaten ugi
ngengon lan milujengaken sato kewan-
 tetaneman
 lan
sadaya ingkang cinipta
 dening ALLAH
 kangge kelangsungan gesanging manungsa
 dalasan titah sanesipun

Iba bingahing kita
 karana pepenginan kita
ingkang mboten wonten watesipun
taksih saged kaerem-
 kaendeg
 srana sabda pangandikaning ALLAH

dhawuh pangandikaning ALLAH
dados dilah lan cecala
 ing wanci peteng
lan
nenuntun kita
murih gesang kita
sami nampi kawilujengan

Kita mboten dipun keparengaken
ngrisak jagad lan isinipun
Kita kedah njagi
kelestantunaning titah sanes

Manungsa
 mboten sqaged gesang malih
bilih kawontenaning jagad raya menika
 risak


Patunggilan
Samangke kita nyenyinau dedhawuh
 bab juru pangen
ingkang mboten manut
miturut dhedhawuhing ALLAH

Juru pangen
 ingkang ngrisak ngen-ngenanipun-
para pemimpin ingkang sawenang-wenang-
tiyang sepuh ingkang mboten tresna
dumateng putra wayahipun

Juru pangen menika
Satunggaling tiyang
ingkang kaparingan jejibahan
 ngengen menda kagunganing ALLAH

ALLAH minangka panguawaos gesanging manungsa
dalasan sadaya titah

Kados pundi suraosing isining kitab suci
tumprap juru pangen
 ingkang kados makaten ?

Ing Alkitab kasebatan
 juru pangen menika
 gegambaran Sang Nata
 ing krajan Yehuda
 pecahanipun Israel

Sang Nata
ingkang mboten pinanggih leres
 anggenipun mrentah kulawarga nagarinipun
Sang Nata
dipun gambaraken
kados dene juru pangen
 ingkang ngetogake wedhus-wedhuse
 ical lan buyar pating slebar

Juru pangen kaancam badhe nampi paukuman
saking GUSTI ALLAH
awit GUSTI ALLAH
 ingkang kagungan menda-
wedhus ngen-ngenan menika

Sang Nata
mboten tumindak leres,
wicaksana lan adil

Sang Nata
mboten damel tentrem gesanging
 para menda- bangsanipun

Sang Nata
mboten wonten
 ing satengah-tengahing para menda
ngen-ngenan

Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Nubuatan-
pemecaning Nabi Yeremia
 anggenipun GUSTI ALLAH
 badhe ngluwari bangsa Yehuda
 dalasan Israel sadayanipun

Nyebataken
 bilih ALLAH badhe rawuh
ing satengah-tengahing bangsa
tuwuh saking trubusaning Dawud

ALLAH
ingkang dados JURU PANGEN UTAMI
 ALLAH badhe manggen
 ing satengahing bangsa-
ing satengah-tengahing wedhus ngen-ngenan
Sepinten kathahing menda
 ingkang sisa
badhe kalempakaken malih,
badhe kaayoman,
kaparingan kaadilan lan gesang
ing katentreman

Menda kagunganipun
 dados obyek pakaryan kawilujengan
Juru pangen
anamung kagungan tugas
tanggel jawab ngengen lan mapanaken menda
 ing papan ingkang luhur

GUSTI ALLAH
dados
JURU PANGEN UTAMI

Para Nata
 kasebat dados Juru pangen palsu
Ing jaman pungkasan-
ing jaman penghakiman

Ing jaman penghakiman –
 ing jaman pungkasan
JURU PANGEN UTAMI menika
badhe dipun paringaken
kangge Israel dalasan Yehuda sadayanipun

JURU PANGEN UTAMI menika
Saged milujengaken Israel sabangsa
supados mboten medal-
mboten ngalami gegiris,
kuwatos lan tetepa
wonten ing tanah prajanjian
 menika

 Bilih sanalika kabucal
dhateng nagari Babel
sampun sami katuntun wangsul malihing
 ing tanah prajanjian

samangke nggih tetepa
mboten kecalan malih tanah prajanjian
menika

Patunggilan
JURU PANGEN UTAMI
dados gegambaran Sang Ratu
 ingkang sejatos-
ratu ingkang memerintah
kanthi ciri-ciri :
 Wicaksana, adil lan leres

Kados mekaten ugi
isining reraosan kitab
 KOLOSE 1 : 15 – 20

KRISTUS dados gambar-
citra pasemon
kanggening DIRI ALLAH
ingkang mboten katingal

DIRI KRISTUS
 dados gegambaran-
pasemon bab pambarep,
dados titah
 ingkang utami
tinimbang titah sanesipun

Ing DIRI KRISTUS
sadayanipun kanicipta-
sadaya sadayanipun
ingkang wonten jagad,
ing bumi.
Ingkang ketingal,
mboten ketingal.
Singgasana-dhampar,
krajan- kaprabon,
pamarentahan- panguwaos

Sadaya kanicipta
ing dalem SANG KRISTUS
 kagem SANG KRISTUS

Ing ayat 17 kasebataken :
PANJENENGANe iku
ana sadurunge samubarang kabeh ana
 lan
samubarang kabeh iku
nunggil ana ing PANJENENGANe

Istilah pambarep
saged katafsir makaten kalawau;
“KRISTUS ada terlebih dahulu
dari segala sesuatu
dan
segala sesuatu ada
di dalam Dia.”



Patunggilan
Ayat 17 kalawau nyebataken :
Bab jagad ingkang kanicipta
dalasan saisinipun
makaten ugi manungsa
 ingkang kasebatan alit kahananipun

ananging ing DHIRI KRISTUS
SANG PAMBAJENG
Wonten sesambetan artos antawisipun
bab penciptaan lan penebusan

Ing pangangkah bilih
Wonten hubungan
 antawisipun KRISTUS
ingkang dados mustakaning sarira-
dados sesirahing pasamuwan-
sasedherek patunggilan

Bab rawuhing SANG KRISTUS
 manjalma dados manungsa
 kangge nebus sadaya manungsa

rawuhing SANG KRISTUS
ing satengahing manungsa
kangge ngrukunanke samubarang
kang ana ing bumi lan ing swarga

SANG KRISTUS
karsa ngrangkul jagad,
SANG KRISTUS
lumebet ing gesang pigesanganing
 sadaya makhluk kang kanicipta

SANG KRISTUS
ngalami kefanaan-
gesang mboten langgeng
Gesang fana menika kebak tumidak
 paten pinatenan,
 karisakan,
sampun tebih nilar GUSTI ALLAH

SANG KRISTUS
estu sampun lumebet
ing satengahing jagad kanicipta
lan
 lumebet
ing satengahing gesang-pigesanganing manungsa
 ingkang sampun tebih nyimpang-
nerak angger-anggering ALLAH

SANG KRISTUS
dados korban
kangge ndamel sadaya-sadayane
enggal malih

Menika kasunyatan
kados seratan
ayat 19 – 20:

19.
 Marga sakehing kasampurnane ALLAH
kepareng dedalem
 ana ing PANJENENGANe
20.
sarta ngrukunake
 samubarang  kabeh
kang ana ing bumi
lan
 kang ana ing swarga
karo sarirane ,
yaiku sawise ngawontenaken
pirukun
 sarana rahe KRISTUS
 kang sinalib

Pengorbanan SANG KRISTUS
dados upaya mempertahanaken hubungan
antawisipun penebusan lan penciptaan

Pengorbanan SANG KRISTUS
sampun ndamel
 enggaling titah-
‘penciptaan baru terjadi’

Pemulihan citra ALLAH
 ingkang sampun risak
Dadosa enggal malih-
Sami-
sarupa
kaliyan KRISTUS

KRISTUS
 sampun dados mediator-
perantara
 ing proses menika

GUSTI YESUS
 menika dados ekspresi
saking penciptaan
sarta gambar-
citra ALLAH
krisis kegagalan
atas tanggung jawab
njagi bumi lan saisinipun
bab moral
tanggung janggung jawab
mboten mbentenaken antawisipun
 manungsa kaliyah titah sanesipun
sinten ingkang paling bertanggung jawab !

Manungsa
 sanget saged nampi
karya penebusan lan pendamaian
 ing DHIRI SANG KRISTUS


Patunggilan
 ingkang kinasih
ing dalem GUSTI YESUS
Iba bingahing kita
 ingkang sami purun nampi
 karya kawilujengan
ingkang kaparingaken
lumangkung GUSTI YESUS KRISTUS

Sabab GUSTI YESUS KRISTUS
minangka sesulih-
 gantosing korban kematian
 ingkang sejatos
saged ngrampungi tumindak fana
dados gesang ingkang kebak kekalan
 ingkang langgeng salaminipun

GUSTI YESUS
sampun wungu malih
 saking antawisipun tiyang pejah

Lha makaten patunggilan
 pawartosing isining kitab 
LUKAS 23:33-43

Sinten ingkang kersa pitados
 dumateng DHIRI SANG KRISTUS
YESUS
mesti badhe nampi kawilujengan

Kados seratan prastawa
ing redi tengkorak-
redi ingkang kaaran tengkorak
dening Lukas
si panyuraos

Lukas
 mboten milih tembung Golgota
ananging milih tembung tengkorak

Karana estu tembung menika
langkung ngemu cariyos
 ingkang kebak kasunyatan
bilih para pesakitan
saderenging dipun eksekusi-
saderengipun kasalib
 sami dipun tonton dening publik-
dipun tonton dening tiyang kathah

GUSTI YESUS
wonten ing posisi tengah
sakiwa tengenipun kalih penjahat
Posisi GUSTI YESUS menika
paring perlambang
bilih KRISTUS posisinipun
 wonten ing posisi sentral

GUSTI YESUS
estu caket-
celak kaliyan saben tiyang dosa

GUSTI YESUS
nggadahi posisi
 paring sih pangampunten
 dumateng tetiyang
ingkang sampun sami nolak-
lan sampun nyalibaken DHIRInipun

GUSTI YESUS ndongakaken
GUSTI YESUS nyuwun lan nyuwunaken
 sih piwelasing ALLAH
 dumateng kesalah pahaman-
kekirang mangertosaning manungsa

Sikap paring sih pangapunten
 sampun nuladani sikaping
 para pandhereking GUSTI YESUS
 kados dene si Stepanus
lan sinten kemawon tiyang
termasuk dhiri kita sami

Tumindaking GUSTI YESUS menika
dadosa model-
dados gaya pigesangan
 kangge pandherekipun
 ing sauruting jaman

Kawilujengan
 asring dipun maknai
kawilujengan sacara tata raga-
kawilujengan  kajasmanen
mila wonten tembung panyenyamah :

GUSTI
 mboten mampu mandap piyambak 
saking kajeng salib,
GUSTI
dipun ‘olok- ejek’
kanthi anggur asam-
 
Sanadyan anggur asam menika
saestu saged ngalihaken raos sakit

Kados dene tembung ejekan
 ingkang kapendet saking tembunging Pilatus
ingkang kapasang
ing nginggil mustakanipun :
 Inilah raja orang Yahudi
Sanadyan menika estunipun
pancen makaten

Penjahat
ing sakiwaning GUSTI YESUS
 ugi ndherek ngaturi ‘penghujatan’
 kados bab-bab makaten kalawau:
ejekan-
caci makian
penghujatan serius
 dumateng eksistensi kemesiasan
 GUSTI ALLAH
 ing dalem DHIRI GUSTI YESUS

Benten kaliyan penjahat
ing satengenipun GUSTI YESUS
Penjahat menika
saged tumuju pertobatan

Penjahat menika
saged berubah total
dados tiyang ingkang pitados-
dados tiyang ingkang beriman
 dumateng KRISTUS :

1.      Nggadahi penilaian
bab keadilan tumrap paukuman
ingkang kasanggi dening GUSTI YESUS

2.      Saged mirsani lan nilai-
nitik PRIBADIning KRISTUS
ingkang tanpa dosa

3.      Saged ngakeni
keTUHANan KRISTUS

4.      Saged ningali lan ndherek ngraosaken
bab gesanging KRISTUS
sak sampunipun seda sinalib

5.      Saged ningali lan kepengin ndherek ngraosaken
kraton kalanggengan
ing pundi mangkenipun
GUSTI YESUS jumeneng RATU
Ayat 41 – 42
(saged kawaosaken malih)

Conto tuladha
saking penjahat
ing sisih tengenipun GUSTI YESUS :

Menika bab pertobatan,
Bab panyuwun
mugi GUSTI YESUS ngengeti dirinipun
sanajan mboten layak nampeni
welas
asih kanugrahan
 peparinging GUSTI YESUS-

 penjahat kalawau
 wantun nyuwun kanugrahan kawilujengan-
 kanugrahan kawilujengan
minangka wujuding timbalan
peparinging GUSTI YESUS

Sikap penjahat sisih tengen kalawau
minangka teladan-
minangka conto
anggening kita sami dados pandhereking
KRISTUS YESUS
Sami-samia nyawisaken dhiri
anggen kita cecawis
mapag rawuhipun GUSTI YESUS
 ingkang kaping kalihipun

Mesias
kagungan artos
GUSTI YESUS ingkang ILAHI,
GUSTI YESUS mboten anamung
dados juru pembebas
 lan
PRIBADI
 ingkang saged damel katentreman
 sacara tata politik lan jasmani-
duniawi

Tembung-tembung simbolis
 dedhawuhing GUSTI YESUS
 dumateng penjahat
 ing sisih tengen :

dados kabingahan masa depan
kanggening dhiri kita sami
sabab sampun kacawisaken
 Sion enggal,
Firdaus ingkang kaenggalaken,
kaswargan
kanggening tiyang ingkang pitados
sampun arumantos

GUSTI YESUS rawuh ing jagad
kepengin mujudaken persekutuan-
kepengin mujudaken patunggilan
ingkang nyawiji 
ingkang kebak kawilujengan

GUSTI YESUS KRISTUS
sanyata dados SANG MESIAS
 ingkang rawuh
 ing satengahing patunggilan-
 persekutuan

Contonipun
 kangge penjahat ing sisih tengen

GUSTI YESUS
selaku MESIAS
kagungan hak rajani,
kagungan hak mbikak korining swarga
kangge sintena kemawon
 ingkang karsa pitados
 dumateng DHIRI
 SANG KRISTUS YESUS

GUSTI YESUS
paring prajanji
bilih srana iman kapitadosan :
Penjahat sisih tengen
saged nampi kratoning Swarga-
 saged lumebet sesarengan GUSTI YESUS
kori swarga kawenganan

menika kangge sok sintena tiyang
 ingkang karsa mitadosi

Menika Swarga
wujuding kanugrahan saking ALLAH
Swarga sanes usaha
 Utawi
 upadining manungsa sacara tata lair-
perbuatan-
 tumindak-tumindaking manungsa

Swarga menika
dipun paringaken dening ALLAH
 sanes hasil upadining manungsa

Perbuatan
dalasan tumindaking manungsa
anggenipun manungsa nggayuh
 ngupadi kaswargan
mesti nglaha
 bilih tanpa iman kapitadosan
 dumateng SANG KRISTUS

Tumindak
Perbuatan
 tetep kedah kita lampahi
sebab perbuatan-
tumindak
menika sarana kangge mujuding
sesaosan syukur
bilih kita sami
sampun nampi lan kacadangan kaswargan
 peparinging YESUS
 ALLAH kita

Sumangga para sadherek
 patunggilan
kekasihing GUSTI YESUS

 kita sami nulada-
kita sami nyonto
gesang tumindaking GUSTI YESUS
ing bab katresnan
lan
 nyonto tulada gesanging tiyang
ingkang purun mratobat
 lan
karsa mitadosi YESUS
 anggenipun YESUS
ajumeneng dados MESIAS
JURU WILUJENGing manungsa

GUSTI YESUS mberkahi kita sami

AMIN


































VOTUM : (Jumeneng)
Kipas    5 : 1, 3   MAZ 23  (ALLAH yeku pangen kula)

Pasamuwan kekasihing ALLAH
ing pisowanan kita (enjing samangke)
kanthia mbekta manah tulus lan kebak ing pangajeng-ajeng
kanthi pangaken  :

Bilih ALLAH sesembahan kita
ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih PRIBADHI ingkang luber ing kasusetyan
tumrap sadaya pra titah

Kita tampeni berkahing ALLAH :

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    :    ROMA 9 : 15 - 16
16. Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane ALLAH.
(kaaturan pinarak)
3. Kipas   1 : 1, 2 MAZ 1   Rahayu wong kang lakune tan manut
 4. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40
37PANJENENGANé ngandika marang wong iku, "Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
Kita sami anelangsani
Awit anggen kita dereng saged nindakaken sadaya piwucal
 bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
 awit ALLAH
estu tresna dumateng kita para titah

Sumangga kita ngakeni …
Sumangga
kita sowan
ing pandonga
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)


5. Kipas  139 : 1, 4  GUSTI YESUS RATU ADIL

6. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

1YOHANES 1 : 6 - 10
16. Saumpama kita padha ngaku tetunggalan karo PANJENENGANe , mangka urip kita padha ana ing sajroning pepeteng, dadi kita padha goroh lan ora padha nindakake apa kang bener
7. Nanging menawa urip kita padha ana ing sajroning pepadhang kaya dene PANJENENGANe iaya ana ing pepadhang, dadi kita siji lan sijine padha tetunggalan, sarta rahe YESUS, ingkang PUTRA iku, nucekake kita kabeh saka sakehe dosa
8. Saumpama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi kita padha ngapusi awak kita dhewe lan padha ora kadunungan kayekten
9. Menawa kita padha ngakoni dosa kita, PANJENENGANe iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehe dosa kita, sarta nucekake kita saka sakehing piala
10. Saumpama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi kita padha nganggep PANJENENGANe dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita
7.  Kipas  67 : 1  Cariyosipun GUSTI YESUS

8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan I   :  Yeremia 23:1-6
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan II  :  Kolose 1:15-20
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan III :  Lukas 23:33-43
Lagu : Amin- amin- amin

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH 
NULADA GUSTI YESUS,
RATUNING JAGAD
ANGGENIPUN LELADI
NINDAKAKEN PELADOSAN
DUMATENG SESAMI LAN TITAHIPUN
 ( Meneladani Yesus, Raja Semesta,
dalam Wujud Melayani Sesama-Ciptaan )





























9.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

10.     PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 : 31
12. Kipas  :  122 : 1 - … Rumentahing palimirma

11.       PANDONGA  SYAFAAT :




13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita sami pengkeraken papan pangibadah menika,
Sumangga kita lajengaken sadaya pangertosan kita :
 

Kipas:  144 : 1, 3    Kumandel mring ALLAH
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN







Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami