Minggu, 17 Maret 2013

KATRESNANING KRISTUS KANTHI MAWI RERENGGAN NITAHAKEN MANUNGSA ENGGAL

Ibadah Minggu
Pra Paskah V
17 Maret 2013





Tema Wulanan    :
GUSTI ALLAH mbangun sadayanipun sarwi enggal
(Allah membangun segalanya serba baru)




Tema Mingguan: 

KATRESNANING KRISTUS
KANTHI MAWI RERENGGAN
NITAHAKEN MANUNGSA
ENGGAL

(Kasih Kristus
 menjadikan manusia
ciptaan baru)


                                                                 Yesaya 43    : 16 – 21
                                                                  Fillipi 3        : 4b – 16
                                                                  Yohanes 12  : 1 – 8







Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS KRISTUS
Rinten dalu
 kita ngakeni
bilih ALLAH menika
 maha tresna

Wiwit
ing mula buka
 ALLAH sampun makarya
nitahaken jagad lan saisinipun
 kanthi katresnan

ALLAH
ugi nindakaken sih katresnanipun
rikala manungsa dumawah ing dosa

ALLAH mrayogekaken
kados pundi manungsa wiwitan,
Adam lan Hawa menika
 tedak turunipun
 ugi sageda wangsul malih wonten
 ing pangrehing ALLAH

Rama Abraham
salah satunggiling conto:
 bab kapracayan
 ingkang kawangun
 dening ALLAH

Kapracayan
ingkang katunggilan
dening ALLAH

Pracaya lan tumindak ingkang leres
wonten ing ngarsaning ALLAH
Sadaya momotan lan kaentenganing gesang
tansaha
kapasrahaken dumateng ALLAH

Mboten wonten
ingkang awrat sejatosipun
 bilih sadayanipun kaalaman
kanthi panuntuning ALLAH

ALLAH
mesthi
ngluwari lan tansah paring kaenthengan
langkung margi ingkang anjog ing kabingahan


Patunggilan
Kitab Yesaya ingkang kita waos
Yesaya 43    : 16 – 21

 sanget anggenipun ALLAH
 mrayogekaken
kados pundi kahanan
 ingkang sae
kanggening manungsa
sak sampunipun manungsa dumawah ing dosa
 tuwin manungsa kaenggalaken
ing kahanan ingkang sarwa enggal

Contonipun:
ALLAH
yasa mboten anamung
kanthi dedhawuh kemawon

ALLAH
yasa kanthi kanugrahan
ingkang agung
kanthi tumindak

sadaya prakarsanipun ALLAH
 kalampahan

ALLAH
tetep tumindak
 sanajan ta katresnanipun
 asring katampik dening manungsa


Patunggilan
saestu kayektosan
 bilih ALLAH
 sampun nindakaken sih kanugrahaan
 ing wiwit rikala kapengker
ngantos dumugi wekdal samangke
anggen kita migesang
lan
ngantos wekdal ingkang mboten kita
 mangertosi malih

ALLAH
 sampun asok sih kadarman
lumantaran dhawuh dedhawuh-
 pitutur lan nubuataning para nabi –
 utusan

Lah
makaten tumprap DIRInipun ALLAH
 PRIBADI
ingkang sami kalairaken
 ing satengahing jagad

Manungsa
tetep kemawon
 adamel dosa
tetep kemawon
mboten saged anggenipun
nampeni prakarsaning ALLAH

sanajan sampun luber
 anggenipun ALLAH
paring  janji pengeluaran-
 pembebasan
ingkang agung
 lan
 ugi mujizat-mujizat
ingkang agung ?!

Pangluwaran
saking nagri pangawulan-
Mesir lan mujizat
ing ara-ara samun-
padang gurun lan mujizat
ing Seganten Tiberias

Lah
 taksih kathah malih
 prastawa bab-bab pakaryaning ALLAH

Ananging manungsa
 tetep kemawon
adamel dosa
 tetep kemawon
mboten saged anggenipun
nampeni prakarsaning ALLAH 

Patunggilan
Samangke
kanggening Rasul Paulus
 ingkang ugi nindakaken pigesangan
 kados dene pribadi utawi bangsa
 (Adam lan tedak turunipun;
Rama Abraham lan bangsa Israel)
ingkang kapiji,
kawangun lan kanicipta
 dadosa saged ngalami pigesangan enggal
 lan
 dados titah enggal

Makaten
Rasul Paulus sacara pribadi
sampun nindakaken pigesangan lami
 lan tamtu
 anggadhahi tujuan pigesangan
miturut hukum Toret

Samangke Rasul Paulus
sampun nampi GUSTI YESUS
 KRISTUS
sarana pertobatan ing gesangipun

Rasul Paulus
‘Sudah  melepas hasrat lama’ –
sampun ngruncat
 sadaya tujuaning gesang lami,
 pepinginan lan cita-cita,
 kebanggaan
anggenipun ngudi
nindakaken hukum Toret

Samangke
Paulus
Rasuling ALLAH
Mbucal sadaya sudut pandang-
pamikir bab ke-Yahudi-an
ingkang sampun karasuk
lan
sadaya kebanggaan
Sadaya sami  kabucal

Rasul Paulus
ngakeni kaleresan-
‘kebenaran’ menika saking ALLAH
 adedhasar kapracayan-
adedhasar pitados

Karana KRISTUS
 sadayanipun sami kapengkeraken-
Karana KRISTUS
sadaya sami kacoret-
kabucal

sebab tanpa KRISTUS-
 ing sanjawinipun KRISTUS
sadaya ingkang sampun sami katilar
 menika miturut Rasul Paulus
kaanggep dhasar palsu

Samangke kangge dhirinipun Rasul Paulus
Ingkang sami saged pitados lan mitadosi KRISTUS;
 Sadaya ingkang sampun karengkuh
kaanggep pepalang kanggening nampeni
pigesangan ingkang kebak kaleresan

Sak sampunipun ngrasuk pigesangan
ing sesambetan kaliyan KRISTUS,
 Sadaya kaanggep
kados sampah utawi kotoran kewan
 ingkang mboten migunani
Sadaya karaosaken kathah ruginipun

Rasul Paulus
mboten nganggep dhirinipun
 sampun sampurna lan sampun dumugi garis finish-
sampun dumugi tujuan;

 Rasul Paulus
 rumaos kedah tetep ngudi,
 ngejar lan ngranggeh tujuaning GUSTI ALLAH
 kanggening dhirinipun

Rasul Paulus
Wantun nilar
sadaya pigesanganipun
sadaya kapengkeraken;

Rasul Paulus
ngarahaken gesangipun
lurus lumampah mangajeng
 ngudi pakaryan kagem KRISTUS YESUS
lan
ngudi kasampurnan sejatos
kados dene SANG KRISTUS

Rasul Paulus
nggadahi tujuan
ingkang jelas
nggih menika
ngejar hadiah
makutha pigesangan
 ingkang awujud penggenapan
 timbalan kaswargan-
 gesang langgeng
 I Kor 9: 25


Patunggilan
Sak sampunipun kita ngraos-ngraosaken
 riwayating Manungsa wiwitan :
 Adam- Hawa,
Lan,
Rama Abraham,
Rasul Paulus

Samangke
sumangga kita ugi sami ngraosaken
 gesanging Martha,
Maria
 dalasan Yudas
ing jamaning GUSTI YESUS makarya
 memucal
 paring dhawuh
lan
 patuladhan gesang
miturut karsaning ALLAH

Manungsa ing wiwitan
ngantos manungsa
ing wekdalipun GUSTI YESUS makarya.

Kita sami saged nyenyinau
kados pundi anggenipun GUSTI ALLAH
 sejatosipun badhe ndandosi gesanging manungsa
 supados enggal muruga
 dados manungsa titah anyar

Sadaya manungsa
sami kaiirid lan katuntunan
 enggal-enggala saged nindakaken
 sih katresnan
 lan
 enggal-enggala saged nggadhahana
iman kapracayan dumateng ALLAH

ALLAH
 ingkang kebak Sih Katresnan
Nggih GUSTI kita YESUS
 makarya ndandosi manungsa
 dadosa manungsa titah enggal


Patunggilan
Tigang (3) paraga :
Martha, Maria dalasan Yudas-
Tetiganipun
 sami sampun dados manungsa
 ingkang kaenggalaken gesangipun
 lan
sami nindakaken tumindak
 ing pigesanganipun
gegayutan kaliyan katresnan

Gegayutan kaliyan bab katresnan

Martha
 menika saged kawastanan
tipe tiyang ingkang praktis gesangipun,

Martha
tipe manungsa ingkang nresnani GUSTI YESUS
 ngudi pakaryan satatanipun
kanthi sadaya kakiyatan lan kaprigelanipun
 anggenipun lelados dedhaharan
 dumateng GUSTI YESUS

Lan
nggadahi sipat rumaos paling hebat-
langkung hebat
 ugi sipat gampil ngremehaken tiyang sanes
sing bab peladosan

Punapa
kita ugi kados dene  Martha;
Ingkang hebat-
sukses nindakaken peladosan
 ing pundi papan lan ing sadaya babagan.

Conto ingkang paling celak kaliyan kula;
 Inggih menika mimbar-
podium menika,
pandu music,
kemajelisan
lan sanes-sanesipun.

Punapa kita langkung hebat
 lan
gampil ngremehaken tiyang sanes ?

Maria
 tipe tiyang ingkang nresnani GUSTI YESUS
 nglangkungi sadaya prekawis.

Maria katuding nindakaken
1. Pemborosan (mubra mubru)
2. Kerendahan hati (lembah ing manah) 
3. Mboten ngutamakaken harga diri


Yudas Iskariot
menika tipe tiyang
 ingkang mitadosi lan ngunggulaken
rancanganipun dhiri
tinimbang rancangan gesang kasaenan
 saking GUSTI ALLAH.

Yudas
dados conto pribadhi
ingkang wantun  nyelaki GUSTI YESUS
Pribadhi ingkang ngagulaken GUSTI YESUS
 nanging ngasoraken karsanipun GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
 saestu mangertosi
 sinten sejatosipun si Yudas
punapa ingkang dados rancanganing gesangipun-
anggenipun badhe nyelaki GUSTI

GUSTI YESUS
sanget paring manah pitados
dumateng Yudas
srana ndadosaken si Yudas bendahara-
hartaka

Ing ngriki
kados-kados GUSTI
ngrogoh manahipun si Yudas
 kanthi paring wekdal
supados lampah lepat
ingkang badhe katindakaken
 dene si Yudas menika
sageda ngalami perubahan-
 GUSTI YESUS sanget perubahan ing gesangipun
GUSTI YESUS sanget kebak ing sih katresnan.

Tiyang ingkang nggadhahi asipat
kados si Yudas,
tetep karangkul-
 tetep kaparingan kapracayan lan wekdal
dening GUSTI YESUS

kanthi mboten nuwuhaken raos curiga
 bilih tindak tanduki utawi sipat dhasar
 ingkang melekat ing dhirinipun (Yudas)
makaten kalawau sampun kapirsanan dening ALLAH
pangajeng-ajenging ALLAH
 tumrap bab-bab tumindak salajengipun
 kebak kasaenan


Patunggilan
Wekdal
ingkang dipun paringaken dumateng kita
 saking GUSTI ALLAH
taksih omber
 sanajan ta kita
 nggih mboten nyumurupi
ngantos dumugi kapan
kita taksih kaparingan wekdal

Kita
 satunggal-satunggiling pribadhi
tamtu nggadhahi sipat-sipat dhasar
 ingkang mboten sami
ananging
GUSTI ingkang paring wekdal
lan
ingkang dados sumbering gesang
 ugi kaleresan
 saestu kanthi sanget
 ing katrenaniPUN
ngrantos dumateng kita
sami
supados enggala kita
 tumindak lan nindakaken
 bab bab ingkang aji,
loma,
endah
lan
 sae

ugi tamtunipun
nindakaken bab katresnan lan kapracayan
 -kapitadosan
ingkang kebak ing pangajeng-ajeng

Wekdal
ingkang kaparingaken dumateng kita
jelas saged telas
utawi
 kita menika
saged kecalan wekdal
ingkang kebak ing kasaenan lan katresnaning ALLAH
padahal
 kita dereng nindakaken bab punapa
ingkang wigatos

Sumangga
kita sedaya
 mboten nyumenehaken-
 mboten menunda-nunda malih
anggen kita badhe ngucap lan mraktekaken
bab-bab ing sae
bilih kita mboten kepinging keduwung-
kecewa
ing pungkasaning gesang

Kegagalan
 karana kita taksih badhe nindakaken
 bab-bab kasaenan punika
ugi dados wujuding kegagalan kita
anggen kita mujudaken katresnan
dumateng sesami
 mliginipun
dumateng ALLAH
 GUSTI kita YESUS

Kegagalan kita
 ngginakaken wekdal
peparinging ALLAH punika
badhe murugaken kekecewaan,
penyesalan lan raos keduwung
ingkang pahit sanget
ing salamining gesang

Matur nuwun GUSTI YESUS
 PADUKA
sampun paring pepenget
dumateng kawula sami

AMIN















VOTUM : (Jumeneng)
KPK  60  : 1, 2     ALLAH PANGEN KULA

Pasamuwan ingkang dipun tresnani GUSTI  YESUS
Sumangga kita sowan ing ngarsanipun ALLAH
kanthi manah tulus lan
kanthi kebak ing pangajeng-ajeng
anggen kita nampeni berkah peparingipun kanthi pangaken  :

Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih ingkang luber ing susetyanipun
tumrap sadaya pra titahipun

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN
(pinarak)

2.    INTROITUS    :    MATIUS 16 : 7 - 9
7.Para sakabat padha rerembugan bab pangandika iku, pangucapé, "Anggoné ngandika mangkono iku rak marga kita padha ora sangu roti."
8Bareng YESUS pirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika, "Yagéné kowé padha rerembugan bab ora ana roti, hé, wong kang cupet ing pangandel?
9Apa kowé durung padha mangerti? Apa padha ora kèlingan bab roti lima kanggo wong limang èwu lan pirang kranjang sing kokklumpukaké?
KPK  17  : 1, 2      PAMUJI KONJUK MRING ALLAH

3. Ndedonga Pangaken Dosa:  …AMIN
 (Matius  22 :  37 – 40)
37PANJENENGANé ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."

4. KPK  70  :  1, 2, 5             LUMADI ING GUSTI

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

YAKOBUS 2 : 21 - 24

21Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak, kang putra, ana ing misbyah?
22Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna.
23Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, "Abraham pracaya marang ALLAH, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener." Amarga saka iku Abraham kasebut, "Mitrané ALLAH."
24Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé

6. PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))


7. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : Yesaya 43 : 16 – 21
Bacaan 2      : Fillipi 3 : 4b – 16
KPK  195  : 1            ISINING KITAB SUCI
Bacaan 3         : Yohanes 12 : 1 – 8

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH  Kasih Kristus menjadikan manusia ciptaan baru





KPK  172  :  1         TANSAH PADHA BEBUNGAHA

8.     PANDONGA  SYAFAAT :


9.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 :31;  KPK  187  :  1 - … PISUNGSUNG JIWA RAGA
PANDONGA   :  ….

10..    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
KPK   232  :  1    SAREH NGANTYA BUJANA SWARGA


(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN

KPK 345  TENTREM RAHARJA







https://www.facebook.com/notes/sahabat-kristus/belajar-melayani-dari-maria/443954725640319
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami