Rabu, 27 Februari 2013

PUNJERING URIPKU ANA ING ASTANING ALLAH MAZMUR 66 : 17 – 19

Persekutuan Doa
Piranti GIDION
Rabu, 27 Maret 2013


PUNJERING URIPKU
ANA
 ING ASTANING ALLAH


JABUR/ MAZMUR 66 : 17 – 19

Patunggilan
Pundi ingkang dados kabingahan kita
samangsa kita nampeni kasekengan
 utawi
nampeni kababaring gesang
ingkang sarwa cumawis

Kita mesti ngakeni
bilih gesang ingkang sarwa cumawis
langkung mbingahaken


Patunggilan
reraosan kita ing wekdal samangke
 mugi ndadosaken
bungahing manah lan kiyating
 lan
 tangguh-
tanggoning iman

GUSTI YESUS medhar piwucal
 ugi kanthi conto lan tuladha
GUSTI YESUS
mucal kanthi peragaan sariranipun
 piyambak

Katresnan
wujuding piwucal
ingkang agung lan sayektosipun murakabi
ing sadhengah prekawis

Bab dosa ingkang kalebur

Katresnan
marang sesami lan dumateng GUSTI ALLAH
Mungguh
 ing gesang kita katindakaken
mesti
kakanthi dening ALLAH
 ingkang maha tresna

Etang-etangan kita
selaku manungsa
 asring lepat
wonten ing ngarsanipun GUSTI


Patunggilan
Sinten kemawon
 ingkang nggadahi raos
manah bingah lan sisah
 mesthi langkung saged ngraosaken
bab pitulunganing para sadulur-
sadherek  tunggal pitados
Makaten ugi
 ing kawontenaning pangreksaning
GUSTI ALLAH

Iba bingahing manah bilih
saged pinanggih
kaliyan ALLAH GUSTI
 ingkang maha tresna


Patunggilan
Kita
 sampun pinanggih
lan
 sampun nampi kabingahan ageng
 ing dalem GUSTI YESUS
Bingah sisah
anamung karana ALLAH
ngresakaken dumateng kita
tansah manut
 lulut
 lan
pasrah sawetah

Sumangga
 kita sinau lan terus mbudi daya kaleresan
 miturut ing karsaning ALLAH
Mbudidaya karsaning ALLAH
sanes miturut pamikir
lan
pangangen-angening diri
kita
piyambak


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS KRISTUS
Reraosan kita
ing wekdal samangke
marakake-
andadosaken kita ngakeni
bilih
GUSTI mboten ngresakaken
 kita sami
 lumampahan nindakaken pigesangan
tanpa GUSTI ALLAH-

GUSTI ALLAH mboten ngersakaken
 kita lumampah
 ing margi pigesangan punika
piyambakan
 tanpa GUSTI YESUS

Ayat 17
Kagambaraken
kados pundi tyang pitados
 tansah sesambatan dumateng ALLAH
ngangge tutuk lan kanthi
 tutuk  ilatipun
 ugi ngaturaken sesaosan syukur
 pamuji pangidung

Ayat 18 lan 19
Panganggit
ingkang estu leres
ingkang kapikir lan kaangen-angen
dening tyang pitados
sebab tyang pitados punika
 sampun nglampahi pigesangan
kanthi setya tuhu dumateng ALLAH :

18.Saumpama ing atiku
 ana pangangen-angen kang ala,
PANGERAN mesthi ora karsa miyarsakake

19. Nanging nyatane
GUSTI ALLAH wus myarsakake
 sarta wus nyantosakake pandongaku
kang dak ucapake


Patunggilan
GUSTI YESUS
myarsakaken lan tansah nggatosaken
 saben pangucap lan pandonga kita

Pancen
kita kedah manut miturut;
 mbangun turut
ing sapangrehing ALLAH

Rahayu
 tiyang ingkang pitados lan mitadosi
 punapa ingkang dados sabda
pangandikaning ALLAH

GUSTI YESUS memberkahi kita
AMIN



Pamuji KPK 7 : 1, 2
PUJI KONJUK ALLAH

PANDONGA

Maos Kitab Suci :  
JABUR / MASMUR 66 : 17 – 19

Pamuji KPK 60 : 1  
ALLAH PANGEN KULA

Reraosan

PANDONGA SYAFAAT

Pamuji KPK 121 : 1  
KINANTHI ING GUSTI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami