Rabu, 23 Januari 2013

STANDART UKUR INGKANG ENGGAL ( MARKUS 4 : 21 – 25 )


 Ibadah Keluarga
Kamis, 31 Januari 2013    


 STANDART  UKUR 
 INGKANG   
ENGGAL  

    
 MARKUS 4 : 21 – 25 

24. PANJENENGANe 
banjur ngandika maneh, 
“Padha titenana, 
apa kang padha kok rungu. 
Ukuran kang kokanggo ngukur, 
bakal kanggo ngukur kowe; 
Malah tumrap ing kowe
 ukurane bakal ditambahi… “


Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS… Iba bingahing kita sami saged lumebet ing tahun enggal tahun peparinging ALLAH. ALLAH sanget ngestokaken sadaya prekawis ing sadaya bab ingkang kita tindakaken salamining kita migesang. ALLAH tansah pirsa sadaya ingkang kita alami sanajan ta menika taksih wonten ing pangangen-angen- rancana lan ugi ing rancangan gesang ingkang sampun kalampahan. Tahun enggal kedahipun kita ngenggalaken manah batos tuwin semangat ingkang kebak kesaenan miturut piwucal lan pranantaning GUSTI ALLAH. Bilih rumiyin miturut pangangen-angen lan miturut rancanganing dhiri samangke sak saged-sagedipun pasraha tumindak miturut karsanipun GUSTI ALLAH. Tahun enggal kanicipta karana ALLAH paring wekdal dumateng kita; Ing tahun enggal menika ugi kita kaajak mosika ing manah : “He nyawaku rumaketa ing ndalem wewengkoning GUSTI YESUS lumampaha miturut pranatan lan rancanganing ALLAH”

Patunggilan wonten gegambaran/ ilustrasi ingkang kapetik saking buku renungan Pancaran Air Hidup (PAH) bab hadiah sepatu : Ananging sepatu menika mboten cocok ukuran kaliyan ingkang nampi hadiah; Kados pundi raosing manah sadherek ingkang sejatosipun rumaos bebingah sampun nampi hadiah kalawau ?. Dipun agem mboten cekap; Mboten dipun agem raosing manah mboten sekeca karana wonten tuntutan sampun dipun paringi hadiah kenging menapa mboten diagem ?! Menika dados pergumulaning gesang …. Kita sapatunggilan ugi mesti nggadahi pergumulan gesang, pancen mawarni-warni pergumulan gesang kita.

Patunggilan, kita menapa taksih enget kesaksianipun salah satunggil sadherek kita KRW9 ing wulan Kespel kepengker ?, Sadherek kita ing wekdal semanten ugi nggadahi pergumulan ‘gelem apa ora- kersa punapa mboten’ paring pitulungan ngeteraken sadherek ingkang saweg nandang sakit dumateng Malang, mangka Bapak menika ugi ngalami lan ngraosaken sakit ing madharanipun. Mekaten kesaksian ingkang nyondongi reraosan kita (bab STANDART  UKUR  INGKANG  ENGGAL). Isi- wosing kesaksian  lan gegambaran bab hadiah sepatu kadosipun bonten cocog karana  benten cariyos Tiyang ingkang nampi hadiah punapa ngalami kabingahan punapa boten; Makaten ugi Sadherek kita ingkang sakit- sekeng paring pitulungan dumateng sadherek sanesipun ingkang ugi sakit punapa paedahipun- punapa mbingahaken punapa nyengsarakaken dhiri ing pungkasaning cariyos bab tumindakipun. Sepindhah malih menika bab-bab pergumulan gesang; ‘Bab ukuran kebahagiaan’- ukuran kabingahan

Kita lajengaken patunggilan … Bpk A Sugondo saking Malang, wangsul dumugi nggriya langkung sanged ngraosaken sakit madharanipun mboten saged kacariyosaken malih sesambatanipun mbok bilih sadherek kita wonten ing kahanan gesang- sadar punapa mboten: Ing salebeting roh tuwin nyawanipun ngraosaken lumampah anjog margi ingkang sempit nanging amba. Lelampahan ingkang saestu awrat. Sanajan papan menika padhang karana wonten lampu-lampu ingkang kapasang lan ing pungkasaning margi sadherek kita menika kedah lumampah minggah, terus minggah ngantos ngraosaken kesel- sayah, loyo. Ananging wonten semangat enggal ingkang tuwuh- katampi karana mireng lagu-lagu pepujen ing sanginggiling redi; Sadherek kita menika terus berusaha lumampah nyelaki sumber kabingahan menika karana pancen kabingahan ingkang karaosaken….

Patunggilan … Kanggening dhiri kita lan sadherek ingkang paring kesaksian menika pengalaman spiritual- karohanen menika dadosa sumbering kekiyataning gesang lan dadosa catetan- ugi titenaning gesang.  Kita sadaya mesti katinimbalan lan roh lan nyawa kita mesti badhe ngambah margi ingkang anjog dumugi papan kabingahan- papan  ingkang kebak pamuji dumatheng GUSTI YESUS.

Patunggilan … Pengalaman spiritual utawi kesaksian Bpk A Sugondo kaparingan  judul ‘Antara nyata dan tidak nyata’. Bpk A Sugondo sacara nyata langsung sanalika nampi mujikjadipun GUSTI YESUS awujud kasarasan saking sesakit madharan.  .

Patunggilan … Ukuran kabingahan utawi ukuran kebahagiaan sanes karana kemewahan- utawi karana kathah sekedikipun barang kadonyan ingkang dipun gadhahi. Ugi sanes karana remen mboten remen, Ugi sanes bab kinajenan- kinurmatan punapa mboten kinajenan. Sehat utawi sakit. Kanggening kita tiyang pitados ukuran kabingahan punika karana tuwuh saking tumindak sae ingkang estu sampun kita wujudaken dumateng sesami.  Kita ngudi- berusaha mujudaken mawarni kasaenan dumateng sesami kita karana kita tansah ngengeti lan kasembadanan dening GUSTI YESUS KRISTUS ingkang sampun ngrumiyini mujudaken kabingahan dhiri kanggening kita para manungsa lumatar prastawa kajeng salib - panebusing dosa.Sumangga kita ngribah ukur standart kabingahaning gesang kita. GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami