Sabtu, 05 Januari 2013

( Buku Chotbah 3 ) YAKOBUS 2:14-26 ; MATIUS 7:7-11 Pracaya ingkang sampurna

Ibadah Minggu
5 Agustus 1973



YAKOBUS 2 : 14 – 26
(14) Apakah gunanya, saudara-saudaraku, jika seorang mengatakan, bahwa ia mempunyai iman, padahal ia tidak mempunyai perbuatan? Dapatkah iman itu menyelamatkan dia?
(15) Jika seorang saudara atau saudari tidak mempunyai pakaian dan kekurangan makanan sehari-hari,
(16) dan seorang dari antara kamu berkata: "Selamat jalan, kenakanlah kain panas dan makanlah sampai kenyang!", tetapi ia tidak memberikan kepadanya apa yang perlu bagi tubuhnya, apakah gunanya itu?
(17) Demikian juga halnya dengan iman: Jika iman itu tidak disertai perbuatan, maka iman itu pada hakekatnya adalah mati.
(18) Tetapi mungkin ada orang berkata: "Padamu ada iman dan padaku ada perbuatan", aku akan menjawab dia: "Tunjukkanlah kepadaku imanmu itu tanpa perbuatan, dan aku akan menunjukkan kepadamu imanku dari perbuatan-perbuatanku."
(19) Engkau percaya, bahwa hanya ada satu Allah saja? Itu baik! Tetapi setan-setanpun juga percaya akan hal itu dan mereka gemetar.
(20) Hai manusia yang bebal, maukah engkau mengakui sekarang, bahwa iman tanpa perbuatan adalah iman yang kosong?
(21) Bukankah Abraham, bapa kita, dibenarkan karena perbuatan-perbuatannya, ketika ia mempersembahkan Ishak, anaknya, di atas mezbah?
(22) Kamu lihat, bahwa iman bekerjasama dengan perbuatan-perbuatan dan oleh perbuatan-perbuatan itu iman menjadi sempurna.
(23) Dengan jalan demikian genaplah nas yang mengatakan: "Lalu percayalah Abraham kepada Allah, maka Allah memperhitungkan hal itu kepadanya sebagai kebenaran." Karena itu Abraham disebut: "Sahabat Allah."
(24) Jadi kamu lihat, bahwa manusia dibenarkan karena perbuatan-perbuatannya dan bukan hanya karena iman.
(25) Dan bukankah demikian juga Rahab, pelacur itu, dibenarkan karena perbuatan-perbuatannya, ketika ia menyembunyikan orang-orang yang disuruh itu di dalam rumahnya, lalu menolong mereka lolos melalui jalan yang lain?
(26) Sebab seperti tubuh tanpa roh adalah mati, demikian jugalah iman tanpa perbuatan-perbuatan adalah mati.

14 Para sedulurku! Apa gunané wong muni: “Aku precaya,” mangka ora tumindak apa-apa? Apa  
      precayané mau bisa nylametaké uripé?
15 Upamané ana sedulur lanang utawa wadon, sing butuh sandhangan lan pangan.
16 Apa gunané kowé muni karo wong mau: “Wis mangkata, muga kecukupan sandhang lan  
      panganmu,” mangka kowé ora mènèhi marang wong-wong mau barang sing dibutuhaké?
17 Mengkono uga bab precaya. Yèn ora dikanthèni tumindak, precaya kuwi tanpa guna!
18 Bisa uga ana wong sing muni mengkéné: “Ana wong sing ngendelaké precayané, ana liyané   
      sing ngendelaké penggawéné.” Wangsulanku mengkéné: “Coba aku tuduhna, kepriyé bisané  
      wong nuduhaké precayané tanpa penggawé, banjur aku bakal nuduhaké marang kowé 
      precayaku srana penggawé-penggawéku.”
19 Kowé rak precaya ta, yèn GUSTI ALLAH kuwi mung siji? Sétan-sétan iya precaya, lan 
     sétan-sétan mau padha gumeter merga saka wediné!
20 Bodho temen kowé kuwi! Apa kowé butuh bukti, yèn precaya tanpa penggawé kuwi tanpa 
      guna?
21 Mengkéné: “Leluhur kita Abraham kuwi enggoné kaanggep bener ana ing ngarsané GUSTI 
     ALLAH rak merga saka penggawéné? Yakuwi nalika panjenengané nyaosaké putrané Iskak 
      ana ing mesbèh.
22 Kuwi mau nélakaké yèn precaya lan penggawé kuwi tumindaké bebarengan, precayané
      disampurnakaké déning penggawéné.”
23 Srana mengkono dadi bener apa sing katulis ing Kitab Suci, sing surasané: “Rama Abraham 
     precaya marang GUSTI ALLAH, lan merga saka enggoné precaya mau panjenengané 
     kaanggep bener ana ing ngarsané GUSTI ALLAH.” Merga saka iku Abraham karan: 
     “Mitrané GUSTI ALLAH.”
24 Dadi saiki kowé padha ngerti, yèn wong mono enggoné karukunaké karo GUSTI ALLAH iya 
     merga  saka penggawéné, lan ora mung merga saka precayané waé.
25 Mengkono uga Rahab, si sundel *sundel: pelacur (bhs. Ind.).* kaé. Rahab karukunaké karo 
     GUSTI ALLAH iya merga saka penggawéné. Yakuwi nalika dhèwèké ndhelikaké para telik 
     *telik: mata-mata (bhs. Ind.).* Yahudi lan nulungi wong-wong mau lolos metu dalan liya.
26 Kaya déné badan tanpa roh kuwi mati, mengkono uga precaya tanpa penggawé iya tanpa guna!

MATIUS 7 : 7 - 11
(7) Mintalah, maka akan diberikan kepadamu; carilah, maka kamu akan mendapat; ketoklah, maka pintu akan dibukakan bagimu.
(8) Karena setiap orang yang meminta, menerima dan setiap orang yang mencari, mendapat dan setiap orang yang mengetok, baginya pintu dibukakan.
(9) Adakah seorang dari padamu yang memberi batu kepada anaknya, jika ia meminta roti,
(10) atau memberi ular, jika ia meminta ikan?
(11) Jadi jika kamu yang jahat tahu memberi pemberian yang baik kepada anak-anakmu, apalagi Bapamu yang di sorga! Ia akan memberikan yang baik kepada mereka yang meminta kepada-Nya."

7 “Padha nyenyuwuna marang GUSTI ALLAH, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana   
     PANJENENGANé, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné GUSTI ALLAH, temah kowé 
     bakal  padha  diwengani.
8   Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang GUSTI ALLAH, bakal kaparingan, lan 
     wong  sing tansah nggolèki GUSTI ALLAH, bakal ketemu PANJENENGANé; lan wong sing 
     tansah thothok-thothok ing  koriné GUSTI ALLAH, bakal diwengani.
9   Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kokmènèhi watu?
10 Utawa mènèhi ula, yèn anaké njaluk iwak?
11 Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngerti mènèhi barang sing becik marang  
     anak-anakmu. Apa menèh GUSTI ALLAH, Ramamu ing swarga. PANJENENGANé bakal 
     maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang PANJENENGANé !”







Pracaya
Pasamuwan !
Kita
sami nembe mirengaken
 tumrap sejarahipun Bapa Abraham
 anggenipun ngantepi ing pitados
saha mbangun turut
dateng prentahipun ALLAH
 adedasar pracaya saha pandamel

Pracaya
 ingkang sampurna menika
kaperang 3 prekawis

I.                    nnPandamel
II.                  Pangorbanan
III.                nnKaunggulan


I.                   Pandamel

Bapa Abraham
menika dados baboning tyang pracaya-
 pitados

Bapa Abraham
nalika sugengipun
 tansah nindakaken kaleresan-
kasaenan
 dateng sesami

Dados pangilon
 wonten ing satengahing masyarakat

Tansah mbangun turut
dateng ALLAH
Ing satunggaling wekdal
 Bapa Abraham
kautus dening ALLAH
 medal-
nilar tanah wutah darahipun
nuju dateng panggenan
ingkang dereng nate dipun sumerepi

Kados pundi
raosing manahipun
 sacara manungsa
 sampun tamtu awrat sanget
 kedah nilar tanah
 tanggi tepalih
 ingkang dipun  tresnani

Nanging
karana Bapa Abraham pracaya-
 pitados dateng ALLAH

Piyambakipun lajeng bidal
Tumuju dateng padunungan
 ingkang dereng nate
dipun sumerepi

Ing ngriku
Bapa Abraham
 lajeng tumenga dateng langit
 ningali lintang-lintang
ingkang sarwa endah
 ingkang mboten saged winilang cacahipun

Lajeng kadawuhan dening ALLAH :
Iya kaya mengkono
bakal cacahing turunira
Inggih kados mekaten
 badhe turunipun Bapa Abraham

Makaten
 anggenipun Bapa Abraham
 tansah mbangun turut
dhateng ALLAH

Menika
mboten sanes
 inggih namung
karana pracaya-
pitados


II.                 Pangorbanan

Bapa Abraham
kautus malih dening ALLAH
 ingkang langkung awrat
supados saos kurban;
sanes kurban hasil pertanian,
donya brana
 ananging putra
 ingkang kinasih
 Ishak
ingkang dipun tresnani
supados kadamel kurban
 konjuk dhateng ALLAH

Sacara manungsa
sepinten sedhih lan sisahipun
Bapa Abraham
dene putra kinasih
putra ingkang dipun tresnani
 kedah dipun sembelih

Ewa semanten
Bapa Abraham
bidal kaliyan kang putra
 Ishak
 dhateng papan pakurbanan
 nanging kados pundi wusananipun ?

ALLAH piyambak
 ingkang minangkani kurban

Nanging
Ishak
putra kinasih
 mboten siyos kangge korban
 tetep sugeng
 minangka kangge wijining pracaya

Semanten
 Bapa Abraham
anggenipun tansah mbangun turut
dhateng karsanipun ALLAH

Menika mboten sanes
 inggih  namung karana pracaya-
pitados


III.              Kaunggulan

Tiyang ingkang pitados-
 pracaya
menika pancen kasinungan kaunggulan

Kados dene GUSTI YESUS
anggenipun sampun nelakaken kaunggulanipun
menika pancen saestu
 kangge kita sadaya
tiyang ingkang pitados

Mila kita para pitados
kedah lan wajib
 nelakaken kaunggulan kita
Kita para tiyang Kristen
 kedah nelakaken  pracaya kita
inggih menika
 pracaya ingkang gesang

 blakanipun
 pitados ingkang klayan pandamel
awit pitados ingkang tanpa pandamel
menika pitados ingkang pejah



Mila
Pasamuwan !
Sumangga
 kita sami sesarengan sinau
 supados pitados kita
 sageda saya gesang
pitados ingkang klayan pandamel

pandamel sae
 dhateng sesame
 pandamel ingkang utami
klayan pangurbanan

Temah pracaya kita-
 pitados kita
saya sempulur
 srana mekaten
 kita mesti badhe nampeni kaunggulan
Sinungan makutaning gesang
ingkang sanyata
dados margining karahayon sumebar
ing sajagad raya

Samangke
 perangan ingkang kaping 2

Inggih menika
tumraping pandonga-
panyuwun
Ing MATIUS 7 : 7 – 8
 kasebadaken :

Pada nyenyuwuna
 temah bakal kaparingan
Pada golek-goleka
 temah bakal nemu
Pada thothok-thothoka
temah bakal kawenganan
Sebab
 sok wonga kang nyuwun
 iku tampa
 lan
kang golek
iku nemu
 tuwin
 kang thothok-thothok
 iku bakal kawenganan


Pasamuwan !
Prekawis menika
 saestu satunggaling prekawis
 ingkang ewet
mekaten ugi
saged kados prekawis
 ingkang gampil

Awit miturut pandangan umum
secara teori
 menika leres
 dumugi praktekipun
 kados-kados ewet sanget

Malah-malah
kathah para sadherek patunggilan
ing salebeting angen-angen 
sami tanda tanya-
kebak ing pitakenan ?

Menapa inggih
 menawi kita nyuwun dateng GUSTI
menika mesti dipun paringi ?

Warni-warni
ingkang ngalami prekawis menika

Wonten
 ingkang nandang sakit
nyuwun saras,
ndedonga wongsal wangsul
ngantos dados putus asa
mboten kaparingan

wonten
 ingkang nandang kasisahan
karibedan
 kacingkrangan
 tumrap ekonomi
lan sapiturutipun

Nyuwun
 ngantos kados-ksdos waleh
 ewa semanten
 mboten saged kaleksanan

Lajeng kados pundi
menapa dhawuh menika
nyata menapa mboten ?


Pasamuwan !
Prekawis menika
saestu prekawis
ingkang wigatos
sumangga
dipun premanakaken kanthi saestu :

Prekawis ingkang ewet sanget
 ugi prekawis ingkang gampil

Menapa dhawuh menika saged kelampahan  ?

Saestu
menawi dereng  dumunung
kathah para tiyang
 ingkang sami bimbang
Malah-malah
kula piyambak  inggih nglampahi


Nanging
Pasamuwan !
Menawi kita sampun mangertos
 rahasianing panyuwun-
 kuncining panyuwun
 mboten wonten barang ingkang mokal
 ing ngatasing ALLAH

Dhawuhipun GUSTI
 dhawuh ingkang sanyata

Sumangga
kita wangsuli malih
supados kita sami mangertos
 kuncining panyuwun

Ingkang kita waos kalawau
 wonten ing MATIUS 7 :

Padha nyuwuna
 temah bakal kaparingan

Nanging intining panyuwun
 pinanggih wonten
 ing MARKUS 11 : 24
 ingkang makaten :

Mulane pituturKU ing kowe :
Samubarang kang kok suwun
 ing pandonga
padha ngandela
yen kowe wus kaparingan
 dadi bakal nekani kowe


Pasamuwan !
Kados pundi maksudipun
 ayat menika ?

Samubarang
kang kok suwun ing pandonga
padha ngandela
 yen kowe wus kaparingan


Pasamuwan !
Blakanipun
 ing salebeting kita ndedonga
ing wekdal kita sembahyang
nyuwun dhateng GUSTI
 ing wekdal menika ugi
kita kedah sampun rumaos nampi
 menapa ingkang kita suwun

Kita
 ingkang  nyuwun saras
wekdal ndedonga
wekdal sembahyang
 kita kedah sampun rumaos
saras

Kita
 ingkang nandang karibedan
 kasisahan warni-warni
ing wekdal kita ndedonga
 kita kedah sampun rumaos
 ing wekdal menika ugi
kita sampun nampeni kabingahan
 kasupen dumateng karibedanipun
 pasti nampi pangluwaran

Kita
 ingkang sami nyuwun kacekapan
 prekawis ekonomi
 karana kacingkrangan
ing wekdal kita ndedonga
kita kedah sampun rumaos
 nampi peparing
menapa ingkang  kita suwun

Samubarang
 kang kok suwun ing pandonga
padha ngandela
yen kowe wus kaparingan
dadi bakal nekani kowe


Pasamuwan !
Satunggaling conto
ingkang gampil lan nyata
 supados gamblang
mekaten :

1.
Bab anak = tiyang sepuh

2.
Kita gadhah tepangan
ingkang sampun sae lair lan batos
naminipun A

Si A
 ing sawijining dinten
lenggah kaliyan ngrokok,
piyambakipun jelas ketingal mbekta rokok 1 pak
lajeng kula mboten nggadah rokok
 nyuwun dateng si A kalau
 1 ler

Ing salebeting kula nyuwun
 malah kula dereng mungel
kula sampun  rumaos angsal 1 ler

Pasti angsal  1 ler lan kula ngrokok
Mokal
 bilih mboten angsal
awit kula sampun tepang sae
 lan pyambakipun nggadahi rokok


Pasamuwan !
Inggih kapitadosan
 ingkang kados makaten menika
 ingkang ewet kita gadhahi

Kapitadosan ingkang wungkul-
 murni
‘Kepercayaan yang bulat,
percaya sepenuh hati’


Menika
Pasamuwan !
Ingkang ewet

Awit menapa ?
Manah kita ingkang kirang resik
 karana kagubel dening iblis

Lajeng kawastanan ugi gampil
Nanging kapurih pitados kemawon
 Mboten sisah kangelan

GUSTI sugih samukawis
badhe nyuwun menapa
kita

 mangka kita kagunganipun
pasti dipun paring
  aneh sanget
 yen mboten dipun paringi ?

Angger kanti manah resik
saha pitados
 ingkang murni
Menika ingkang wajib
 kita darbeni
 saha kita pelajari


Lah
Pasamuwan !
Menika satunggaling rahasia
kuncining panyuwun
dhateng GUSTI
ingkang perlu kita sinau 


Mila
Pasamuawan !
Ing saben-saben
wonten kesembuhan
 wonten pitaken
ingkang kathah-kathah umumipun
ingkang saras menika
 sadherek ingkang dereng tepang
 kaliyan GUSTI

Mboten aneh
Awit piyambakipun nggadhahi pitados
ingkang mulus
 malah-malah taksih bidal saking griya
piyambakipun sampun rumaos
mesti saras


Pasamuwan !
Kados dene
sejarahipun Sakeus

GUSTI ngantos kendel
perlu nuweni Sakeus

Menika namung
awit saking pitadosipun Sakeus
ingkang murni

Pitadosing Sakeus
sepenuh hati
Ngantos ROHing GUSTI
‘ROH KUDUS mengalir
kepada sanubari Sakeus’

ROHing GUSTI
mili dhateng Sakeus
Wonten hubungan tali ROH
 antara Sakeus lan GUSTI

Padanipun GUSTI
kados dene dipun rem
dening Sakeus
karana ROH KUDUS yang mengalir
ngantos GUSTI kendel pinarak


Pasamuwan !
Samangke kados pundi ?

Menapa kita sadaya
 betah pitulungan
ingkang kacingkrangan
tumrap ekonomi

 ingkang karibedan warni-warni
menapa ingkang sakit ?

 Ing salebeting ndedonga mangke
sumangga sami nyuwun
  keperluan kita piyambak-piyambak

Sinten mangke
 ingkang badhe nampeni kaelokan
 menapa wonten
 ing ngriki ugi
menapa wonten ing griya ?

Ing wekdal menika ugi
sampun ngantos wonten satunggaling kita
 ingkang mboten pitados
 bilih samenika  ugi
SANG KRISTUS wonten ing ngriki

HALLELUYAH
 ROH KUDUS sedang bergerak
 puji TUHAN
 pitados-
pracayamu kang mitulungi kita

Rahayu tiyang
ingkang darbe pangandel
sarta pitados
klayan pandamel
ingkang sampurna

Halelluyah
Amin











Votum
Kidung pasamuwan
 51 PAMUJI BEBUKANING KEMPALAN
Mugi sih rahmate GUSTI
Lan sihe SANG RAMA
Wah patunggile ROH SUCI
Tumraha ing kawula
Amin

Barkah

Introitus : MASMUR 27 : 1 - 4
YEHUWAH
 kang dadi pepadangku lan pamartaku
 sapa kang dak wedeni

YEHUWAH
 kang dadi pikekahing uripku
 sapa dak sumelangi ?

Nalika wong durjana
 satru lan mungsuhku
 pada nyedaki
 arep mangan dagingku
nuli pada kajengklok lan tiba

Sanadyan aku diaraka
dening bala luwih akeh
 pada nyuriga,
 atiku iya ora  wedi-wedi
 senadyan diluringana
 ing prang
 isih bae lejar atiku

Saprakara
 kang dak suwun marang YEHUWAH
 kang dak upaya
 iya iku
supaya sadyaku urip
 aku bisaa manggon
 ing padalemane YEHUWAH
 nyawang kadarmane
 dak rasak-rasakake
klawan kasengsem
ana ing pasucene

Amin


Kidung pasamuwan
7 : 1, 3  MAZMUR 27

Dasar Kraton Swarga :
MATIUS 5 : 3 – 12
3
 “Begja
 wong sing rumangsa ringkih
 ana ing ngarsané PANGERAN;
awit wong sing kaya ngono kuwi
 sing dadi umat
 ana ing Kratoné ALLAH.
4
 Begja
 wong sing prihatin;
 awit bakal padha dilipur
 déning GUSTI ALLAH.
5
Begja
wong sing andhap-asor,
 awit bakal padha tampa
prasetyané GUSTI ALLAH
6
Begja
wong sing kepéngin banget
 nglakoni kersané GUSTI ALLAH;
awit GUSTI ALLAH
 bakal gawé mareming atiné.
7
 Begja
 wong sing seneng melasi wong liya;
 awit bakal diwelasi
déning GUSTI ALLAH
8
Begja
wong sing resik atiné;
awit bakal wanuh
 marang GUSTI ALLAH.
9
Begja
 wong sing padha seneng ngrukunaké,
awit bakal disebut
 para putrané GUSTI ALLAH.
10
 Begja
 wong sing disiya-siya
 merga enggoné nglakoni
 kersané GUSTI ALLAH;
awit wong sing mengkono kuwi
sing dadi umat
ana ing Kratoné ALLAH.
11
Begja kowé
menawa diwewada,
 disiya-siya lan dipitenah
 merga saka enggonmu
 dadi murid-KU.
12
Para nabi sadurungé kowé
iya padha disiksa kaya mengkono.
Padha bungaha lan dipadha gembira,
sebab gedhé ganjaran
sing bakal kaparingaké
déning GUSTI ALLAH
marang kowé.”


Sahadat 12

Pisungsung :
Kidung pasamuwan
32 : 1, 2, 3 MASMUR 112

Ndedonga
Koor Ibu-ibu : Sabdane GUSTI
Sabda mulya :
YAKOBUS 2 : 14 - 26
MATIUS 7 : 7 - 11

Kidung pasamuwan
 157 : 1, 3, 4 PITADOS ING GUSTI

Ndedonga

KOTBAH

Kidung pasamuwan
 127 : 1, 2, 3  PANGANDEL


Ndedonga
Kidung pasamuwan
 130 NUNGGIL KALIYAN GUSTI
Yen nunggil kaliyan GUSTI
Rinten dalu
Manah langkung tentrem
Arahayu
Kula angantos GUSTI
Siyang klayan ratri
Nyuwun berkah
Dhuh GUSTI
GUSTI mami

Barkah 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami