Kamis, 29 November 2012

NEGARA GAGAL LUKAS 21: 20 – 28

Ibadah brayat
Kamis, 29 Nopember 2012
(Pacawisan Bujono Suci Adven)






NEGARA  GAGAL


LUKAS 21: 20 – 28






Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Bilih kita ngengeti samukawis hasil penelitian
lembaga ingkang anami FFP ( The Fund for Peace )

Inggih menika
lembaga ingkang naliti
 bab-bab ingkang gegayutan
 kaliyan stabilitas keamanan,
ingkang gegayutan kaliyan maneka prekawis
nggih menika
1.      Kondisi penduduk
ingkang sami makempal ing kitha,
2.      Bab kelompok minoritas agami-
suku lan sanes-sanesipun
ingkang sawetawis dangu mboten kagatosaken
lan
3.      Bab wiyaripun jarak
antawisipun tiyang sugih lan miskin.

Hasil penelitian
 ingkang kaumumaken
ing Washington Amerika rikala 18 Juni 2012
Sami mapanaken Indonesia
ing urutan 63 saking 178 negari sanesipun
ingkang kawastanan wilayah-
laladan ing salebeting bebaya
( India urutan 78; Thailand 84; Vietnam 96;
Malaysia 110; Brunei 123; Singapura 157; Finlandia 178 )


Kenging menapa
para sadherek
Indonesia
saged mapan
ing urutan ingkang paling awon
 ing antawisipun negari sanes
 ingkang kasebut kalawau ?
Inggih karana ‘tingkat keberhasilan pembangunan’-

Miturut kawula
 menika wonten gandheng cundukipun
kaliyan kasil mbotenipun pembangunan
 ingkang saweg kaayahan.

Pembangunan
 ingkang kawastanan kasil
 mesti nggadahi dampak
 ingkang sae
kanggening sadaya warganing negari
 makaten ugi
pambangunan ingkang kawastanan
mboten kasil


Lha,
Para sadherek sapatunggilan
Gegambaran
 tata cara ‘pembangunan’ jasmani
ing nginggil
saged nggampilaken
anggen kita ngraos-ngraosaken
kasiling pembangunan karohanen.

Mangke
 kagambaraken pembangunan kitha Yerusalem
( Negari Israel ?)
kabanding
kawontenanipun Babel 
( Negari …?)

Kados ing cariyos
 dinten Kemis kepengker;
Yerusalem kacariyosaken
mangkenipun anamung kantun tumpukan sela
 lan
GUSTI YESUS
 Lan
 ing wekdal semanten-
 ing wekdal GUSTI YESUS meca
bab punika ngantos muwun

Yerusalem
menika gegambaran
wakiling dhiri kita
piyambak-piyambak,
gegambaran tiyang Kristen,
gegambaran para pitados
pandherekipun GUSTI YESUS


Patunggilan
Kenging menapa
menika saged kedadosan lan kalampahan
ing tahun 70 masehi
Yerusalem kaobong-
Yerusalem karisak wrata kaliyan siti
 dening bangsa Romawi

Sadaya menika sampun kaweca,
 tandha-tandhanipun kasebataken
 dening GUSTI YESUS :

Sadaya ‘tiyang Yerusalem’
 sami mlajeng ngungsi
minggah gunung-gunung
(ayat 21)

Kasangsaran agung
badhe kalampahan-
kathah tiyang tiwas karana pedang,
kathah bandhangan-
tawanan cacahipun,

‘Yerusalem ingkang suci’ miturut umat
kaicak-icak lan kecalan kasucenipun
(ayat 23-24)

Gegirising manah
langkung malih
karana tandha-tandha
ing langit-
nginggil
 (ayat 23-24)
 nggih menika
ingkang dados tanda
rawuhing Putraning Manungsa
ingkang saweg ngasta pangluwaran
ing kahanan
 ingkang kebak kamulyan lan panguwaos
(ayat 27-28)


Patunggilan
kita sami ngengeti
bilih GUSTI ALLAH
 anggenipun nitahaken samukawis
 sami kawastanan-
kapirsanan “wus prayoga linuwih”
 (Purwaning Dumadi 1 : 31).

Makaten ugi
 rikala GUSTI ALLAH akarya
kanthi dhawuh-
prentah :
Murih manungsa ngreksa bumi kanthi sae
(Purwaning Dumadi 1 : 26 – 27)

Nanging
 ing cariyos salajengipun;
Ing satengahing jagad-
Ing satengahing bumi
kados pundi anggenipun manungsa dumawah
ing karisakan
karana dosa,
GUSTI ingkang maha tresna
 ing katresnanipun karsa ngrawuhi jagad-
karsa nglairaken dhiri  
anggenipun sami murih
kawilujenganing manungsa

YESUS
GUSTI kita
Asmanipun.

Satunggal Asma
ingkang kaetepangaken
 dumateng sadaya manungsa
ing satengahing jagad
ngantos dumugi
 ing wekdal samangke

Ing wekdal
anggen kita
sami nindakaken pigesangan.

Ananging
Patunggilan
 wonten raos bentenipun-
wonten benten pemanggihing tiyang
dumateng rawuhing ALLAH
 ing dhirinipun pribadi YESUS
GUSTI kita.

1
Wonten sagolongan tiyang
ingkang mangertosi
bilih  ALLAH rawuh
gegayutan kaliyan lairing GUSTI kita
YESUS.
Lan sagolongan- sadhengah tiyang
ugi mangertosi
sapinten agenging panguwasaning gesangipun:
Anggenipun YESUS
GUSTI kita memucal sanget benten
kaliyan para guru;

Anggenipun ngyasa mukjijat
Nglangkungi-
punapa ingkang katindakaken
dening para nabi …
langkung ngeram-eramaken :
nyarasaken,
ngwungokake tiyang pejah,
nglipur lan  paring panglwuraning dosa
ngantos nedhahaken
bab kaswargan
ing pundi papan dununging swarga
lan
kados pundi tata cara gesang
ingkang kedah kaalaman-
ingkang kedah katindakaken
dening para umat
makaten ugi
bab pameca
ingkang saestu
badhe kalampahan.

Punapa menika pameca
ing pungkasaning jaman
Lan
pameca bab rawuhing YESUS GUSTI kita
ingkang kaping kalihipun
Sadaya tiyang
ingkang lairipun ngrumiyini
lairing bayi
GUSTI YESUS
 sacara tata kedagingan
saged mitadosi
 lan
saged ugi mboten mitadosi
karana pamanggih
ingkang klentu lan kosok wangsulipun

2
Makaten ugi
Para sadherek
kangge sagolongan tiyang
 ingkang lahir
 sak sampunipun GUSTI YESUS
 kalair lan makarya
ing jagad
sacara tata kedagingan

Tiyang menika
saged mitadosi
lan
ugi saged mboten mitadosi
karana pamanggih
ingkang klentu lan kosok wangsulipun

Ingkang mitadosi
 mesti ngraosaken pembangunaning dhiri
miturut karsa lan karsanipun ALLAH
lan mesti nampeni
wujudiding katresnaning ALLAH
Gesangipun kapranata-
gesangipun kawangsulaken malih
dados kados dene ‘prayoga linuwih’
Kebak katentreman-
kebak karahayon
utawi
prayoga linuwih

Mesti
sadaya ing antawising kita
kepingin ngalami gesang kados makaten
sacara pribadi,
ing lingkungan masyarakat-
ing lingkungan dusun,
negari
lan
ing satengahing pasamuan


Para sadherek
kanggening diri kita
utawi sadherek sanes
ingkang wantun lumawanan
 dumateng karsa lan karsaning ALLAH
utawi sanget ragu-ragu
ing iman kapitadosan
utawi
saestu mboten mitadosi
wontening pamecaning ALLAH
bab rawuhing GUSTI YESUS
 ing dinten pungkasan-
ing pungkasaning jaman

Sumangga
kita sami ndandosi gesang kita
 lan
enggal mbangun gesang kita
kanthi dasar YESUS GUSTI
 ingkang sampun kalairaken
 lan
 badhe nglairaken dhirinipun malih
ing rawuhipun
ingkang kaping kalih

Sumangga
kita mitadosi bab rawuhing GUSTI YESUS
lan
bab pungkasaning jaman

Mumpung taksih wonten wekdal
Kita taksih kaparingan gesang

 sumangga
kita enggal mratobat
kados dene Yerusalem
ingkang dipun muwuni
dening YESUS GUSTI kita

Gegambaran pengantening ALLAH
supados saged mapag
 rawuhing ALLAH

Sumangga
 kita nilar
sadaya gesang pigesangan
 ingkang kebak panerak lan dosa
Kita sami mboten mbangun diri
kados gegambaran Babel-
negari/ kitha
ingkang kawastanan ‘pelacur’
ingkang nindakaken gesang
mboten tresna-
bedhang

Lan
ing wusananipun
nampeni karisakan-
kehancuran

Para sadherek
Ing pungkasaning reraosan
 kita badhe mireng lan maos
isining Kitab
WAHYU 18 : 2 – 4

2. Malaékat mau nguwuh-uwuh kanthi seru:
“Wis rubuh !
Babil, kutha gedhé kuwi wis rubuh.
Saiki wis dienggoni roh-roh reged
lan
dadi papan pandhelikané para roh najis
sarta sarupaning manuk sing najis
 lan
disengiti déning wong.

3. Sakèhé para bangsa wis padha ngombé anggur
hawa-nepsuné laku jina.
Para raja
 ing bumi
wis padha laku jina
karo kutha Babil,
 lan
para sudagar
ing bumi
wis padha dadi sugih
merga saka hawa-nepsuné kutha Babil
 sing ora kena dikendhalèni.”

4. Aku banjur krungu swara liyané
 saka swarga ngandika:
 “Hé, umat-Ku !
Metua saka kutha Babil kuwi !
 Supaya kowé ora kèlu
marang dosa-dosané,
 sarta aja nganti mèlu
kena ing paukumané !


Patunggilan
 sugeng mapag
rawuhing SANG MESIH
 SANG KRISTUS
 ingkang saestu milujengaken
 lan
 saestu paring katrentreman

tumrap gesang kita
 lan
tumrap lingkungan pigesangan kita
makaten ugi
dumateng pasamuwan


AMIN














1.      Votum / Berkat
2.      Kipas 95:  1   Ing waktu bade winulang

3.      Pandonga
  • Syukur …
  • Pertobatan …
  • Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
  • maos kitab suci
Amin

4.      Maos Kitab Suci :  :  LUKAS 21: 20 - 28
  1. Kipas 138  :  1, 3  ALLAH MAHAASIH

6.      Kotbah ….
7.      Kipas 36  : 1  Rahayu kang utama lakune
8.     Doa syafaat
·      

9.     Kipas 128  : 1   Kinanthi ing GUSTI 
10. Berkat










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami