Minggu, 18 November 2012

MBOTEN KENDEL LUKAS 19 : 41 – 44


Ibadah Brayat
Kamis, 22 Nopember 2012




MBOTEN  KENDEL

LUKAS 19 : 41 – 44
(41) Dan ketika YESUS telah dekat dan melihat kota itu, IA menangisinya,
(42) kata-NYA: "Wahai, betapa baiknya jika pada hari ini juga engkau mengerti apa yang perlu untuk damai sejahteramu! Tetapi sekarang hal itu tersembunyi bagi matamu.
(43) Sebab akan datang harinya, bahwa musuhmu akan mengelilingi engkau dengan kubu, lalu mengepung engkau dan menghimpit engkau dari segala jurusan,
 (44) dan mereka akan membinasakan engkau beserta dengan pendudukmu dan pada tembokmu mereka tidak akan membiarkan satu batupun tinggal terletak di atas batu yang lain, karena engkau tidak mengetahui saat, bilamana ALLAH melawat engkau."

 (41) Ketika YESUS makin dekat dengan Yerusalem, dan melihat kota itu, Ia menangisinya.
 (42) Kata-NYA, "Kasihan, alangkah baiknya kalau hari ini engkau tahu apa yang dapat mendatangkan perdamaian! Tetapi sekarang engkau tidak dapat melihatnya.
 (43) Engkau akan mengalami suatu masa, di mana musuhmu membuat rintangan-rintangan di sekelilingmu; mereka akan mengepungmu dan mendesakmu dari segala sudut.
 (44) Mereka akan menghancurkan engkau bersama seluruh pendudukmu; dan tidak satu batu pun akan mereka biarkan tinggal tersusun pada tempatnya, sebab engkau tidak memperhatikan saat ketika ALLAH datang untuk menyelamatkan engkau!"

41 Bareng GUSTI YESUS tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, PANJENENGANé muwun.
42 Pangandikané: “Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé nyumurupi apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh.
43 Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi.
44 Mungsuh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé GUSTI ALLAH enggoné arep nylametaké kowé!”










Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang ( 1 KORINTA 13 : 7 )






Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Pisowanan kita ing ndalem Asmanipun SANG KRISTUS YESUS samangke, saestu badhe ndadosaken kita sami saged nampeni lan ngraosaken agenging sih kanugrahanipun GUSTI YESUS bilih kita sadaya sampun purun nampi sih katresnanipun

Patunggilan; Bilih wonten sadherek kita ingkang estu sanget kita tresnani, ananging mboten kersa lan mboten nurut ing pitedah ingkang kita paringaken karana piyambakipun ngener ing pikajenging dhirinipun lan nilar- nebih saking pasrawungan kaliyan kita.

Kinten-kinten kados pundi isi raosing manah kita ?
Punapa kita ugi badhe nilar sadherek kita menika lan kita ugi badhe  ngimbangi ing samukawis tumindakipun ?

Para sadherek sapatunggilan… Tamtunipun kita mesthi badhe tetep nresnani sadherek kita menika; kita mboten badhe nebih lan mboten mbucal bab-bab pangertosan/ bab-bab prekawis punapa ingkang saweg dados reribetipun sadherek kita menika-
kita saestu-estu badhe tetep ngengeti lan tansah siyaga badhe paring pambyantu ing sawekdal-wekdal sadherek kita menika mbetahaken dhiri kita.
Menika conto gesang pigesangan ingkang nyata, ing pundi raos katresnan sampun saestu-estu saged nunggilaken lan ngluwari  dhiri kita lan sesami saking sawernining karibendan

Patunggilan … GUSTI YESUS mberkahi kita lan GUSTI YESUS ugi badhe paring kakiyatan dumateng kita, bilih kita ing sauruting pigesangan… kita tetep mboten kendel anggen kita nindakaken katresnan dumateng sesami kita.

GUSTI YESUS PRIBADI sampun praktek nindakaken gesang pigesangan ing katresnan ing samukawis prekawis. Sanajan GUSTI YESUS sampun katampik dening Yerusalem makaten isining waosan reraosan kita. GUSTI YESUS ugi sampun katampik dening sadhengah tiyang ingkang gesang ing satengahing jagad menika ing jaman rumiyin ngantos dumugi jaman samangkya ugi ; GUSTI YESUS sanget katampik …. Ananging GUSTI YESUS tetep maringaken dhiri, GUSTI YESUS tetep nglairaken dhiri; GUSTI YESUS tetep karsa kasalib lan nandhang kasangsaran murih kawilujengan lan karaharjaning manungsa. GUSTI YESUS saestu mengertosi bilih gesanging manungsa tanpa DHIRInipun mesthi badhe kados dene bangunan lan tembok ing Yerusalem ingkang sanget tinempuh ing karisakan ageng lan tinebihaken saking gesang karahayon. Sela (-watu) mboten tunumpang ing sela sanesipun… gesanging manungsa mboten amuwujud malih karana si mungsuh tetep tansah keklinteran badhe ngrebahaken
           
Sumangga kita ugi sami purun nglairaken dhiri lan masrahaken dhiri sanajan kathah tiyang ingkang sampun nolak dhiri kita, karana kita sampun kebak ing kanugrahan lan kebak ing karahayoning GUSTI ALLAH. Sumangga kita nyonto GUSTI YESUS ingkang mboten kendel nindakaken katresnan
Sumangga patunggilan, kita mboten kendel anggen kita nindakaken katresnan sebab kita pribadhi mbaka pribadhi ugi mboten nyumurupi kapan wekdalipun GUSTI ALLAH nuweni (-nimbali) kita para manungsa. Iba bingahing kita ingkang tetep tumindak ing katresnan lan iba bingahing manungsa (sesami kita) ingkang swaunipun (-wiwitanipun) nebih lan nolak katresnan… Karana GUSTI YESUS taksih paring wekdal anggenipun badhe nuweni- ngrawuhi malih gesang pigesangan kita para manungsa.
Sumangga dibakuh anggen kita mboten kendel nindakaken katresnan kados dene GUSTI YESUS sampun mujudaken katresnanipun dumateng jagad; Wiwit Yerusalem- Yudea- Samaria lan sapiturutipun

           Patunggilan …. Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang ( 1 KORINTA 13 : 7 )
AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami