Selasa, 26 Juni 2012

LAKU UTAMA Tumindak andhap asor lan tulusing manah

 Ibadah Keluarga
Kamis, 28 Juni 2012



LAKU UTAMA

(Tumindak ingkang tuhu utami
 nggih punika ingkang
 kadhasaran
 andhap asor lan tulusing manah)


MATIUS  7 : 21 – 29
 
(21)
Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku
 dudu angger wong
 kang ngucap marang AKU : 
GUSTI, GUSTI, 
nanging mung wong kang nglakoni karsane RAMAKU
 kang ana swarga


Patunggilan  Sepinten dangunipun kita badhe migesangan ing alam ndonya, nanging kanggening kita para pitados mboten badhe dados prekawis, enem sepuha ngantosa pinten tahun kita mangke kaparingan umur … menika ugi mboten dados prekawis. Ananging wonten satunggal prekawis ingkang kedah kita pikiraken sesarengan ing wekdal samangke : Inggih punika bab sesrawungan kita kaliyan GUSTI YESUS. Kados pundi sesrawungan kita dumateng GUSTI YESUS  punapa sami kados lir-ipun dumateng sesami kita ?

Patunggilan … Limrahipun sadaya manungsa kados dene kita, sami patunggilan;  Kathah-kathahipun sadaya manungsa anamung nengenaken tata cara lair. Ing pasrawungan saben dinten kita ugi asring pamer kasagedan, pamer kaunggulan, lan ‘nedahaken’ kawontenan ingkang linangkung sae utawi ‘sok pamer’ bilih ingkang mboten sae kapoles dadosa ketingalipun langkung sae; Isining manah batos katutup rapet ngantos tiyang sanes mboten nyumerepi kawontenaning dhiri kita sejatosipun. Lha, menika kaaran Lamis ing tata lair …sebab mboten wonten trepipun kaliyan tata batos kita. Kita para manungsa asring nindakaken ‘apus-apus’ ben kaaran apik lan sae. Kahanan ingkang kados makaten para sadherek patunggilan kathah contonipun ing tumindak ing gesang padintenan kita.

Patunggilan … Kasunyatan bilih kita raosa-raosaken : Gesang pasrawungan kita sacara tata kajasmanen (tata lair) langkung  kautamakaken, tinimbang  tata karohanen. Gesang pasrawungan kita dumateng  sesami langkung kita utamekaken tinimbang lan kabanding pasrawungan kita dumateng  GUSTI ‘kita’ YESUS. Contonipun : Dinten Minggu- dinten mangibadah kita kanthi enteng- kanthi gampangan nilar kangge nindakaken kegiatan sanes. Menawi mboten lepat, kita ingkang mboten saged semaya dumateng sadherek ingkang kagungan sesambetan kaliyan kita. Ananging ing ‘kasus’ menika kita gampil semaya dumateng GUSTI. Kosok wangsulipun, kanggening kita ingkang sampun sregep mangabekti ing dinten Minggu contonipun ugi asring tanpa kaering tulusing manah … Ing manah wonten tuwuh pangajeng-ajeng ben kasebat sregep, taat, lan mursid. Lan ing saben-saben kita sami ndedonga ing satengahing patunggilan ugi saestu ‘bersemangat’ … makaten ugi kanggening kita ingkang kajibahan leladosan medhar sabda, ugi kanthi semangat … cik ben kaaran. Makaten ugi anggen kita ngempalaken dedana utawi pamisungsung punapa taksih nggadhahi raos … cik ben kasebat namanipun. Menika para sadherek … sadhengah conto gesang ingkang ngudi tata lair- tata kajasmanen kanggening tiyang ingkang pados pangalembana pancen saged nuwuhaken mongkoging manah batos lan maremake ati utawi ‘nyenengake atine dhewe’.

            Patunggilan … Manah batosing dhiri kita sajatosipun tebih lan mboten taat dumateng GUSTI YESUS bilih katithik ing conto-conto gesang padintenan … Punapa kita selaku tiyang pitados ugi mboten nggadahi raos (h)urmat dumateng GUSTI YESUS ?. Sebab GUSTI YESUS langkung nyumurupi isining manah batos kita, piyambak-piyambak. Kita pireng lan kita raosaken malih dhawuhing GUSTI YESUS : .“Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang AKU : GUSTI, GUSTI, nanging mung wong kang nglakoni karsane RAMAKU kang ana swarga saestu mangertosi isining manah batos kita para manungsa”.

Lha makaten patunggilan …. ing jaman samangke dedhawuhing GUSTI YESUS saestu ngatak tumrap gesang kita sami supadosa enggal-enggal sami saged nindakaken sadaya karsaning ALLAH kanthi trusing manah; sadayaninipun kedah tumuwuh saking lebeting manah : sikap taat, tulus, tanpa pamrih, sikap andhap asor; makaten ugi sikap kasanggupan anggenipun kita sami saged nampeni lan ngalami kasangsaran. Lan ing ngriki kita ugi kaatak supados saged nilar kebiasaan-kebiasaan gesang ingkang ngemu pangucap lan tumindak ingkang lumawanan dumateng karsaning ALLAH ingkang sejatosipun sampun kita sumurupi sesarengan punapa karsaning ALLAH tumrap gesang kita

GUSTI YESUS, ing ngriki nglangkungi SANG ROH SUCI asring ngosikaken manah batos kita sami ing sadhengah perkawis. GUSTI YESUS tansah nenuntun kita sami, anggen angger kita sami nggadahi tekad kepingin tansah  ‘(me)mbina’ raos reraosaning manah lan tekad mujudaken ing sadaya tumindak.GUSTI YESUS remen sanget dhateng tiyang ingkang andhap asor, tulus lan murni manahipun

GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami